Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Yéhuwah Nguwatké Wong sing Atiné Susah

Yéhuwah Nguwatké Wong sing Atiné Susah

Sapa waé kadhang isa ngrasa sedhih lan kuwi ora berarti imané lemah. Yéhuwah dhéwé ya tau ngrasa sedhih. (PD 6:​5, 6) Tapi piyé nèk misalé terus-terusan ngrasa sedhih?

Ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Yéhuwah nggatèkké banget perasaan lan pikirané awaké dhéwé. Yéhuwah ngerti kapan pas awaké dhéwé seneng, kapan pas sedhih, lan apa sing marakké sedhih utawa seneng kuwi. (Mzm 7:9b) Sing paling penting, Yéhuwah perduli banget lan mesthi isa mbantu bèn awaké dhéwé ora ngrasa sedhih utawa déprèsi manèh.—Mzm 147:3.

Berusaha bèn méntalé tetep séhat. Nèk cilik ati, ora mung marakké ora bahagia tapi ya isa marakké hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah dadi ora akrab manèh. Mulané kudu berusaha bèn ati, pikiran, lan perasaan isa terus stabil.—WB 4:23.

DELOKEN VIDÉO SEDULUR-SEDULUR ISA TETEP AYEM PAS NGALAMI DÉPRÈSI, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Awalé, apa waé sing wis diupayakké Nikki kanggo ngatasi déprèsiné?

  • Apa sing marakké Nikki akhiré priksa ing dokter?—Mat 9:12

  • Apa buktiné Nikki ngendelké Yéhuwah?