Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Mbantu Wong sing Ora Nduwé Agama Kenal karo Penciptané

Mbantu Wong sing Ora Nduwé Agama Kenal karo Penciptané

Isa waé njenengan ora gelem crita soal kabar apik karo wong sing ora nduwé agama merga nganggep nèk meréka ora bakal berminat. Tapi élinga, akèh wong sing awalé ora nduwé agama, malah ya ana sing atéis, akhiré dadi umaté Yéhuwah. Biasané, meréka mung butuh dikandhani bukti-bukti nèk Gusti Allah kuwi ana.—Rm 1:20; 10:14.

DELOKEN VIDÉO WONG SING ORA NDUWÉ IMAN ISA NDUWÉ IMAN—WONG SING ORA PERDULI KARO AGAMA, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

Saka pengalamané Tommaso, njenengan ora perlu ragu-ragu nèk arep nginjil karo wong sing ora nduwé agama. Lha ngapa?