Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 4

”Roh Suciné Gusti Allah Dhéwé Mènèhi Kesaksian”

”Roh Suciné Gusti Allah Dhéwé Mènèhi Kesaksian”

”Roh suciné Gusti Allah dhéwé mènèhi kesaksian bareng karo ati kita nèk kita iki putrané Gusti Allah.”​—RM. 8:16.

LAGU 25 Pilihané Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Ing dina Péntakosta, ana kira-kira 120 murid sing diurapi Yéhuwah nganggo roh suci (Deloken paragraf 1-2)

1-2. Ana peristiwa apa waé sing kelakon pas dina Péntakosta taun 33 M?

BAYANGNA apa sing kelakon ing dina Minggu ésuk pas Péntakosta taun 33 M. Wektu kuwi ana kira-kira 120 murid sing ngumpul ing kamar bagéan ndhuwur ing omahé salah siji murid ing Yérusalèm. (Kis. 1:13-15; 2:1) Pirang-pirang dina sakdurungé kuwi, Yésus kandha nèk murid-muridé bakal dikèki hadiah sing istiméwa. Mula, murid-murid dikongkon tetep manggon ing Yérusalèm. (Kis. 1:4, 5) Apa sing kelakon sakwisé kuwi?

2 Alkitab kandha, ”Ujug-ujug para murid krungu swara banter sing mbrebegi saka langit, kaya angin gedhé, lan swara kuwi ngebaki omah sing dienggo ngumpul.” Terus, ”ana wewujudan kaya geni-geni cilik sing nyebar lan méncok ing ndhuwur sirahé saben wong ing kono”. Para murid kuwi dadi ”kapenuhan roh suci”. (Kis. 2:2-4) Yéhuwah ngekèki roh suci marang wong-wong sing lagi ngumpul ing kono nganggo cara sing luar biasa. (Kis. 1:8) Wong-wong kuwi dadi kelompok pertama sing diurapi nganggo roh suci * lan dikèki harapan kanggo mréntah ing swarga bareng karo Yésus.

APA SING DIRASAKKÉ KARO WONG-WONG SING DIURAPI?

3. Apa sebabé para murid sing ngumpul pas dina Péntakosta isa yakin nèk dhèwèké diurapi roh suci?

3 Nèk misalé njenengan dadi salah siji murid sing ngumpul wektu kuwi, njenengan mesthi ora bakal nglalèkké peristiwa sing kelakon ing kono. Wektu kuwi, ing ndhuwur sirahé njenengan ana sing kaya geni-geni cilik lan njenengan dadi isa ngomong nganggo basa sing béda-béda. (Kis. 2:5-12) Njenengan mesthi langsung yakin nèk njenengan diurapi roh suci. Ning, ora kabèh wong sing dipilih munggah swarga diurapi nganggo cara sing padha. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti?

4. Apa kabèh wong Kristen terurap ing jaman mbiyèn diurapi wektu dibaptis? Jelasna.

4 Sing pertama, awaké dhéwé perlu ngrembug kapan wong-wong sing dipilih kuwi diurapi roh suci. Para murid sing jumlahé kira-kira 120 kuwi diurapi ing dina Péntakosta taun 33 M. Bar kuwi, ana kira-kira 3.000 wong liyané sing diurapi ing dina sing padha. Wong-wong kuwi diurapi nganggo roh suci wektu dibaptis. (Kis. 2:37, 38, 41) Ning, ora kabèh wong Kristen terurap ing jaman mbiyèn diurapi wektu dibaptis. Misalé, Alkitab nyritakké nèk ana wong-wong Samaria sing ora langsung diurapi sakwisé dibaptis. (Kis. 8:14-17) Terus, Kornélius lan keluargané ya diurapi roh suci, senajan wektu kuwi durung dibaptis.​—Kis. 10:44-48.

5. Nurut 2 Korintus 1:21, 22, apa sing dirasakké karo wong-wong sing diurapi roh suci?

5 Sing keloro, ayo saiki ngrembug soal apa sing dirasakké karo wong-wong kuwi wektu dipilih Yéhuwah. Wong-wong kuwi ora bakal ngrasa ragu-ragu nèk dhèwèké wis dipilih karo Yéhuwah. Mungkin ana sing awalé mikir, ’Kenapa ya kok Yéhuwah milih aku?’ Pancèn ora kabèh wong sing dipilih bakal mikir kaya ngono. Ning, ora soal apa sing dipikirké wong-wong kuwi, Rasul Paulus kandha, ”Sakwisé kowé percaya, Gusti Allah maringi meterai * marang kowé nganggo roh suci sing wis dijanjèkké, lan Panjenengané nindakké iki liwat Kristus. Roh suci kuwi dadi jaminan nèk kita bakal nampa warisan.” (Éf. 1:13, 14) Dadi, Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo dadi ”jaminan” sing nggawé wong-wong kuwi yakin nèk dhèwèké bakal urip saklawasé ing swarga, dudu ing bumi.​—Wacanen 2 Korintus 1:21, 22.

6. Apa sing kudu ditindakké wong-wong sing diurapi bèn isa urip saklawasé ing swarga?

6 Nèk wis diurapi, apa wong-wong kuwi otomatis bakal munggah swarga? Ora. Dhèwèké pancèn yakin nèk dhèwèké wis dipilih kanggo munggah swarga. Ning, ana sing kudu dhèwèké tindakké. Alkitab kandha, ”Mula sedulur-sedulur, ngupayaa sak isa-isané kanggo mastèkké nèk kowé kabèh tetep dadi wong sing diundang lan dipilih. Nèk kowé terus nindakké bab-bab kuwi, kowé mesthi ora bakal tiba.” (2 Ptr. 1:10) Dadi, senajan wong-wong kuwi pancèn wis dipilih, ning dhèwèké kudu terus setya bèn isa urip saklawasé ing swarga.​—Flp. 3:12-14; Ibr. 3:1; Why. 2:10.

PIYÉ CARANÉ WONG-WONG KUWI ISA NGERTI NÈK DHÈWÈKÉ DIPILIH?

7. Piyé carané wong-wong sing diurapi isa ngerti nèk dhèwèké bener-bener dipilih munggah swarga?

7 Piyé carané wong-wong sing diurapi isa ngerti nèk dhèwèké bener-bener dipilih munggah swarga? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk ndelok kata-katané Paulus marang wong-wong Kristen ing Roma ”sing dipilih kanggo dadi wong-wong suci”. Paulus kandha, ”Roh suci ora nggawé kita dadi budhak utawa ngrasa wedi manèh, nanging liwat roh suci kuwi, kita diangkat dadi putrané Gusti Allah lan padha nyebut, ’Abba, Bapak!’ Roh suciné Gusti Allah dhéwé mènèhi kesaksian bareng karo ati kita nèk kita iki putrané Gusti Allah.” (Rm. 1:7; 8:15, 16) Dadi, wong-wong kuwi yakin nèk dhèwèké pancèn dipilih munggah swarga merga diyakinké karo Yéhuwah liwat roh suciné.​—1 Tés. 2:12.

8. Nurut 1 Yohanes 2:20, 27, apa sebabé wong-wong sing diurapi ora perlu diyakinké manèh karo wong liya?

8 Wong-wong sing diurapi kuwi ora bakal ragu-ragu nèk dhèwèké dipilih karo Yéhuwah merga wis diyakinké karo Yéhuwah dhéwé. (Wacanen 1 Yohanes 2:20, 27.) Pancèn, wong-wong sing diurapi kuwi tetep butuh diwulang karo Yéhuwah liwat organisasiné, kaya wong-wong Kristen sing liyané. Ning, wong-wong kuwi ora butuh diyakinké karo wong liya nèk dhèwèké dipilih munggah swarga, merga wong-wong kuwi wis diyakinké karo roh suci, yaiku kuwasané Gusti Allah dhéwé.

WONG-WONG KUWI ”DILAIRKÉ MANÈH”

9. Nurut Éfésus 1:18, apa sing dialami karo wong-wong sing diurapi roh suci?

9 Akèh-akèhé wong Kristen saiki mungkin ora ngerti kaya apa rasané diurapi merga dhèwèké durung tau ngalami kuwi. Yéhuwah pancèn ngrancang manungsa kanggo urip saklawasé ing bumi, dudu ing swarga. (Pd. 1:28; Ms. 37:29) Dadi, nèk ana wong sing dipilih kanggo urip ing swarga, Yéhuwah ngowahi pikirané wong kuwi bèn nduwé kepénginan kanggo urip ing swarga.​—Wacanen Éfésus 1:18.

10. Apa sing dimaksud ”dilairké manèh”? (Deloken cathetan ngisor.)

10 Wektu wong Kristen diurapi roh suci, dhèwèké ”dilairké manèh” utawa ”dilairké saka ndhuwur”. * Sing isa ngerti tenan kaya apa rasané ”dilairké manèh” utawa ”dilairké saka roh suci” kuwi ya mung wong-wong sing diurapi roh suci. Kuwi sing dijelaské Yésus ing Yohanes 3:3-8 (ctn.).

11. Perubahan apa sing dialami karo wong-wong sing diurapi, lan apa sebabé?

11 Perubahan apa sing dialami karo wong-wong sing diurapi? Mauné, wong-wong kuwi nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing bumi. Wong-wong kuwi bener-bener kepéngin ngrasakké berkahé Yéhuwah wektu kejahatan disingkirké lan bumi iki digawé dadi firdaus. Mungkin wong-wong kuwi ya mbayangké nèk dhèwèké bakal ketemu manèh karo keluarga utawa kanca-kancané sing wis mati. Ning, sakwisé diurapi roh suci, pikirané wong-wong kuwi dadi berubah. Apa sebabé? Apa merga wong-wong kuwi wis ora seneng karo harapan urip ing bumi? Apa wong-wong kuwi dadi ora péngin urip saklawasé ing bumi merga ngrasakké urip sing sengsara? Apa wong-wong kuwi ngerti-ngerti ngrasa nèk urip saklawasé ing bumi kuwi mesthi mboseni? Ora ngono. Ning, pikirané wong-wong kuwi berubah merga Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo ngowahi pikirané. Dadi, wong-wong kuwi wis ora nduwé kepénginan kanggo urip saklawasé ing bumi manèh.

12. Nurut 1 Pétrus 1:3, 4, piyé perasaané wong-wong sing diurapi wektu mikirké soal harapané?

12 Mungkin ana sing ngrasa ora pantes kanggo dipilih munggah swarga. Ning, wong-wong sing diurapi kuwi ora tau ngrasa ragu-ragu nèk Yéhuwah wis milih dhèwèké. Malah, wektu mikirké soal harapané kanggo urip ing swarga, dhèwèké mesthi seneng banget lan bersyukur karo Yéhuwah.​—Wacanen 1 Pétrus 1:3, 4.

13. Piyé perasaané wong-wong sing diurapi soal uripé ing bumi saiki?

13 Apa kuwi artiné wong-wong sing diurapi kuwi wis ora kepéngin urip manèh? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané saka kata-katané Rasul Paulus, sing njelaské nèk badané wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya kémah. Paulus kandha, ”Sakjané, kita sing ana ing kémah iki padha sambat ing njero ati, lan ngrasa kabotan beban. Ora kok merga kita péngin ninggalké omah iki kaya nèk kita nyopot klambi, nanging merga kita péngin nampa omah ing swarga, supaya badan sing isa mati diganti karo urip langgeng.” (2 Kor. 5:4) Dadi, kuwi ora berarti wong-wong sing diurapi péngin mati merga wis bosen urip ing bumi. Wong-wong kuwi sakjané seneng urip ing bumi lan péngin nggunakké wektu kanggo ngabdi marang Yéhuwah saben dina bareng karo kanca-kanca lan keluarga. Ning, wong-wong kuwi ya terus kèlingan nèk dhèwèké nduwé harapan kanggo urip ing swarga.​—1 Kor. 15:53; 2 Ptr. 1:4; 1 Yoh. 3:2, 3; Why. 20:6.

APA NJENENGAN DIPILIH KARO YÉHUWAH?

14. Pitakonan apa waé sing isa dipikirké, lan senajan jawabané ya, apa kuwi berarti njenengan dipilih munggah swarga?

14 Mungkin njenengan saiki lagi mikir-mikir apa njenengan dipilih karo Yéhuwah kanggo urip ing swarga. Njenengan isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: Apa njenengan bener-bener kepéngin nindakké préntahé Yéhuwah? Apa njenengan ngrasa semangat banget wektu nindakké gawéan nginjil? Apa njenengan seneng sinau Alkitab lan péngin ngerti soal ”pikirané Gusti Allah sing jero”? (1 Kor. 2:10) Apa njenengan éntuk hasil-hasil sing apik banget wektu nginjil? Apa njenengan ngrasa nèk njenengan bener-bener kudu mbantu wong-wong kanggo sinau soal Yéhuwah? Apa njenengan kerep ngrasakké bantuané Yéhuwah? Nèk njenengan njawab ya kanggo pitakonan-pitakonan kuwi, apa kuwi berarti njenengan dipilih munggah swarga? Ora. Kenapa? Merga kabèh umaté Yéhuwah isa nduwé perasaan sing kaya ngono, ora soal dhèwèké diurapi utawa ora. Yéhuwah ya isa ngekèki roh suci marang kabèh umaté, ora soal wong kuwi nduwé harapan kanggo urip ing bumi utawa ing swarga. Malah, nèk njenengan saiki lagi mikir-mikir apa njenengan dipilih karo Yéhuwah, kuwi artiné njenengan ora dipilih munggah swarga. Wong-wong sing bener-bener dipilih karo Yéhuwah ora perlu mikir-mikir manèh merga dhèwèké wis yakin nèk dhèwèké nduwé harapan kanggo munggah swarga.

Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo mbantu Abraham, Sara, Daud, lan Yohanes Pembaptis, ning Yéhuwah ora milih wong-wong kuwi kanggo urip ing swarga (Deloken paragraf 15-16) *

15. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk ora kabèh wong sing éntuk roh suci bakal dipilih kanggo urip ing swarga?

15 Ana akèh wong-wong sing dicritakké ing Alkitab sing éntuk roh suci, ning ora dipilih kanggo urip ing swarga. Contoné yaiku Daud. (1 Sa. 16:13) Roh suci mbantu Daud bèn isa ngerti akèh soal Yéhuwah. Daud ya dituntun roh suci kanggo nulis bagéan-bagéan sing ana ing Kitab Suci. (Mrk. 12:36) Ning, Rasul Pétrus kandha nèk Daud ”ora munggah menyang swarga”. (Kis. 2:34) Alkitab ya kandha nèk Yohanes Pembaptis ”kapenuhan roh suci”. (Luk. 1:13-16) Yésus kandha nèk ora ana sing ngungkuli Yohanes Pembaptis, ning Yésus ya kandha nèk Yohanes Pembaptis ora mèlu mréntah ing swarga. (Mat. 11:10, 11) Yéhuwah pancèn nggunakké roh suciné kanggo mbantu wong-wong kuwi bèn isa nindakké tugasé. Ning, Yéhuwah ora milih wong-wong kuwi kanggo urip ing swarga. Wong-wong kuwi nduwé harapan kanggo diuripké manèh ing bumi Firdaus. (Yoh. 5:28, 29; Kis. 24:15) Senajan nduwé harapan sing béda, ning kuwi ora berarti wong-wong sing dipilih munggah swarga nduwé iman sing luwih kuwat ketimbang wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi.

16. Akèh-akèhé umaté Yéhuwah sing urip saiki nduwé harapan apa?

16 Akèh-akèhé umaté Yéhuwah sing urip saiki nduwé harapan sing padha kaya Abraham, Sara, Daud, Yohanes Pembaptis, lan wong-wong setya liyané sing dicritakké ing Alkitab. Wong-wong kuwi nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing bumi lan dadi rakyaté Kratoné Allah.​—Ibr. 11:10.

17. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

17 Saiki, ana wong-wong Kristen sing diurapi roh suci sing isih urip ing bumi. (Why. 12:17) Ning, mungkin awaké dhéwé mikir: ’Piyé kuduné pandhangané wong-wong sing dipilih kuwi soal dhèwèké dhéwé? Nèk ana sing mèlu mangan roti lan ngombé anggur ing acara Pèngetan, piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé? Lan piyé nèk jumlahé sing mangan roti lan ngombé anggur dadi saya akèh?’ Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

^ par. 5 Mulai saka dina Péntakosta taun 33 M nganti saiki, ana wong-wong sing dikèki harapan sing istiméwa karo Yéhuwah, yaiku harapan kanggo mréntah bareng karo Yésus ing swarga. Piyé carané wong-wong kuwi isa ngerti nèk dhèwèké dipilih munggah swarga? Apa sing dirasakké karo wong-wong kuwi wektu dipilih Yéhuwah? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki. Apa sing dirembug ing artikel iki ya tau dirembug ing Warta Penting Januari 2016.

^ par. 2 KATRANGAN: Diurapi nganggo roh suci: Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo milih wong-wong sing bakal mréntah bareng karo Yésus ing swarga. Dadi, Yéhuwah ngekèki ”jaminan” nganggo roh suciné marang wong-wong sing dipilih kuwi. (Éf. 1:13, 14) Alkitab kandha nèk roh suci ”mènèhi kesaksian”, utawa nggawé wong-wong kuwi yakin nèk dhèwèké pancèn dikèki harapan kanggo urip ing swarga.​—Rm. 8:16.

^ par. 5 KATRANGAN: Meterai. Meterai iki durung permanèn. Iki bakal dadi permanèn persis sakdurungé wong kuwi mati lan tetep setya, utawa persis sakdurungé sengsara gedhé dimulai.—Éf. 4:30; Why. 7:2-4; deloken pitakonan ”Apa sing dimaksud ’jaminan’ lan ’meterai’ sing ditampa wong Kristen terurap saka Gusti Allah?”​—2 Kor. 1:21, 22, ing Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil April 2019.

^ par. 10 Bèn isa ngerti luwih akèh soal artiné ”dilairké manèh”, deloken Menara Pengawal 1 April 2009, halaman 3-4, 5, 5-6, 7-8, 8-9, 10-11, lan 11-12.

LAGU 27 Para Putrané Yéhuwah Dadi Nyata

^ par. 57 GAMBAR: Awaké dhéwé nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing bumi lan dadi rakyaté Kratoné Allah, ora soal awaké dhéwé saiki isa bébas nginjil utawa lagi dipenjara.