Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 5

”Kula Sami Badhé Tumut Panjenengan Sadaya”

”Kula Sami Badhé Tumut Panjenengan Sadaya”

”Kula sami badhé tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil déning Gusti Allah!”​—ZA. 8:23.

LAGU 26 Ditindakké kanggo Aku

ISINÉ ARTIKEL IKI *

”Wong sapuluh” ngabdi marang Yéhuwah bareng karo ”wong Yahudi siji” (Deloken paragraf 1-2)

1. Apa sing wis diramalké karo Yéhuwah?

YÉHUWAH wis ngramalké soal apa sing bakal kelakon ing jaman saiki. Yéhuwah kandha, ”Ana wong sapuluh panunggalané para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondhèli pojoking jubahé wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhé tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil déning Gusti Allah!” (Za. 8:23) Sing dimaksud ”wong Yahudi siji” yaiku wong-wong sing diurapi nganggo roh suci. Wong-wong kuwi ya disebut ”Israèl duwèké Gusti Allah”. (Gal. 6:16) Terus, sing dimaksud ”wong sapuluh” yaiku wong-wong sing nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing bumi. ”Wong sapuluh” kuwi seneng ngabdi bareng karo wong-wong sing diurapi merga ngerti nèk wong-wong kuwi wis dadi pilihané Yéhuwah.

2. Piyé carané wong-wong sing nduwé harapan ing bumi isa ”tumut”, utawa mèlu wong-wong sing diurapi roh suci?

2 Pancèn, awaké dhéwé ora ngerti sapa waé sing diurapi roh suci saiki. * Dadi, piyé carané wong-wong sing nduwé harapan ing bumi isa ”tumut”, utawa mèlu wong-wong sing diurapi roh suci? Alkitab kandha nèk ”wong sapuluh” kuwi bakal ”padha nggondhèli pojoking jubahé wong Yahudi siji kalawan kenceng”. Terus, wong-wong kuwi ngomong, ”Kula sami badhé tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil déning Gusti Allah!” Ayat kuwi kandha nèk wong Yahudiné mung ana siji. Ning, ”wong sapuluh” kuwi nyebut wong Yahudi kuwi ”panjenengan sadaya”. Mula, sing dimaksud ”wong Yahudi” kuwi ora mung wong siji thok, ning nglambangké kabèh wong Kristen sing diurapi roh suci. Dadi, wong-wong sing nduwé harapan ing bumi isa ngabdi bareng karo wong-wong sing diurapi. Ning, wong-wong sing diurapi kuwi ora dianggep dadi pemimpin merga Pemimpiné mung siji, yaiku Yésus.​—Mat. 23:10.

3. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Saiki, ana wong-wong Kristen sing diurapi roh suci sing isih urip ing bumi. Mula, mungkin ana wong-wong sing mikir: (1) Piyé kuduné pandhangané wong-wong sing dipilih kuwi soal dhèwèké dhéwé? (2) Nèk ana sing mèlu mangan roti lan ngombé anggur ing acara Pèngetan, piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé? (3) Piyé nèk jumlahé sing mangan roti lan ngombé anggur dadi saya akèh? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

PIYÉ KUDUNÉ PANDHANGANÉ WONG-WONG SING DIPILIH KUWI SOAL DHÈWÈKÉ DHÉWÉ?

4. Peringatan apa sing dicathet ing 1 Korintus 11:27-29, lan apa sebabé wong-wong sing diurapi roh suci kudu nggatèkké peringatan kuwi?

4 Wong-wong sing diurapi roh suci kudu bener-bener nggatèkké peringatan ing 1 Korintus 11:27-29. (Wacanen.) Wong Kristen sing diurapi isa dianggep ”ora pantes” kanggo mangan roti lan ngombé anggur pas acara Pèngetan nèk dhèwèké ora ngetrapké pathokané Yéhuwah. (Ibr. 6:4-6; 10:26-29) Dadi, wong-wong sing diurapi kuwi kudu terus setya nèk kepéngin éntuk ’hadiah urip ing swarga’ saka Gusti Allah kanggo ”wong-wong sing diundang . . . liwat Kristus Yésus”.​—Flp. 3:13-16.

5. Piyé kuduné pandhangané wong-wong sing dipilih kuwi soal dhèwèké dhéwé?

5 Roh suciné Yéhuwah mbantu wong-wong bèn dadi wong sing rendah hati, dudu wong sing sombong. (Éf. 4:1-3; Kol. 3:10, 12) Dadi, wong-wong sing diurapi roh suci ya ora ngrasa luwih unggul ketimbang sing liyané. Wong-wong kuwi ya ora ngrasa nèk dhèwèké éntuk roh suci sing luwih akèh utawa ngerti luwih akèh soal Alkitab ketimbang sing liyané. Dhèwèké ya ora bakal ngejak sedulur liya kanggo mèlu mangan lan ngombé ing acara Pèngetan utawa ngomong nèk sedulur kuwi ya diurapi roh suci. Dhèwèké ngakoni nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo milih wong-wong sing bakal munggah swarga.

6. Nurut 1 Korintus 4:7, 8, piyé kuduné sikapé wong-wong sing diurapi roh suci?

6 Wong-wong sing diurapi roh suci ngerti nèk dipilih munggah swarga kuwi pancèn kaurmatan sing gedhé. Ning, wong-wong kuwi ora péngin dianggep luwih unggul ketimbang liyané. (Flp. 2:2, 3) Wong-wong kuwi ya ngerti nèk Yéhuwah ora ngandhani wong liyané wektu Yéhuwah milih dhèwèké. Mungkin wong liya ora langsung percaya nèk dhèwèké dipilih munggah swarga. Ning, dhèwèké ora kagèt merga Alkitab pancèn wis ngandhani nèk awaké dhéwé aja gampang percaya wektu ana sing ngaku dipilih Yéhuwah. (Why. 2:2) Wektu kenalan karo wong liya, dhèwèké ya ora kandha-kandha nèk dhèwèké diurapi, merga ora péngin dadi pusat perhatian. Dhèwèké ya ora bakal nyombongké kuwi marang wong liya.​—Wacanen 1 Korintus 4:7, 8.

7. Wong-wong sing diurapi roh suci kuduné ora nindakké apa, lan apa sebabé?

7 Wong-wong sing diurapi gelem bergaul karo kabèh sedulur, ora mung karo sing padha-padha diurapi. Wong-wong kuwi ya ora nggolèki wong sing padha-padha diurapi bèn isa nggawé kelompok sinau Alkitab dhéwé utawa kelompok khusus kanggo wong-wong sing diurapi. (Gal. 1:15-17) Nèk wong-wong kuwi senengané ngelompok-ngelompok, jemaat isa dadi ora rukun. Kuwi ya padha karo nglawan roh suci, merga kuduné umaté Yéhuwah isa rukun nganggo bantuané roh suci.​—Rm. 16:17, 18.

PIYÉ KUDUNÉ SIKAPÉ AWAKÉ DHÉWÉ MARANG WONG-WONG SING DIURAPI?

Awaké dhéwé aja nganti nganggep wong sing diurapi utawa wong liyané sing nduwé tugas istiméwa dadi kaya artis (Deloken paragraf 8) *

8. Piyé kuduné sikapé awaké dhéwé marang para sedulur sing diurapi, lan apa sebabé? (Deloken cathetan ngisor.)

8 Piyé kuduné sikapé awaké dhéwé marang para sedulur sing diurapi? Awaké dhéwé aja nganti muja-muja utawa ngunggul-unggulké para sedulur kuwi. (Mat. 23:8-12) Alkitab kandha nèk awaké dhéwé pancèn perlu ’niru imané’ para pinituwa. Ning, kuwi ora berarti awaké dhéwé nganggep pinituwa kuwi, utawa manungsa liyané, dadi pemimpiné awaké dhéwé. (Ibr. 13:7) Terus, Alkitab ya kandha nèk ana wong-wong sing ”kudu diajèni tikel pindho”. Ning, kuwi dudu merga dhèwèké diurapi roh suci. Wong-wong kuwi diajèni merga wis nindakké tugasé ”kanthi apik” lan ”mempeng nyambut gawé kanggo ngomongké lan mulangké pangandikané Gusti Allah”. (1 Tim. 5:17) Nèk awaké dhéwé muja-muja para sedulur sing diurapi, kuwi isa nggawé dhèwèké ngrasa ora nyaman, * utawa malah dadi sombong. (Rm. 12:3) Dadi, aja nganti tumindaké awaké dhéwé nyebabké para sedulur kuwi nindakké dosa.​—Luk. 17:2.

9. Piyé carané ngajèni wong-wong sing diurapi?

9 Piyé carané ngajèni wong-wong sing diurapi? Aja takon-takon piyé critané kok dhèwèké isa ngerti nèk dhèwèké dipilih Yéhuwah, merga kuwi dudu urusané awaké dhéwé. (1 Tés. 4:11; 2 Tés. 3:11) Awaké dhéwé ya aja ngira nèk bojoné, wong tuwané, utawa keluargané sedulur kuwi ya diurapi nganggo roh suci. Wong kuwi isa diurapi merga dipilih karo Yéhuwah, dudu merga keluargané ya diurapi. (1 Tés. 2:12) Terus, awaké dhéwé ya aja takon sing anèh-anèh. Misalé, aja takon karo bojoné piyé rasané nèk sukmbèn dhèwèké urip saklawasé ing bumi padahal bojoné urip ing swarga. Awaké dhéwé yakin nèk sukmbèn kabèh wong mesthi bakal diberkahi Yéhuwah lan ngrasakké urip sing nyenengké.​—Ms. 145:16.

10. Apa sebabé awaké dhéwé aja seneng ngunggul-unggulké wong sing diurapi roh suci?

10 Alkitab kandha nèk awaké dhéwé aja seneng ngunggul-unggulké wong-wong sing wis suwé ngabdi utawa sing nduwé tugas istiméwa, termasuk wong-wong sing diurapi roh suci. Kenapa? Alkitab kandha nèk ana wong-wong sing isa waé dadi ora setya utawa malah ninggalké Yéhuwah. (Mat. 25:10-12; 2 Ptr. 2:20, 21) Nèk awaké dhéwé seneng ngunggul-unggulké wong kuwi, awaké dhéwé isa dadi ora percaya manèh karo Yéhuwah utawa malah mandheg ngabdi.

PIYÉ NÈK JUMLAHÉ SING MANGAN ROTI LAN NGOMBÉ ANGGUR DADI SAYA AKÈH?

11. Apa jumlahé wong-wong sing mangan roti lan ngombé anggur tetep padha saben tauné?

11 Apa jumlahé wong-wong sing mèlu mangan lan ngombé ing acara Pèngetan tetep padha saben tauné? Mbiyèn, jumlahé sing diurapi saben taun dadi saya sithik. Ning, pirang-pirang taun iki jumlahé dadi saya akèh. Awaké dhéwé ora perlu dadi kuwatir. Apa sebabé?

12. Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu kuwatir soal jumlahé wong-wong sing mèlu mangan lan ngombé ing acara Pèngetan?

12 ”Yéhuwah ngerti wong-wong sing dadi duwèké.” (2 Tim. 2:19) Yéhuwah ngerti sapa waé sing bakal munggah swarga. Ning, para sedulur sing ngétung jumlahé wong-wong sing mangan roti lan ngombé anggur ora ngerti sapa waé sing bener-bener dipilih munggah swarga. Isa waé ana sing mèlu mangan lan ngombé ing acara Pèngetan merga rumangsa dipilih munggah swarga, padahal sakjané ora. Misalé, mungkin ana sing nduwé penyakit méntal utawa péngin banget dipilih munggah swarga. Akhiré, wong-wong kuwi ngaku-ngaku nèk dhèwèké diurapi roh suci. Terus, mungkin ana sing mbiyèné mèlu mangan lan ngombé, ning saiki wis ora. Dadi, awaké dhéwé ora ngerti jumlah pastiné wong-wong sing diurapi sing isih ana ing bumi.

13. Pira jumlahé wong-wong sing diurapi sing isih ana ing bumi wektu sengsara gedhé dimulai?

13 Wong-wong sing diurapi bakal isih ana ing bumi wektu Yésus teka kanggo ngejak wong-wong kuwi munggah swarga. (Mat. 24:31) Alkitab kandha nèk wong-wong sing diurapi bakal isih ana ing bumi wektu dina-dina pungkasan. (Why. 12:17) Ning, Alkitab ora nyebutké pira jumlahé wong-wong sing diurapi sing isih ana ing bumi wektu sengsara gedhé dimulai.

Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé wektu ana sing mèlu mangan roti lan ngombé anggur ing acara Pèngetan? (Deloken paragraf 14)

14. Nurut Roma 9:11b, 16, sapa sing nemtokké wong-wong sing bakal munggah swarga? Terangna.

14 Yéhuwah sing nemtokké kapan Dhèwèké bakal ngurapi wong-wong sing dadi pilihané. (Rm. 8:28-30) Yéhuwah mulai ngurapi wong-wong sing dipilih munggah swarga sakwisé Yésus diuripké manèh. Kétoké kabèh wong Kristen sing urip ing jamané para rasul diurapi roh suci. Terus, pirang-pirang taun sakbanjuré, ana akèh wong sing ngaku-ngaku Kristen, ning ora manut karo ajarané Yésus. Wektu kuwi, tetep ana wong-wong sing dipilih, ning jumlahé mung sithik. Wong-wong kuwi dadi kaya gandum sing thukul bebarengan karo alang-alang. (Mat. 13:24-30) Ing dina-dina pungkasan, Yéhuwah isih milih wong-wong sing bakal dadi anggotané 144.000. * Isa waé ana sing lagi dipilih persis sakdurungé sengsara gedhé dimulai. Awaké dhéwé ora perlu bingung merga kuwi kabèh Yéhuwah dhéwé sing nemtokké. (Wacanen Roma 9:11b, 16.) * Awaké dhéwé aja nganti kaya para buruh sing dicritakké Yésus, sing protès merga majikané apikan karo para buruh sing tekané kèri.​—Mat. 20:8-15.

15. Apa kabèh wong sing diurapi kuwi dadi ”budhak sing setya lan wicaksana” sing disebutké ing Matius 24:45-47? Terangna.

15 Ora kabèh wong sing bakal munggah swarga kuwi dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Wacanen Matius 24:45-47.) Kaya sing kelakon ing jamané para rasul, Yéhuwah lan Yésus saiki ya milih para sedulur lanang sing ditugasi kanggo mulang umaté. Mbiyèn, ora kabèh muridé Yésus ditugasi kanggo nulis Kitab-Kitab Yunani Kristen. Dadi, sing saiki ditugasi kanggo ”mènèhi pangan . . . ing wektu sing pas” ya mung sithik.

16. Apa sing isa disinaoni saka artikel iki?

16 Apa sing isa disinaoni saka artikel iki? Ing ramalan sing ditulis Nabi Zakharia, ana sing disebut ”wong Yahudi siji”, yaiku wong-wong sing dipilih kanggo urip ing swarga lan mréntah bareng karo Yésus. Terus, ana sing disebut ”wong sapuluh”, yaiku wong-wong sing bakal urip ing bumi. Senajan harapané béda, ning rong kelompok kuwi padha-padha dikèki urip saklawasé. Kabèh ya padha-padha kudu setya, rendah hati, lan manut karo Yéhuwah. Karo ngentèni dinané Yéhuwah kelakon, kabèh sing dadi umaté Yéhuwah kudu ngupaya bèn isa tetep rukun lan bersatu ”dadi sakelompok”.​—Yoh. 10:16.

^ par. 5 Ing taun iki, acara Pèngetan kematiané Yésus bakal dianakké ing dina Selasa tanggal 7 April. Nèk ana sing mèlu mangan roti lan ngombé anggur pas acara Pèngetan, piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé? Piyé nèk jumlahé sing mangan roti lan ngombé anggur dadi saya akèh? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki. Apa sing dirembug ing artikel iki ya tau dirembug ing Warta Penting Januari 2016.

^ par. 2 Nurut Jabur 87:5, 6, sukmbèn Yéhuwah mungkin bakal ngandhani jenengé wong-wong sing mréntah ing swarga bareng karo Yésus.​—Rm. 8:19.

^ par. 8 Deloken kothak ”Katresnan Iku ’Ora Saru Polahé’” ing Warta Penting, Januari 2016, halaman 27.

^ par. 14 Senajan Kisah 2:33 nyebutké nèk Yésus ngesokké roh suci marang wong-wong sing diurapi, ning sing milih wong-wong kuwi ya mung Yéhuwah dhéwé.

^ par. 14 Bèn isa ngerti luwih akèh, deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 1 Mei 2007.

LAGU 34 Ngabdi Setya-Tuhu

^ par. 56 GAMBAR: Bayangna nèk ana sedulur sing dadi wakil kantor pusat teka ing kebaktian karo bojoné, terus para sedulur padha ngrubung karo moto-moto. Apa kuwi pantes?