Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 6

Yéhuwah Kuwi Bapak sing Sayang karo Awaké Dhéwé

Yéhuwah Kuwi Bapak sing Sayang karo Awaké Dhéwé

”Mula ndongaa kaya ngéné: ’Bapakku sing ana ing swarga.’”​—MAT. 6:9.

LAGU 135 ’Hé Anak-Ku, Gawéa Bungah Ati-Ku’

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing kudu ditindakké bèn isa ketemu karo raja Pèrsia?

BAYANGNA njenengan manggon ing Pèrsia 2.500 taun kepungkur. Merga ana sing arep diomongké karo raja, njenengan lunga ing Syusyan. Njenengan kudu éntuk ijin dhisik bèn isa ketemu karo Raja. Nèk ora, njenengan isa dipatèni.—Ès. 4:11.

2. Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin cedhak karo awaké dhéwé?

2 Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah ora kaya raja Pèrsia. Senajan nduwé kuwasa sing paling gedhé, Yéhuwah gelem omong-omongan karo awaké dhéwé. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé ora wedi kanggo nyedhaki Dhèwèké. Misalé, senajan Yéhuwah kuwi Pencipta lan Sing Mahakuwasa, Dhèwèké péngin disebut ’Bapak’ karo awaké dhéwé. (Mat. 6:9) Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé seneng merga ngerti nèk Yéhuwah péngin cedhak karo awaké dhéwé.

3. Apa sebabé Yéhuwah isa disebut Bapak, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Yéhuwah isa disebut ’Bapak’ merga Dhèwèké kuwi sing mènèhi urip. (Ms. 36:10) Mula, awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah. Nèk manut, awaké dhéwé bakal diberkahi. (Ibr. 12:9) Berkahé kuwi klebu urip saklawasé ing bumi utawa ing swarga. Ning, saiki awaké dhéwé ya isa ngrasakké berkahé Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo awaké dhéwé lan apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Ning, ayo dirembug dhisik apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo awaké dhéwé.

YÉHUWAH KUWI BAPAK SING SAYANG BANGET KARO AWAKÉ DHÉWÉ

Kaya bapak sing péngin cedhak karo anaké, Yéhuwah ya péngin cedhak karo awaké dhéwé (Deloken paragraf 4)

4. Apa sebabé ana sing ngrasa nèk ora isa nganggep Gusti Allah dadi Bapaké?

4 Apa njenengan ngrasa nèk ora isa nganggep Gusti Allah dadi Bapaké njenengan? Ana wong sing ngrasa nèk Gusti Allah ora bakal nggatèkké dhèwèké. Dhèwèké ngrasa ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo Gusti Allah. Ning, Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé ngrasa kaya ngono. Rasul Paulus ngomong karo wong-wong ing Athéna nèk Yéhuwah kuwi sing mènèhi urip lan péngin bèn manungsa nggolèki Dhèwèké. Terus, Rasul Paulus ya njelaské nèk sakjané Yéhuwah ”ora adoh saka kita”. (Kis. 17:24-29) Yéhuwah péngin dianggep kaya Bapak sing sayang banget karo anaké. Yéhuwah péngin awaké dhéwé isa crita apa waé karo Dhèwèké.

5. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané salah siji sedulur wédok?

5 Sing liyané ngrasa ora isa nganggep Gusti Allah dadi Bapaké merga bapak kandhungé ora pati sayang utawa malah babar blas ora sayang karo wong-wong kuwi. Kuwi sing dialami karo salah siji sedulur wédok. Dhèwèké ngomong, ”Bapakku kuwi omongané kasar. Dadi, pas awal-awal sinau Alkitab, aku ngrasa angèl cedhak karo Gusti Allah. Ning, pandhanganku berubah sakwisé kenal Yéhuwah.” Apa njenengan tau ngalami kaya ngono? Nèk iya, aja ngrasa sedhih. Njenengan mesthi isa nganggep Yéhuwah dadi Bapak sing paling apik.

6. Nurut Matius 11:27, piyé carané bèn awaké dhéwé isa nganggep Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo awaké dhéwé?

6 Awaké dhéwé isa nganggep Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo awaké dhéwé nèk nggatèkké omongan lan tumindaké Yésus sing dicathet ing Alkitab. (Wacanen Matius 11:27.) Sipaté Yésus kuwi mirip banget karo Bapaké. Mula, dhèwèké isa ngomong, ”Sapa waé sing wis ndelok aku uga wis ndelok Bapak.” (Yoh. 14:9) Ing Kitab-Kitab Injil, Yésus kerep nyebut Yéhuwah nggunakké kata ’Bapak’. Apa sebabé? Salah siji alesané yaiku bèn wong-wong isa yakin nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo manungsa.​—Yoh. 17:25, 26.

7. Apa sing isa disinaoni saka tumindaké Yéhuwah marang Yésus?

7 Gatèkna tumindaké Yéhuwah marang Yésus. Yéhuwah mesthi ngrungokké dongané Yésus. Ning, ora mung ngrungokké, Yéhuwah ya njawab dongané Yésus. (Yoh. 11:41, 42) Ora masalah tantangan apa waé sing diadhepi, Yésus tetep isa ngrasakké nèk Yéhuwah ndhukung lan sayang karo dhèwèké.​—Luk. 22:42, 43.

8. Kebutuhan apa waé sing Yéhuwah sedhiakké kanggo Yésus?

8 Yésus ngerti nèk Bapaké kuwi sing mènèhi dhèwèké urip lan sing nyukupi kebutuhané. Dhèwèké ngomong, ”Aku urip merga Bapak.” (Yoh. 6:57) Yésus tenanan percaya karo Bapaké, lan Yéhuwah nyukupi kebutuhan jasmaniné. Sing paling penting, Yéhuwah ya nyukupi kebutuhan rohaniné Yésus.​—Mat. 4:4.

9. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang banget karo Yésus?

9 Yéhuwah nggawé Yésus yakin nèk Dhèwèké ndhukung Yésus. (Mat. 26:53; Yoh. 8:16) Senajan ora nglindhungi Yésus saka kabèh masalah, Yéhuwah mbantu Yésus kanggo ngadhepi kuwi kabèh. Yésus ngerti nèk kabèh masalah sing dhèwèké adhepi kuwi mung sementara. (Ibr. 12:2) Yéhuwah mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang karo Yésus nganggo cara ngrungokké dhèwèké, nyukupi kebutuhané, ndhidhik Yésus, lan mbantu Yésus. (Yoh. 5:20; 8:28) Saiki, ayo dirembug piyé carané Yéhuwah nindakké sing padha karo awaké dhéwé.

BUKTI NÈK YÉHUWAH SAYANG KARO AWAKÉ DHÉWÉ

Bapak sing sayang karo anaké bakal (1) ngrungokké anaké, (2) nyukupi kebutuhané anaké, (3) ndhidhik anaké, lan (4) mbantu anaké. Yéhuwah ya nindakké sing padha karo awaké dhéwé (Deloken paragraf 10-15) *

10. Nurut Jabur 66:19, 20, apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé?

10 Yéhuwah ngrungokké dongané awaké dhéwé. (Wacanen Jabur 66:19, 20.) Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus ndonga. Dhèwèké ora mbatesi sepira suwéné awaké dhéwé ndonga, apa waé sing isa awaké dhéwé dongakké, lan ping pira awaké dhéwé isa ndonga. (1 Tés. 5:17) Awaké dhéwé isa ndonga kapan waé lan ing ngendi waé. Yéhuwah mesthi nggatèkké dongané awaké dhéwé. Wektu ngerti soal kuwi, awaké dhéwé isa dadi tambah akrab karo Yéhuwah. Sing nulis kitab Jabur ngomong, ”Aku tresna marang Sang Yéhuwah awit miyarsakaké [utawa, ngrungokké] swaraku.”​—Ms. 116:1.

11. Piyé Yéhuwah nanggepi dongané awaké dhéwé?

11 Yéhuwah ora mung ngrungokké, ning ya njawab dongané awaké dhéwé. Rasul Yohanes ngomong, ”Nèk kita ndonga nyuwun apa waé sing cocog karo kersané Gusti Allah, Panjenengané mirengké kita.” (1 Yoh. 5:14, 15) Yéhuwah ngerti apa sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Dadi, kadhang kala jawabané ora kaya sing awaké dhéwé karepké. Isa waé Yéhuwah ora mènèhi apa sing awaké dhéwé jaluk, utawa Yéhuwah péngin awaké dhéwé sabar ngentèni jawabané.​—2 Kor. 12:7-9.

12-13. Apa waé sing Yéhuwah tindakké kanggo nyukupi kebutuhané awaké dhéwé?

12 Yéhuwah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé. Dhèwèké mènèhi conto apa sing kudu ditindakké kanggo kabèh bapak. (1 Tim. 5:8) Yéhuwah nyukupi kebutuhan jasmaniné awaké dhéwé. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé dadi kuwatir soal panganan, pakaian, lan panggonan. (Mat. 6:32, 33; 7:11) Kaya bapak sing sayang karo anaké, Yéhuwah ya njamin bèn kebutuhané awaké dhéwé ing masa depan dicukupi.

13 Sing paling penting, Yéhuwah nyukupi kebutuhan rohaniné awaké dhéwé. Saka Alkitab, awaké dhéwé dadi isa ngerti soal Yéhuwah, tujuané, alesané awaké dhéwé diciptakké, lan sing bakal kelakon ing masa depan. Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa kenal karo Dhèwèké liwat wong tuwa utawa wong sing mbantu awaké dhéwé sinau Alkitab. Yéhuwah ya mbantu awaké dhéwé liwat pinituwa lan para sedulur sing rohani. Sakliyané kuwi, Yéhuwah mulang awaké dhéwé lan para sedulur ing perhimpunan. Nganggo cara iki lan cara liyané, Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké nggatèkké awaké dhéwé.​—Ms. 32:8.

14. Apa sebabé Yéhuwah ndhidhik awaké dhéwé, lan piyé carané kuwi ditindakké?

14 Yéhuwah ndhidhik awaké dhéwé. Ora kaya Yésus, awaké dhéwé ora sampurna. Mula, Yéhuwah ndhidhik awaké dhéwé. Alkitab ngomong, ”Yéhuwah maringi disiplin marang kabèh sing ditresnani.” (Ibr. 12:6, 7) Yéhuwah mènèhi disiplin, utawa ndhidhik, awaké dhéwé nganggo akèh cara. Contoné, wektu maca Alkitab utawa teka ing perhimpunan, awaké dhéwé dadi ngerti apa sing kudu diubah. Awaké dhéwé ya isa éntuk naséhat saka para pinituwa. Senajan carané béda-béda, ning kuwi ditindakké Yéhuwah merga nresnani awaké dhéwé.​—Ym. 30:11.

15. Apa waé sing Yéhuwah tindakké kanggo mbantu awaké dhéwé?

15 Yéhuwah mbantu awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah. Kaya bapak sing mbantu anaké wektu ngadhepi masalah, Yéhuwah ya kaya ngono. Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé roh suciné. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé tetep setya lan njaga hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah tetep apik. (Luk. 11:13) Yéhuwah ya mbantu awaké dhéwé wektu awaké dhéwé ngrasa kuwatir utawa cilik ati. Contoné, Yéhuwah mènèhi harapan ing masa depan. Kuwi mbantu awaké dhéwé isa tetep bahagia senajan ngadhepi akèh masalah. Élinga, ora masalah apa waé sing awaké dhéwé adhepi, Yéhuwah bakal ngilangi kabèh sing nggawé awaké dhéwé susah. Kabèh masalah sing awaké dhéwé adhepi kuwi mung sementara, ning berkahé Yéhuwah kuwi ana kanggo saklawasé.​—2 Kor. 4:16-18.

YÉHUWAH ORA BAKAL NINGGALKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

16. Apa sing kelakon sakwisé Adam ora manut?

16 Awaké dhéwé isa ngerti buktiné Yéhuwah sayang karo manungsa liwat apa sing ditindakké Yéhuwah wektu Adam mbrontak. Sakwisé Adam ora manut, dhèwèké lan keturunané ora dadi keluargané Yéhuwah manèh. (Rm. 5:12; 7:14) Ning, Yéhuwah mènèhi solusiné.

17. Apa sing langsung ditindakké Yéhuwah sakwisé Adam mbrontak?

17 Senajan ngukum Adam, Yéhuwah tetep mènèhi harapan kanggo keturunané Adam. Yéhuwah langsung mènèhi janji nèk keturunané Adam sing manut bakal dadi keluargané Yéhuwah manèh. (Pd. 3:15; Rm. 8:20, 21) Kuwi isa kelakon merga ana tebusan. Wektu ngorbanké Putrané kanggo dadi tebusan, Yéhuwah mbuktèkké nèk Dhèwèké bener-bener sayang karo awaké dhéwé.​—Yoh. 3:16.

Nèk awaké dhéwé tau ninggalké Yéhuwah ning akhiré mertobat, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah gelem nampa awaké dhéwé (Deloken paragraf 18)

18. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé dadi keluargané, senajan mungkin awaké dhéwé tau ninggalké Yéhuwah?

18 Senajan awaké dhéwé ora sampurna, Yéhuwah péngin awaké dhéwé dadi keluargané. Dhèwèké ora tau nganggep awaké dhéwé nyusahké. Awaké dhéwé mungkin nggawé Yéhuwah kecéwa utawa ninggalké Dhèwèké, ning Yéhuwah terus ngarep-arep awaké dhéwé bali. Kanggo nggambarké iki, Yésus mènèhi perumpamaan soal anak sing ilang. (Luk. 15:11-32) Bapak ing perumpamaan kuwi terus ngarep-arep anaké bali. Wektu anaké bali, bapaké seneng banget. Nèk awaké dhéwé tau ninggalké Yéhuwah ning akhiré mertobat, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah gelem nampa awaké dhéwé.

19. Piyé carané Yéhuwah ngatasi akibat saka dosané Adam?

19 Yéhuwah bakal ngatasi kabèh akibat saka dosané Adam. Sakwisé Adam mbrontak, Yéhuwah mutuské kanggo milih 144.000 wong saka bumi kanggo dadi raja lan imam ing swarga karo Yésus. Ing donya anyar, Yésus karo 144.000 wong bakal mbantu wong-wong sing rendah hati bèn isa dadi sampurna. Sakwisé wong-wong kuwi ngliwati ujian terakhir, Yéhuwah bakal mènèhi wong-wong kuwi urip saklawasé. Bapak Yéhuwah mesthi seneng banget wektu bumi dienggoni karo manungsa sing sampurna.

20. Apa waé sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang banget karo awaké dhéwé, lan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

20 Yéhuwah wis mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi Bapak sing paling apik. Dhèwèké ngrungokké dongané awaké dhéwé lan nyukupi kebutuhan jasmani lan rohaniné awaké dhéwé. Dhèwèké ndhidhik lan mbantu awaké dhéwé. Yéhuwah ya mènèhi harapan kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga nduwé Bapak sing sayang banget karo awaké dhéwé. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah.

LAGU 108 Katresnané Yéhuwah sing Langgeng

^ par. 5 Yéhuwah kuwi Pencipta lan Sing Mahakuwasa. Ning, awaké dhéwé ya isa nganggep nèk Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang banget karo awaké dhéwé. Artikel iki bakal ngrembug alesané. Awaké dhéwé ya bakal sinau apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé.

^ par. 59 GAMBAR: Iki patang gambar bapak karo anaké: (1) Bapak sing lagi ngrungokké anaké lanang. (2) Bapak sing lagi mènèhi maem anaké wédok. (3) Bapak sing lagi nglatih anaké lanang. (4) Bapak sing lagi meluk anaké lanang. Ing mburiné, ana gambar tangané Yéhuwah. Kuwi ngélingké awaké dhéwé nèk Yéhuwah ya nindakké sing padha karo awaké dhéwé.