Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 8

Awaké Dhéwé Isa Rukun Nèk Ora Seneng Mèri

Awaké Dhéwé Isa Rukun Nèk Ora Seneng Mèri

”Tindakna apa waé sing nggawé rukun karo wong liya lan sing nguwatké siji lan sijiné.”​—RM. 14:19.

LAGU 113 Katentreman Sejati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa akibaté merga kakang-kakangé Yusuf mèri?

YAKUB sakjané sayang karo kabèh anaké lanang. Ning, Yakub paling sayang karo Yusuf. Apa pengaruhé? Kakang-kakangé Yusuf dadi mèri karo Yusuf, lan kuwi nggawé Yusuf disengiti karo kakang-kakangé. Yusuf sakjané ora salah apa-apa. Ning, kakang-kakangé ngedol dhèwèké dadi budhak, terus ngomong karo Yakub nèk Yusuf mati merga dipangan kéwan buas. Merga mèri, kakang-kakangé Yusuf nggawé keluarga kuwi dadi ora rukun lan nggawé Yakub dadi sedhih banget.​—Pd. 37:3, 4, 27-34.

2. Nurut Galatia 5:19-21, apa sebabé seneng mèri kuwi bahaya?

2 Ing Alkitab, seneng mèri * kuwi salah siji ”tumindak sing dihasilké badan sing dosa” sing nggawé wong ora isa nampa berkah saka Kratoné Allah. (Wacanen Galatia 5:19-21.) Wong sing seneng mèri biasané dadi ora seneng rukun, seneng padu, lan gampang nesu.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Pengalamané kakang-kakangé Yusuf nduduhké nèk seneng mèri isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo wong liya lan nggawé keluarga dadi ora rukun. Awaké dhéwé mungkin ora nganti nindakké apa sing ditindakké kakang-kakangé Yusuf. Ning, awaké dhéwé isa waé dadi mèri karo wong liya merga awaké dhéwé kuwi ora sampurna lan nduwé ati sing licik. (Ym. 17:9) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug conto-conto saka Alkitab sing nduduhké apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé dadi mèri. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug carané bèn ora mèri lan piyé carané isa rukun karo wong liya.

SING BIASANÉ NGGAWÉ AWAKÉ DHÉWÉ DADI MÈRI

4. Apa sebabé wong Filistin mèri karo Ishak?

4 Wong liya luwih sugih. Ishak kuwi sugih banget. Mula, wong Filistin mèri karo Ishak. (Pd. 26:12-14) Wong Filistin nganti nutup sumuré Ishak sing biasané dienggo mènèhi ombé ternaké. (Pd. 26:15, 16, 27) Kaya wong Filistin, akèh wong ing jaman saiki mèri karo wong sing luwih sugih. Wong-wong kuwi ora mung kepéngin duwèké wong liya, ning ya péngin bèn wong mau ora nduwé manèh apa sing diduwèni.

5. Apa sebabé para pemimpin agama Yahudi mèri karo Yésus?

5 Wong liya luwih disenengi. Para pemimpin agama Yahudi mèri karo Yésus merga dhèwèké luwih disenengi. (Mat. 7:28, 29) Yésus kuwi wakilé Gusti Allah, lan dhèwèké mulangké apa sing bener. Mula, para pemimpin agama nyebarké fitnah sing ngrusak réputasiné Yésus. (Mrk. 15:10; Yoh. 11:47, 48; 12:12, 13, 19) Apa sing isa disinaoni? Aja mèri karo para sedulur sing luwih disenengi ing jemaat. Ning, awaké dhéwé malah kudu ngupaya niru sipat-sipaté sing apik.​—1 Kor. 11:1; 3 Yoh. 11.

6. Apa buktiné nèk Diotrèfès mèri?

6 Wong liya nduwé tugas tambahan ing jemaat. Ing abad pertama, Diotrèfès mèri karo para pinituwa ing jemaat. Dhèwèké ”péngin dadi nomer siji” ing jemaat. Dadi, dhèwèké ngèlèk-èlèk Rasul Yohanes lan para pinituwa liyané. (3 Yoh. 9, 10) Awaké dhéwé mungkin ora nganti nindakké kaya ngono. Ning, awaké dhéwé isa waé mèri karo sedulur sing éntuk tugas sing awaké dhéwé péngini, khususé nèk awaké dhéwé ngrasa luwih pinter ketimbang sedulur sing nindakké tugas kuwi.

Atiné awaké dhéwé kuwi diumpamakké kaya tanah, lan sipat-sipat apik kuwi diumpamakké kaya kembang. Ning, rasa mèri kuwi kaya tanduran sing beracun. Rasa mèri nggawé awaké dhéwé dadi ora isa nduduhké katresnan, welas asih, lan sipat apikan (Deloken paragraf 7)

7. Apa pengaruhé rasa mèri kanggo awaké dhéwé?

7 Rasa mèri kuwi kaya tanduran sing beracun. Nèk ing atiné awaké dhéwé mulai ana rasa mèri, kuwi isa waé angèl diilangi. Rasa mèri nggawé awaké dhéwé dadi nduwé sipat èlèk liyané, contoné sombong lan ngutamakké kepentingané dhéwé. Rasa mèri ya nggawé awaké dhéwé dadi ora isa nduduhké katresnan, welas asih, lan sipat apikan. Mula, awaké dhéwé kudu cepet-cepet ngilangi rasa mèri saka atiné awaké dhéwé. Piyé carané?

NGUPAYA RENDAH HATI LAN NDUWÉ RASA PUAS

Piyé carané nyingkirké rasa mèri? Roh suciné Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé bèn ora mèri. Kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé bèn dadi wong sing rendah hati lan nduwé rasa puas (Deloken paragraf 8-9)

8. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé bèn ora mèri?

8 Bèn ora mèri, awaké dhéwé kudu rendah hati lan nduwé rasa puas karo apa sing diduwèni. Nèk rendah hati, awaké dhéwé ora ngrasa luwih unggul ketimbang wong liya. Wong sing rendah hati ora bakal kepéngin karo apa sing dudu haké. (Gal. 6:3, 4) Terus, wong sing nduwé rasa puas ora bakal mbandhingké dhèwèké dhéwé karo wong liya. (1 Tim. 6:7, 8) Wong sing rendah hati lan nduwé rasa puas bakal mèlu bahagia wektu wong liya nampa bab sing apik.

9. Nurut Galatia 5:16 lan Filipi 2:3, 4, roh suci isa mbantu awaké dhéwé nindakké apa?

9 Roh suciné Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé bèn ora mèri. Kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé bèn dadi wong sing rendah hati lan nduwé rasa puas. (Wacanen Galatia 5:16; Filipi 2:3, 4.) Awaké dhéwé butuh bantuané roh suciné Yéhuwah bèn isa mriksa pikiran lan atiné awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé isa ngilangi rasa mèri lan nduwé pikiran sing apik. (Ms. 26:2; 51:12) Ayo saiki dirembug apa sing ditindakké Musa lan Paulus bèn ora mèri.

Ana sing ngandhani Musa lan Yosua nèk ana pinituwa loro sing tumindak kaya nabi. Yosua péngin Musa ngendhegké tumindaké wong loro kuwi, ning Musa ora gelem. Musa malah ngomong karo Yosua nèk dhèwèké seneng wektu wong loro kuwi éntuk roh suci saka Yéhuwah. (Deloken paragraf 10)

10. Apa sing dialami Musa? (Deloken gambar ing halaman 1.)

10 Musa nduwé wewenang sing gedhé ing antarané umaté Gusti Allah. Ning, Musa ora mèri wektu ana wong liya sing éntuk wewenang. Contoné, Yéhuwah tau njupuk roh suciné saka Musa lan mènèhké kuwi kanggo sakelompok pinituwa Israèl sing ngadeg ing cedhak kémah pertemuan. Bar kuwi, Musa krungu ana pinituwa loro sing ora teka ing kémah pertemuan, ning éntuk roh suci lan dadi kaya nabi. Yosua péngin Musa ngendhegké tumindaké wong loro kuwi. Terus, piyé tanggepané Musa? Musa ora mèri wektu wong loro kuwi diwènèhi roh suciné Yéhuwah. Musa malah seneng wektu wong loro kuwi éntuk tugas saka Yéhuwah. (Wi. 11:24-29) Apa sing isa disinaoni saka Musa?

Piyé carané bèn para pinituwa isa rendah hati kaya Musa?(Deloken paragraf 11-12) *

11. Piyé carané para pinituwa isa niru Musa?

11 Nèk njenengan pinituwa, apa njenengan tau dikongkon nglatih sedulur liya bèn isa nindakké tugas sing njenengan senengi? Contoné, mungkin njenengan nduwé tugas kanggo mandhu Sinau Warta Penting saben minggu. Nèk niru Musa sing rendah hati, njenengan ora bakal ngrasa éntuk saingan wektu dikongkon nglatih sedulur liya sing mengkoné bakal nindakké tugas kuwi. Njenengan mesthi bakal seneng wektu mbantu sedulur kuwi.

12. Apa buktiné nèk akèh wong Kristen ing jaman saiki rendah hati lan nduwé rasa puas?

12 Gatèkna situasi liyané. Ana para sedulur sing wis puluhan taun dadi koordinator pinituwa. Wektu umuré wis 80 taun, para sedulur kuwi gelem masrahké tugasé karo sedulur liya. Pinituwa wilayah sing umuré 70 taun ya gelem masrahké tugasé karo sedulur liya lan éntuk penugasan anyar. Terus, durung suwé iki, akèh anggota keluarga Bètel éntuk penugasan anyar ing lapangan. Senajan tugasé saiki ditindakké karo sedulur liya, para sedulur sing ngalami perubahan tugas kuwi ora mèri.

13. Apa sing mungkin isa nggawé Paulus mèri karo 12 rasul?

13 Rasul Paulus kuwi wong sing rendah hati lan nduwé rasa puas. Dhèwèké ora ngejarké rasa mèri ana ing atiné. Senajan semangat banget wektu nginjil, Rasul Paulus ngomong, ”Aku iki sing paling asor ing antarané para rasul, lan aku ora pantes disebut rasul.” (1 Kor. 15:9, 10) Rolas rasul wis mèlu Yésus nginjil saksuwéné Yésus ing bumi. Ning, nganti Yésus mati lan dibangkitké, Paulus isih durung dadi wong Kristen. Terus, Paulus ya ora termasuk 12 rasulé Yésus senajan dhèwèké dadi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya”. (Kis. 1:21-26; Rm. 11:13) Ketimbang mèri karo 12 rasul sing cedhak karo Yésus, Paulus puas karo apa sing diduwèni.

14. Apa sing bakal awaké dhéwé tindakké nèk nduwé rasa puas lan rendah hati?

14 Nèk rendah hati lan nduwé rasa puas, awaké dhéwé bakal niru Rasul Paulus sing ngajèni wong-wong sing dilantik Yéhuwah. (Kis. 21:20-26) Saiki, Yéhuwah ya wis milih para pinituwa kanggo mimpin jemaat Kristen. Senajan ora sampurna, para pinituwa kuwi ”anugrah sing wujudé manungsa” sing asalé saka Yéhuwah. (Éf. 4:8, 11) Nèk ngajèni lan manut arahané para pinituwa, awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah lan isa tetep rukun karo para sedulur.

”TINDAKNA APA WAÉ SING NGGAWÉ RUKUN”

15. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké?

15 Keadaané ora bakal rukun nèk ana sing seneng mèri. Mula, awaké dhéwé kudu nyingkirké rasa mèri saka atiné awaké dhéwé lan ora nggawé wong liya dadi mèri. Awaké dhéwé kudu nindakké kuwi bèn isa ’nindakké apa waé sing nggawé rukun karo wong liya lan sing nguwatké siji lan sijiné’. (Rm. 14:19) Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn ora seneng mèri, lan piyé carané awaké dhéwé isa rukun karo liyané?

16. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn ora seneng mèri?

16 Awaké dhéwé kudu ngerti nèk sikap lan tumindaké awaké dhéwé kuwi ana pengaruhé kanggo wong liya. Awaké dhéwé mungkin kegodha kanggo niru wong-wong ing jaman saiki sing nduwé ”pepénginan kanggo pamèr”. (1 Yoh. 2:16) Ning, kuwi malah nggawé wong liya dadi seneng mèri. Mula, piyé carané awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn ora seneng mèri? Aja terus-terusan ngomongké barang sing awaké dhéwé duwèni utawa barang sing arep awaké dhéwé tuku. Sakliyané kuwi, aja nyombongké tanggung jawab sing awaké dhéwé duwèni ing jemaat merga kuwi isa nggawé wong liya dadi mèri. Ning, nèk nggatèkké lan muji tumindaké sedulur liya, awaké dhéwé isa mbantu sedulur kuwi nduwé rasa puas. Hasilé, jemaat isa tetep bersatu lan rukun.

17. Apa sing isa ditindakké kakang-kakangé Yusuf? Kok isa?

17 Awaké dhéwé mesthi isa nyingkirké rasa mèri. Gatèkna manèh pengalamané kakang-kakangé Yusuf. Kakang-kakangé Yusuf akhiré ketemu manèh karo Yusuf ing Mesir. Yusuf ora langsung ngandhani idèntitasé, ning dhèwèké péngin ngerti apa kakang-kakangé wis berubah. Yusuf ngejak para tamuné kuwi mangan bareng lan mènèhi panganan luwih akèh kanggo adhiné sing paling cilik, yaiku Bènyamin. (Pd. 43:33, 34) Ning, kakang-kakangé Yusuf ora mèri karo Bènyamin. Kakang-kakangé Yusuf malah nggatèkké Bènyamin lan Yakub. (Pd. 44:30-34) Kakang-kakangé Yusuf akhiré isa nggawé keluargané Yakub dadi rukun manèh merga isa nyingkirké rasa mèri. (Pd. 45:4, 15) Ing jaman saiki ya ngono, awaké dhéwé isa nggawé keluarga lan jemaat dadi rukun nèk awaké dhéwé ora seneng mèri.

18. Nurut Yakobus 3:17, 18, apa hasilé nèk keadaané rukun?

18 Yéhuwah péngin awaké dhéwé isa nyingkirké rasa mèri lan tetep rukun. Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan bèn isa nindakké kuwi kabèh. Kaya sing wis dirembug ing artikel iki, awaké dhéwé isa waé ngrasa mèri karo wong liya. (Yak. 4:5) Apa manèh saiki akèh sing isa nggawé awaké dhéwé dadi mèri. Ning, nèk awaké dhéwé rendah hati, nduwé rasa puas, lan gelem muji wong liya, awaké dhéwé isa nyingkirké rasa mèri. Kuwi isa nggawé keadaané dadi rukun lan awaké dhéwé dadi luwih gampang kanggo nduduhké sipat-sipat sing apik.​—Wacanen Yakobus 3:17, 18.

LAGU 130 Senenga Ngapura

^ par. 5 Umaté Yéhuwah kuwi rukun. Ning, keadaan kuwi isa berubah nèk ana sing seneng mèri. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé dadi mèri. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn ora seneng mèri lan piyé carané bèn isa tetep rukun.

^ par. 2 KATRANGAN: Kaya sing dijelaské ing Alkitab, wong sing nduwé sipat mèri biasané ora mung kepéngin duwèké wong liya, ning ya péngin bèn wong kuwi ora nduwé manèh apa sing diduwèni.

^ par. 61 GAMBAR: Wektu rapat badan pinituwa, pinituwa sing biasané mandhu Sinau Warta Penting dikongkon nglatih pinituwa sing luwih enom bèn mengkoné isa nindakké tugas kuwi. Pinituwa kuwi sakjané seneng banget karo tugasé lan awalé ya ngrasa ora trima nèk tugasé dipasrahké wong liya. Ning, dhèwèké gelem mènèhi saran lan pujian kanggo pinituwa sing luwih enom.