Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 9

Yéhuwah Bakal Mènèhi Penghiburan

Yéhuwah Bakal Mènèhi Penghiburan

”Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.”​—MS. 94:19.

LAGU 44 Donga Wektu Susah Atiné

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa waé sing isa nggawé njenengan strès, lan apa sing mungkin njenengan pikirké?

APA njenengan tau ngrasa kuwatir utawa strès? * Njenengan mungkin ngrasa strès merga omongan utawa tumindaké wong liya. Njenengan mungkin ya dadi kuwatir merga omongan utawa tumindaké njenengan dhéwé. Contoné, njenengan mungkin tau nggawé kesalahan lan kuwatir nèk ora bakal diapura karo Yéhuwah. Sing luwih parah, wektu ngrasa kuwatir utawa strès, njenengan mungkin dadi mikir nèk kurang iman lan ora berharga. Ning, apa kuwi bener?

2. Piyé conto-conto ing Alkitab mbuktèkké nèk wong sing ngrasa kuwatir utawa strès ora berarti kurang iman?

2 Gatèkna conto-conto ing Alkitab. Hana, ibuné Nabi Samuèl, nduwé iman sing gedhé. Ning, dhèwèké tau ngrasa strès merga salah siji anggota keluargané nglarani atiné. (1 Sa. 1:7) Rasul Paulus nduwé iman sing kuwat, ning dhèwèké ngrasa ”kuwatir karo kabèh jemaat”. (2 Kor. 11:28) Raja Daud ya nduwé iman sing kuwat, lan dhèwèké ya disayang karo Yéhuwah. (Kis. 13:22) Ning, Daud nindakké kesalahan sing nggawé dhèwèké ngrasa kuwatir banget. (Ms. 38:5) Yéhuwah mènèhi penghiburan kanggo kabèh wong kuwi. Saiki, ayo dirembug apa sing isa disinaoni saka wong-wong kuwi.

SING ISA DISINAONI SAKA HANA

3. Apa sebabé omongan sing nglarani ati isa nggawé awaké dhéwé strès?

3 Awaké dhéwé mungkin isa ngrasa strès wektu omongan lan tumindaké wong liya nggawé awaké dhéwé lara ati. Apa manèh nèk sing nindakké kuwi kanca cedhak utawa malah keluargané awaké dhéwé. Awaké dhéwé mungkin kuwatir nèk hubungané awaké dhéwé karo wong kuwi dadi ora apik. Wong kuwi mungkin ora sengaja ngomong sing nggawé awaké dhéwé lara ati. (WB. 12:18) Ning, ya ana sing sengaja nggawé awaké dhéwé lara ati. Ana sedulur wédok sing isih enom tau ngalami kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Pirang-pirang taun kepungkur, kancaku nyebarké gosip soal aku ing média sosial. Rasané lara banget. Kok isa ya dhèwèké kaya ngono karo aku?” Nèk tau lara ati karo kanca cedhak utawa keluarga, njenengan isa sinau saka contoné Hana.

4. Masalah apa waé sing kudu diadhepi Hana?

4 Hana nduwé akèh masalah. Nganti pirang-pirang taun, Hana ora isa nduwé anak. (1 Sa. 1:2) Akèh wong Israèl nganggep nèk wong wédok sing ora isa nduwé anak kuwi ora diberkahi Gusti Allah. Hana mesthi isin banget. (Pd. 30:1, 2) Apa manèh suaminé ya nduwé bojo liya, yaiku Pénina. Pénina isa nduwé anak. Pénina nganggep Hana kuwi mungsuhé lan ”tansah nglarakaké atiné karebèn nepsu”. (1 Sa. 1:6) Hana ngrasa sedhih banget nganti ”nangis lan emoh mangan”. (1 Sa. 1:7, 10) Apa sing ditindakké Hana?

5. Piyé donga isa mbantu Hana?

5 Hana nyritakké kabèh masalahé liwat donga. Sakwisé ndonga, dhèwèké nyritakké masalahé karo Imam Èli. Terus, Imam Èli ngomong, ”Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahé Israèl minangkani [utawa, nuruti] panyuwunmu.” Apa hasilé? Hana ”banjur gelem mangan lan ulaté [utawa, wajahé] ora suntrut manèh”. (1 Sa. 1:17, 18) Merga ndonga, Hana isa ngrasa tenang.

Kaya Hana, piyé carané awaké dhéwé isa ngrasa tenang? (Deloken paragraf 6-10)

6. Soal donga, apa sing isa disinaoni saka Hana lan Filipi 4:6,7?

6 Awaké dhéwé isa ngrasa tenang nèk terus ndonga. Hana ndonga suwé banget. (1 Sa. 1:12) Awaké dhéwé ya isa ndonga suwé banget kanggo nyritakké rasa kuwatir, rasa wedi, lan kelemahané awaké dhéwé. Dongané awaké dhéwé ora perlu nggunakké kata-kata sing apik. Awaké dhéwé mungkin ya nganti nangis wektu nyritakké masalahé awaké dhéwé liwat donga. Ning, Yéhuwah mesthi nggatèkké dongané awaké dhéwé. Sakliyané nyritakké masalahé awaké dhéwé, awaké dhéwé ya kudu éling apa sing dikandhakké ing Filipi 4:6, 7. (Wacanen.) Paulus ngomong nèk awaké dhéwé kudu ngucap syukur wektu ndonga. Awaké dhéwé nduwé akèh alesan kanggo ngucap syukur karo Yéhuwah. Contoné, awaké dhéwé isa ngucap syukur merga Yéhuwah wis mènèhi urip, wis nyiptakké kabèh sing apik, wis nduduhké rasa sayangé, lan mènèhi harapan ing masa depan. Apa manèh sing isa disinaoni saka Hana?

7. Apa sing ditindakké Hana senajan ngadhepi akèh masalah?

7 Senajan ngalami akèh masalah, Hana tetep lunga ngibadah ing Syilo karo bojoné. (1 Sa. 1:1-5) Wektu Hana ana ing tabernakel, Imam Èli ngomong nèk Yéhuwah mesthi bakal njawab dongané Hana. Kuwi bener-bener nguwatké Hana.​—1 Sa. 1:9, 17.

8. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé teka berhimpun? Terangna.

8 Awaké dhéwé isa ngrasa tenang nèk terus teka berhimpun. Ing donga pambuka, ketua acara biasané njaluk roh suciné Yéhuwah kanggo acara perhimpunan kuwi. Salah siji woh sing dihasilké roh kuwi yaiku katentreman. (Gal. 5:22) Nèk teka berhimpun senajan lagi strès, awaké dhéwé mènèhi Yéhuwah lan para sedulur kesempatan kanggo nguwatké lan mbantu awaké dhéwé ngrasa tenang. Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé ngrasa tenang nèk awaké dhéwé ndonga lan teka berhimpun. (Ibr. 10:24, 25) Apa manèh sing isa disinaoni saka pengalamané Hana?

9. (a) Apa sing isih kudu diadhepi Hana? (b) Apa sing isa nggawé Hana terus ngrasa tenang?

9 Masalahé Hana isih tetep ana. Wektu mulih saka tabernakel, Hana tetep manggon sak omah karo Pénina. Alkitab ya ora ngomong nèk sipaté Pénina berubah. Dadi, Hana kétoké isih kudu ngadhepi Pénina sing omongané nglarani ati. Ning, Hana isa terus ngrasa tenang lan ora ngrasa strès manèh merga percaya nèk Yéhuwah ngrungokké dongané. Ora suwé sakwisé kuwi, Yéhuwah njawab dongané Hana. Hana dadi isa nduwé anak.​—1 Sa. 1:19, 20; 2:21.

10. Saka contoné Hana, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?

10 Awaké dhéwé isa ngrasa tenang senajan masalahé awaké dhéwé tetep ana. Senajan wis terus ndonga lan teka berhimpun, masalahé awaké dhéwé mungkin isih tetep ana. Saka contoné Hana, awaké dhéwé isa sinau nèk Yéhuwah mesthi bakal mènèhi awaké dhéwé penghiburan. Yéhuwah bakal terus nggatèkké awaké dhéwé. Yéhuwah ya bakal mberkahi awaké dhéwé nèk awaké dhéwé ora nyerah.​—Ibr. 11:6.

SING ISA DISINAONI SAKA RASUL PAULUS

11. Apa waé sing isa nggawé Paulus ngrasa kuwatir?

11 Ana akèh alesan sing isa nggawé Paulus ngrasa kuwatir. Misalé, Paulus nguwatirké para sedulur sing lagi ngalami masalah merga dhèwèké sayang karo para sedulur kuwi. (2 Kor. 2:4; 11:28) Wektu nginjil, Paulus digebugi lan dilebokké ing penjara karo para mungsuhé. Paulus ya ngalami ”kekurangan”, lan kuwi nggawé dhèwèké ngrasa kuwatir. (Flp. 4:12) Terus, merga wis tau ngalami kapal kandhas kira-kira nganti ping telu, Paulus mesthi ngrasa kuwatir banget wektu numpak kapal. (2 Kor. 11:23-27) Apa sing Paulus tindakké kanggo ngatasi rasa kuwatiré?

12. Apa sing Paulus tindakké kanggo ngurangi rasa kuwatiré?

12 Paulus nguwatirké para sedulur sing lagi ngalami masalah. Dhèwèké péngin mbantu para sedulur kuwi. Ning, Paulus ngerti nèk dhèwèké ora isa nindakké kuwi dhèwèkan. Dhèwèké njaluk bantuané sedulur liya kanggo mbantu jemaat-jemaat. Contoné, dhèwèké masrahké sebagéan tugasé ing Timotius lan Titus. Bantuan saka rong sedulur kuwi ngurangi rasa kuwatiré Paulus.​—Flp. 2:19, 20; Tit 1:1, 4, 5.

Saka contoné Rasul Paulus, apa sing isa ditindakké wektu awaké dhéwé ngrasa kuwatir? (Deloken paragraf 13-15)

13. Piyé carané para pinituwa isa niru contoné Paulus?

13 Njaluk bantuané wong liya. Kaya Paulus, akèh pinituwa sing ngrasa kuwatir merga ana sedulur sing lagi ngalami masalah. Ning, siji pinituwa mungkin ora isa mbantu kabèh sedulur tanpa bantuan saka sedulur liyané. Mula, dhèwèké bakal njaluk bantuané sedulur lanang sing isa dipercaya lan gelem nglatih sedulur lanang sing isih enom kanggo ngurus jemaat.​—2 Tim. 2:2.

14. Paulus ora nguwatirké soal apa, lan apa sing isa disinaoni?

14 Nggolèk dhukungan saka para sedulur. Merga Paulus rendah hati, Paulus gelem nampa bantuan saka kanca-kancané. Paulus ora kuwatir dianggep wong sing lemah wektu nampa bantuan saka kanca-kancané. Ing suraté kanggo Filémon, Paulus ngomong, ”Aku seneng banget lan kelipur wektu krungu bab katresnanmu.” (Flm. 7) Paulus nyebutké wong-wong sing nguwatké dhèwèké wektu dhèwèké ngrasa kuwatir. (Kol. 4:7-11) Nèk gelem nggolèk dhukungan saka para sedulur, awaké dhéwé ya isa yakin nèk para sedulur bakal mènèhi dhukungan sing awaké dhéwé butuhké.

15. Apa sing ditindakké Paulus wektu ngadhepi keadaan sing angèl?

15 Sinau Alkitab. Paulus ngerti nèk dhèwèké isa éntuk penghiburan saka Alkitab. (Rm. 15:4) Kuwi ya mbantu dhèwèké kanggo ngadhepi akèh tantangan. (2 Tim. 3:15, 16) Wektu dipenjara manèh ing Roma, Paulus ngerti nèk ora suwé manèh dhèwèké bakal dipatèni. Ing keadaan sing angèl kuwi, apa sing ditindakké Paulus? Paulus ngongkon Timotius nggawakké ”gulungan-gulungan kitab” kanggo dhèwèké. (2 Tim. 4:6, 7, 9, 13) Gulungan-gulungan kitab kuwi kétoké bagéan saka Kitab-Kitab Ibrani. Paulus péngin nggunakké kuwi kanggo sinau Alkitab. Senajan ngadhepi masalah apa waé, awaké dhéwé bakal éntuk penghiburan saka Yéhuwah nèk awaké dhéwé terus sinau Alkitab.

SING ISA DISINAONI SAKA RAJA DAUD

Saka contoné Raja Daud, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké nèk nggawé kesalahan sing gedhé? (Deloken paragraf 16-19)

16. Piyé perasaané Daud sakwisé nindakké kesalahan sing gedhé?

16 Daud wis nindakké kesalahan sing gedhé. Daud nindakké hubungan sèks sing ora sah karo Bat-syéba, nggawé rencana matèni bojoné Bat-syéba, lan nutup-nutupi kesalahané. (2 Sa. 12:9) Awalé, Daud ora ngrasa salah. Hasilé, hubungané Daud karo Yéhuwah rusak. Dhèwèké ya ngrasa kuwatir lan dadi lara. (Ms. 32:3, 4) Apa sing ditindakké Daud kanggo ngatasi rasa kuwatiré, lan apa sing kudu awaké dhéwé tindakké nèk nggawé kesalahan sing gedhé?

17. Saka Jabur 51:2-6, apa buktiné nèk Daud bener-bener mertobat?

17 Ndonga njaluk ngapura. Daud akhiré ndonga kanggo ngakoni kesalahané lan bener-bener mertobat. (Wacanen Jabur 51:2-6.) Kuwi nggawé Daud dadi ngrasa tenang. (Ms. 32:1, 2, 4, 5) Nèk njenengan nggawé kesalahan, aja nutup-nutupi kesalahan kuwi. Njenengan kudu nyritakké kabèh kesalahané njenengan liwat donga. Hasilé, njenengan bakal ngrasa tenang. Ning, nèk njenengan péngin nduwé hubungan sing akrab manèh karo Yéhuwah, ana manèh sing kudu njenengan tindakké sakliyané ndonga.

18. Piyé tanggepané Daud wektu dikandhani soal kesalahané?

18 Nampa bantuan. Wektu Yéhuwah ngongkon Nabi Natan kanggo ngandhani Daud soal kesalahané, Daud ora golèk-golèk alesan. Daud dadi ngerti nèk dhèwèké ora mung nggawé salah karo bojoné Bat-syéba, ning ya karo Yéhuwah. Daud gelem nampa bantuané Yéhuwah, lan Yéhuwah gelem ngapura dhèwèké. (2 Sa. 12:10-14) Nèk awaké dhéwé nindakké kesalahan sing gedhé, awaké dhéwé kudu ngomong karo wong-wong sing dipilih Yéhuwah kanggo ngurus jemaat. (Yak. 5:14, 15) Awaké dhéwé ya aja golèk-golèk alesan. Nèk langsung nampa lan ngetrapké bantuan, awaké dhéwé bakal ngrasa tenang lan bahagia.

19. Apa sing kudu awaké dhéwé upayakké?

19 Ngupaya ora nindakké kesalahan sing padha. Daud ngerti nèk dhèwèké butuh bantuané Yéhuwah bèn ora nindakké kesalahan sing padha. (Ms. 51:9, 12, 14) Sakwisé diapura Yéhuwah, Daud ngupaya bèn ora nduwé kepénginan sing salah. Hasilé, dhèwèké isa ngrasa tenang.

20. Apa buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur karo pangapurané Yéhuwah?

20 Nèk bersyukur karo pangapurané Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ndonga njaluk ngapura, gelem nampa bantuan, lan ngupaya ora nindakké kesalahan sing padha. Nèk nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé bakal ngrasa tenang. Kuwi sing dialami karo sedulur lanang sing jenengé James. Dhèwèké tau nindakké kesalahan sing gedhé. Dhèwèké ngomong, ”Sakwisé aku ngakoni kesalahanku karo para pinituwa, aku ngrasa ora nduwé beban manèh. Aku ngrasa lega banget.” Awaké dhéwé mesthi ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk ”Pangéran Yéhuwah ana ing sacedhaké para wong kang rempu atiné, sarta para wong kang pepes budiné padha dipitulungi”.​—Ms. 34:19.

21. Apa sing kudu njenengan tindakké wektu ngrasa kuwatir?

21 Masalahé awaké dhéwé isa waé dadi tambah akèh merga akhir donya iki saya cedhak. Nèk ngrasa kuwatir, njenengan kudu langsung ndonga lan terus sinau Alkitab. Tirunen contoné Hana, Paulus, lan Daud. Njenengan ya isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ngerti penyebabé njenengan ngrasa kuwatir. (Ms. 139:23) Njenengan isa masrahké kabèh rasa kuwatiré njenengan karo Yéhuwah. Hasilé, njenengan mesthi setuju karo sing nulis kitab Jabur sing kandha, ”Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.”​—Ms. 94:19.

LAGU 4 Allah Yéhuwah, Pangonku

^ par. 5 Wektu lagi ngadhepi masalah, awaké dhéwé mesthi ngrasa kuwatir utawa strès. Artikel iki bakal ngrembug telung conto abdiné Yéhuwah ing jaman mbiyèn sing tau ngrasa kuwatir utawa strès. Artikel iki ya bakal ngrembug piyé carané Yéhuwah mènèhi wong-wong kuwi penghiburan.

^ par. 1 KATRANGAN: Wong sing ngrasa kuwatir utawa strès kuwi biasané merga lagi ngadhepi masalah ékonomi, masalah keséhatan, masalah keluarga, utawa masalah liyané. Awaké dhéwé mungkin ya ngrasa kuwatir merga kesalahan sing tau awaké dhéwé tindakké utawa merga masalah sing mungkin bakal diadhepi.