Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 11

Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?

Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?

”Baptisan . . . nylametké kowé.”​—1 PTR. 3:21.

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing kudu ditindakké dhisik karo wong sing arep mbangun omah?

BAYANGNA wong sing arep mbangun omah. Senajan wis ngerti arep mbangun omah sing kaya apa, dhèwèké ora mungkin langsung tuku bahan bangunané lan mulai mbangun, ta? Sakdurungé nindakké kuwi, dhèwèké kudu ngétung dhisik kabèh biayané. Dhèwèké kudu mastèkké apa dhuwité cukup utawa ora. Nèk wong kuwi wis ngétung dhisik kabèh biayané, dhèwèké isa mbangun omah kuwi nganti rampung.

2. Nurut Lukas 14:27-30, apa sing kudu dipikirké karo wong sing arep nggawé keputusan kanggo dibaptis?

2 Merga sayang karo Yéhuwah lan nganggep nèk hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah kuwi penting, awaké dhéwé isa waé dadi kepéngin dibaptis. Kaya sing dicathet ing Lukas 14:27-30, wong sing kepéngin dadi muridé Yésus kuwi isa dipadhakké kaya wong sing arep mbangun omah. (Wacanen.) Yésus kandha nèk wong-wong sing dadi muridé bakal ngadhepi akèh tantangan lan kudu gelem nggawé pengorbanan. (Luk. 9:23-26; 12:51-53) Mula, wong sing arep nggawé keputusan kanggo dibaptis kudu mikirké tenanan apa sing bakal dialami nèk dadi muridé Yésus. Nèk nindakké kuwi, dhèwèké isa luwih siap kanggo ngadhepi tantangan sing bakal dialami sakwisé dibaptis.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Senajan bakal ngadhepi akèh tantangan lan kudu gelem nggawé pengorbanan, wong-wong sing dibaptis bakal nampa akèh berkah. Saiki, ayo dirembug pitakonan-pitakonan sing penting soal baptisan. Kuwi bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa ngerti apa awaké dhéwé wis siap kanggo dibaptis utawa durung.

SING PERLU DINGERTÈNI SOAL JANJI NGABDI LAN DIBAPTIS

4. (a) Janji ngabdi kuwi apa? (b) Matius 16:24 nyebutké soal ”nolak pepénginané dhéwé”. Kuwi maksudé apa?

4 Janji ngabdi kuwi apa? Sakdurungé dibaptis, awaké dhéwé kudu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi artiné awaké dhéwé ndonga lan janji nèk bakal ngabdi marang Yéhuwah nganti saklawasé. Nèk ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ”nolak pepénginané dhéwé”. (Wacanen Matius 16:24.) Kuwi maksudé awaké dhéwé bakal ngutamakké kepénginané Yéhuwah, dudu kepénginané awaké dhéwé. Ngabdi marang Yéhuwah kuwi kehormatan sing gedhé merga awaké dhéwé isa dadi duwèké Yéhuwah. (Rm. 14:8) Sakliyané kuwi, janji ngabdi kuwi keputusan sing serius. Pancèn, Yéhuwah ora meksa awaké dhéwé kanggo nindakké kuwi. Ning, nèk awaké dhéwé wis nggawé janji ngabdi, janji kuwi kudu ditepati.​—Ms. 116:12, 14.

5. Apa bédané janji ngabdi karo dibaptis?

5 Apa bédané janji ngabdi karo dibaptis? Janji ngabdi kuwi mung antarané awaké dhéwé karo Yéhuwah lan ora ana wong liya sing ngerti. Ning, nèk dibaptis, awaké dhéwé didelok akèh wong merga kuwi biasané ditindakké ing kebaktian. Wektu dibaptis, awaké dhéwé nduduhké karo wong liya nèk awaké dhéwé wis nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah. * Wong-wong dadi ngerti nèk awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah lan bakal ngabdi marang Dhèwèké nganti saklawasé.​—Mrk. 12:30.

6-7. Nurut 1 Pétrus 3:18-22, apa sebabé dibaptis kuwi penting?

6 Apa sebabé awaké dhéwé kudu dibaptis? Gatèkna kandhané Rasul Pétrus sing dicathet ing 1 Pétrus 3:18-22. (Wacanen.) Kaya bahtera sing dadi bukti imané Nuh, baptisan ya dadi bukti nèk awaké dhéwé wis nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah. Apa sebabé dibaptis kuwi penting? Pertama, kaya sing disebutké Rasul Pétrus, baptisan isa ”nylametké” awaké dhéwé. Ning, bèn isa dislametké, awaké dhéwé kudu nduwé iman marang Yésus sing wis ngorbanké uripé lan percaya nèk Yésus saiki wis ana ”ing sisih tengené Gusti Allah”. Terus, imané awaké dhéwé kuwi ya kudu diduduhké liwat tumindak.

7 Keloro, nèk dibaptis awaké dhéwé isa nduwé ”hati nurani sing apik”. Kok isa? Sakwisé awaké dhéwé dibaptis, Yéhuwah gelem ngapurani dosa-dosané awaké dhéwé merga awaké dhéwé wis mertobat lan nduduhké iman marang korban tebusan. Hasilé, awaké dhéwé nduwé hati nurani sing apik lan nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.

8. Apa alesan utamané awaké dhéwé gelem dibaptis?

8 Apa alesané awaké dhéwé gelem dibaptis? Sakwisé sinau Alkitab, awaké dhéwé dadi ngerti sipat-sipat lan cara mikiré Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé dadi sayang karo Yéhuwah. Merga sayang karo Yéhuwah, akhiré awaké dhéwé gelem nggawé keputusan kanggo dibaptis. Kuwi sing kuduné dadi alesan utamané awaké dhéwé gelem dibaptis.

9. Matius 28:19, 20 kandha nèk awaké dhéwé kudu dibaptis nganggo jenengé Bapak lan Putra lan roh suci. Apa artiné?

9 Awaké dhéwé ya gelem dibaptis merga nduwé iman karo apa sing wis disinaoni saka Alkitab. Yésus tau ngekèki préntah kanggo ndadèkké murid. (Wacanen Matius 28:19, 20.) Nurut Yésus, wong-wong sing péngin dadi muridé kudu dibaptis ”nganggo asmané Bapak lan Putra lan roh suci”. Kuwi artiné awaké dhéwé kudu bener-bener percaya karo wulangané Alkitab soal Yéhuwah, Yésus, lan roh suci. Wulangané Alkitab kuwi kuwasané gedhé banget lan isa nggawé awaké dhéwé dadi kepéngin ngabdi marang Yéhuwah. (Ibr. 4:12) Saiki, ayo diéling-éling manèh wulangané Alkitab soal Yéhuwah, Yésus, lan roh suci.

10-11. Apa waé wulangané Alkitab soal Gusti Allah?

10 Apa waé wulangané Alkitab soal Gusti Allah? Alkitab kandha nèk jenengé Gusti Allah kuwi ”Yéhuwah” lan Dhèwèké kuwi ”ingkang Mahaluhur tuwin misésani ing salumahing bumi”. (Ms. 83:19) Mung Yéhuwah ”siji-sijiné Allah sing bener”. (Yé. 37:16, Terjemahan Dunia Baru) Yéhuwah kuwi Pencipta, lan Alkitab kandha nèk ”pitulungan [utawa, keslametan] punika dhatengipun saking Sang Yéhuwah”. (Ms. 3:9; 36:10) Yéhuwah wis nyedhiakké tebusan kanggo mbébaské awaké dhéwé saka dosa lan ngekèki harapan kanggo urip saklawasé. (Yoh. 17:3) Sakwisé nggawé janji ngabdi lan dibaptis, awaké dhéwé dadi Seksi Yéhuwah. (Yé. 43:10-12) Kuwi artiné awaké dhéwé dadi bagéan saka umaté Yéhuwah sing seneng ngandhani wong liya soal Yéhuwah.​—Ms. 86:12.

11 Awaké dhéwé mesthi seneng isa ngerti wulangané Alkitab soal Yéhuwah. Merga percaya karo wulangané Alkitab soal Yéhuwah, akhiré awaké dhéwé dadi kepéngin nggawé janji ngabdi lan dibaptis.

12-13. Apa waé wulangané Alkitab soal Yésus?

12 Apa waé wulangané Alkitab soal Yésus? Yésus kuwi pribadi sing paling penting ing alam semesta sakwisé Yéhuwah. Dhèwèké gelem ngorbanké uripé bèn isa dadi tebusan kanggo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu nduduhké iman marang korban tebusané Yésus liwat tumindak. Hasilé, awaké dhéwé isa diapurani dosa-dosané, nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah, lan nduwé harapan kanggo urip saklawasé. (Yoh. 3:16) Yésus sing dadi Imam Agung péngin mbantu awaké dhéwé bèn isa ngrasakké manfaat saka tebusan lan nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. (Ibr. 4:15; 7:24, 25) Yésus ya wis dadi Raja ing Kratoné Gusti Allah. Dhèwèké bakal ngluhurké jenengé Yéhuwah, nyingkirké wong-wong sing jahat, lan ndadèkké bumi dadi Firdaus. (Mat. 6:9, 10; Why. 11:15) Yésus nggunakké uripé kanggo nyenengké Yéhuwah. (Yoh. 4:34) Mula, awaké dhéwé mesthi péngin niru contoné Yésus.​—1 Ptr. 2:21.

13 Merga percaya karo wulangané Alkitab soal Yésus, awaké dhéwé dadi sayang karo Yésus lan péngin niru Yésus sing nggunakké uripé kanggo nyenengké Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé mesthi dadi kepéngin nggawé janji ngabdi lan dibaptis.

14-15. Apa waé wulangané Alkitab soal roh suci?

14 Apa waé wulangané Alkitab soal roh suci? Roh suci kuwi dudu makhluk roh, ning tenagané Gusti Allah. Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo nuntun wong-wong sing nulis Alkitab. Roh suci ya mbantu awaké dhéwé bèn isa ngerti lan isa ngetrapké isiné Alkitab. (Yoh. 14:26; 2 Ptr. 1:21) Yéhuwah nggunakké roh suciné bèn awaké dhéwé isa nduwé ”kesanggupan sing nggumunké”. (2 Kor. 4:7) Roh suci mbantu awaké dhéwé bèn isa nginjil, isa nolak godhaan, ora ngrasa cilik ati, lan isa ngadhepi tantangan. Roh suci ya mbantu awaké dhéwé bèn isa nduduhké sipat-sipat sing termasuk ”woh sing dihasilké roh suci”. (Gal. 5:22) Dadi, nèk awaké dhéwé mbutuhké roh suci, awaké dhéwé isa njaluk marang Yéhuwah lan Dhèwèké bakal mènèhi roh suciné.​—Luk. 11:13.

15 Awaké dhéwé mesthi ngrasa dikuwatké merga Yéhuwah ngekèki roh suciné bèn umaté isa tetep setya. Merga percaya karo wulangané Alkitab soal roh suci, akhiré awaké dhéwé dadi kepéngin nggawé janji ngabdi lan dibaptis.

16. Apa waé sing wis awaké dhéwé sinaoni?

16 Dadi, apa waé sing wis awaké dhéwé sinaoni? Nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi keputusan sing serius. Pancèn, awaké dhéwé bakal ngadhepi akèh tantangan lan kudu gelem nggawé pengorbanan. Ning, awaké dhéwé bakal nampa akèh berkah nèk dibaptis. Merga dibaptis, awaké dhéwé isa dislametké lan nduwé hati nurani sing apik. Terus, sing kuduné dadi alesan utamané awaké dhéwé dibaptis kuwi merga awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu percaya karo apa sing wis disinaoni saka Alkitab soal Yéhuwah, Yésus, lan roh suci. Sakwisé ngrembug kuwi kabèh, awaké dhéwé saiki isa ngerti apa awaké dhéwé wis siap kanggo dibaptis utawa durung.

SING KUDU DITINDAKKÉ SAKDURUNGÉ DIBAPTIS

17. Apa waé sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah lan siap dibaptis?

17 Bèn isa siap kanggo dibaptis, awaké dhéwé kudu nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. * Piyé carané? Awaké dhéwé kudu rutin sinau Alkitab bèn isa kenal lan nduwé iman marang Yéhuwah lan Yésus. (Ibr. 11:6) Awaké dhéwé kudu yakin karo janji-janjiné Yéhuwah lan percaya nèk korban tebusané Yésus isa mbébaské awaké dhéwé saka dosa lan kematian. Awaké dhéwé ya kudu mertobat. Kuwi artiné, awaké dhéwé ngrasa bersalah merga dosa-dosané awaké dhéwé lan njaluk ngapura marang Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé kudu mbalik marang Yéhuwah. Kuwi artiné, awaké dhéwé ora gelem nindakké manèh kebiasaan sing èlèk lan ngupaya kanggo nindakké apa sing nyenengké Yéhuwah. (Kis. 3:19) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu wis dadi penginjil sing durung dibaptis bèn isa mèlu martakké kabar apik bareng karo para sedulur ing jemaat. (Mat. 24:14) Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé wis nindakké kuwi kabèh.​—WB. 27:11.

18. Apa manèh sing kudu ditindakké sakdurungé dibaptis?

18 Sakdurungé dibaptis, awaké dhéwé ya kudu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah. Awaké dhéwé ndonga pribadi marang Yéhuwah lan janji nèk bakal nggunakké urip kanggo nindakké kepénginané Yéhuwah. (1 Ptr. 4:2) Terus, awaké dhéwé kudu ngandhani koordinator pinituwa nèk awaké dhéwé péngin dibaptis. Dhèwèké bakal ngatur bèn ana pinituwa-pinituwa sing nemoni awaké dhéwé. Awaké dhéwé ora perlu wedi merga para pinituwa kuwi nggatèkké lan perduli karo awaké dhéwé. Para pinituwa kuwi bakal ngrembug wulangané Alkitab sing wis awaké dhéwé sinaoni merga péngin mastèkké apa awaké dhéwé wis bener-bener paham soal kuwi utawa durung. Para pinituwa kuwi ya péngin mastèkké apa awaké dhéwé ya wis ngerti nèk janji ngabdi lan dibaptis kuwi keputusan sing serius. Nèk wis setuju, para pinituwa kuwi bakal ngandhani nèk awaké dhéwé isa dibaptis ing kebaktian.

SING KUDU DITINDAKKÉ SAKWISÉ DIBAPTIS

19-20. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké sakwisé dibaptis, lan piyé carané?

19 Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké sakwisé dibaptis? * Nèk awaké dhéwé wis nggawé janji ngabdi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nepati janji kuwi. Dadi, sakwisé dibaptis, awaké dhéwé bakal ngupaya kanggo terus ngutamakké kepénginané Yéhuwah. Piyé carané?

20 Merga wis dibaptis, awaké dhéwé dadi bagéan saka jemaat Kristen. Mula, awaké dhéwé kudu terus cedhak karo ”kabèh sedulur seiman”. (1 Ptr. 2:17) Para sedulur ing jemaat kuwi kaya keluargané awaké dhéwé. Dadi, nèk awaké dhéwé rutin teka berhimpun, awaké dhéwé isa saya akrab karo para sedulur kuwi. Terus, awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina. (Ms. 1:1, 2) Sakwisé maca Alkitab, awaké dhéwé ya kudu ngrenungké ayat-ayat sing wis diwaca. Hasilé, tékadé awaké dhéwé kanggo tetep setya bakal saya kuwat. Sakliyané kuwi, Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ’terus ndonga’. (Mat. 26:41) Nèk ndonga, awaké dhéwé isa saya cedhak karo Yéhuwah. Alkitab ya kandha, ”Terus utamakna dhisik Kratoné Allah.” (Mat. 6:33) Awaké dhéwé isa terus ngutamakké dhisik Kratoné Allah nèk sregep nginjil. Hasilé, imané awaké dhéwé isa saya kuwat lan awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn nduwé harapan kanggo urip saklawasé.​—1 Tim. 4:16.

21. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé dibaptis?

21 Ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis kuwi keputusan sing penting banget. Pancèn, awaké dhéwé bakal ngalami tantangan nèk mutuské kanggo dibaptis. Ning, Alkitab kandha nèk tantangan sing awaké dhéwé bakal adhepi kuwi ”mung kanggo sawetara wektu waé lan ora abot”. (2 Kor. 4:17) Malah, nèk dibaptis awaké dhéwé isa bahagia lan bakal éntuk ”urip sing saktenané” ing masa depan. (1 Tim. 6:19) Dadi, nèk awaké dhéwé arep nggawé keputusan kanggo dibaptis, awaké dhéwé kudu ndonga lan mikirké tenanan, ’Apa aku wis siap kanggo dibaptis?’

LAGU 50 Janji Ngabdiku

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan sing penting soal baptisan. Saka artikel iki, wong-wong sing arep nggawé keputusan kanggo dibaptis isa ngerti nèk dhèwèké wis siap kanggo dibaptis utawa durung.

^ par. 19 Nèk sinau Alkitabé nganggo buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan lan Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah durung rampung, sinau Alkitabé karo Seksi Yéhuwah kudu tetep diteruské nganti rong buku kuwi rampung.