Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

”Iki Aku, Utusen Aku”

”Iki Aku, Utusen Aku”

APA njenengan kepéngin pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil? Nèk iya, njenengan isa nggatèkké pengalamané Sedulur Jack lan Marie-Line Bergame.

Sedulur Jack lan Marie-Line Bergame wis nglayani sepenuh-waktu kèt taun 1988. Senajan dhaérah tugasé pindhah-pindhah, ning wong loro kuwi isa nggawé penyesuaian. Mula, Sedulur Jack lan bojoné isa nampa akèh tugas ing dhaérah Guadeloupe lan Guyana Prancis, sing saiki diawasi karo kantor cabang Prancis. Ayo nggatèkké wawancara iki.

Apa sebabé njenengan péngin dadi pelayan sepenuh-waktu?

Marie-Line: Kèt cilik aku manggon ing Guadeloupe. Ibuku semangat banget wektu nginjil lan aku kerep mèlu dhèwèké. Aku seneng mbantu wong-wong sinau soal Yéhuwah. Mula, sakwisé lulus sekolah ing taun 1985, aku mulai merintis.

Jack: Pas aku isih remaja, aku kerep bergaul karo para perintis sing semangat. Biasané, aku ya merintis èkstra wektu liburan sekolah. Pas akhir pekan, kadhang kala aku, ibuku, lan sedulur liyané numpak bis menyang dhaérah nginjilé salah siji perintis. Sakwisé nginjil nganti soré, aku lan para sedulur dolan ing pantai. Kuwi nyenengké banget.

Ora suwé sakwisé nikah karo Marie-Line ing taun 1988, aku mikir, ’Aku karo bojoku kan ora nduwé tanggungan, kuduné aku ya isa merintis.’ Akhiré, aku ya merintis kaya bojoku. Sakwisé setaun, aku diundang kanggo mèlu sekolah perintis. Bar kuwi, aku lan bojoku ditugaské dadi perintis istiméwa. Sakwisé nglayani ing dhaérah sing béda-béda ing Guadeloupe, aku ditugaské menyang Guyana Prancis.

Njenengan kan wis ditugaské ing dhaérah sing béda-béda. Piyé carané njenengan isa nggawé penyesuaian? 

Marie-Line: Para sedulur ing Bètel Guyana Prancis ngerti nèk Yésaya 6:8 kuwi dadi ayat sing tak senengi. Dadi, pas télpon, biasané para sedulur kuwi nakoni aku karo guyon, ”Apa kowé kèlingan ayat favoritmu?” Aku lan bojoku ngerti nèk bakal éntuk tugas anyar. Terus, aku lan bojoku bakal kandha, ”Iki aku, utusen aku.”

Bèn isa terus ngrasa seneng karo tugas sing anyar, aku lan Jack ora mbandhing-mbandhingké tugas sing saiki karo tugas sing sakdurungé. Aku lan Jack ya ngupaya bèn isa cedhak karo para sedulur ing jemaat.

Jack: Mbiyèn, sedulur-sedulur sing péngin tetep cedhak karo aku kandha nèk aku ora perlu pindhah. Ning, wektu aku karo bojoku pindhah saka Guadeloupe, ana sedulur sing ngélingké soal omongané Yésus sing dicathet ing Matius 13:38. Ayat kuwi kandha, ”Ladhang kuwi donya.” Dadi, wektu aku nampa tugas sing anyar, aku éling nèk ing ngendi waé dhaérahé sakjané kuwi ora masalah. Sing penting ana wong-wong sing isa ditemoni lan ana dhaérah sing isa dikerjakké.

Wektu teka ing dhaérah tugasku sing anyar, aku ngupaya kanggo nduwé pikiran sing positif. Misalé, wong-wong ing kana panganané pancèn béda. Ning, nyatané wong-wong kuwi tetep séhat. Mula, aku ya ora pilih-pilih panganan. Senajan ngono, aku ya tetep ngupaya kanggo njaga kebersihan bèn isa tetep séhat.

Marie-Line: Aku ya sinau akèh saka para sedulur. Misalé, aku kèlingan salah siji pengalamanku ora suwé sakwisé tekan ing Guyana Prancis. Wektu kuwi, aku arep nginjil karo para sedulur ning udané deres banget. Tak kira, aku lan para sedulur bakal nginjil sakwisé udané mandheg. Terus, ana sedulur wédok sing kandha, ”Ayo mangkat.” Aku bingung wektu ngrungokké omongané sedulur kuwi. Terus, sedulur kuwi kandha, ”Jupuken payungmu. Awaké dhéwé bakal numpak sepédha karo nyekeli payung.” Kuwi pertama kaliné aku nginjil nganggo cara kaya ngono. Nèk aku ora gelem nindakké kuwi, aku ya ora bakal isa nginjil pas musim udan.

Njenengan kan wis pindhah nganti kira-kira ping 15. Apa njenengan nduwé saran kanggo para sedulur sing péngin pindhah ing dhaérah liya?

Marie-Line: Pancèn, pindhah-pindhah kuwi ora gampang. Ning, sing paling penting kuwi awaké dhéwé nduwé panggonan sing nyaman kanggo istirahat sakwisé nginjil.

Jack: Biasané, omahé sing anyar tak cèt sakwisé pindhahan. Ning, kadhang kala sedulur-sedulur ing kantor cabang ngomong, ”Omahé ora usah dicèt, Jack.” Sedulur-sedulur kuwi ngomong kaya ngono merga ngerti nèk aku ora bakal suwé manggon ing omah kuwi.

Bojoku pinter banget ngepaki barang. Barang-barangé dilebokké ing kardus, terus kardusé ditulisi ”kamar mandi”, ”kamar tidur”, ”dapur”, lan liya-liyané. Dadi, pas tekan omah sing anyar, barang-barangé isa langsung tak tata. Saben kardus ya ditulisi isiné apa waé. Dadi, barang sing tak butuhké isa gampang tak temokké.

Marie-Line: Merga wis biasa teratur, wektuku ora entèk kanggo nata barang. Dadi, aku lan bojoku isa langsung nindakké pelayananku.

Piyé carané njenengan isa ngatur wektu bèn isa ’nindakké tugas pelayanan kanthi tenanan’?​—2 Tim. 4:5.

Marie-Line: Nèk dina Senèn, biasané tak gunakké kanggo istirahat lan persiapan perhimpunan. Terus, dina-dina liyané tak gunakké kanggo nginjil.

Jack: Pancèn, aku kudu nutup jam dinas. Ning, fokusku ora mung kuwi. Kanggoku, gawéan nginjil kuwi sing paling penting. Dadi, sakwisé metu saka omah, aku ngupaya kanggo nginjil marang kabèh wong sing tak temoni.

Marie-Line: Kadhang kala, ana wong sing nekani aku lan njaluk wacan. Padahal, aku durung ngomong nèk aku Seksi Yéhuwah. Mula, aku tetep nggawa selebaran senajan lagi liburan. Tumindak lan dandananku ya kudu tak jaga merga isa waé kuwi digatèkké karo wong-wong.

Jack: Aku ngresiki sampah sing ana ing sekitar omahku. Aku ya nyaponi godhong-godhong sing tiba ing ngarep omahku. Kuwi digatèkké karo tangga-tanggaku. Hasilé, ana tangga-tanggaku sing njaluk Alkitab karo aku.

Njenengan kerep nginjil ing dhaérah plosok, ta? Apa ana pengalaman sing menarik sing arep njenengan critakké?

Jack: Ana dhaérah-dhaérah ing Guyana sing angèl ditekani. Biasané, saksuwéné seminggu aku kudu numpak mobil nganti 600 kilomèter ngliwati dalan sing rusak. Misalé, ing hutan Amazon ana désa sing jenengé St. Élie. Bèn isa tekan kana, aku kudu numpak mobil lan prau motor nganti pirang-pirang jam. Wong-wong ing kono akèh sing kerja ing tambang emas. Kadhang kala, wong-wong kuwi ana sing ngekèki emas merga seneng wektu nampa wacan. Pas aku nyetèlké salah siji vidéo saka organisasi, wong-wong ing kono ya padha teka kanggo ndelok.

Marie-Line: Durung suwé iki, Jack dijaluki tulung kanggo nyampèkké kotbah ing acara Pèngetan sing dianakké ing désa Camopi. Jack lan aku kudu numpak prau motor nganti patang jam ngliwati Sungai Oyapock. Kuwi bener-bener pengalaman sing nyenengké.

Jack: Pas banyu kaliné surut, sing nyetir prauné kudu ngati-ati merga kuwi berbahaya. Senajan ngono, aku bener-bener seneng isa teka mrana. Ing kana mung ana enem Seksi Yéhuwah. Ning, sing teka pas acara Pèngetan ana kira-kira 50 wong, termasuk wong-wong Indian Amerika.

Marie-Line: Cah-cah enom sing péngin nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah ya isa ngrasakké pengalaman sing nyenengké. Wektu ngadhepi keadaan sing angèl, awaké dhéwé kudu percaya karo Yéhuwah. Hasilé, imané awaké dhéwé bakal dadi saya kuwat. Aku lan Jack kerep ngrasakké bantuané Yéhuwah.

Njenengan kan isa ngomong nganggo basa-basa liya. Apa kuwi pancèn bakaté njenengan?

Jack: Ora ngono. Aku sinau basa-basa kuwi bèn isa nginjil. Aku wis tau dikongkon mandhu wulangan Warta Penting ing basa Sranantongo. * Padahal, aku durung tau éntuk tugas maca Alkitab nganggo basa kuwi ing perhimpunan. Sakwisé mandhu, aku takon pendapaté salah siji sedulur. Dhèwèké kandha, ”Ya, ana kata-kata sing kurang dingertèni. Ning, kuwi ya wis apik.” Sing kerep mbantu aku sinau basa kuwi dudu para sedulur sing wis déwasa, ning malah bocah-bocah. Bocah-bocah kuwi sing biasané ngandhani aku nèk aku salah ngomong.

Marie-Line: Ing salah siji dhaérah, wong-wong sing tak bantu sinau Alkitab ana sing nggunakké basa Prancis, Portugis, utawa Sranantongo. Terus, ana sedulur wédok sing ngekèki saran, ”Wong-wong sing mbok bantu sinau Alkitab basané béda-béda, ta? Saka basa-basa kuwi, endi sing kowé durung lancar? Mranaa dhisik. Sakwisé kuwi, maraa ing omahé wong sing basané kowé wis lancar.” Awalé, aku ora ngerti apa sebabé dhèwèké ngomong kaya ngono.

Pas nginjil, aku wis tau mbantu sinau Alkitab karo wong sing nggunakké basa Sranantongo. Bar kuwi, aku mbantu sinau Alkitab karo wong sing nggunakké basa Portugis. Pas aku mulai sinau Alkitab sing keloro, sedulur wédok kuwi kandha, ”Sik-sik, kayané ana sing salah.” Aku lagi sadhar nèk aku lagi ngomong nganggo basa Sranantongo karo wong sing nggunakké basa Portugis. Saiki, aku ngerti apa sebabé sedulur wédok mau mènèhi saran kuwi.

Para sedulur padha sayang karo njenengan. Piyé carané njenengan isa cedhak karo para sedulur kuwi?

Jack: Wulang Bebasan 11:25 kandha, ”Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kalubèran.” Aku lan bojoku seneng mbantu wong liya. Misalé, pas ngrawat Balé Ibadah, ana sedulur-sedulur sing kandha, ”Bèn dikerjakké sedulur liya waé.” Terus, aku njawab, ”Aku kan ya sedulur, ta? Dadi, aku ya péngin mbantu.” Aku ngupaya bèn isa ngutamakké kepentingané para sedulur, ora mung kepentinganku dhéwé.

Marie-Line: Aku lan bojoku nggatèkké nèk ana sedulur-sedulur sing mbutuhké bantuan. Mula, aku ngatur jadwal bèn isa mbantu sedulur-sedulur kuwi. Misalé, aku mbantu momong anaké salah siji sedulur utawa methuk anaké sedulur liya mulih sekolah. Merga aku ngupaya mbantu para sedulur, akhiré aku isa cedhak karo para sedulur kuwi.

Berkah apa waé sing njenengan rasakké merga pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil?

Jack: Aku lan Marie-Line bener-bener bahagia. Aku ya nduwé akèh wektu kanggo ndelok ciptaané Yéhuwah. Senajan ana tantangan, ning aku ora kuwatir. Aku ngerti nèk Yéhuwah bakal terus mbantu aku.

Pas isih enom, aku tau dipenjara ing Guyana Prancis merga imanku. Aku ora nyangka nèk aku bakal mbalik manèh ing Guyana kanggo dadi utusan injil. Aku ya seneng merga isa nginjil ing penjara sing ana ing kono. Yéhuwah bener-bener mberkahi aku.

Marie-Line: Aku seneng merga isa nggunakké uripku kanggo nglayani Yéhuwah lan mbantu wong liya. Aku ngrasa nèk aku karo Jack ya dadi saya akrab merga kerep-kerepé aku nduwé pikiran sing padha karo dhèwèké. Misalé, Jack tau kandha, ”Aku nggatèkké ana suami istri ing jemaat sing butuh dikuwatké. Piyé nèk awaké dhéwé ngundang dhèwèké mangan bareng?” Jebulé, apa sing diomongké Jack kuwi padha karo apa sing lagi tak pikirké.

Jack: Durung suwé iki, dokter kandha nèk aku kena kanker prostat. Kuwi bener-bener nggawé Marie-Line sedhih. Ning, aku kandha karo bojoku, ”Dék, mungkin aku bakal mati sakdurungé aku tuwa. Ning, sak umpama sésuk aku mati, aku ora bakal gela merga wis nggunakké uripku kanggo nglayani Yéhuwah.”​—Pd. 25:8.

Marie-Line: Yéhuwah wis mènèhi aku tugas-tugas sing nyenengké. Aku ora tau mbayangké sakdurungé nèk aku bakal nampa tugas-tugas sing kaya ngono saka Yéhuwah. Uripku bener-bener bahagia. Ing endi waé ditugaské, aku lan Jack bakal mrana merga yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu aku lan bojoku.

^ par. 32 Basa Sranantongo kuwi basa campuran saka basa Inggris, Belanda, Portugis, lan Afrika. Basa Sranantongo kuwi pertama kali digunakké karo budhak-budhak ing jaman mbiyèn.