Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 16

Ngrungokké Tenanan, Luwih Kenal, lan Nduduhké Rasa Mesakké

Ngrungokké Tenanan, Luwih Kenal, lan Nduduhké Rasa Mesakké

”Aja ngadili wong manèh mung saka njabané waé, nanging kowé kudu ngadili kanthi adil.”​—YOH. 7:24.

LAGU 101 Rukun Anggoné Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Saka Alkitab, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni soal Yéhuwah?

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi ora seneng nèk wong liya nggawé kesimpulan sing klèru soal awaké dhéwé mung merga ndelok werna kulit, awak, utawa wajahé awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah ora ndelok awaké dhéwé mung saka njabané thok. Misalé, wektu kuwi Yéhuwah ngandhani Samuèl nèk salah siji anaké Isai bakal dadi raja Israèl. Pas Samuèl ndelok penampilané anak mbarepé Isai, yaiku Èliab, Samuèl nganggep nèk Èliab kuwi sing bakal dipilih kanggo dadi raja. Samuèl kandha, ”Lah wong kang bakal jinebadan [utawa, dipilih kanggo dadi raja] saiki ngadeg ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.” Ning, Yéhuwah nduwé pandhangan sing béda. Yéhuwah kandha marang Samuèl, ”Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedegé, amarga iku wis Suntampik. . . . Manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yéhuwah mirsani isining atiné.”​—1 Sa. 16:1, 6, 7.

2. Kaya sing disebutké ing Yohanes 7:24, apa sebabé awaké dhéwé aja langsung nggawé kesimpulan soal wong liya merga mung ndelok saka njabané thok? Wènèhana perumpamaan.

2 Merga ora sampurna, biasané awaké dhéwé ndelok wong liya mung saka njabané thok lan akhiré nggawé kesimpulan sing klèru soal wong kuwi. (Wacanen Yohanes 7:24.) Ning, nèk mung ndelok saka njabané thok, awaké dhéwé ora isa bener-bener kenal karo wong kuwi. Misalé, dokter isa klèru wektu mènèhi perawatan marang pasièné nèk mung ndeloki pasièné thok. Mula, senajan dokter kuwi wis trampil lan nduwé akèh pengalaman, dhèwèké bakal tetep mriksa pasièné, ndelok riwayat keséhatané, lan nakoni apa sing dhèwèké rasakké. Dokter kuwi mungkin ya bakal ngongkon pasièné di-rontgen bèn bener-bener ngerti apa penyakité. Kaya perumpamaan soal dokter kuwi, awaké dhéwé ora péngin ndelok para sedulur ing jemaat mung saka njabané thok. Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa bener-bener kenal karo para sedulur. Pancèn, awaké dhéwé ora isa bener-bener ngerti sakabèhé soal para sedulur merga awaké dhéwé ora isa ngerti isi atiné wong liya. Mula, piyé carané awaké dhéwé isa niru Yéhuwah sing ora ndelok mung saka njabané thok?

3. Conto-conto saka Alkitab sing dirembug ing artikel iki isa mbantu awaké dhéwé kanggo nindakké apa?

3 Apa sing Yéhuwah tindakké wektu arep mbantu umaté? Yéhuwah ngrungokké umaté, ngertèni keadaané umaté, lan nduduhké rasa mesakké marang umaté. Awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Yéhuwah nindakké kuwi kabèh marang Yunus, Élia, Hagar, lan Lot. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa nindakké sing padha marang para sedulur.

NGRUNGOKKÉ TENANAN

4. Apa sebabé awaké dhéwé mungkin nganggep nèk Yunus kuwi wong sing ora isa dipercaya lan ora manut?

4 Merga ora bener-bener ngerti situasi sing lagi diadhepi Yunus, awaké dhéwé mungkin nganggep nèk Yunus kuwi wong sing ora isa dipercaya lan ora manut. Yéhuwah ngutus Yunus kanggo nyampèkké berita penghukuman marang wong-wong Niniwé. Ning, Yunus ora manut lan malah lunga numpak kapal menyang panggonan sing ”adoh saka ing pangayunané Pangéran Yéhuwah”. (Yn. 1:1-3) Nèk awaké dhéwé sing ngongkon Yunus, awaké dhéwé ora bakal gelem ngongkon dhèwèké kanggo nindakké tugas kuwi manèh. Ning, Yéhuwah ora kaya ngono. Yéhuwah tetep mènèhi kesempatan marang Yunus kanggo nindakké tugas kuwi manèh.​—Yn. 3:1, 2.

5. Apa sing isa dingertèni soal Yunus saka dongané sing dicathet ing Yunus 2:1, 2, 9?

5 Yunus kuwi mesthiné kerep ndonga marang Yéhuwah. Pas ing njero wetengé iwak, dhèwèké ya ndonga. (Wacanen Yunus 2:1, 2, 9.) Saka dongané kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yunus kuwi dudu wong sing ora isa dipercaya. Kata-katané Yunus kuwi nduduhké nèk sakjané dhèwèké kuwi wong sing rendah hati, gelem manut, lan ngajèni Yéhuwah. Yéhuwah ora mung ndelok kesalahané Yunus. Yéhuwah ya gelem njawab dongané Yunus lan tetep nugaské dhèwèké kanggo dadi nabi.

Nèk ngrungokké tenanan, awaké dhéwé dadi isa ngerti perasaané para sedulur (Deloken paragraf 6) *

6. Apa waé manfaaté nèk awaké dhéwé ngrungokké tenanan?

6 Bèn isa ngrungokké tenanan, awaké dhéwé perlu rendah hati lan sabar. Apa waé manfaaté nèk ngrungokké tenanan? Pertama, awaké dhéwé ora bakal langsung nggawé kesimpulan sing klèru soal wong liya. Keloro, awaké dhéwé dadi isa ngerti perasaané para sedulur lan apa alesan saka tumindaké para sedulur kuwi. Hasilé, awaké dhéwé isa luwih ngertèni para sedulur. Sing ketelu, sakwisé crita karo wong liya, biasané awaké dhéwé dadi isa ngerti apa sing sakjané lagi awaké dhéwé rasakké. Mula, nèk awaké dhéwé gelem ngrungokké wong liya, mungkin wong kuwi dadi isa ngerti apa sing sakjané lagi dhèwèké rasakké. (WB. 20:5) Salah siji pinituwa ing Asia kandha, ”Aku gela merga tau langsung mènèhi naséhat marang salah siji sedulur wédok bèn koméntaré isa luwih apik. Padahal, aku durung ngerti keadaané sedulur kuwi. Ning, bar kuwi, aku lagi ngerti nèk jebulé dhèwèké wis ngupaya tenanan wektu mènèhi koméntar merga kanggo maca waé dhèwèké wis kangèlan.” Mula, para pinituwa kudu ”ngrungokaké” dhisik, sakdurungé mènèhi naséhat.​—WB. 18:13.

7. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka carané Yéhuwah mbantu Élia?

7 Ana sedulur-sedulur sing ora isa nyritakké perasaané merga latar belakangé, budayané, utawa kepribadiané. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu sedulur-sedulur kuwi? Awaké dhéwé isa niru contoné Yéhuwah. Wektu kuwi, Élia mlayu saka Izebèl lan nganti pirang-pirang dina Élia ora gelem langsung nyritakké perasaané marang Yéhuwah. Ning, Yéhuwah tetep sabar. Wektu Élia nyritakké perasaané, Yéhuwah gelem ngrungokké. Yéhuwah ya nguwatké Élia lan akhiré mènèhi dhèwèké tugas sing penting. (1 Ra. 19:1-18) Sedulur-sedulur ya bakal gelem nyritakké perasaané nèk wis percaya karo awaké dhéwé. Mula, kaya Yéhuwah, awaké dhéwé kudu sabar. Terus, nèk para sedulur kuwi wis gelem nyritakké apa sing dhèwèké rasakké, awaké dhéwé ya kudu gelem ngrungokké tenanan.

LUWIH KENAL KARO PARA SEDULUR

8. Nurut Purwaning Dumadi 16:7-13, apa sing ditindakké Yéhuwah kanggo mbantu Hagar?

8 Sakwisé dadi bojoné Abraham, Hagar hamil. Terus, Hagar ngécé Sara merga Sara ora nduwé anak, padahal Hagar kuwi budhaké Sara. Akibaté, Sara nindhes Hagar lan akhiré Hagar kudu lunga saka omahé Abraham. (Pd. 16:4-6) Mungkin, awaké dhéwé nganggep nèk Hagar pancèn pantes ngalami tumindak sing kaya ngono merga dhèwèké wis ngécé majikané. Ning, Yéhuwah ora mikir kaya ngono. Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo mbantu Hagar bèn isa nduwé pandhangan sing bener. Liwat malaékat kuwi, Yéhuwah ya mberkahi Hagar. Hagar isa ngrasakké nèk Yéhuwah ngertèni keadaané lan perduli karo dhèwèké. Akhiré, Hagar ngluhurké Yéhuwah lan kandha nèk ”Paduka [Yéhuwah] punika . . . kang mirsani” dhèwèké.​—Wacanen Purwaning Dumadi 16:7-13.

9. Apa sebabé Yéhuwah gelem mbantu Hagar?

9 Apa sebabé Yéhuwah gelem mbantu Hagar? Yéhuwah bener-bener ngerti kabèh sing wis dialami Hagar. (WB. 15:3) Hagar kuwi wong Mesir sing manggon ing keluargané wong Ibrani. Dadi, dhèwèké isa waé ngrasa ora nduwé kanca lan kadhang kala kangen karo keluargané sing ana ing Mesir. Bojoné Abraham kuwi ya ora mung Hagar. Wektu kuwi, pancèn ana umaté Yéhuwah sing nduwé bojo luwih saka siji. Ning, kuwi dudu kepénginané Yéhuwah. (Mat. 19:4-6) Merga ora cocog karo kepénginané Yéhuwah, perkawinan sing kaya ngono isa nggawé keluarga dadi ora rukun. Yéhuwah pancèn ora nganggep nèk tumindaké Hagar kuwi bener. Ning, merga ngertèni perasaan lan keadaané Hagar, Yéhuwah gelem mbantu dhèwèké.

Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa luwih kenal karo para sedulur (Deloken paragraf 10-12) *

10. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn isa luwih kenal karo para sedulur?

10 Awaké dhéwé isa niru Yéhuwah nèk ngupaya kanggo ngertèni perasaané para sedulur. Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa luwih kenal karo para sedulur. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké? Awaké dhéwé isa ngejak omong-omongan sakdurungé lan sakwisé perhimpunan, nginjil bareng, lan nèk isa ngejak mangan bareng karo para sedulur. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé isa waé dadi ngerti nèk sedulur wédok sing kétoké ora ramah jebulé isinan, sedulur lanang sing kétoké mata dhuwiten jebulé apikan, utawa keluarga sing tekané kerep telat pas berhimpun jebulé lagi ngadhepi tantangan. (Ay. 6:29) Pancèn, awaké dhéwé ora péngin ”nyampuri urusané wong liya”. (1 Tim. 5:13) Ning, nèk awaké dhéwé ngerti apa sing sakjané lagi dialami para sedulur, awaké dhéwé isa gampang kanggo ngertèni perasaané para sedulur.

11. Apa sebabé para pinituwa kudu ngupaya bèn isa luwih kenal karo para sedulur ing jemaat?

11 Para pinituwa kudu ngupaya bèn isa luwih kenal karo para sedulur ing jemaat. Gatèkna pengalamané pinituwa wilayah sing jenengé Artur. Dhèwèké karo salah siji pinituwa ngunjungi sedulur wédok sing kétoké ora pati akrab karo para sedulur. Artur kandha, ”Aku dadi ngerti nèk jebulé ora suwé sakwisé sedulur kuwi nikah, bojoné mati. Senajan ngadhepi akèh masalah, dhèwèké wis berhasil ndhidhik anaké wédok loro bèn padha ngabdi marang Yéhuwah. Saiki, sedulur wédok kuwi nduwé masalah penglihatan lan ngalami strès. Ning, dhèwèké tetep percaya lan sayang karo Yéhuwah. Sedulur wédok kuwi bener-bener dadi conto sing apik kanggo aku lan sedulur-sedulur liyané.” (Flp. 2:3) Artur bener-bener ngupaya kanggo niru contoné Yéhuwah sing kenal karo domba-dombané lan ngerti masalah apa waé sing lagi diadhepi umaté. (Pa. 3:7) Para pinituwa, njenengan ya isa mbantu para sedulur ing jemaat nèk bener-bener kenal karo para sedulur kuwi.

12. Apa hasilé merga sedulur Yip Yee ngupaya luwih kenal karo salah siji sedulur wédok ing jemaaté?

12 Mungkin, ana sedulur ing jemaat sing kétoké njèngkèlké. Ning, nèk ngupaya luwih kenal karo sedulur kuwi, awaké dhéwé isa luwih ngertèni dhèwèké. Misalé, sedulur wédok ing Asia sing jenengé Yip Yee kandha, ”Ana sedulur wédok ing jemaat sing kétoké ora ngerti sopan santun merga nèk pas ngomong swarané banter banget. Ning, sakwisé nginjil karo dhèwèké, aku dadi ngerti nèk dhèwèké mbiyèn mbantu wong tuwané dodolan iwak ing pasar lan kudu mbengok-mbengok kanggo nawakké dodolané.” Yip Yee ya kandha, ”Saiki aku ngerti nèk aku péngin luwih kenal karo para sedulur, aku kudu ngerti latar belakangé sedulur-sedulur kuwi dhisik.” Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa luwih kenal karo para sedulur. Terus, nèk manut karo pathokané Alkitab sing kandha nèk awaké dhéwé kudu cedhak karo kabèh sedulur, kuwi artiné awaké dhéwé niru Yéhuwah sing sayang karo ”kabèh wong”.​—1 Tim. 2:3, 4; 2 Kor. 6:11-13.

NDUDUHKÉ RASA MESAKKÉ

13. Nurut Purwaning Dumadi 19:15, 16, apa sing ditindakké para malaékat wektu Lot ora cepet-cepet lunga saka Sodom, lan apa sebabé?

13 Pas ana bahaya, Lot ora langsung manut karo préntahé Yéhuwah. Wektu kuwi, ana malaékat loro sing nemoni Lot lan kandha nèk Lot lan keluargané kudu metu saka Sodom. Apa sebabé? Malaékat kuwi kandha, ”Panggonan iki selak arep padha daktumpes.” (Pd. 19:12, 13) Sésuké, Lot lan keluargané malah isih ana ing omah. Mula, malaékat kuwi ngongkon Lot manèh bèn metu saka kutha kuwi. Ning, Lot isih ”mangu-mangu”, utawa ora cepet-cepet lunga saka kono. Awaké dhéwé mungkin nganggep nèk Lot kuwi wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah. Ning, Yéhuwah nduwé pandhangan sing béda lan tetep péngin nylametké Lot. ”Marga saka pangémané Sang Yéhuwah marang dhèwèké”, malaékat kuwi narik tangané Lot lan keluargané kanggo metu saka kutha kuwi.​—Wacanen Purwaning Dumadi 19:15, 16.

14. Apa sebabé Yéhuwah ngrasa mesakké karo Lot?

14 Apa sebabé Yéhuwah ngrasa mesakké karo Lot? Lot mungkin ora cepet-cepet lunga saka omahé merga wedi karo wong-wong sing ana ing njaba kutha. Sakliyané kuwi, Lot kaya-kayané ya ngerti nèk ana raja-raja sing tau kecemplung ing lubang-lubang aspal sing ana ing salah siji lembah ing cedhak kono. (Pd. 14:8-12) Mula, Lot mesthi nguwatirké keslametané anak lan bojoné. Terus, omahé Lot mesthiné ya apik merga dhèwèké sugih. (Pd. 13:5, 6) Pancèn, kuwi kabèh ora isa dadi alesan kanggo Lot bèn ora langsung manut karo préntahé Yéhuwah. Ning, Yéhuwah ora mung ndelok kesalahané Lot lan tetep nganggep dhèwèké ”wong bener”.​—2 Ptr. 2:7, 8.

Nèk ngrungokké ceritané para sedulur, awaké dhéwé isa dadi ngrasa mesakké lan péngin mbantu dhèwèké (Deloken paragraf 15-16) *

15. Apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké ketimbang langsung nggawé kesimpulan sing klèru soal wong liya?

15 Ketimbang langsung nggawé kesimpulan sing klèru soal wong liya, luwih apik nèk awaké dhéwé ngupaya kanggo ngertèni perasaané wong kuwi. Gatèkna pengalamané sedulur wédok ing Eropa sing jenengé Veronica. Dhèwèké kandha, ”Ana sedulur wédok sing kerep mrengut lan kétoké ora gelem akrab karo sedulur-sedulur liya. Kadhang kala, aku nganti wedi nèk arep nyedhaki dhèwèké. Ning, aku mikir, ’Nèk aku dadi dhèwèké, mesthiné aku bakal butuh kanca.’ Mula, aku ngejak dhèwèké omong-omongan lan nakoni piyé kabaré. Hasilé, sedulur kuwi malah gelem nyritakké kabèh sing dhèwèké rasakké. Saiki, aku dadi luwih kenal karo dhèwèké.”

16. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ndonga bèn isa luwih ngertèni para sedulur?

16 Mung Yéhuwah sing isa bener-bener ngerti piyé perasaané umaté. (WB. 15:11) Mula, awaké dhéwé perlu ndonga bèn isa nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah soal para sedulur lan ngerti piyé carané nduduhké rasa mesakké marang para sedulur. Gatèkna apa sing ditindakké sedulur wédok sing jenengé Anzhela wektu ana sedulur wédok ing jemaaté sing angèl dicedhaki. Anzhela kandha, ”Pancèn, luwih gampang nèk arep ngèlèk-ngèlèk lan ngedohi sedulur wédok kuwi. Ning, aku ndonga marang Yéhuwah bèn isa luwih ngertèni dhèwèké.” Apa Yéhuwah njawab dongané Anzhela? Dhèwèké kandha, ”Aku nginjil bareng karo sedulur wédok kuwi, lan bar kuwi aku ngobrol karo dhèwèké nganti pirang-pirang jam. Sakwisé ngrungokké critané, aku dadi mesakké lan péngin mbantu dhèwèké. Saiki, aku ya dadi luwih sayang karo dhèwèké.”

17. Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo nindakké apa?

17 Awaké dhéwé kudu sayang karo kabèh sedulur merga kaya Yunus, Élia, Hagar, lan Lot, sedulur-sedulur kuwi mesthi ya ngalami masalah. Pancèn, ana sedulur-sedulur sing ngalami masalah merga kesalahané dhèwèké. Ning, awaké dhéwé kudu éling nèk kadhang kala awaké dhéwé ya nindakké sing padha. Mula, Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé gelem ngupaya kanggo ngertèni perasaané wong liya. (1 Ptr. 3:8) Nèk manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal tetep rukun karo para sedulur senajan nduwé latar belakang sing béda-béda. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo ngrungokké tenanan, luwih kenal, lan nduduhké rasa mesakké marang para sedulur.

LAGU 87 Pakumpulan Ibadah sing Nguwatké

^ par. 5 Merga ora sampurna, biasané awaké dhéwé langsung nggawé kesimpulan sing klèru soal wong liya. Ning, Yéhuwah ora ngono. Yéhuwah ”mirsani isining atiné” manungsa. (1 Sa. 16:7) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing Yéhuwah tindakké kanggo mbantu Yunus, Élia, Hagar, lan Lot. Contoné Yéhuwah kuwi bakal mbantu awaké dhéwé bèn ora cepet-cepet nggawé kesimpulan sing klèru soal para sedulur ing jemaat.

^ par. 52 GAMBAR: Sedulur lanang sing jèngkèl wektu ana sedulur lanang liyané teka telat ing perhimpunan. Ning, akhiré dhèwèké ngerti nèk sedulur kuwi telat merga mobilé bar ditabrak.

^ par. 54 GAMBAR: Pinituwa sing nggatèkké sedulur wédok sing kétoké ora nduwé kanca ing jemaat. Ning, akhiré pinituwa kuwi ngerti nèk jebulé sedulur wédok kuwi wongé isinan.

^ par. 56 GAMBAR: Pas pertama kali ketemu ing Balé Ibadah, sedulur wédok iki nganggep nèk ana sedulur wédok sing kétoké ora gelem akrab karo sedulur-sedulur liyané. Ning, sakwisé ngobrol karo sedulur wédok kuwi, pandhangané dadi berubah.