Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 14

Serangan saka Sisih Lor

Serangan saka Sisih Lor

”Déné ana bangsa kang nglurugi nagaraku.”​YL. 1:6.

LAGU 95 Pangertèn sing Bener Saya Padhang

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Piyé carané Sedulur Russell lan kanca-kancané sinau Alkitab, lan apa hasilé?

LUWIH saka satus taun kepungkur, Sedulur C. T. Russell lan kanca-kancané padha ngumpul kanggo sinau Alkitab. Wong-wong kuwi péngin ngerti apa sakjané wulangané Alkitab soal Allah Yéhuwah, Yésus Kristus, keadaané wong mati, lan tebusan. Apa sing ditindakké Sedulur Russell lan kanca-kancané? Pertama, ana salah siji wong sing mènèhi pitakonan. Terus, wong-wong kuwi mriksa ayat-ayat Alkitab sing ana hubungané karo topik kuwi. Akhiré, kabèh kesimpulan sing wis digawé saka ayat-ayat kuwi bakal dicathet. Merga bantuané Yéhuwah, wong-wong kuwi isa ngerti wulangan sing bener saka Alkitab lan awaké dhéwé ya isa éntuk manfaat saka wulangan kuwi.

2. Wektu sinau ramalané Alkitab, apa sebabé awaké dhéwé isa nggawé kesimpulan sing klèru?

2 Ning, Sedulur Russell lan kanca-kancané akhiré ngerti nèk topik soal ramalané Alkitab kuwi luwih angèl dingertèni ketimbang ajaran dhasar Alkitab. Apa sebabé? Salah siji alesané merga ramalané Alkitab kuwi isa bener-bener dingertèni wektu ramalané lagi kelakon utawa sakwisé kuwi kelakon. Ning, ana alesan liyané. Wektu ngrembug salah siji ramalan, awaké dhéwé ya kudu nggatèkké kabèh ayat sing dicathet ing kono bèn isa bener-bener ngerti artiné ramalan kuwi. Nèk awaké dhéwé mung nggatèkké salah siji ayat thok, awaké dhéwé isa nggawé kesimpulan sing klèru. Wektu ngrembug ramalan sing dicathet ing buku Yoèl pasal 1 lan 2, awaké dhéwé kurang tliti wektu nggatèkké ayat-ayat sing dicathet ing kono. Mula, kaya-kayané awaké dhéwé wis nggawé kesimpulan sing klèru lan katrangan soal ramalan kuwi perlu diganti. Ayo dirembug apa waé alesané.

3-4. Nganti saiki, apa sing awaké dhéwé ngertèni soal ramalan sing dicathet ing Yoèl 2:7-9?

3 Wacanen Yoèl 2:7-9. Yoèl ngramalké nèk ana éwonan walang sing bakal ngrusak tanahé wong Israèl. Walang-walang sing untuné kaya untu singa kuwi bakal mangan kabèh tanduran sing ana ing kono. (Yl. 1:4, 6) Nganti pirang-pirang taun, awaké dhéwé nganggep nèk ramalan kuwi nggambarké umaté Yéhuwah sing semangat nginjil kaya éwonan walang sing ora isa diendhegké. Awaké dhéwé ya nganggep nèk gawéan nginjil kuwi ngrusak ’nagara’, sing maksudé yaiku nyebabké kesusahan marang wong-wong sing wis dipengaruhi karo para pemimpin agama. *

4 Nèk awaké dhéwé mung nggatèkké Yoèl 2:7-9, kaya-kayané katrangan sing njelaské soal ramalan kuwi wis bener. Ning, nèk awaké dhéwé nggatèkké kabèh ayat ing Yoèl pasal 1 lan 2, awaké dhéwé dadi ngerti nèk katrangan kuwi perlu diganti. Saiki, ayo dirembug patang alesan kenapa katrangan kuwi perlu diganti.

PATANG ALESAN KENAPA KATRANGAN KUWI KUDU DIGANTI

5-6. Apa sing perlu awaké dhéwé pikirké wektu maca (a) Yoèl 2:20? (b) Yoèl 2:25?

5 Pertama, soal éwonan walang-walang kuwi Yéhuwah janji, ”Kang teka saka ing lor [yaiku, walang-walang kuwi] bakal Sunedohaké saka ing sira.” (Yl. 2:20) Nèk walang-walang kuwi nggambarké Seksi-Seksi Yéhuwah sing manut karo préntahé Yésus kanggo nginjil lan ndadèkké murid, kenapa kok Yéhuwah malah arep nyingkirké wong-wong kuwi? (Yk. 33:7-9; Mat. 28:19, 20) Mesthiné, sing bakal disingkirké karo Yéhuwah kuwi ya kabèh sing nyilakani umaté, dudu wong-wong sing manut karo préntahé.

6 Keloro, ing Yoèl 2:25, Yéhuwah kandha, ”Ingsun bakal paring marang sira pulihé [”mènèhi ganti rugi”, Terjemahan Dunia Baru] taun-taun kang pametuné entèk kamangsa déning walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhé kang Sunutus menyang ing tengahira.” Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ”mènèhi ganti rugi” kanggo kabèh sing wis dirusak karo walang-walang kuwi. Nèk walang-walang kuwi nggambarké Seksi-Seksi Yéhuwah, kuwi artiné apa sing diwartakké karo umaté Yéhuwah isa nyebabké kesusahan. Padahal, wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik sing diwartakké karo umaté Yéhuwah isa mertobat lan dislametké. (Yk. 33:8, 19) Kuwi bener-bener berkah kanggo wong-wong kuwi.

7. Apa sing perlu awaké dhéwé pikirké wektu maca kata ”sawusé mangkono” ing Yoèl 2:28, 29?

7 Wacanen Yoèl 2:28, 29. Sing ketelu, awaké dhéwé isa nggatèkké urutan peristiwa sing disebutké ing ramalan kuwi. Yéhuwah kandha, ”Sawusé mangkono bakal kelakon, Ingsun bakal ngesokaké RohingSun.” Kuwi artiné, Yéhuwah bakal mènèhi roh suciné sakwisé walang-walang kuwi nindakké tugasé. Nèk walang-walang kuwi nggambarké Seksi-Seksi Yéhuwah, kenapa kok Yéhuwah mènèhi roh suciné malah sakwisé gawéan nginjil rampung? Padahal, umaté Yéhuwah wis ngalami akèh tantangan lan aniaya. Nèk Yéhuwah ora mènèhi roh suciné, umaté Yéhuwah ora bakal isa nindakké gawéan nginjil nganti saiki.

Sedulur J. F. Rutherford lan sedulur liyané sing diurapi roh suci lagi nyampèkké berita sing isiné ngandhani nèk Gusti Allah bakal ngukum ndonya sing jahat iki (Deloken artikel pelajaran 14, paragraf 8)

8. Walang-walang sing disebutké ing Wahyu 9:1-11 nggambarké sapa? (Deloken gambar ing halaman siji.)

8 Wacanen Wahyu 9:1-11. Saiki gatèkna alesan sing kepapat. Mbiyèn, awaké dhéwé nganggep nèk serangan saka walang-walang kuwi nggambarké gawéan nginjil merga apa sing disebutké karo Nabi Yoèl kuwi mèh padha karo ramalan sing ana ing buku Wahyu. Ramalan ing buku Wahyu nyritakké nèk wajahé walang-walang kuwi padha kaya wajahé manungsa lan ing endhasé ”ana kaya mahkota emas”. (Why. 9:7) Walang-walang kuwi nyiksa ”wong-wong [yaiku, mungsuhé Gusti Allah] sing ing bathuké ora ana meterainé Gusti Allah” nganti limang sasi, padha kaya umuré walang sing biasané mung urip nganti limang sasi. (Why. 9:4, 5) Pancèn, katrangan kuwi cocog kanggo nggambarké umaté Yéhuwah sing diurapi roh suci. Wong-wong kuwi nyampèkké berita sing isiné ngandhani nèk Gusti Allah bakal ngukum ndonya sing jahat iki. Akibaté, wong-wong sing ndhukung ndonya iki ngrasa ora seneng.

9. Apa bédané antarané walang-walang sing disebutké Yoèl karo walang-walang sing disebutké Yohanes?

9 Senajan kétoké mèh padha, ning ramalan sing dicathet ing buku Wahyu lan buku Yoèl kuwi sakjané béda. Misalé, Nabi Yoèl nyebutké nèk walang-walang kuwi bakal ngrusak kabèh tanduran. (Yl. 1:4, 6, 7) Ning, Rasul Yohanes nyebutké nèk walang-walang kuwi ora ”olèh ngrusak suket-suket, tanduran, utawa wit-witan apa waé ing bumi”. (Why. 9:4) Terus, Yoèl ndelok nèk walang-walang kuwi teka saka sisih lor. (Yl. 2:20) Ning, Yohanes ndelok nèk walang-walang kuwi tekané saka jurang sing jero banget. (Why. 9:2, 3) Sakliyané kuwi, Yoèl kandha nèk walang-walang kuwi bakal disingkirké. Ning, walang-walang sing disebutké ing buku Wahyu, ora disingkirké lan malah bakal ngrampungké tugasé. Ora ana katrangan saka Alkitab sing nduduhké nèk Yéhuwah ora seneng karo apa sing ditindakké walang-walang kuwi.​—Deloken kothak ” Ramalan soal Walang-Walang—Mèh Padha Ning Béda.”

10. Apa conto liyané sing nduduhké nèk kadhang kala Alkitab nggunakké lambang sing padha ning artiné béda?

10 Ana katrangan-katrangan sing béda ing ramalané Yoèl lan ing ramalané Yohanes. Kuwi nduduhké nèk ramalan-ramalan kuwi ora ana hubungané. Dadi, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk walang-walang sing disebutké ing buku Yoèl kuwi béda karo walang-walang sing disebutké ing buku Wahyu. Pancèn, kadhang kala Alkitab nggunakké lambang-lambang sing padha ning sakjané artiné béda. Misalé, ing Wahyu 5:5, Yésus disebut ”Singa saka suku Yéhuda”. Ning, Sétan ya digambarké kaya ”singa sing nggero-nggero” ing 1 Pétrus 5:8. Dadi, saka patang alesan sing wis dirembug mau awaké dhéwé isa ngerti nèk katrangan soal ramalan ing buku Yoèl kuwi perlu diganti. Terus, apa artiné ramalan kuwi?

APA ARTINÉ?

11. Wektu maca Yoèl 1:6 lan 2:1, 8, 11, apa sing isa awaké dhéwé ngertèni soal walang-walang kuwi?

11 Nèk awaké dhéwé nggatèkké ayat-ayat liyané ing buku Yoèl pasal 1 lan 2, awaké dhéwé isa ngerti nèk ramalan kuwi lagi nyritakké soal serangan militèr. (Yl. 1:6; 2:1, 8, 11) Yéhuwah kandha nèk Dhèwèké bakal nggunakké ’wadya bala kang gedhé’, yaiku tentara Babilon, kanggo ngukum wong-wong Israèl sing ora manut. (Yl. 2:25) Merga tentara Babilon nyerang Israèl saka sisih lor, mula tentara-tentara kuwi disebut ”kang teka saka ing lor”. (Yl. 2:20) Tentara-tentara kuwi dipadhakké kaya éwonan walang sing arep nyerang. Terus, Yoèl kandha, ”Siji-sijiné [tentara] ngambah ing dalané dhéwé, . . . Banjur nyerbu menyang ing jero kutha, ngunggahi baluwarti, padha mènèk lumebu ing omah-omah, lumebuné metu ing cendhéla kaya maling.” (Yl. 2:8, 9) Coba bayangna keadaané wektu tentara Babilon nyerang wong-wong Israèl. Ora ana sing isa slamet saka tentara Babilon sing jumlahé akèh banget kuwi.

12. Piyé ramalané Yoèl soal walang-walang kuwi kelakon?

12 Wong-wong Babilon utawa wong-wong Khaldéa sing nyerang kutha Yérusalèm ing taun 607 SM kuwi digambarké kaya éwonan walang. Alkitab kandha, ”Ratuné wong Kasdim [Khaldéa] . . . dhawuh matèni para jakané kalawan pedhang . . . ora ngatingalaké pangémané marang jaka utawa prawan, wong tuwa utawa wong uwanen — kabèh padha kaulungaké déning Pangéran Yéhuwah marang ing astané. Padalemaning Allah diobong, témboké Yérusalèm dirubuhaké lan sakèhé puri ing kutha padha diobongi kalawan geni, satemah padha sirna sakèhé prabot kang éndah-éndah.” (2 Bb. 36:17, 19) Sakwisé wong-wong Babilon ngancurké Yérusalèm, wong-wong bakal kandha soal kutha kuwi, ”Tanah iki bakal dadi ara-ara samun sing suwung, merga ora dienggoni déning manungsa lan kéwan; lan tanah iki bakal kaulungaké marang wong Babil.”​—Ym. 32:43, Basa Jawi Padintenan (BJP).

13. Apa artiné ramalan sing dicathet ing Yérémia 16:16, 18?

13 Kira-kira 200 taun sakwisé Yoèl nyampèkké ramalané, Yéhuwah nggunakké Yérémia kanggo mènèhi ramalan liya soal serangan militèr kuwi. Nurut ramalan kuwi, kabèh wong Israèl sing ora gelem manut karo Yéhuwah bakal ditawan karo tentara Babilon. Yéhuwah kandha, ”Aku bakal nekakaké wong golèk iwak sing bakal njaring umat-Ku. Aku iya bakal nekakaké juru mbebedhag akèh bèn mburu lan matèni wong-wong sing padha manggon ana ing pegunungan, ing punthuk lan ing guwa-guwa sing ana ing selaning karang-karang. Dosa lan durakané umat-Ku bakal Dakwales tikel-matikel.” Kuwi artiné, wong-wong Israèl sing ora mertobat ora bakal isa slamet saka hukumané Yéhuwah sing ditindakké liwat wong-wong Babilon.​—Ym. 16:16, 18, BJP.

PEMULIHAN

14. Kapan ramalan sing dicathet ing Yoèl 2:28, 29 kelakon?

14 Yoèl ora mung nyebutké soal berita penghukuman, ning ya nyampèkké kabar apik. Yoèl kandha nèk tanahé wong-wong Israèl bakal dadi subur manèh. (Yl. 2:23-26) Terus, ing masa depan, ana luwih akèh wulangan sing bener sing bakal ditampa karo akèh wong. Yéhuwah kandha, ”Ingsun bakal ngesokaké RohingSun marang manungsa kabèh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; . . . Dalah para baturira tukon lanang lan wadon, bakal padha Sunesoki RohingSun.” (Yl. 2:28, 29) Ayat kuwi ora langsung kelakon sakwisé wong-wong Israèl dibébaské saka Babilon. Ning, ayat kuwi kelakon kira-kira 600 taun sakwisé kuwi, yaiku pas dina Péntakosta taun 33 M. Apa buktiné?

15. Nurut Kisah Para Rasul 2:16, 17, Rasul Pétrus nggunakké kata-kata apa wektu ngutip Yoèl 2:28, lan kuwi mbuktèkké apa?

15 Kira-kira pas jam 9 ésuk ing dina Péntakosta, Yéhuwah mènèhi roh suciné lan wong-wong sing diurapi roh suci kuwi mulai nyritakké ”perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Gusti Allah”. (Kis. 2:11) Merga éntuk ilham, Rasul Pétrus isa njelaské nèk apa sing kelakon kuwi nggenepi ramalan sing ana ing Yoèl 2:28, 29. Ning, Rasul Pétrus nggunakké kata-kata sing rada béda wektu ngutip ramalané Nabi Yoèl. Apa njenengan ngerti bédané? (Wacanen Kisah Para Rasul 2:16, 17.) Wektu ngutip ramalané Yoèl kuwi, Rasul Pétrus ora nggunakké kata ”sawusé mangkono” lan malah nggunakké kata ”ing dina-dina pungkasan”. Rasul Pétrus nggunakké kata-kata kuwi merga Yéhuwah mènèhi roh suciné ”marang sakabèhé wong” ora suwé sakdurungé kutha Yérusalèm lan baité dihancurké. Iki dadi bukti nèk ramalané Yoèl ora langsung kelakon sakwisé ramalan kuwi disampèkké.

16. Apa hasilé merga Yéhuwah mènèhi roh suciné marang wong-wong Kristen ing jamané para rasul lan ing jaman saiki?

16 Sakwisé diwènèhi roh suci karo Yéhuwah, wong-wong Kristen ing jamané para rasul dadi luwih semangat nginjil. Hasilé, ana akèh wong sing ngrungokké kabar apik. Terus, wektu nulis surat kanggo wong-wong Kolose ing taun 61 M, Rasul Paulus kandha nèk kabar apik wis diwartakké marang ”kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit”. (Kol. 1:23) Wektu Paulus nyebutké ”kabèh ciptaan”, kuwi maksudé kabèh dhaérah sing wis tau ditekani karo Paulus lan murid-murid Yésus liyané. Saiki, Yéhuwah ya mènèhi roh suciné marang umaté. Hasilé, gawéan nginjil isa diwartakké ”nganti tekan pucuk-pucuké bumi”.​—Kis. 13:47; deloken kothak ” Ingsun Bakal Ngesokaké RohingSun”.

KATRANGAN ANYAR

17. Katrangan anyar apa sing awaké dhéwé ngertèni soal walang-walang sing ana ing ramalané Yoèl?

17 Saiki, awaké dhéwé wis ngerti nèk katrangan anyar soal ramalan ing Yoèl 2:7-9 sing dirembug ing artikel iki luwih cocog karo ayat-ayat liyané sing ana ing Yoèl pasal 1 lan 2. Serangané walang-walang sing ana ing ramalané Yoèl kuwi nggambarké tentara Babilon sing nyerang Yérusalèm ing taun 607 SM, dudu nggambarké soal gawéan nginjil.

18. Apa sing bakal terus ditindakké karo umaté Yéhuwah?

18 Senajan katrangan sing sakdurungé kudu diganti, ning semangaté awaké dhéwé kanggo nginjil ora bakal berubah. Umaté Yéhuwah bakal ngupaya sak isa-isané bèn isa terus martakké kabar apik marang kabèh wong. (Mat. 24:14) Senajan dilarang karo pamréntah, umaté Yéhuwah bakal terus nginjil. Merga bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa dadi luwih semangat lan luwih kendel wektu martakké kabar apik. Yéhuwah ya bakal mbantu awaké dhéwé kanggo ngertèni ”kabèh sing bener”. (Yoh. 16:13) Mula, awaké dhéwé perlu terus njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nggawé kesimpulan sing bener soal ramalan-ramalan sing dicathet ing Alkitab.

LAGU 97 Urip Nglakoni Sabdané Yéhuwah

^ par. 5 Mbiyèn, awaké dhéwé nganggep nèk apa sing dicathet ing Yoèl pasal 1 lan 2 ngramalké soal gawéan nginjil sing bakal kelakon ing jaman modern. Ning, ana patang alesan sing nduduhké nèk katrangan kuwi perlu diganti. Saiki, ayo dirembug apa waé alesané.

^ par. 3 Contoné, deloken artikel ”Hikmat Yehuwa Nyata dari Karya Ciptaan” ing Menara Pengawal 15 April 2009 paragraf 14-16.