Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 17

”Aku Nyebut Kowé Sahabat”

”Aku Nyebut Kowé Sahabat”

”Aku nyebut kowé sahabat, merga aku wis ngandhani kowé bab kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku.”​—YOH. 15:15.

LAGU 13 Niru Tuladhané Yésus

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa waé sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa dadi sahabat?

BÈN isa dadi sahabat, awaké dhéwé kudu kerep ketemu lan nggunakké wektu bareng-bareng karo kancané awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya kudu kerep omong-omongan karo dhèwèké, misalé kanggo nyritakké apa sing lagi dirasakké lan dipikirké. Awaké dhéwé mesthi péngin dadi sahabaté Yésus. Ning, bèn isa dadi sahabaté Yésus, ana tantangan sing kudu diadhepi. Apa waé tantangané?

2. Apa tantangané nèk arep dadi sahabaté Yésus?

2 Sing pertama, awaké dhéwé durung tau ketemu langsung karo Yésus. Ing jamané para rasul, ana wong-wong sing dadi Kristen sakwisé Yésus munggah swarga. Wong-wong kuwi ya durung tau ketemu karo Yésus. Ning, Rasul Pétrus kandha, ”Kowé pancèn durung tau ndelok dhèwèké, nanging kowé nresnani dhèwèké. Saiki kowé ya ora ndelok dhèwèké, nanging kowé nduwé iman marang dhèwèké.” (1 Ptr. 1:8) Dadi, awaké dhéwé tetep isa nduwé hubungan sing akrab karo Yésus senajan durung tau ketemu karo dhèwèké.

3. Apa tantangan sing keloro nèk arep dadi sahabaté Yésus?

3 Sing keloro, awaké dhéwé ora isa omong-omongan langsung karo Yésus. Pancèn, dongané awaké dhéwé kudu disampèkké liwat jenengé Yésus. Ning, pas ndonga, awaké dhéwé kuwi ngomongé karo Yéhuwah dudu karo Yésus. Yésus dhéwé ya ora seneng nèk awaké dhéwé ndonga marang dhèwèké. Apa sebabé? Donga kuwi dadi bagéan saka ibadahé awaké dhéwé lan nèk awaké dhéwé ngibadah kuduné ya mung marang Yéhuwah. (Mat. 4:10) Ning, senajan ora isa omong-omongan karo Yésus, awaké dhéwé tetep isa nduduhké nèk awaké dhéwé sayang karo Yésus.

4. Apa tantangan sing ketelu nèk arep dadi sahabaté Yésus, lan apa sing bakal awaké dhéwé rembug?

4 Sing ketelu, awaké dhéwé ora isa bareng-bareng karo Yésus merga saiki Yésus wis ana ing swarga. Ning, senajan ora isa bareng-bareng karo Yésus, awaké dhéwé tetep isa cedhak karo Yésus. Awaké dhéwé bakal ngrembug patang cara sing isa ditindakké bèn isa dadi sahabaté Yésus. Saiki, ayo dirembug dhisik apa sebabé awaké dhéwé kudu dadi sahabaté Yésus.

APA SEBABÉ KUDU DADI SAHABATÉ YÉSUS?

5. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nduwé hubungan sing akrab karo Yésus? (Deloken kothak ” Cedhak karo Yéhuwah Merga Dadi Sahabaté Yésus” lan ” Nduwé Pandhangan sing Bener soal Yésus”.)

5 Nèk awaké dhéwé nduwé hubungan sing akrab karo Yésus, awaké dhéwé bakal isa cedhak karo Yéhuwah. Apa sebabé? Sing pertama, Yésus kandha marang para rasulé, ”Bapak dhéwé nresnani kowé, merga kowé wis nresnani aku.” (Yoh. 16:27) Yésus ya kandha, ”Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku.” (Yoh. 14:6) Dadi, wong sing péngin cedhak karo Yéhuwah ning ora gelem nduwé hubungan sing akrab karo Yésus isa dipadhakké kaya wong sing péngin mlebu omah ning ora gelem mlebu liwat lawang. Iki cocog karo kata-katané Alkitab sing kandha nèk Yésus kuwi ”lawang kanggo wedhus-wedhus gèmbèl”. (Yoh. 10:7) Sing keloro, mung Yésus sing isa bener-bener niru sipat-sipaté Yéhuwah. Yésus kandha, ”Sapa waé sing wis ndelok aku uga wis ndelok Bapak.” (Yoh. 14:9) Dadi, awaké dhéwé isa luwih kenal karo Yéhuwah nèk sinau soal Yésus. Nèk wis sinau soal Yésus, awaké dhéwé bakal saya sayang karo Yésus lan isa dadi sahabaté. Hasilé, awaké dhéwé ya bakal luwih sayang karo Yéhuwah.

6. Apa alesan liyané kenapa awaké dhéwé kudu cedhak karo Yésus? Jelasna.

6 Awaké dhéwé ya kudu cedhak karo Yésus bèn donga-dongané awaké dhéwé dijawab. Pancèn, awaké dhéwé kudu ndonga ”liwat jenengé Yésus”. Ning, awaké dhéwé ya kudu ngerti piyé carané Yéhuwah nggunakké Yésus kanggo njawab donga-dongané awaké dhéwé. Yésus kandha, ”Apa waé sing kok jaluk nganggo jenengku bakal tak tindakké.” (Yoh. 14:13) Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk senajan sing ngrungokké lan njawab dongané awaké dhéwé kuwi Yéhuwah, ning Yéhuwah wis mènèhi kuwasa marang Yésus kanggo nindakké kepénginané. (Mat. 28:18) Dadi, sakdurungé njawab dongané awaké dhéwé, Yéhuwah bakal ndelok apa awaké dhéwé wis manut préntahé Yésus utawa durung. Misalé, Yésus kandha, ”Nèk kowé ngapurani salahé wong liya, Bapakmu ing swarga uga bakal ngapurani kowé. Nanging nèk kowé ora ngapurani salahé wong liya, Bapakmu uga ora bakal ngapurani salahmu.” (Mat. 6:14, 15) Mula, apa sing ditindakké Yéhuwah lan Yésus marang awaké dhéwé ya kudu awaké dhéwé tindakké marang wong liya.

7. Sapa sing bakal éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus?

7 Awaké dhéwé ya kudu dadi sahabaté Yésus bèn isa éntuk manfaat saka korban tebusan. Apa sebabé? Yésus kandha nèk dhèwèké bakal ”masrahké nyawané kanggo sahabat-sahabaté”. (Yoh. 15:13) Pancèn, umaté Yéhuwah sing wis mati sakdurungé Yésus teka ing bumi, kaya Abraham, Sara, Musa, lan Rahab bakal diuripké manèh. Ning, bèn isa urip saklawasé, wong-wong kuwi tetep kudu sinau soal Yésus, nduduhké nèk sayang karo Yésus, lan dadi sahabaté Yésus.​—Yoh. 17:3; Kis. 24:15; Ibr. 11:8-12, 24-26, 31.

8-9. Saka Yohanes 15:4, 5, apa sing isa awaké dhéwé tindakké saiki merga dadi sahabaté Yésus, lan apa sebabé awaké dhéwé kudu tetep nyawiji karo Yésus?

8 Awaké dhéwé mesthi seneng merga saiki isa nyambut gawé bareng karo Yésus ing gawéan nginjil lan mulang. Wektu ing bumi, Yésus mulangké kabar apik soal Kratoné Gusti Allah. Sakwisé munggah swarga, Yésus sing wis dadi kepalané jemaat ya terus mimpin gawéan nginjil. Yésus nggatèkké lan ngajèni upayané awaké dhéwé kanggo mbantu wong liya sinau soal Yésus lan Yéhuwah. Nèk ora merga bantuané Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé ora bakal isa berhasil nindakké gawéan iki.​—Wacanen Yohanes 15:4, 5.

9 Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu dadi sahabaté Yésus bèn isa nyenengké Yéhuwah. Saiki, ayo dirembug patang cara sing kudu ditindakké bèn isa dadi sahabaté Yésus.

CARANÉ BÈN ISA DADI SAHABATÉ YÉSUS

Awaké dhéwé isa dadi sahabaté Yésus nèk (1) ngupaya luwih kenal karo Yésus, (2) nduwé pandhangan sing padha kaya Yésus lan niru tumindaké, (3) ndhukung sedulur-seduluré Yésus, lan (4) manut karo arahan saka organisasiné Yéhuwah (Deloken paragraf 10-14) *

10. Apa cara pertama sing isa ditindakké bèn isa dadi sahabaté Yésus?

10 (1) Ngupaya luwih kenal karo Yésus. Awaké dhéwé isa luwih kenal karo Yésus nèk maca buku Matius, Markus, Lukas, lan Yohanes. Wektu ngrenungké kisahé Yésus kuwi, awaké dhéwé isa dadi sayang lan ngajèni Yésus merga awaké dhéwé isa ngerti piyé tumindaké Yésus marang wong liya. Misalé, senajan Yésus kuwi majikané murid-muridé, ning Yésus gelem nyritakké perasaané marang murid-muridé lan nganggep nèk murid-muridé kuwi sahabaté. (Yoh. 15:15) Wektu murid-muridé sedhih, Yésus ya ngrasa sedhih lan nangis bareng karo murid-muridé. (Yoh. 11:32-36) Malah, mungsuh-mungsuhé Yésus ya isa ngerti nèk Yésus gelem dadi kancané wong-wong sing nampa kabar apik. (Mat. 11:19) Nèk niru Yésus, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya, dadi luwih bahagia, lan isa luwih sayang karo Yésus.

11. Apa cara sing keloro bèn awaké dhéwé isa dadi sahabaté Yésus, lan apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo nindakké kuwi?

11 (2) Nduwé pandhangan sing padha kaya Yésus lan niru tumindaké. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé isa saya cedhak karo Yésus. (1 Kor. 2:16) Piyé tumindaké Yésus marang wong liya? Yésus luwih ngutamakké kepentingané wong liya ketimbang kepentingané dhèwèké dhéwé. (Mat. 20:28; Rm. 15:1-3) Mula, Yésus seneng ngapurani lan gelem nggawé pengorbanan kanggo wong liya. Yésus ora gampang nesu senajan ana wong-wong sing ngèlèk-èlèk dhèwèké. (Yoh. 1:46, 47) Yésus ya ora ngéling-éling kesalahané wong liya. (1 Tim. 1:12-14) Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo niru Yésus merga dhèwèké kandha, ”Kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.” (Yoh. 13:35) Mula, bèn isa niru Yésus, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku wis ngupaya sak isa-isaku bèn isa tetep rukun karo para sedulur ing jemaat?’

12. Apa cara sing ketelu bèn isa dadi sahabaté Yésus, lan piyé carané awaké dhéwé isa nindakké kuwi?

12 (3) Ndhukung sedulur-seduluré Yésus sing wis dipilih munggah swarga. Kanggoné Yésus, nèk awaké dhéwé ndhukung sedulur-seduluré, kuwi padha karo awaké dhéwé ndhukung Yésus. (Mat. 25:34-40) Cara utama kanggo ndhukung sedulur-seduluré Yésus yaiku mèlu nindakké gawéan nginjil lan ndadèkké murid, kaya sing dipréntahké Yésus. (Mat. 28:19, 20; Kis. 10:42) Merga sedulur-seduluré Yésus dibantu karo ”wedhus-wedhus liya”, saiki gawéan nginjil isa ditindakké ing sakdonya. (Yoh. 10:16) Dadi, nèk wong-wong sing dadi bagéan saka wedhus-wedhus liya mèlu nindakké gawéan nginjil, kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi sayang karo Yésus lan sedulur-seduluré.

13. Piyé carané awaké dhéwé isa ngetrapké Lukas 16:9?

13 Awaké dhéwé ya isa dadi sahabaté Yéhuwah lan Yésus nèk nggunakké bandhané awaké dhéwé kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah. (Wacanen Lukas 16:9.) Awaké dhéwé isa nyumbang kanggo kegiatané organisasiné Yéhuwah sing lagi ditindakké ing sakdonya, misalé gawéan nginjil sing lagi ditindakké ing dhaérah plosok, mbangun lan ngrawat bangunan sing digunakké kanggo ndhukung ibadah marang Yéhuwah, lan nyedhiakké bantuan kanggo para sedulur sing dadi korban bencana alam. Awaké dhéwé ya isa nyumbang kanggo nyukupi kebutuhané jemaat lan mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. (WB. 19:17) Nèk nindakké kuwi kabèh, kuwi artiné awaké dhéwé ndhukung sedulur-seduluré Yésus.

14. Nurut Éfésus 4:15, 16, apa cara kepapat bèn awaké dhéwé isa dadi kancané Yésus?

14 (4) Manut karo arahan saka organisasiné Yéhuwah. Yésus kuwi kepalané jemaat Kristen. Mula, nèk manut karo para sedulur sing wis dilantik kanggo nglindhungi jemaat, awaké dhéwé isa saya akrab karo Yésus. (Wacanen Éfésus 4:15, 16.) Misalé, supaya jumlah anggotané jemaat isa sesuai karo daya tampungé Balé Ibadah, saiki organisasiné Yéhuwah ngatur bèn ana jemaat-jemaat sing digabung lan batas dhaérah nginjilé jemaat ya diubah. Hasilé, awaké dhéwé isa luwih ngirit dhuwit sumbangané para sedulur. Ning, merga perubahan kuwi ana sedulur-sedulur sing pindhah jemaat lan akhiré kudu nggawé penyesuaian. Padahal, sedulur-sedulur kuwi mungkin wis pirang-pirang taun gabung ing jemaaté sing lawas lan wis akrab karo sedulur-sedulur ing kono. Iki pancèn ora gampang. Ning, nèk awaké dhéwé manut karo arahan saka organisasiné Yéhuwah, awaké dhéwé isa nggawé Yésus seneng.

DADI SAHABATÉ YÉSUS NGANTI SAKLAWASÉ

15. Apa sing bakal dialami karo wong-wong sing saiki ngupaya kanggo dadi sahabaté Yésus?

15 Wong-wong sing dipilih kanggo munggah swarga bakal isa bareng-bareng karo Yésus nganti saklawasé merga wong-wong kuwi bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné Gusti Allah. Wong-wong kuwi bakal isa ketemu, nggunakké wektu bareng, lan kerep omong-omongan karo Yésus. (Yoh. 14:2, 3) Senajan ora isa ketemu langsung karo Yésus, wong-wong sing nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing bumi ya bakal disayang lan digatèkké karo Yésus. Wong-wong kuwi bakal terus dadi sahabaté Yésus lan akhiré nampa akèh berkah saka Yéhuwah lan Yésus.​—Yé. 9:5, 6.

16. Apa waé berkah sing isa ditampa nèk awaké dhéwé gelem dadi sahabaté Yésus?

16 Ana akèh berkah sing isa ditampa nèk awaké dhéwé gelem dadi sahabaté Yésus. Misalé, awaké dhéwé saiki isa ngrasakké nèk Yésus bener-bener sayang lan ndhukung awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa nduwé harapan kanggo urip saklawasé. Sing paling penting, nèk awaké dhéwé ngupaya kanggo dadi sahabaté Yésus, awaké dhéwé ya bakal dadi sahabaté Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé mesthi seneng merga isa dadi sahabaté Yésus.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

^ par. 5 Para rasul isa dadi sahabaté Yésus merga kerep omong-omongan lan nginjil bareng karo Yésus. Yésus ya péngin awaké dhéwé isa dadi sahabaté. Ning, awaké dhéwé ngadhepi tantangan sing ora dialami karo para rasul wektu kuwi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé tantangané lan apa waé sing isa awaké dhéwé tindakké bèn isa dadi sahabaté Yésus.

^ par. 55 GAMBAR: (1) Awaké dhéwé isa sinau soal Yésus wektu sinau Alkitab bareng keluarga. (2) Awaké dhéwé kudu ngupaya tetep rukun karo para sedulur ing jemaat. (3) Awaké dhéwé isa ndhukung sedulur-seduluré Yésus nèk mèlu nindakké gawéan nginjil. (4) Awaké dhéwé perlu manut karo arahané para pinituwa wektu ana jemaat-jemaat sing digabung.