Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 20

Sapa sing Dadi Raja Utara Saiki?

Sapa sing Dadi Raja Utara Saiki?

”[Raja utara] bakal ngajal, [lan] ora ana wong siji-sijia kang mitulungi.”​—DN. 11:45.

LAGU 95 Pangertèn sing Bener Saya Padhang

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel iki?

ANA akèh bukti sing nduduhké nèk awaké dhéwé urip ing bagéan akhir saka dina-dina pungkasan. Ora suwé manèh, Yéhuwah lan Yésus bakal nyingkirké kabèh pamréntahan sing dadi mungsuhé Kratoné Gusti Allah. Ning, sakdurungé kuwi kelakon, raja utara lan raja selatan bakal terus mungsuhan lan sengit karo umaté Yéhuwah. *

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ramalan sing dicathet ing Dhanièl 11:40–12:1. Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti sapa sing dadi raja utara saiki lan apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nylametké awaké dhéwé.

RAJA UTARA SING ANYAR

3-4. Sapa sing dadi raja utara saiki? Jelasna.

3 Sakwisé Uni Soviet bubar ing taun 1991, umaté Yéhuwah ing negara-negara bekas Uni Soviet isa bébas nginjil manèh lan ora suwé sakwisé kuwi, jumlahé dadi atusan èwu penginjil. Ning, apa sing dialami umaté Yéhuwah kuwi digambarké kaya ”pitulungan sathithik”. (Dn. 11:34) Kuwi artiné, kebébasan sing dirasakké umaté Yéhuwah kuwi kelakon mung sedhéla. Apa sebabé? Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, ana pamréntahan sing dadi raja utara sing anyar yaiku Rusia lan negara-negara sing dadi balané. Kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan kudu: (1) ana hubungané karo umaté Yéhuwah, (2) nduduhké saka tumindaké nèk dhèwèké sengit karo Yéhuwah lan umaté, lan (3) padha-padha saingan merga péngin dadi negara sing paling kuwat.

4 Apa sebabé awaké dhéwé isa ngerti nèk sing dadi raja utara sing anyar kuwi Rusia lan negara-negara sing dadi balané? Pertama, pamréntah Rusia nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo nindakké gawéan nginjil ing kono lan nganiaya umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané. Keloro, apa sing ditindakké karo pamréntah Rusia kuwi nduduhké nèk dhèwèké sengit karo Yéhuwah lan umaté. Ketelu, Rusia kepéngin dadi negara sing luwih kuwat ketimbang raja selatan yaiku, Inggris lan Amerika. Saiki, ayo digatèkké apa buktiné nèk Rusia lan negara-negara sing dadi balané kuwi pancèn sing dadi raja utara sing anyar.

RAJA UTARA LAN RAJA SELATAN TERUS MUNGSUHAN

5. Dhanièl 11:40-43 ngramalké soal apa, lan kapan kuwi bakal kelakon?

5 Wacanen Dhanièl 11:40-43. Saka ayat-ayat iki, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal kelakon ing wekasaning jaman. Ramalané Danièl kuwi nduduhké nèk raja utara bakal terus mungsuhan karo raja selatan. Kaya sing disebutké Danièl, raja utara bakal ’perang’ karo raja selatan ing wekasaning jaman.​—Dn. 11:40.

6. Apa buktiné nèk raja utara lan raja selatan terus mungsuhan?

6 Raja utara lan raja selatan terus mungsuhan merga péngin dadi negara sing paling kuwat. Misalé, merga Uni Soviet wis nguwasani akèh negara ing Eropa sakwisé Perang Donya II, raja selatan lan negara-negara liyané kerjasama bèn nduwé kekuwatan militèr sing kuwat lan mbentuk organisasi sing jenengé NATO. Terus, raja utara lan raja selatan padha-padha ngentèkké akèh dhuwit kanggo nggawé senjata-senjata perang sing luwih canggih. Sakliyané kuwi, ing perang-perang sing kelakon ing Afrika, Asia, lan Amerika Latin, raja utara ndhukung negara-negara sing dadi mungsuhé raja selatan. Wis pirang-pirang taun iki, Rusia lan negara-negara sing ndhukung Rusia ya dadi saya kuwat. Negara-negara kuwi ngupaya kanggo nggawé program komputer sing canggih kanggo ngalahké raja selatan. Sakliyané kuwi, raja utara lan raja selatan padha-padha nudhuh nèk mungsuhé kuwi wis nggunakké program komputer sing isa nyebabké masalah keuangan lan politik ing negarané. Terus, kaya sing wis diramalké karo Danièl, raja utara ya terus mungsuhi umaté Yéhuwah.​—Dn. 11:41.

RAJA UTARA MLEBU ING ”TANAH ÉNDAH”

7. Apa sing dimaksud karo ”Tanah Éndah” kuwi?

7 Dhanièl 11:41 kandha nèk raja utara bakal mlebu ing ”Tanah Éndah”. Apa sing dimaksud karo ”Tanah Éndah” kuwi? Ing jaman mbiyèn, tanahé wong Israèl kuwi dianggep ”tanah kang éndah ing antarané sakèhing nagara”. (Yk. 20:6) Wektu kuwi, tanahé wong Israèl dianggep éndah merga dadi panggonan kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Ning, kèt dina Péntakosta taun 33 M, ora ana panggonan ing bumi sing isa disebut ”Tanah Éndah” merga umaté Yéhuwah ora ngumpul ing sak panggonan thok. Saiki, ”Tanah Éndah” kuwi nggambarké organisasiné Yéhuwah sing wis nyedhiakké perhimpunan lan ngatur gawéan nginjil bèn awaké dhéwé isa ngibadah marang Yéhuwah.

8. Apa buktiné nèk raja utara mlebu ing ”Tanah Éndah”?

8 Ing dina-dina pungkasan, raja utara wis bola-bali mlebu ing ”Tanah Éndah”. Misalé, pas Jerman dadi raja utara ing Perang Donya II, raja kuwi mlebu ing ”Tanah Éndah” wektu partai Nazi nganiaya lan matèni umaté Yéhuwah. Sakwisé Perang Donya II, Uni Soviet sing dadi raja utara sing anyar ya mlebu ing ”Tanah Éndah” merga dhèwèké nganiaya lan mbuwang umaté Yéhuwah menyang panggonan sing adoh.

9. Apa buktiné nèk Rusia lan negara-negara sing dadi balané ya mlebu ing ”Tanah Éndah”?

9 Ora suwé iki, Rusia lan negara-negara sing dadi balané ya mlebu ing ”Tanah Éndah”. Apa buktiné? Ing taun 2017, pamréntah Rusia nglarang gawéan nginjil lan ana sedulur-sedulur ing kono sing dijebloské ing penjara. Publikasi-publikasiné Seksi Yéhuwah, termasuk Alkitab Terjemahan Dunia Baru, ya dilarang ing Rusia. Sakliyané kuwi, ana bangunan-bangunan duwèké organisasi, termasuk kantor cabang, Balé Ibadah, lan Balé Kebaktian, sing disita karo pamréntah Rusia. Merga apa sing ditindakké Rusia marang umaté Yéhuwah, ing taun 2018, Pengurus Pusat nggawé kesimpulan nèk sing dadi raja utara saiki yaiku Rusia lan negara-negara sing dadi balané. Ning, senajan dianiaya, umaté Yéhuwah ora gelem mbrontak nglawan pamréntah. Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo pathokané Alkitab sing kandha nèk awaké dhéwé kudu ndongakké ”kabèh panguwasa” sing arep nggawé keputusan kanggo nglarang utawa mbébaské Seksi Yéhuwah kanggo ngibadah.​—1 Tim. 2:1, 2.

APA RAJA UTARA BAKAL NGALAHKÉ RAJA SELATAN?

10. Apa raja utara bakal ngalahké raja selatan? Jelasna.

10 Pancèn, ramalan ing Dhanièl 11:40-45 mung nyebutké soal raja utara. Dadi, apa raja utara bakal ngalahké raja selatan? Ora. Raja selatan bakal isih ’urip’ wektu Yéhuwah lan Yésus nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Kuwi artiné, raja selatan bakal isih ana nganti perang Armagédon kelakon. (Why. 19:20) Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin soal kuwi? Ayo digatèkké ayat-ayat liya sing ana ing buku Dhanièl lan buku Wahyu.

Ing Armagédon, Kratoné Gusti Allah sing digambarké kaya watu bakal ngancurké pamréntahané manungsa sing digambarké kaya patung sing gedhé (Deloken paragraf 11)

11. Ramalan ing Dhanièl 2:43-45 nduduhké soal apa? (Deloken gambar ing halaman 1.)

11 Wacanen Dhanièl 2:43-45. Danièl ndelok ana patung gedhé sing saben bagéan ing awaké digawé saka logam sing béda-béda. Saben bagéan kuwi nggambarké pamréntahan-pamréntahan sing akèh-akèhé umaté Yéhuwah manggon ing dhaérah kekuasaané. Pamréntahan-pamréntahan kuwi mréntah ing wektu sing béda-béda. Sikilé patung sing digawé saka campuran wesi lan lempung kuwi nggambarké pamréntahan sing terakhir, yaiku Inggris lan Amerika. Dadi, ramalan iki nduduhké nèk Inggris lan Amerika bakal isih mréntah nganti Kratoné Gusti Allah nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.

12. Sapa sing dimaksud endhas sing kepitu saka kéwan buas, lan kuwi nduduhké apa?

12 Rasul Yohanes ya éntuk wahyu sing nduduhké soal pamréntahan-pamréntahan sing ana hubungané karo umaté Yéhuwah. Ing kono, pamréntahan-pamréntahan kuwi digambarké kaya kéwan buas sing endhasé pitu. Endhas sing kepitu saka kéwan buas kuwi nggambarké Inggris lan Amerika. Ramalan kuwi nyebutké nèk ora ana endhas liyané sakwisé endhas kepitu. Kuwi nduduhké nèk endhas sing kepitu saka kéwan buas kuwi bakal isih mréntah nganti Yésus lan para malaékaté nyirnakké endhas sing kepitu lan kéwan buas kuwi. *Why. 13:1, 2; 17:13, 14.

APA SING BAKAL DITINDAKKÉ RAJA UTARA ING MASA DEPAN?

13-14. Sapa sing dimaksud ”Gog ing tanah Magog”, lan apa sebabé dhèwèké péngin nyerang umaté Yéhuwah?

13 Ramalané Yèhèzkièl ngandhani awaké dhéwé soal apa sing bakal kelakon sakdurungé raja utara lan raja selatan disingkirké. Kétoké, ayat-ayat ing Yéheskièl 38:10-23; Dhanièl 2:43-45; 11:44–12:1; lan Wahyu 16:13-16, 21 nggambarké peristiwa sing padha. Nèk kuwi pancèn bener, isa waé sukmbèn iki sing bakal kelakon.

14 Ora suwé sakwisé sengsara gedhé dimulai, ”kabèh raja ing bumi” bakal bersatu. (Why. 16:13, 14; 19:19) Nurut Alkitab, gabungan saka bangsa-bangsa sing bersatu kuwi disebut ”Gog ing tanah Magog”, utawa Gog saka Magog. (Yk. 38:2) Merga péngin nyirnakké umaté Yéhuwah, gabungan saka bangsa-bangsa kuwi bakal nyerang Seksi-Seksi Yéhuwah. Apa sebabé bangsa-bangsa kuwi péngin nyerang umaté Yéhuwah? Nurut wahyu sing didelok Yohanes, ana udan ès sing nibani mungsuh-mungsuhé Yéhuwah. Udan ès kuwi cocog kanggo nggambarké kabar penghukuman sing disampèkké karo umaté Yéhuwah. Dadi, kétoké kuwi sing nggawé Gog saka Magog dadi péngin nyerang lan nyirnakké umaté Yéhuwah.​—Why. 16:21.

15-16. (a) Dhanièl 11:44, 45 kaya-kayané ngramalké peristiwa sing padha karo apa? (b) Apa sing bakal dialami karo Gog saka Magog?

15 Kétoké, Dhanièl 11:44, 45 ngramalké peristiwa sing padha karo ramalané Yohanes sing nyebutké soal kabar penghukuman sing kaya udan ès lan serangané bangsa-bangsa. (Wacanen.) Ing ayat kuwi, Danièl kandha nèk raja utara dadi ”nepsu [utawa, nesu] banget” sakwisé krungu ”pawarta saka ing wétan lan saka ing lor”. Terus, dhèwèké dadi péngin ”mbengkas [utawa, nyirnakké] wong akèh”. Kétoké, ”wong akèh” kuwi nggambarké umaté Yéhuwah. * Dadi, ramalané Danièl kuwi mesthiné nggambarké serangan sing bakal dialami karo umaté Yéhuwah.

16 Serangané raja utara lan bangsa-bangsa liyané kuwi nggawé Yéhuwah dadi nesu banget lan akhiré perang Armagédon bakal dimulai. (Why. 16:14, 16) Wektu kuwi, Gog saka Magog, yaiku gabungan saka raja utara lan bangsa-bangsa liyané, bakal disirnakké lan ”ora ana wong siji-sijia kang mitulungi” dhèwèké.​—Dn. 11:45.

Ing perang Armagédon, Yésus lan para malaékaté bakal nyirnakké donyané Sétan lan nylametké umaté Yéhuwah (Deloken paragraf 17)

17. Sapa sing dimaksud Mikhaèl ”sang pemimpin agung” sing disebutké ing Dhanièl 12:1, lan apa sing dhèwèké tindakké?

17 Ing ayat sakbanjuré, ramalané Danièl ngandhani awaké dhéwé sapa sing bakal nyirnakké raja utara lan negara-negara sing dadi balané. Saka ayat kuwi, awaké dhéwé ya isa ngerti apa sing bakal dialami karo umaté Yéhuwah. Ayat kuwi kandha, ”Wektu kuwi, Mikhaèl, bakal tumindak. Dhèwèké kuwi sang pemimpin agung sing lagi tumindak kanggo bangsamu. Terus, bakal ana mangsa susah sing durung tau kelakon kèt anané bangsa-bangsa nganti tekané mangsa kuwi. Wektu kuwi, kabèh wong saka bangsamu sing jenengé ditulis ing kitab kuwi bakal slamet.” (Dhanièl 12:1, Terjemahan Dunia Baru [NWT]) Apa artiné ramalan kuwi? Mikhaèl kuwi jeneng liyané Yésus. Kèt taun 1914, Yésus wis mréntah ing Kratoné Gusti Allah lan ”tumindak kanggo” umaté Yéhuwah. Ora suwé manèh, Yésus ya ”bakal tumindak” kanggo nyirnakké mungsuh-mungsuhé ing perang Armagédon. Perang kuwi bakal dadi bagéan akhir saka ”mangsa susah” sing durung tau kelakon sakdurungé. Nurut ramalané Yohanes sing dicathet ing buku Wahyu, mangsa kuwi disebut ”sengsara gedhé”.​—Why. 6:2; 7:14.

APA JENENGÉ NJENENGAN BAKAL ”DITULIS ING KITAB KUWI”?

18. Ora soal apa sing bakal kelakon sukmbèn, apa sebabé awaké dhéwé ora perlu kuwatir?

18 Danièl lan Yohanes kandha nèk Yéhuwah lan Yésus bakal nylametké umaté pas sengsara gedhé kelakon. Dadi, ora soal apa sing bakal kelakon sukmbèn, awaké dhéwé ora perlu kuwatir. Danièl kandha nèk wong-wong sing jenengé ”ditulis ing kitab kuwi” bakal dislametké. (Dn. 12:1, NWT) Piyé carané bèn jenengé awaké dhéwé isa ditulis ing kitab kuwi? Awaké dhéwé kudu nduduhké iman marang Anak Dombané Gusti Allah, yaiku Yésus. (Yoh. 1:29) Terus, awaké dhéwé ya kudu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. (1 Ptr. 3:21) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu mbantu wong liya bèn isa kenal karo Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé ndhukung Kratoné Gusti Allah.

19. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké mulai saiki, lan apa sebabé?

19 Mulai saiki, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn isa nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan bener-bener percaya karo organisasiné Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu ndhukung Kratoné Gusti Allah. Nèk nindakké kuwi, wektu raja utara lan raja selatan disirnakké karo Kratoné Gusti Allah, awaké dhéwé bakal dislametké.

LAGU 149 Nyanyian Kemenangan

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug sapa sing dadi raja utara saiki lan piyé carané raja utara disirnakké. Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi isa nguwatké imané awaké dhéwé lan mbantu awaké dhéwé bèn saya siap kanggo ngadhepi sengsara gedhé.

^ par. 1 Istilah ”raja utara” lan ”raja selatan” sing digunakké ing artikel iki padha karo istilah ”ratu nagara Lor” lan ”ratu nagara Kidul” sing digunakké ing Dhanièl pasal 11.

^ par. 12 Bèn isa ngerti luwih akèh soal ramalan sing dicathet ing Dhanièl 2:36-45 lan Wahyu 13:1, 2, deloken artikel Menara Pengawal 15 Juni 2012 halaman 7-11, 12-13, 14-18, lan 19.

^ par. 15 Bèn isa ngerti luwih akèh, deloken artikel Menara Pengawal 15 Mei 2015 halaman 29-30.