Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 21

Ngajèni Hadiah saka Yéhuwah

Ngajèni Hadiah saka Yéhuwah

”Dhuh Yéhuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken, pakaryan Paduka ingkang élok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya.”​MS. 40:6.

LAGU 5 Élok Banget Pakaryané Allah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Nurut Jabur 40:6, Yéhuwah mènèhi hadiah apa marang awaké dhéwé, lan apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngrembug soal kuwi?

YÉHUWAH kuwi bener-bener apikan merga wis mènèhi hadiah-hadiah sing berharga kanggo awaké dhéwé. Misalé, Yéhuwah mènèhi bumi sing éndah bèn isa dadi panggonan sing cocog kanggo manungsa. Yéhuwah ya mènèhi otak sing luar biasa bèn manungsa nduwé kemampuan kanggo ngomong lan nggawé keputusan. Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya mènèhi Pangandikané, yaiku Alkitab bèn awaké dhéwé isa ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan sing penting soal urip.​—Wacanen Jabur 40:6.

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug soal telung hadiah kuwi. Nèk ngrenungké soal kuwi, awaké dhéwé bakal luwih bersyukur lan saya péngin nggawé Yéhuwah seneng. (Why. 4:11) Awaké dhéwé ya bakal isa njelaské marang wong-wong sing percaya karo évolusi nèk sakjané ajaran kuwi klèru.

BUMI SING ÉNDAH

3. Apa sebabé bumi kuwi béda karo planèt liyané?

3 Awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi bener-bener wicaksana nèk ngrenungké carané Yéhuwah ngrancang bumi. (Rm. 1:20; Ibr. 3:4) Pancèn, ana planèt-planèt liyané sing ngubengi matahari. Ning, bumi kuwi béda karo planèt liyané merga mung bumi sing isa dadi panggonan sing paling cocog kanggo manungsa.

4. Apa sebabé bumi iki dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi bener-bener wicaksana? Wènèhana perumpamaan.

4 Bayangna nèk bumi kuwi diumpamakké kaya kapal sing ana ing tengah-tengah laut. Apa sing bakal kelakon nèk wong-wong ing njero kapal kuwi kudu nggawé dhéwé oksigén, panganan, lan banyu sing dibutuhké? Terus, piyé nèk sampah-sampah sing ana ing kono ora isa dibuwang saka kapal kuwi? Suwé-suwé, wong-wong ing njero kapal kuwi mesthi bakal mati, ta? Ning, bumi kuwi béda. Bumi isa nyedhiakké oksigén, panganan, lan banyu sing ora ana entèkké kanggo milyaran makhluk hidup sing manggon ing kono. Yéhuwah wis ngrancang bèn bumi isa tetep éndah lan cocog kanggo dienggoni senajan sampah-sampahé ora dibuwang ing luar angkasa. Bumi ya wis dirancang bèn isa ngubah karbon dioksida dadi oksigén lan nyedhiakké banyu sing ora ana entèkké. Saiki, ayo dirembug piyé carané Yéhuwah ngrancang bumi bèn isa nyedhiakké oksigén lan banyu.

5. Apa sebabé oksigén ora tau entèk, lan kuwi nduduhké apa?

5 Oksigén kuwi gas sing dibutuhké karo manungsa lan kéwan kanggo ambegan. Bèn isa tetep urip, kabèh makhluk hidup sing ana ing bumi mbutuhké satus milliar ton oksigén saben taun. Ning, pas ambegan, manungsa lan kéwan ya bakal ngetokké karbon dioksida. Senajan ngono, oksigén ora tau entèk lan bumi ya ora kebak karo karbon dioksida. Kok isa? Yéhuwah wis nyiptakké akèh tanduran bèn isa ngubah karbon dioksida dadi oksigén. Kuwi kabèh cocog karo kata-katané Alkitab ing Kisah Para Rasul 17:24, 25 sing kandha, ”Gusti Allah . . . sing maringi urip marang kabèh wong, uga napas.”

6. Apa sebabé bumi isa terus nyedhiakké banyu sing dibutuhké, lan kuwi nduduhké apa? (Deloken kothak ” Banyu Kuwi Hadiah saka Yéhuwah”.)

6 Banyu ora berubah dadi uap air utawa ès merga jarak antarané bumi lan matahari kuwi pas banget. Nèk jaraké bumi terlalu cedhak saka matahari, banyu sing ana ing bumi bakal menguap merga kepanasen lan ora ana sing isa urip ing bumi. Ning, nèk jaraké bumi lan matahari terlalu adoh, bumi bakal dadi adhem banget lan banyuné bakal berubah dadi ès. Merga Yéhuwah wis ngrancang bèn jaraké bumi ora terlalu cedhak utawa terlalu adoh saka matahari, mula bumi isa terus nyedhiakké banyu kanggo kabèh makhluk hidup. Kok isa? Sinar matahari nggawé banyu sing ana ing laut lan ing panggonan liyané dadi menguap lan berubah dadi awan. Nèk banyu sing menguap kuwi dijumlahké nganti saksuwéné setaun, jumlahé bakal luwih akèh ketimbang banyu sing ana ing kabèh danau ing bumi. Sakwisé sepuluh dina dadi awan, banyu-banyu kuwi bakal berubah dadi udan. Terus, banyu kuwi bakal mili ing kali lan dadi danau utawa laut. Sakwisé kuwi, banyu-banyu kuwi bakal menguap manèh merga kena sinar matahari. Merga prosès kuwi terus dibolan-balèni, mula bumi ora bakal kentèkan banyu. Prosès iki nduduhké nèk Yéhuwah kuwi bener-bener wicaksana lan nduwé kuwasa sing gedhé.​—Ay. 36:27, 28; Ko. 1:7.

7. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi hadiah-hadiah sing disebutké ing Jabur 115:16?

7 Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi bumi lan kabèh isiné? (Wacanen Jabur 115:16.) Salah siji carané yaiku ngrenungké kabèh ciptaané Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé isa luwih bersyukur marang Yéhuwah saben dina. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu ngupaya sak isa-isané kanggo njaga kebersihan ing panggonané awaké dhéwé.

OTAK SING LUAR BIASA

8. Apa buktiné nèk otaké manungsa kuwi ciptaan sing luar biasa?

8 Otaké manungsa kuwi ciptaan sing luar biasa. Apa buktiné? Pas bayi isih ing njero weteng, otaké isa berkembang nganggo cara sing teratur lan ana éwonan sèl otak sing anyar sing dibentuk saben menit. Terus, nurut para peneliti, ing njero otaké wong déwasa kuwi ana kira-kira 100 milyar sèl sing disebut neuron. Padahal, otaké manungsa kuwi aboté kira-kira mung 1,5 kilogram. Saiki, ayo dirembug apa waé kemampuané otak sing luar biasa.

9. Apa buktiné nèk kemampuan kanggo ngomong kuwi hadiah saka Yéhuwah?

9 Kemampuan kanggo ngomong sing diduwèni manungsa kuwi luar biasa. Misalé, wektu ngucapké siji kata, otak ngatur gerakané kira-kira 100 otot sing ana ing lidah, tenggorokan, bibir, dagu, lan dada. Gerakané otot-otot kuwi kudu teratur bèn kata-kata sing diucapké isa dingertèni. Nurut salah siji hasil penelitian sing diterbitké ing taun 2019, bayi sing bar dilairké isa ngerti lan nanggepi kata-kata sing diucapké wong liya. Hasil penelitian kuwi ndhukung pendapaté para ahli sing kandha nèk manungsa wis nduwé kemampuan kanggo ngerti lan sinau basa kèt lair. Kuwi kabèh dadi bukti nèk kemampuané manungsa kanggo ngomong kuwi hadiah saka Yéhuwah.​—Pa. 4:11.

10. Piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi kemampuan kanggo ngomong?

10 Piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi kemampuan kanggo ngomong? Salah sijiné, awaké dhéwé isa njelaské marang wong-wong sing percaya karo évolusi kenapa kok awaké dhéwé ora percaya karo ajaran kuwi. (Ms. 9:2; 1 Ptr. 3:15) Wong-wong sing percaya karo évolusi biasané kandha nèk bumi lan sak isiné kuwi isa ana dudu merga ana sing nyiptakké. Ning, awaké dhéwé isa nggunakké Alkitab lan katrangan-katrangan sing ana ing artikel iki kanggo njelaské nèk ajaran kuwi sakjané klèru. Terus, nèk wong-wong kuwi gelem ngrungokké, awaké dhéwé ya isa njelaské apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah kuwi sing nyiptakké langit lan bumi.​—Ms. 102:26; Yé. 40:25, 26.

11. Apa buktiné nèk otaké manungsa nduwé kemampuan sing luar biasa?

11 Manungsa ya nduwé kemampuan kanggo ngéling-éling sing luar biasa. Mbiyèn, ana penulis sing kandha nèk otaké manungsa isa ngéling-éling informasi sing jumlahé kira-kira mèh padha karo informasi sing ana ing 20 juta jilid buku. Ning, durung suwé iki, ana penulis liya sing kandha nèk otaké manungsa isa ngéling-éling informasi sing luwih akèh saka kuwi. Terus, apa pengaruhé kemampuan kuwi kanggo manungsa?

12. Apa sing mbédakké awaké dhéwé karo kéwan?

12 Ora kaya kéwan, awaké dhéwé isa sinau saka pengalaman merga nduwé kemampuan kanggo ngéling-éling peristiwa sing wis tau dialami. Hasilé, pandhangané awaké dhéwé isa berubah lan isa nggawé keputusan sing luwih apik. (1 Kor. 6:9-11; Kol. 3:9, 10) Malah, sakjané hati nuraniné awaké dhéwé isa dilatih bèn isa mbédakké apa sing salah lan apa sing bener. (Ibr. 5:14) Terus, awaké dhéwé isa sinau carané nduduhké katresnan, sipat apikan, lan welas asih. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa sinau saka Yéhuwah bèn isa tumindak adil marang wong liya.

13. Kaya sing disebutké ing Jabur 77:12, 13, piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi kemampuan kanggo ngéling-éling?

13 Piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi kemampuan kanggo ngéling-éling? Awaké dhéwé isa ngupaya kanggo ngéling-éling kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo mbantu lan nguwatké awaké dhéwé. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi saya yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé ing masa depan. (Wacanen Jabur 77:12, 13; 78:4, 7) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ngéling-éling lan bersyukur karo tumindak apiké wong liya marang awaké dhéwé. Nurut para peneliti, nèk awaké dhéwé seneng bersyukur, awaké dhéwé isa luwih bahagia. Senajan kemampuané Yéhuwah kanggo ngéling-éling kuwi ora ana tandhingané, ning kadhang kala ana sing ora diéling-éling karo Yéhuwah. Misalé, nèk awaké dhéwé mertobat, Yéhuwah bakal ngapurani lan ora ngéling-éling kesalahané awaké dhéwé. (Ms. 25:7; 130:3, 4) Mula, awaké dhéwé ya kudu niru contoné Yéhuwah merga Yéhuwah péngin awaké dhéwé isa nglalèkké kesalahané wong liya sing wis njaluk ngapura marang awaké dhéwé.​—Mat. 6:14; Luk. 17:3, 4.

Awaké dhéwé isa nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah nèk nggunakké otak kanggo ngluhurké Yéhuwah (Deloken paragraf 14) *

14. Piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi otak?

14 Otak kuwi bener-bener hadiah sing luar biasa saka sang Pencipta. Mula, awaké dhéwé isa nggunakké kuwi kanggo ngluhurké Yéhuwah. Piyé carané? Ana wong-wong sing mikir nèk dhèwèké isa nggawé pathokan dhéwé soal apa sing bener lan apa sing salah. Ning, merga Yéhuwah sing nyiptakké awaké dhéwé, mula pathokané Yéhuwah kuwi mesthiné luwih unggul ketimbang pathokané manungsa. (Rm. 12:1, 2) Nèk manut karo pathokané Yéhuwah, uripé awaké dhéwé bakal dadi luwih ayem. (Yé. 48:17, 18) Awaké dhéwé ya dadi nduwé tujuan urip yaiku kanggo ngluhurké Yéhuwah lan nggawé Dhèwèké bahagia.​—WB. 27:11.

ALKITAB—HADIAH SING BERHARGA

15. Apa sebabé Alkitab dadi bukti nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo manungsa?

15 Alkitab kuwi ditulis karo wong-wong sing dituntun karo roh suciné Yéhuwah. Merga sayang lan perduli karo manungsa, Yéhuwah mènèhi Alkitab marang awaké dhéwé. Liwat Alkitab, Yéhuwah mènèhi jawaban kanggo pitakonan-pitakonan sing penting soal urip, misalé: Manungsa kuwi asalé saka endi? Apa tujuané urip iki? Lan, apa sing bakal kelakon ing masa depan? Yéhuwah péngin bèn kabèh manungsa isa ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi. Mula, Yéhuwah ngatur bèn Alkitab isa diterjemahké ing akèh basa. Saiki, Alkitab, lengkap utawa mung sebagéan, wis diterjemahké ing luwih saka 3.000 basa. Alkitab ya dadi buku sing paling akèh diterjemahké lan disebarké. Ora soal ing endi panggonané lan apa basané, kabèh wong nduwé kesempatan kanggo sinau wulangané Alkitab nganggo basané dhèwèké dhéwé.​—Deloken kothak ” Nerjemahké Alkitab ing Basa-Basa sing Digunakké ing Afrika”.

16. Nurut Matius 28:19, 20 lan katrangan sing ana ing paragraf iki, apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi Alkitab?

16 Piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi Alkitab? Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina, ngrenungké isiné, lan ngupaya kanggo ngetrapké pathokané Alkitab. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu ngupaya sak isa-isané bèn isa martakké kabar apik marang sak akèh-akèhé wong.​—Ms. 1:1-3; Mat. 24:14; wacanen Matius 28:19, 20.

17. Apa sing wis awaké dhéwé rembug, lan apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel sakbanjuré?

17 Awaké dhéwé wis ngrembug hadiah saka Yéhuwah kanggo awaké dhéwé yaiku bumi sing éndah, otaké manungsa sing luar biasa, lan Pangandikané Gusti Allah yaiku Alkitab. Ning, Yéhuwah ya mènèhi hadiah-hadiah sing ora isa didelok mata. Awaké dhéwé bakal ngrembug soal hadiah-hadiah kuwi ing artikel sakbanjuré.

LAGU 12 Yéhuwah, Allah Sing Mahaluhur

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi hadiah-hadiah sing berharga kanggo awaké dhéwé. Katrangan sing ana ing artikel iki ya isa digunakké kanggo njelaské marang wong-wong sing percaya karo évolusi kenapa kok awaké dhéwé ora percaya karo ajaran kuwi.

^ par. 64 GAMBAR: Sedulur wédok sing lagi sinau basa liya merga péngin mbantu wong-wong sing nggunakké basa kuwi bèn isa sinau Alkitab.