Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 23

”Asma Panjenengan Mugi Disucèkké”

”Asma Panjenengan Mugi Disucèkké”

”Dhuh Yéhuwah, asma Paduka punika langgeng ing salaminipun.”​—MS. 135:13.

LAGU 10 Pujinen Yéhuwah!

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Rong topik apa sing bener-bener penting kanggo umaté Yéhuwah?

AWAKÉ DHÉWÉ nduwé tugas kanggo mènèhi kesaksian marang wong liya soal Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé seneng ngrembug topik soal nggawé suci jenengé Yéhuwah lan seneng nyritakké marang wong liya nèk carané Yéhuwah mréntah kuwi sing paling apik. Senajan kétoké béda, ning rong topik kuwi sakjané ana hubungané.

2 Awaké dhéwé wis ngerti nèk jenengé Gusti Allah kuwi pancèn kudu disucèkké lan kabèh wong kudu ngerti nèk carané Yéhuwah mréntah kuwi sing paling apik. Rong topik kuwi bener-bener penting kanggo awaké dhéwé.

3. Jenengé Yéhuwah isa dipengaruhi karo apa waé?

3 Kabèh sing ana hubungané karo Yéhuwah, termasuk carané Yéhuwah mréntah, kuwi ana pengaruhé kanggo jenengé Yéhuwah. Dadi, nèk awaké dhéwé kandha nèk jenengé Yéhuwah kudu disucèkké, kuwi artiné kabèh wong ya kudu ngerti nèk carané Yéhuwah mréntah kuwi sing paling apik. Dadi, jenengé Yéhuwah kuwi pancèn ana hubungané karo carané Yéhuwah mréntah.​—Deloken kothak ” Masalah-Masalah sing Ana Hubungané karo Jenengé Yéhuwah”.

4. Nurut Jabur 135:13, apa sing isa awaké dhéwé ngertèni soal jenengé Yéhuwah, lan pitakonan-pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

4 Jenengé Yéhuwah kuwi béda saka jeneng-jeneng liyané. (Wacanen Jabur 135:13.) Apa sebabé jenengé Yéhuwah kuwi penting? Kapan pertama kali jenengé Yéhuwah dirusak? Piyé carané Yéhuwah nggawé suci jenengé? Piyé carané awaké dhéwé isa mèlu nggawé suci jenengé Yéhuwah? Ayo ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.

JENENGÉ YÉHUWAH KUWI PENTING

5. Apa sing mungkin awaké dhéwé pikirké wektu krungu nèk jenengé Yéhuwah kudu disucèkké?

5 Yésus nduduhké nèk jenengé Yéhuwah kuwi dadi perkara sing paling utama sing kudu didongakké. Mula, wektu mulang soal ndonga, sing disebutké Yésus pertama kali yaiku, ”Asma Panjenengan mugi disucèkké”. (Mat. 6:9) Disucèkké kuwi maksudé digawé suci utawa resik. Ning, mungkin ana sing mikir, ’Jenengé Yéhuwah kan wis suci, kenapa kok jeneng kuwi kudu disucèkké manèh?’ Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé kudu ngerti apa sebabé jeneng kuwi penting.

6. Apa sebabé jeneng kuwi penting?

6 Jeneng kuwi ora mung kata-kata sing isa ditulis utawa diomongké. Alkitab kandha, ”Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhé.” (WB. 22:1; Ko. 7:1) Jeneng kuwi penting merga ana hubungané karo pandhangané wong liya marang wong sing nduwé jeneng kuwi. Dadi, carané jeneng ditulis utawa diucapké kuwi ora pati penting. Ning, sing paling penting yaiku apa sing dipikirké wong liya wektu krungu utawa ndelok jeneng kuwi.

7. Apa sing ditindakké wong-wong kanggo ngrusak jenengé Yéhuwah?

7 Apa sing ditindakké wong-wong kanggo ngrusak jenengé Yéhuwah? Wong-wong kuwi ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah bèn wong liya dadi nduwé pandhangan sing klèru soal Yéhuwah. Wektu Adam lan Hawa isih manggon ing Taman Èden, ana sing mulai ngomongké sing ora bener soal Yéhuwah. Kuwi pertama kaliné jenengé Yéhuwah dirusak. Ayo digatèkké apa sing isa disinaoni saka peristiwa kuwi.

PERTAMA KALI JENENGÉ YÉHUWAH DIRUSAK

8. Adam lan Hawa ngerti soal apa, lan apa sing bakal awaké dhéwé ngertèni wektu wong loro kuwi ngadhepi tantangan?

8 Adam lan Hawa ora mung ngerti jenengé Yéhuwah, ning ya bener-bener kenal karo Yéhuwah. Wong loro kuwi ngerti nèk Yéhuwah kuwi Sang Pencipta sing wis mènèhi dhèwèké urip, panggonan sing éndah, lan pasangan sing sampurna. (Pd. 1:26-28; 2:18) Ning, apa Adam lan Hawa bakal terus ngrenungké berkah-berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah kuwi? Apa Adam lan Hawa bakal ngupaya bèn isa terus sayang lan bersyukur karo Yéhuwah? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané wektu wong loro kuwi ngadhepi tantangan saka mungsuhé Gusti Allah.

9. Nurut Purwaning Dumadi 2:16, 17 lan 3:1-5, Yéhuwah ngomong apa marang Adam lan Hawa, ning apa sing ditindakké Sétan nganti Adam lan Hawa dadi nduwé pandhangan sing klèru soal Yéhuwah?

9 Wacanen Purwaning Dumadi 2:16, 17 lan 3:1-5. Senajan kétoké ula sing ngomong, ning sakjané sing omong-omongan karo Hawa kuwi Sétan. Sétan kandha, ”Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampéyan: Sira aja mangan wohing sarupané wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?” Pitakonané Sétan kuwi isa nggawé wong sing ngrungokké dadi mulai nduwé pandhangan sing klèru soal Yéhuwah lan kuwi sing kelakon marang Hawa. Padahal, Yéhuwah wis kandha nèk Adam lan Hawa éntuk mangan buah-buahan saka kabèh wit, kecuali siji wit sing ana ing kono. Dadi, senajan ana wit sing ora éntuk dipangan buahé, ning sakjané isih ana akèh buah-buahan liyané sing isa dipangan karo Adam lan Hawa. (Pd. 2:9) Iki bukti nèk Yéhuwah bener-bener apikan. Dadi, apa sing diomongké Sétan kuwi klèru lan nggawé wong liya mikir nèk Gusti Allah kuwi ora apikan. Akibaté, Hawa isa waé mikir, ’Apa isih ana sesuatu sing apik sing ora diwènèhké Yéhuwah marang aku?’

10. Apa buktiné nèk Sétan terang-terangan ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah, lan apa akibaté?

10 Wektu ditakoni karo Sétan, Hawa isih manut karo Yéhuwah merga dhèwèké isa ngandhani Sétan soal préntahé Yéhuwah. Hawa ya kandha, ”Ana dhawuhé Gusti Allah mangkéné: Aja sira pangan, malah ndemok baé aja.” Hawa ngerti nèk Yéhuwah wis ngandhani nèk dhèwèké bakal mati nèk nglanggar préntahé Yéhuwah. Ning, Sétan kandha, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah.” (Pd. 3:2-4) Sétan terang-terangan ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah. Sétan kaya-kayané lagi ngomong marang Hawa nèk Yéhuwah kuwi tukang ngapusi. Merga nindakké iki, Sétan dadi Iblis, sing artiné tukang mitnah. Hawa bener-bener kapusan merga ngrungokké omongané Sétan. (1 Tim. 2:14) Kuwi berarti, Hawa luwih percaya karo Sétan ketimbang karo Yéhuwah. Akibaté, Hawa nggawé keputusan sing klèru yaiku milih ora manut karo Yéhuwah lan mangan buah sing dilarang kuwi. Terus, Hawa ya mènèhké buah kuwi marang Adam.​—Pd. 3:6.

11. Piyé kuduné tanggepané Adam lan Hawa wektu jenengé Yéhuwah dirusak?

11 Piyé kuduné jawabané Hawa wektu Sétan ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah? Hawa isa waé njawab kaya ngéné: ”Kowé kuwi ngapusi. Yéhuwah kuwi wis mènèhi aku lan bojoku kabèh sing tak butuhké. Dadi, aku luwih percaya karo Yéhuwah merga aku sayang karo Dhèwèké. Lha kowé kuwi sapa, kok ngèlèk-èlèk bapakku. Lungaa kana!” Yéhuwah mesthi seneng banget nèk Hawa njawab kaya ngono. (WB. 27:11) Ning, nyatané Adam lan Hawa ora nduduhké nèk dhèwèké sayang karo Yéhuwah. Akibaté, wektu jenengé Yéhuwah dirusak, wong loro kuwi ora isa mbéla Yéhuwah.

12. Sétan nggawé Hawa ragu-ragu soal apa, lan apa sing ora ditindakké Adam lan Hawa?

12 Kaya sing wis dirembug mau, sing ditindakké Sétan pertama kali kanggo ngrusak jenengé Yéhuwah yaiku nggawé Hawa ragu-ragu nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan. Ning, wektu jenengé Yéhuwah dirusak, Adam lan Hawa ora mbéla Yéhuwah. Wong loro kuwi malah percaya karo omongané Sétan lan mèlu mbrontak nglawan Yéhuwah. Saiki, Sétan ya nggunakké cara sing padha. Sétan ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah kanggo ngrusak jenengé Yéhuwah. Akibaté, wong-wong sing percaya karo omongané Sétan kuwi ora gelem manut karo carané Yéhuwah mréntah.

CARANÉ YÉHUWAH NGGAWÉ SUCI JENENGÉ

13. Saka Yéheskièl 36:23, apa sing isa awaké dhéwé ngertèni soal topik utamané Alkitab?

13 Apa Yéhuwah meneng waé wektu jenengé dirusak? Ora. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa sing ditindakké Yéhuwah kanggo mbuktèkké nèk kabèh sing diomongké Sétan pas ing Taman Èden kuwi klèru. (Pd. 3:15) Malah, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk topik utamané Alkitab yaiku: Liwat Kratoné Gusti Allah sing dipimpin karo Yésus, Yéhuwah bakal nggawé suci jenengé lan nggawé bumi dadi ayem lan tentrem manèh. Ing Alkitab, ana akèh katrangan sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti piyé carané Yéhuwah nggawé suci jenengé manèh.​—Wacanen Yéheskièl 36:23.

14. Apa sing ditindakké Yéhuwah kanggo nggawé suci jenengé?

14 Sétan wis ngupaya bola-bali bèn kepénginané Yéhuwah ora kelakon. Ning, dhèwèké gagal. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah. Kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan lan cara mréntahé kuwi sing paling apik. Pancèn, Yéhuwah sedhih banget merga Sétan lan para pengikuté mbrontak nglawan Dhèwèké. (Ms. 78:40) Ning, Yéhuwah tetep sabar, nduduhké kawicaksanan, lan tumindak adil. Yéhuwah ya bola-bali nduduhké kuwasané sing gedhé. Lan sing paling penting, Yéhuwah terus nduduhké katresnan ing kabèh tumindaké. (1 Yoh. 4:8) Kuwi kabèh bukti nèk Yéhuwah terus tumindak kanggo nggawé suci jenengé.

Sétan ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah marang Hawa, lan nganti saiki Sétan terus ngrusak jenengé Yéhuwah (Deloken paragraf 9-10, 15) *

15. Apa sing ditindakké Sétan saiki kanggo ngrusak jenengé Yéhuwah, lan apa akibaté?

15 Saiki, Sétan ya isih ngrusak jenengé Yéhuwah. Sétan nggawé manungsa dadi ragu-ragu nèk Yéhuwah kuwi nduwé kuwasa sing gedhé, adil, wicaksana lan sayang karo awaké dhéwé. Misalé, Sétan nggawé wong-wong percaya nèk Yéhuwah kuwi dudu Sang Pencipta. Terus, Sétan ngupaya bèn wong-wong sing percaya marang Gusti Allah nganggep nèk Gusti Allah kuwi ora adil lan pathokané nggawé manungsa ora bébas. Liwat ajaran palsuné, Sétan ya nggawé wong-wong percaya nèk Gusti Allah kuwi kejem merga ngukum wong-wong ing api neraka. Akibaté, wong-wong sing percaya karo omongané Sétan bakal dadi luwih gampang kanggo nolak cara mréntahé Yéhuwah. Nèk Yéhuwah ora nyirnakké Sétan, Sétan bakal terus ngupaya bèn kabèh wong, termasuk awaké dhéwé, dadi nduwé pandhangan sing klèru soal Yéhuwah. Dadi, apa sing bakal njenengan tindakké?

MÈLU NGGAWÉ SUCI JENENGÉ YÉHUWAH

16. Ora kaya Adam lan Hawa, apa sing isa awaké dhéwé tindakké?

16 Senajan ora sampurna, ning manungsa ya isa mèlu nggawé suci jenengé Yéhuwah. Awaké dhéwé isa nindakké apa sing ora ditindakké karo Adam lan Hawa. Pancèn, saiki ana akèh wong sing ngomongké apa sing ora bener kanggo ngrusak jenengé Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé isa mbéla Yéhuwah lan ngandhani wong-wong nèk Yéhuwah kuwi suci, adil, apikan, lan sayang karo manungsa. (Yé. 29:23) Awaké dhéwé isa mbantu wong-wong bèn ngerti nèk mung pamréntahané Yéhuwah sing bener-bener adil lan sing isa nggawé manungsa bahagia. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ndhukung pamréntahané Yéhuwah.​—Ms. 37:9, 37; 146:5, 6, 10.

17. Apa sing ditindakké Yésus bèn jenengé Yéhuwah dikenal karo wong-wong?

17 Nèk awaké dhéwé mbéla Yéhuwah, kuwi artiné awaké dhéwé niru Yésus. (Yoh. 17:26) Bèn jenengé Yéhuwah dikenal karo wong-wong, Yésus ora mung nggunakké jeneng kuwi ning ya mulangké apa sing bener soal Yéhuwah. Misalé, Yésus nentang wong-wong Farisi sing wis nggawé Yéhuwah dadi kétok kaku, kejem, angèl dicedhaki, lan seneng nuntut. Yésus mbantu wong-wong bèn isa ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi ora seneng nuntut, sabar, sayang karo manungsa, lan seneng ngapurani. Yésus ya niru sipat-sipaté Yéhuwah supaya wong-wong isa ngerti kaya apa Yéhuwah kuwi saktenané.​—Yoh. 14:9.

18. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké nèk ana sing ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah?

18 Wektu ana sing ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah, awaké dhéwé isa mèlu nggawé suci jenengé Yéhuwah lan mbantu wong liya bèn nduwé pandhangan sing bener soal Yéhuwah. Piyé carané? Kaya Yésus, awaké dhéwé isa ngandhani wong liya soal Yéhuwah lan nduduhké nèk Yéhuwah kuwi apikan lan sayang karo manungsa. Terus, awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah senajan awaké dhéwé ora sampurna. (Éf. 5:1, 2) Hasilé, wong-wong sing nggatèkké omongan lan tumindaké awaké dhéwé bakal isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah sing saktenané. Merga mbantu wong liya bèn isa ngerti apa sing bener soal Yéhuwah, kuwi artiné awaké dhéwé mbéla jenengé Yéhuwah. Senajan ora sampurna, awaké dhéwé ya isa mèlu nggawé suci jenengé Yéhuwah nèk tetep setya marang Yéhuwah.​—Ay. 27:5.

Awaké dhéwé péngin mbantu sing sinau Alkitab bèn ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan lan sayang karo manungsa (Deloken paragraf 18-19) *

19. Nurut Yésaya 63:7, apa sing kuduné dadi fokusé awaké dhéwé wektu mbantu sinau Alkitab?

19 Apa manèh sing isa ditindakké kanggo nggawé suci jenengé Yéhuwah? Pancèn, wektu mbantu wong liya sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu kerep njelaské nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mréntah kabèh ciptaané. Ning, sing dadi fokusé awaké dhéwé wektu mbantu sinau Alkitab kuwi ora mung mulangké pathokané Yéhuwah, ning ya mbantu wong sing sinau bèn isa sayang lan setya karo Yéhuwah. Mula, saksuwéné sinau, awaké dhéwé kudu nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan lan sayang karo awaké dhéwé. (Wacanen Yésaya 63:7.) Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn sayang karo Yéhuwah lan manut marang préntahé merga péngin tetep setya marang Dhèwèké.

20. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

20 Ing artikel iki awaké dhéwé wis ngrembug apa sebabé jenengé Yéhuwah kudu disucèkké. Terus, piyé carané bèn tumindak lan cara mulangé awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn nduwé pandhangan sing bener soal Yéhuwah lan dadi kepéngin nyedhak marang Dhèwèké? Awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan kuwi ing artikel sakbanjuré.

LAGU 2 Yéhuwah Asma-Mu

^ par. 5 Saiki, ana masalah sing penting sing ana hubungané karo manungsa lan para malaékat. Masalah apa kuwi? Apa sebabé masalah kuwi penting lan apa hubungané karo awaké dhéwé? Nèk ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi, awaké dhéwé isa nduwé tékad sing saya kuwat kanggo nyenengké Yéhuwah.

^ par. 61 GAMBAR: Sétan ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah wektu ngomong marang Hawa nèk Yéhuwah kuwi tukang ngapusi. Nganti saiki, Sétan isih ngomongké apa sing ora bener soal Yéhuwah. Misalé, saka ajaran api neraka lan évolusi, Sétan nggawé wong-wong mikir nèk Gusti Allah kuwi kejem lan manungsa ora diciptakké karo Gusti Allah.

^ par. 63 GAMBAR: Pas mbantu wong liya sinau Alkitab, sedulur iki nduduhké nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan lan sayang karo manungsa.