Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 24

”Wènèhana Aku Ati sing Wutuh Bèn Isa Ngajèni Jeneng-Mu”

”Wènèhana Aku Ati sing Wutuh Bèn Isa Ngajèni Jeneng-Mu”

”Wènèhana aku ati sing wutuh bèn isa ngajèni jeneng-Mu. Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku bakal ngluhurké jeneng-Mu sakwutuhé atiku.”​—MS. 86:11, 12, Terjemahan Dunia Baru, NWT.

LAGU 7 Yéhuwah Kekuwatanku

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing bakal ditindakké karo wong sing ngajèni jenengé Yéhuwah, lan apa sebabé?

UMATÉ Gusti Allah mesthi sayang karo Yéhuwah lan ngajèni Dhèwèké. Wong sing ngajèni jenengé Yéhuwah bakal nganggep nèk Yéhuwah kuwi bener-bener penting kanggo dhèwèké lan ora péngin nindakké apa waé sing isa nggawé Yéhuwah sedhih. Dhèwèké nindakké kuwi merga péngin terus cedhak karo Yéhuwah.​—Ms. 111:10; WB. 8:13.

2. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Wacanen Jabur 86:11 sing ana ing cathetan ngisor. * Daud ngerti nèk manungsa kudu ngajèni jenengé Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau saka kata-katané Daud kuwi. Pertama, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajèni jenengé Yéhuwah. Keloro, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep jenengé Yéhuwah kuwi penting.

APA SEBABÉ KUDU NGAJÈNI JENENGÉ YÉHUWAH?

3. Peristiwa apa sing nggawé Musa isa terus ngajèni jenengé Yéhuwah?

3 Pas lagi ndhelik ing guwa, Musa ndelok kemuliaané Yéhuwah sing bar ngliwati dhèwèké. Sakwisé kuwi, Musa krungu ana malaékat sing kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih déning sabar, gedhé kamirahané lan kasetyané, kang netepaké sih susetyané marang wong éwon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa.” (Pa. 33:17-23; 34:5-7) Peristiwa kuwi mesthi dadi pengalaman sing luar biasa kanggo Musa. Pas nggunakké jenengé Yéhuwah, Musa mungkin kèlingan karo peristiwa kuwi. Mula, Musa ngandhani wong-wong Israèl supaya ngajèni jenengé Yéhuwah ”sing mulya lan nggumunaké kuwi”.​—PT. 28:58, Basa Jawi Padintenan.

4. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa luwih ngajèni Yéhuwah?

4 Wektu nggunakké jenengé Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu mikirké Yéhuwah kuwi pribadi sing kaya apa. Awaké dhéwé ya kudu mikirké sipat-sipaté Yéhuwah, misalé kuwasané, kawicaksanané, keadilané, lan katresnané. Nèk mikirké soal kuwi lan sipat-sipaté Yéhuwah sing liyané, awaké dhéwé isa dadi luwih ngajèni Yéhuwah.​—Ms. 77:12-16.

5-6. (a) Apa artiné jeneng Yéhuwah? (b) Nurut Pangentasan 3:13, 14 lan Yésaya 64:8, apa sing ditindakké Yéhuwah bèn kepénginané isa kelakon?

5 Nurut para ahli, jeneng Yéhuwah kuwi isa berarti ”Sing Nyebabké Dadi”. Iki nduduhké nèk ora ana sing isa ngalang-ngalangi Yéhuwah kanggo nindakké kepénginané lan kabèh sing Yéhuwah pénginké mesthi bakal kelakon. Apa sing ditindakké Yéhuwah bèn kepénginané isa kelakon?

6 Wacanen Pangentasan 3:13, 14. Kata-kata ”Ingsun Ana Kang Ana” ing ayat kuwi, ya isa diterjemahké dadi ”Aku Bakal Dadi Apa Waé sing Tak Péngini”. Kuwi artiné, Yéhuwah isa dadi apa waé sing dibutuhké bèn kepénginané isa kelakon. Kemampuané Yéhuwah kuwi dadi bagéan saka kepribadiané sing luar biasa. Mula, publikasiné awaké dhéwé kerep ngélingké supaya awaké dhéwé ngrenungké kemampuané Yéhuwah kuwi. Terus, Yéhuwah ya isa nyebabké manungsa sing ora sampurna nindakké apa waé bèn kepénginané kelakon. (Wacanen Yésaya 64:8.) Merga Yéhuwah isa nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé isa yakin nèk kepénginané Yéhuwah mesthi bakal kelakon.​—Yé. 46:10, 11.

7. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn luwih ngajèni Yéhuwah?

7 Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn luwih ngajèni Yéhuwah? Awaké dhéwé isa ngrenungké kabèh sing wis Yéhuwah tindakké. Misalé, wektu mikirké ciptaané Yéhuwah, awaké dhéwé isa kagum karo apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo nyiptakké lan kuwi nggawé awaké dhéwé saya ngajèni Yéhuwah. (Ms. 8:4, 5) Terus, awaké dhéwé ya isa ngrenungké pengalamané awaké dhéwé wektu Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé isa nindakké kepénginané. Hasilé, awaké dhéwé bakal luwih ngajèni Yéhuwah. Jenengé Yéhuwah kuwi bener-bener luar biasa. Wektu mikirké jenengé Yéhuwah, awaké dhéwé isa kèlingan soal sipat-sipaté Yéhuwah, apa sing wis Dhèwèké tindakké, lan apa sing bakal Dhèwèké tindakké.​—Ms. 89:8, 9.

MARTAKKÉ JENENGÉ YÉHUWAH

Musa mulangké soal jeneng lan sipat-sipaté Yéhuwah. Kuwi isa nguwatké iman lan nggawé cedhak karo Yéhuwah (Deloken paragraf 8) *

8. Nurut Pangandharing Torèt 32:2, 3, apa sing Yéhuwah pénginké?

8 Sakdurungé bangsa Israèl mlebu ing Tanah Perjanjian, Yéhuwah ngongkon Musa kanggo nulis lagu. (PT. 31:19) Terus, Musa ya dikongkon mulangké lagu kuwi marang bangsa Israèl. Ing Pangandharing Torèt 32:2, 3, Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké péngin bèn kabèh wong isa ngerti jenengé. (Wacanen.) Yéhuwah ora péngin jenengé dianggep terlalu suci, nganti akhiré wong-wong dadi wedi kanggo nggunakké jeneng kuwi. Wektu diwulang karo Musa, bangsa Israèl nduwé kesempatan sing luar biasa kanggo sinau soal Yéhuwah lan jenengé. Kaya banyu udan sing isa nggawé tanduran dadi subur, wulangané Musa isa nguwatké imané wong-wong Israèl lan nggawé wong-wong kuwi dadi cedhak karo Yéhuwah. Piyé carané awaké dhéwé niru contoné Musa?

9. Apa sing isa ditindakké kanggo nyucèkké jenengé Yéhuwah?

9 Wektu nginjil ing omah-omah utawa ing panggonan umum, awaké dhéwé isa nggunakké Alkitab kanggo ngandhani wong liya soal jenengé Yéhuwah. Wektu omong-omongan, awaké dhéwé ya isa mènèhi wacan, nduduhké vidéo, lan nggunakké situs wèbé awaké dhéwé. Pas ing panggonan kerja, ing sekolah, utawa ing perjalanan, mungkin awaké dhéwé éntuk kesempatan kanggo nyritakké marang wong liya soal Yéhuwah lan sipat-sipaté. Merga dikandhani soal janjiné Yéhuwah, isa waé wong kuwi dadi ngerti nèk sakjané Gusti Allah bener-bener sayang karo manungsa. Awaké dhéwé isa nyucèkké jenengé Yéhuwah nèk ngandhani wong liya soal Yéhuwah. Apa sebabé? Merga awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn ngerti nèk apa sing dhèwèké ngertèni sakdurungé soal Gusti Allah kuwi sakjané klèru. Hasilé, wong-wong sing gelem ngrungokké wulangané Alkitab dadi nduwé kesempatan kanggo cedhak karo Yéhuwah.​—Yé. 65:13, 14.

10. Apa sebabé mulangké pathokané Alkitab thok kuwi ora cukup?

10 Pas mbantu wong liya sinau Alkitab, awaké dhéwé mesthi péngin bèn dhèwèké isa ngerti lan nggunakké jenengé Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ya péngin mbantu dhèwèké bèn isa bener-bener kenal karo Yéhuwah. Wektu awaké dhéwé mulangké pathokané Alkitab, wong sing sinau isa waé nganggep nèk apa sing disinaoni kuwi bener. Ning, nèk mung kuwi sing awaké dhéwé wulangké, apa dhèwèké bakal sayang karo Yéhuwah lan gelem manut karo pathokané Alkitab? Élinga nèk Adam lan Hawa ya ngerti hukumé Yéhuwah. Ning, apa wong loro kuwi bener-bener sayang karo Yéhuwah? (Pd. 3:1-6) Dadi, ana manèh sing kudu ditindakké sakliyané mulangké pathokané Alkitab.

11. Pas ngrembug pathokané Alkitab, apa sing isa ditindakké bèn sing sinau isa sayang karo Yéhuwah?

11 Awaké dhéwé mesthi setuju nèk pathokané Alkitab kuwi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. (Ms. 119:97, 111, 112) Bèn nduwé pandhangan sing padha, wong sing sinau kudu dibantu bèn isa ngerti nèk Yéhuwah mènèhi pathokané Alkitab merga Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé. Dadi, pas ngrembug salah siji pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa takon karo sing sinau: ”Nurutmu, apa sebabé Yéhuwah mènèhi pathokan iki? Saka pathokan iki, apa sing isa disinaoni soal Yéhuwah?” Wong sing sinau isa gelem ngetrapké pathokané Alkitab nèk dhèwèké dibantu bèn isa bener-bener kenal karo Yéhuwah. Hasilé, dhèwèké bakal sayang karo Yéhuwah lan ora bakal ngrasa kepeksa wektu ngetrapké pathokané Alkitab. (Ms. 119:68) Wong sing sinau kuwi ya bakal nduwé iman sing kuwat lan isa tetep setya wektu ana tantangan.​—1 Kor. 3:12-15.

”AWAKÉ DHÉWÉ BAKAL MANUT KARO YÉHUWAH”

Senajan sayang lan ngajèni Yéhuwah, ning Daud tau kegodha kanggo nindakké apa sing salah (Deloken paragraf 12)

12. Apa sing nyebabké atiné Daud dadi ora wutuh manèh, lan apa akibaté?

12 Pas ndonga, Raja Daud kandha, ”Wènèhana aku ati sing wutuh.” Kata-kata kuwi ya dadi bagéan sing penting ing Jabur 86:11. Kèt isih enom, Daud wis nduduhké nèk dhèwèké sayang lan ngajèni Yéhuwah. Ning, Daud tau kegodha kanggo nindakké apa sing salah. Pas ana ing lantai sing paling dhuwur ing istanané, Daud ndelok Bat-syéba sing lagi adus. Padahal, Bat-syéba kuwi wis nduwé bojo. Daud sakjané ngerti nèk dhèwèké ora éntuk nduwé kepénginan marang bojoné wong liya merga ana hukum sing kandha, ”Sira aja mélik marang somahé pepadhanira.” (Pa. 20:17) Ning, merga terus ndeloki Bat-syéba, atiné Daud dadi ora wutuh manèh. Maksudé, senajan péngin nyenengké Yéhuwah, ning Daud ya péngin nduwèni bojoné wong liya. Akibaté, Daud nindakké dosa. Tumindaké Daud kuwi ngrusak jenengé Yéhuwah lan nggawé cilaka wong-wong sing ora bersalah, termasuk keluargané dhéwé.​—2 Sa. 11:1-5, 14-17; 12:7-12.

13. Apa buktiné nèk Daud nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati manèh?

13 Sakwisé Yéhuwah mbantu Daud bèn ngerti nèk kesalahané serius banget, Daud akhiré mertobat. (2 Sa. 12:13; Ms. 51:4-6, 19) Daud mesthi ora bakal lali nèk dhèwèké wis nyebabké masalah merga ora nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Daud disebut wong sing ”madhep marang Yéhuwah . . . kanthi gumolonging panggalih [utawa, sakwutuhé ati]”. (1 Ra. 11:4; 15:3) Kuwi dadi bukti nèk Daud akhiré gelem dibantu bèn isa nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati manèh.

14. Apa sing kudu awaké dhéwé pikirké, lan apa sebabé?

14 Pengalamané Daud kuwi pancèn isa nguwatké imané awaké dhéwé. Ning, kuwi ya isa dadi peringatan kanggo umaté Yéhuwah saiki. Awaké dhéwé mesthi ora péngin kaya Daud sing wis nindakké dosa sing serius. Mula, ora soal wis suwé utawa lagi waé ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu mikir, ’Apa aku nolak wektu Sétan nggodha aku bèn ora nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati?’

Sétan nggunakké akèh cara kanggo nggodha awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu nolak godhaané Sétan (Deloken paragraf 15-16) *

15. Nèk ngajèni Yéhuwah, apa sing bakal ditindakké wektu ana gambar utawa film sing nggawé awaké dhéwé dadi mikirké sing saru-saru?

15 Misalé, apa sing bakal njenengan tindakké nèk ana gambar utawa film ing TV utawa Internèt sing isa nggawé njenengan dadi mikirké sing saru-saru? Mungkin awaké dhéwé mikir nèk kuwi dudu pornografi. Ning, isa waé gambar utawa film kuwi digunakké Sétan bèn awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati manèh. (2 Kor. 2:11) Nèk terus-terusan ndelok gambar utawa film sing kaya ngono, akhiré awaké dhéwé isa nindakké dosa. Mula, awaké dhéwé kudu ngedohi apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé dadi mikirké sing saru-saru. Awaké dhéwé kudu nduwé ati sing wutuh bèn isa terus ngajèni jenengé Yéhuwah.

16. Wektu digodha kanggo nindakké apa sing salah, pitakonan apa waé sing isa direnungké?

16 Sakliyané gambar-gambar sing saru, Sétan ya nggunakké akèh cara kanggo nggodha awaké dhéwé. Wektu digodha, mungkin awaké dhéwé mikir, ’Iki kan dudu dosa sing serius. Aku ya ora bakal ditokké saka jemaat nèk nindakké iki.’ Pancèn, awaké dhéwé isa nganggep nèk cara-cara sing digunakké Sétan kanggo nggodha kuwi ora bener-bener klèru. Ning, pandhangan sing kaya ngono kuwi ora bener. Mula, wektu digodha kanggo nindakké apa sing salah, awaké dhéwé isa ngrenungké pitakonan-pitakonan iki: ’Apa iki digunakké Sétan kanggo nggodha aku bèn aku ora nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati manèh? Nèk nindakké iki, apa aku dadi luwih cedhak karo Yéhuwah utawa malah ngrusak jenengé Yéhuwah lan dadi adoh karo Dhèwèké?’ Wektu mikirké pitakonan-pitakonan kuwi, awaké dhéwé perlu ndonga njaluk kawicaksanané Yéhuwah bèn isa ngerti apa sing sakjané ana ing njero atiné awaké dhéwé. (Yak. 1:5) Hasilé, awaké dhéwé isa niru Yésus sing wani nolak godhaan saka Sétan lan kandha, ”Lungaa, Sétan!”​—Mat. 4:10.

17. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati? Wènèhana perumpamaan.

17 Wong sing ora nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati isa dipadhakké kaya tim sépak bola sing para pemainé péngin menang dhéwé, ora gelem manut aturan, lan ora gelem nurut karo pelatihé. Tim kuwi ora bakal menang pertandingan merga para pemainé ora gelem bersatu. Ning, kaya tim sépak bola sing isa menang merga para pemainé bersatu, awaké dhéwé ya isa nggawé Yéhuwah seneng nèk nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati. Kuwi artiné pikiran, kepénginan, lan pandhangané awaké dhéwé cocog karo pathokané Yéhuwah. Ning, Sétan ora seneng nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati. Sétan péngin bèn awaké dhéwé ora fokus manèh wektu nglayani Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan bèn isa nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati. (Mat. 22:36-38) Awaké dhéwé ya kudu nduwé tékad sing kuwat kanggo nolak godhaané Sétan.

18. Nurut Mikha 4:5, apa tékadé awaké dhéwé?

18 Kaya Daud, awaké dhéwé ya perlu ndonga, ”Wènèhana aku ati sing wutuh bèn isa ngajèni jeneng-Mu.” Terus, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa nglayani Yéhuwah sakwutuhé ati. Ora soal arep nggawé keputusan kanggo perkara sing sepélé utawa sing penting, awaké dhéwé kudu terus nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé isa ngluhurké jenengé Yéhuwah. (WB. 27:11) Muga-muga, awaké dhéwé nduwé tékad sing padha kaya Nabi Mikha sing kandha, ”Awaké dhéwé bakal manut karo Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé, nganti saklawasé.”​—Mi. 4:5, NWT.

LAGU 41 Bapa, Mirengna Aku

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug dongané Daud sing dicathet ing Jabur 86:11, 12. Apa sing dimaksud ngajèni jenengé Yéhuwah? Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajèni jenengé Yéhuwah? Nèk ngajèni Yéhuwah, apa sing bakal ditindakké wektu ana godhaan?

^ par. 2 Jabur 86:​11, NWT: ”Yéhuwah, ajarana aku bab dalan-dalan-Mu. Aku bakal mlaku ing dalan-Mu sing bener. Wènèhana aku ati sing wutuh bèn isa ngajèni jeneng-Mu.”

^ par. 54 GAMBAR: Musa mulangké lagu sing ngluhurké Yéhuwah marang bangsa Israèl.

^ par. 58 GAMBAR: Hawa ora nolak kepénginan sing salah. Awaké dhéwé kudu ngedohi apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé dadi nduwé kepénginan sing salah lan sing isa ngrusak jenengé Yéhuwah.