Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 27

Ngupaya Dadi Wong sing Rendah Hati

Ngupaya Dadi Wong sing Rendah Hati

”Aku ngandhani saben wong ing antaramu supaya ora nganggep awakmu luwih unggul ketimbang sing sakmesthiné, nanging nganggep awakmu apa anané.”​—RM. 12:3.

LAGU 130 Senenga Ngapura

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Naséhat apa sing dicathet ing Filipi 2:3, lan apa manfaaté nèk ngetrapké naséhat kuwi?

AWAKÉ DHÉWÉ gelem manut karo Yéhuwah merga Dhèwèké luwih ngerti apa sing paling apik kanggo awaké dhéwé. (Éf. 4:22-24) Nèk awaké dhéwé rendah hati, awaké dhéwé bakal ngutamakké kepentingané Yéhuwah ketimbang kepentingané awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya bakal nganggep wong liya luwih unggul ketimbang awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé bakal isa cedhak karo Yéhuwah lan para sedulur.​—Wacanen Filipi 2:3.

2. Apa sing Rasul Paulus ngertèni, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ning, nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa kepengaruh karo wong-wong sing sombong lan ngutamakké kepentingané dhéwé. * Mungkin, kuwi sing dialami karo wong-wong Kristen ing jamané para rasul. Mula, Rasul Paulus ngandhani wong-wong Kristen sing ana ing Roma, ”Aku ngandhani saben wong ing antaramu supaya ora nganggep awakmu luwih unggul ketimbang sing sakmesthiné, nanging nganggep awakmu apa anané.” (Rm. 12:3) Paulus ngerti nèk kadhang kala awaké dhéwé kudu mikirké kepentingané dhéwé. Ning, nèk rendah hati, awaké dhéwé isa nduwé pandhangan sing seimbang soal awaké dhéwé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké sipat rendah hati ing perkawinan, wektu éntuk tugas istiméwa ing jemaat, lan wektu nggunakké média sosial.

RENDAH HATI ING PERKAWINAN

3. Apa sebabé wong sing nikah isa waé béda pendapat, lan apa sing isa waé dipikirké karo suami istri sing kerep padu?

3 Yéhuwah péngin bèn wong sing nikah isa bahagia. Ning, merga ora sampurna, kadhang kala suami istri isa béda pendapat. Pancèn, Paulus tau kandha nèk wong sing nikah isa waé ngalami kuwi. (1 Kor. 7:28) Nèk suami istri kerep padu, isa waé dhèwèké dadi ngrasa nèk wis ora cocog manèh karo bojoné. Terus, nèk kepengaruh karo pandhangané donya iki, isa waé dhèwèké dadi mikir nèk luwih apik pegatan waé. Ning, nèk mikir kaya ngono, kuwi sakjané dhèwèké mung mikirké kepentingané dhéwé.

4. Wektu ngalami masalah, awaké dhéwé aja nganti nduwé pikiran sing kaya apa?

4 Nèk ngalami masalah kaya sing disebutké Paulus, aja langsung nganggep nèk njenengan wis ora cocog manèh karo bojoné njenengan lan akhiré dadi péngin pegatan. Élinga nèk alesan sing sah kanggo pegatan kuwi mung hubungan sèks sing ora sah. (Mat. 5:32) Dadi, aja nganti awaké dhéwé mikir, ’Bojoku wis ora perduli lan ora sayang manèh karo aku. Mungkin aku bakal luwih bahagia nèk nikah karo wong liya.’ Nèk nduwé pikiran sing kaya ngono, kuwi artiné awaké dhéwé mung mikirké kepentingané dhéwé. Mungkin, njenengan mikir nèk pegatan kuwi ora apa-apa merga ana sing kandha nèk njenengan kudu nindakké apa waé sing isa nggawé njenengan bahagia. Ning, Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ’nggatèkké kepentingané wong liya, dudu mung kepentingané awaké dhéwé’. (Flp. 2:4) Yéhuwah ora péngin njenengan pegatan. (Mat. 19:6) Yéhuwah bakal seneng nèk njenengan ngutamakké kepénginané Yéhuwah, dudu kepénginané njenengan dhéwé.

5. Nurut Éfésus 5:33, apa sing kuduné ditindakké suami istri marang bojoné?

5 Suami istri kudu sayang lan ngajèni bojoné. (Wacanen Éfésus 5:33.) Suami istri sing nindakké kuwi bakal bahagia merga Alkitab kandha nèk luwih bahagia mènèhi ketimbang nampani. (Kis. 20:35) Bèn isa sayang lan ngajèni bojoné, suami istri kudu rendah hati. Apa sebabé? Merga wong sing rendah hati bakal ”mikirké kepentingané wong liya”, dudu kepentingané dhéwé.​—1 Kor. 10:24.

Pas ana masalah, suami istri sing rendah hati bakal kerja sama lan ora padu karo bojoné (Deloken paragraf 6)

6. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Steven lan Stephanie?

6 Akèh wong Kristen sing ngrasa nèk perkawinané isa luwih bahagia merga dhèwèké lan bojoné padha-padha rendah hati. Misalé, salah siji sedulur sing jenengé Steven kandha, ”Pas ana masalah, suami istri kudu kerja sama. Ketimbang mikir, ’Apa ya sing paling apik kanggo aku?’, luwih apik nèk awaké dhéwé mikir, ’Apa ya sing paling apik kanggo aku lan bojoku?’” Stephanie, bojoné Steven, ya nduwé pandhangan sing padha. Dhèwèké kandha, ”Awaké dhéwé mesthi ora seneng nèk kerep padu. Nèk béda pendapat, aku lan bojoku bakal nggolèki apa penyebabé. Terus, aku lan bojoku ndonga, nggolèk katrangan luwih akèh saka Alkitab utawa publikasi, lan ngrembug piyé carané ngrampungi masalahé. Dadi, sing kuduné digolèki kuwi carané ngrampungi masalah, dudu sapa sing salah.” Suami istri bakal luwih bahagia nèk luwih mikirké kepentingané bojoné ketimbang dhèwèké dhéwé.

RENDAH HATI NGLAYANI YÉHUWAH

7. Apa sing kuduné ditindakké sedulur sing wis éntuk tugas istiméwa ing jemaat?

7 Nglayani Yéhuwah kuwi kehormatan sing gedhé kanggo awaké dhéwé. (Ms. 27:4; 84:11) Dadi, sedulur sing ngupaya kanggo nindakké luwih akèh ing organisasiné Yéhuwah kuwi patut dipuji. Alkitab ya kandha, ”Nèk wong lanang ngupaya dadi pengawas, wong kuwi péngin nindakké gawéan sing apik.” (1 Tim. 3:1) Ning, sedulur sing wis éntuk tugas istiméwa ing jemaat ora éntuk ngrasa nèk dhèwèké wis dadi wong sing penting. (Luk. 17:7-10) Dhèwèké kudu rendah hati lan gelem nglayani sedulur-sedulur liyané.​—2 Kor. 12:15.

8. Apa sing isa disinaoni saka contoné Diotrèfès, Uzzia, lan Absalom?

8 Alkitab nyebutké wong-wong sing rumangsa nèk dhèwèké kuwi wong sing penting. Misalé, Alkitab nyebut Diotrèfès kuwi wong sing sombong lan péngin ”dadi nomer siji” ing jemaat. (3 Yoh. 9) Merga sombong, Uzzia dadi lancang lan nindakké apa sing kuduné ora dhèwèké tindakké. (2 Bb. 26:16-21) Alkitab ya nyritakké soal Absalom sing éthok-éthok perduli marang wong-wong Israèl merga péngin éntuk dhukungan kanggo dadi raja. (2 Sa. 15:2-6) Saka kisah-kisah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo wong-wong sing péngin dianggep penting karo wong liya. (WB. 25:27) Wong-wong sing sombong lan péngin dianggep penting akhiré bakal ngalami akèh masalah.​—WB. 16:18.

9. Yésus mènèhi conto apa marang awaké dhéwé?

9 Yésus kuwi béda karo Diotrèfès, Uzzia, lan Absalom merga ”senajan dhèwèké [Yésus] kaya Gusti Allah, dhèwèké ora tau mikir kanggo ngrebut kedudukané Gusti Allah supaya isa dadi padha karo Gusti Allah”. (Flp. 2:6) Yésus ora péngin dianggep penting senajan ora ana sing luwih kuwat ketimbang dhèwèké sakliyané Yéhuwah. Yésus kandha, ”Wong sing tumindak dadi sing paling cilik ing antarané kowé kabèh, ya dhèwèké kuwi wong sing paling penting.” (Luk. 9:48) Awaké dhéwé mesthi seneng merga isa nglayani Yéhuwah bareng karo para perintis, abdiné jemaat, para pinituwa, lan para pinituwa wilayah sing rendah hati kaya Yésus. Nèk rendah hati, awaké dhéwé bakal sayang karo para sedulur. Kaya kandhané Yésus, kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé wong Kristen sing sejati.​—Yoh. 13:35.

10. Apa sing isa ditindakké nèk keputusané para pinituwa wektu ngurusi masalah ing jemaat kaya-kayané ora bener?

10 Terus, apa sing isa ditindakké nèk keputusané para pinituwa wektu ngurusi masalah ing jemaat kaya-kayané ora bener? Ketimbang protès, luwih apik nèk awaké dhéwé tetep rendah hati lan ndhukung keputusané para pinituwa. (Ibr. 13:17) Bèn isa nindakké kuwi, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa masalah kuwi bener-bener serius nganti aku kudu ngandhani para pinituwa? Apa saiki wektu sing cocog kanggo ngandhani para pinituwa? Apa kuwi tanggung jawabku kanggo ngandhani? Apa aku nindakké kuwi merga péngin jemaat dadi rukun utawa merga péngin dianggep penting karo wong liya?’

Nèk ora sombong, para sedulur bakal ngerti nèk awaké dhéwé ora mung trampil ning ya rendah hati (Deloken paragraf 11) *

11. Nurut Éfésus 4:2, 3, apa hasilé nèk awaké dhéwé rendah hati wektu nglayani Yéhuwah?

11 Pancèn, Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé trampil lan berhasil wektu nindakké tugas. Ning, Yéhuwah luwih seneng nèk awaké dhéwé rendah hati lan rukun karo para sedulur. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa rendah hati wektu nglayani Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé bakal rukun karo sedulur-sedulur ing jemaat. (Wacanen Éfésus 4:2, 3.) Ngupayaa sak isa-isané ndhukung gawéan nginjil. Golèka cara kanggo mbantu para sedulur. Awaké dhéwé kudu apikan karo kabèh sedulur, termasuk sing ora nduwé tugas istiméwa ing jemaat. (Mat. 6:1-4; Luk. 14:12-14) Nèk ora sombong, para sedulur bakal ngerti nèk awaké dhéwé ora mung trampil ning ya rendah hati.

RENDAH HATI WEKTU NGGUNAKKÉ MÉDIA SOSIAL

12. Apa kandhané Alkitab soal nduwé kanca?

12 Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé ngrasa seneng merga isa nggunakké wektu bareng karo kanca-kanca lan keluarga. (Ms. 133:1) Pas ing bumi, Yésus ya nduwé sahabat. (Yoh. 15:15) Alkitab kandha nèk nduwé sahabat kuwi ana manfaaté. (WB. 17:17; 18:24) Alkitab ya kandha nèk awaké dhéwé aja nganti ora gelem bergaul karo wong liya. (WB. 18:1) Bèn isa nduwé akèh kanca lan ora ngrasa kesepian, akèh wong ngrasa nèk dhèwèké kudu nggunakké média sosial. Ning, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu nggunakké média sosial.

13. Apa sebabé wong-wong sing nggunakké média sosial kuwi isa dadi strès lan ngrasa kesepian?

13 Ana penelitian-penelitian sing nduduhké nèk wong sing ngentèkké wektu kanggo ndelok lan ngomentari foto-foto sing dibagèkké ing média sosial malah isa dadi strès lan ngrasa kesepian. Kok isa? Salah sijiné merga biasané wong bakal mbagèkké foto-foto sing apik soal kanca-kancané, acara-acara istiméwa, utawa panggonan-panggonan sing nyenengké. Wong liya sing ndelok foto-foto kuwi isa waé ngrasa mèri lan nganggep nèk uripé ora nyenengké. Kuwi sing dialami karo sedulur wédok sing umuré 19 taun. Dhèwèké kandha, ”Ing média sosial, aku ndelok wong-wong padha dolan pas akhir pekan. Nèk ndelok kuwi, aku dadi ngrasa mèri merga aku mung ing omah waé.”

14. Nèk mikirké 1 Pétrus 3:8, apa sing bakal awaké dhéwé tindakké wektu nggunakké média sosial?

14 Pancèn, média sosial kuwi ana manfaaté, misalé kanggo komunikasi karo keluarga lan kanca-kancané awaké dhéwé. Ning, apa njenengan nggatèkké nèk ana wong-wong sing mbagèkké foto, vidéo, utawa koméntar merga péngin nggawé wong liya kagum karo dhèwèké? Merga péngin dadi pusat perhatian, wong sing nindakké kuwi kaya-kayané lagi kandha, ”Iki lho, deloken aku.” Malah, kadhang kala ana sing nggunakké kata-kata sing saru lan ora sopan wektu mènèhi koméntar ing média sosial. Kuwi bener-bener ora cocog karo pathokané Alkitab sing kandha nèk wong Kristen kudu rendah hati lan ngertèni perasaané wong liya.​—Wacanen 1 Pétrus 3:8.

Wektu wong liya ndelok foto, vidéo, utawa koméntaré njenengan, apa wong-wong kuwi bakal nganggep nèk njenengan lagi pamèr? (Deloken paragraf 15)

15. Pathokan Alkitab sing endi sing isa mbantu awaké dhéwé bèn ora dadi wong sing sombong?

15 Wektu nggunakké média sosial, awaké dhéwé isa mikir, ’Wektu ndelok foto, vidéo, utawa koméntarku, apa wong-wong bakal nganggep nèk aku lagi pamèr? Apa aku nggawé wong liya dadi mèri?’ Alkitab kandha, ”Kabèh perkara sing ana ing donya iki, yaiku pepénginané badan sing dosa, pepénginané mripat, lan pepénginan kanggo pamèr bandha, asalé ora saka Bapak nanging saka donya.” (1 Yoh. 2:16) Ana Alkitab sing nerjemahké kata-kata ”pepénginan kanggo pamèr bandha” dadi ”péngin dianggep penting”. Wong Kristen mesthiné ora péngin dianggep penting utawa nggawé wong liya kagum karo dhèwèké. Awaké dhéwé péngin manut karo naséhaté Alkitab sing kandha, ”Kita aja sombong, saingan, utawa mèri marang siji lan sijiné.” (Gal. 5:26) Mula, awaké dhéwé péngin ngupaya bèn dadi wong sing rendah hati lan ora niru wong-wong sing sombong utawa péngin dianggep penting karo wong liya.

”NGANGGEP AWAKMU APA ANANÉ”

16. Apa sebabé awaké dhéwé aja nganti dadi wong sing sombong?

16 Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn rendah hati merga wong sing sombong kuwi ora isa dadi wong sing ”apa anané”. (Rm. 12:3) Biasané, wong sing sombong seneng padu lan péngin dianggep penting karo wong liya. Akibaté, kuwi bakal nglarani atiné dhèwèké dhéwé lan wong liya. Nèk ora gelem berubah, wong sing kaya ngono bakal dadi ora nduwé iman lan pikirané isa dipengaruhi karo Sétan nganti dhèwèké isa waé dadi nglanggar pathokané Alkitab. (2 Kor. 4:4; 11:3) Ning, wong sing rendah hati ora nganggep nèk dhèwèké luwih penting ketimbang wong liya. Dhèwèké nduwé pandhangan sing seimbang soal dhèwèké dhéwé lan nganggep nèk wong liya isa waé luwih unggul ketimbang dhèwèké. (Flp. 2:3) Dhèwèké ya ngerti nèk ”Gusti Allah nentang wong sing sombong, nanging Panjenengané bakal maringi welas asih sing nggumunké marang wong sing andhap asor”. (1 Ptr. 5:5) Mula, dhèwèké bakal terus ngupaya bèn isa rendah hati merga dhèwèké ora péngin dadi mungsuhé Yéhuwah.

17. Bèn isa rendah hati, apa waé sing kudu ditindakké?

17 Bèn isa rendah hati, awaké dhéwé kudu ngetrapké pathokané Alkitab sing kandha nèk awaké dhéwé kudu ’nyingkirké kepribadian sing lawas lan kebiasaan sing mbiyèn, lan nganggo kepribadian sing anyar’. Pancèn, iki ora gampang. Awaké dhéwé kudu sinau saka contoné Yésus lan ngupaya tenanan bèn isa niru dhèwèké. (Kol. 3:9, 10; 1 Ptr. 2:21) Nèk nindakké kuwi, keluargané awaké dhéwé bakal luwih bahagia, awaké dhéwé isa rukun karo para sedulur, lan awaké dhéwé ya isa ngerti piyé carané bèn isa ngati-ati wektu nggunakké média sosial. Lan sing paling penting, awaké dhéwé isa diberkahi Yéhuwah merga wis nggawé Dhèwèké seneng.

LAGU 117 Ngupayakké Sipat Apikan

^ par. 5 Saiki, ana akèh wong sing sombong lan ngutamakké kepentingané dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora kepengaruh. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké sipat rendah hati ing perkawinan, wektu éntuk tugas istiméwa ing jemaat, lan wektu nggunakké média sosial.

^ par. 2 KATRANGAN: Wong sing sombong kuwi ora mikirké kepentingané wong liya lan mung ngutamakké kepentingané dhéwé. Ning, wong sing rendah hati ora bakal kaya ngono. Nèk awaké dhéwé rendah hati, awaké dhéwé ora bakal sombong lan ora rumangsa luwih penting ketimbang wong liya.

^ par. 56 GAMBAR: Senajan trampil wektu ceramah ing kebaktian lan isa nglatih sedulur liyané, pinituwa iki ya gelem nampa tugas kanggo mimpin para sedulur ing gawéan nginjil lan resik-resik Balé Ibadah.