Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 36

Apa Njenengan Siap Dadi Tukang Njala Manungsa?

Apa Njenengan Siap Dadi Tukang Njala Manungsa?

”Aja wedi manèh. Wiwit saiki kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.”​—LUK. 5:10.

LAGU 73 Tulungi Aku Bèn Kendel

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Yésus mènèhi undangan apa marang patang nelayan, lan apa sing ditindakké wong-wong kuwi?

RASUL PÉTRUS, Andréas, Yakobus, lan Yohanes kuwi nyambut gawé dadi nelayan. Para rasul kuwi mesthi kagèt wektu Yésus ngomong, ”Mèlua aku, lan aku bakal ndadèkké kowé tukang njala manungsa.” * Terus, apa sing ditindakké para rasul kuwi? Alkitab kandha nèk para rasul kuwi ”langsung ninggalké jalané lan mèlu Yésus”. (Mat. 4:18-22, ctn.) Merga gelem dadi muridé Yésus, para rasul kuwi ora dadi tukang njala iwak manèh, ning bakal dadi ”tukang njala manungsa”. (Luk. 5:10) Saiki, Yésus ya mènèhi undangan sing padha marang wong-wong. (Mat. 28:19, 20) Apa njenengan gelem nampa undangané Yésus dadi tukang njala manungsa?

2. Sapa sing kuduné nggawé keputusan arep dadi penginjil utawa ora, lan apa sing isa mbantu njenengan kanggo nggawé keputusan kuwi?

2 Mungkin njenengan wis teratur sinau Alkitab lan ngetrapké apa sing wis disinaoni. Saiki, njenengan kudu mutuské apa njenengan arep dadi penginjil utawa ora. Ning, njenengan mungkin ragu-ragu kanggo dadi penginjil merga ngerti nèk kuwi keputusan sing penting. Nèk ngono, njenengan ora perlu cilik ati. Pancèn, Alkitab kandha nèk Pétrus lan kanca-kancané ”langsung” ninggalké gawéané. Ning, wong-wong kuwi mesthiné wis mikirké tenanan sakdurungé nggawé keputusan kuwi. Kok isa? Merga luwih saka enem sasi wong-wong kuwi wis ngerti lan ngakoni nèk Yésus kuwi Mésias. (Yoh. 1:35-42) Mungkin njenengan wis ngerti akèh soal Yéhuwah lan Yésus. Njenengan ya terus ngupaya bèn isa akrab karo Yéhuwah. Ning, sakdurungé njenengan mutuské kanggo dadi penginjil, njenengan kudu mikirké tenanan soal kuwi. Apa sing isa mbantu Pétrus, Andréas, lan sing liyané nggawé keputusan kanggo dadi muridé Yésus?

3. Sipat-sipat apa waé sing mbantu awaké dhéwé dadi penginjil sing trampil?

3 Para rasulé Yésus isa dadi nelayan sing suksès merga nduwé kepénginan sing kuwat, nduwé pengetahuan, kendel, lan isa ngendhalèni dhiri. Sipat-sipat kuwi ya mbantu para rasulé Yésus isa dadi penginjil sing trampil. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané nduduhké sipat-sipat kuwi bèn isa trampil nginjil lan mulang wong liya.

NDUWÉ KEPÉNGINAN SING KUWAT

Pétrus lan kanca-kancané dadi tukang njala manungsa. Gawéan nginjil ya kudu terus ditindakké saiki (Deloken paragraf 4-5)

4. Apa sebabé Pétrus gelem dadi nelayan?

4 Pétrus dadi nelayan bèn isa nyukupi kebutuhan keluargané. Ning, kanggo Pétrus, njala iwak kuwi ora mung dadi gawéané. Kétoké, Pétrus ya seneng dadi nelayan. (Yoh. 21:3, 9-15) Pétrus ya ngupaya tenanan bèn isa seneng wektu nyambut gawé dadi tukang njala manungsa. Merga bantuané Yéhuwah, Pétrus akhiré isa trampil nindakké tugas kuwi.​—Kis. 2:14, 41.

5. Nurut Lukas 5:8-11, apa sebabé Pétrus ngrasa wedi, lan apa sing isa awaké dhéwé tindakké nèk ngrasa kaya ngono?

5 Alesan utama awaké dhéwé gelem nginjil yaiku merga sayang karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mungkin ngrasa ora trampil nginjil. Ning, merga sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngupaya kanggo mbantu wong liya kenal karo Yéhuwah. Wektu Yésus ngundang Pétrus kanggo dadi tukang njala manungsa, Yésus kandha, ”Aja wedi manèh.” (Wacanen Lukas 5:8-11.) Pétrus ora ngrasa kuwatir soal apa sing bakal kelakon nèk dhèwèké dadi muridé Yésus. Ning, wektu ndelok Yésus nindakké mukjijat bèn isa éntuk akèh iwak, Pétrus dadi nggumun lan ngrasa ora pantes nyambut gawé bareng karo Yésus. Kaya Pétrus, awaké dhéwé mungkin ya ngrasa kuwatir wektu mikirké soal apa sing kudu ditindakké nèk dadi muridé Yésus. Nèk ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn luwih sayang karo Yéhuwah, Yésus, lan wong liya. Hasilé, awaké dhéwé bakal nduwé kepénginan sing kuwat kanggo dadi tukang njala manungsa.​—Mat. 22:37, 39; Yoh. 14:15.

6. Apa alesan liyané awaké dhéwé gelem nginjil?

6 Alesan liyané awaké dhéwé gelem nginjil yaiku merga awaké dhéwé péngin manut karo préntahé Yésus sing kandha, ’Lungaa lan dadèkna wong-wong dadi muridku.’ (Mat. 28:19, 20) Awaké dhéwé ya gelem nginjil merga akèh wong ”digawé sengsara”, ”ora diopèni”, lan bener-bener mbutuhké kabar apik soal Kratoné Allah. (Mat. 9:36) Kuwi cocog karo kepénginané Yéhuwah yaiku supaya kabèh wong dislametké lan ngerti wulangan sing bener.​—1 Tim. 2:4.

7. Nurut Roma 10:13-15, apa sebabé gawéan nginjil kuwi penting?

7 Wektu mikirké nèk gawéan nginjil kuwi isa nylametké wong liya, awaké dhéwé bakal nduwé kepénginan sing kuwat kanggo nginjil. Ora kaya nelayan sing mangan utawa ngedol iwak sing dhèwèké jala, awaké dhéwé ”njala” manungsa bèn wong-wong sing gelem dadi muridé Yésus isa urip saklawasé.​—Wacanen Roma 10:13-15; 1 Tim. 4:16.

NDUWÉ PENGETAHUAN SING LUWIH AKÈH

8-9. Nelayan kudu ngerti soal apa waé, lan apa sebabé?

8 Para nelayan ing jamané Yésus kudu ngerti jenis iwak sing arep dijala. (Km. 11:9-12) Nelayan kuwi ya kudu ngerti panggonan sing ana iwaké. Iwak biasané ana ing dhaérah sing akèh panganané utawa ing dhaérah sing kondisi banyuné cocog kanggo jenis iwak kuwi. Nelayan ya kudu ngerti kapan wektu sing cocog kanggo njala iwak. Gatèkna pengalamané salah siji sedulur sing manggon ing Kepulauan Pasifik. Dhèwèké ngejak salah siji utusan injil kanggo mancing bareng. Utusan injil kuwi kandha, ”Sésuk ketemu jam sanga, ya.” Terus, sedulur lanang kuwi ngomong, ”Aja ta, ya. Bèn isa éntuk iwak, awaké dhéwé kudu nggolèk wektu sing paling cocog kanggo mancing, dudu nggolèk wektu sing paling cocog kanggo awaké dhéwé.”

9 Murid-muridé Yésus ya ngono. Merga dadi tukang njala manungsa, murid-muridé Yésus kudu lunga menyang panggonan sing ana wongé lan ngerti kapan wektu sing cocog bèn isa ketemu karo wong-wong. Misalé, murid-muridé Yésus nginjil ing bait, ing sinagogé, saka omah menyang omah, lan ing pasar. (Kis. 5:42; 17:17; 18:4) Awaké dhéwé kudu ngerti kebiasaané wong-wong sing ana ing dhaérahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya kudu gelem nyesuaikké jadwal bèn isa nginjil marang akèh wong ing endi waé lan kapan waé.​—1 Kor. 9:19-23.

NELAYAN SING SUKSÉS KUWI . . . 1. ngerti panggonan sing ana iwaké lan ngerti kapan wektu sing cocog kanggo njala iwak (Deloken paragraf 8-9)

10. Organisasiné Yéhuwah nyedhiakké apa kanggo mbantu awaké dhéwé?

10 Nelayan kudu nduwé peralatan sing cocog lan ngerti carané nggunakké peralatan kuwi. Awaké dhéwé ya kudu nduwé peralatan sing cocog kanggo nginjil lan ngerti carané nggunakké peralatan kuwi. Mbiyèn, Yésus mènèhi petunjuk marang murid-muridé soal carané martakké kabar apik. Yésus ngandhani apa waé sing ora éntuk digawa, ing endi kudu nginjil, lan apa sing kudu diomongké. (Mat. 10:5-7; Luk. 10:1-11) Saiki, organisasiné Yéhuwah nyedhiakké Alat-Alat kanggo Mulang sing isa mbantu awaké dhéwé wektu nginjil. * Organisasiné Yéhuwah ya nglatih awaké dhéwé carané nggunakké alat-alat kuwi. Nèk ngetrapké cara-cara kuwi, awaké dhéwé bakal luwih percaya diri lan trampil wektu mulang wong liya.​—2 Tim. 2:15.

NELAYAN SING SUKSÉS KUWI . . . 2. ngerti carané nggunakké peralatan sing cocog (Deloken paragraf 10)

KENDEL

11. Apa sebabé awaké dhéwé kudu kendel?

11 Nelayan kudu kendel merga ing laut kuwi cuacané ora pasti lan kapan waé isa ana badai. Dhèwèké ya kerep kerja pas tengah wengi. Kaya nelayan kuwi, awaké dhéwé ya kudu kendel. Wektu awaké dhéwé nginjil lan ngandhani wong liya nèk awaké dhéwé Seksi Yéhuwah, isa waé awaké dhéwé ditentang karo keluarga, diécé karo kanca-kanca, lan isa waé ana wong-wong sing ora gelem ngrungokké awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé ora perlu nggumun soal kuwi merga Yésus wis kandha nèk dhèwèké ngutus murid-muridé nginjil marang wong-wong sing nentang.​—Mat. 10:16.

12. Nurut Yusak 1:7-9, apa sing isa mbantu awaké dhéwé dadi kendel?

12 Piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi kendel? Pertama, awaké dhéwé kudu yakin nèk Yésus sing ana ing swarga bakal terus ngarahké gawéan nginjil. (Yoh. 16:33; Why. 14:14-16) Terus, awaké dhéwé ya kudu yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé. (Mat. 6:32-34) Nèk imané awaké dhéwé tambah kuwat, awaké dhéwé ya bakal dadi kendel. Mbiyèn, Pétrus lan kanca-kancané nduwé iman sing kuwat wektu ninggalké gawéané bèn isa dadi muridé Yésus. Saiki, awaké dhéwé ya ngono. Merga nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé bakal kendel wektu ngandhani kanca-kanca lan keluarga nèk awaké dhéwé sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah lan teka ing perhimpunan. Awaké dhéwé mesthi ya wis nggawé perubahan lan manut karo pathokané Alkitab. Nèk nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé bakal tambah yakin nèk ”Pangéran Yéhuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira”.​—Wacanen Yusak 1:7-9.

NELAYAN SING SUKSÉS KUWI . . . 3. tetep kendel senajan ana tantangan (Deloken paragraf 11-12)

13. Apa sebabé ngrenungké lan ndonga isa mbantu awaké dhéwé dadi kendel?

13 Cara liyané bèn awaké dhéwé isa dadi kendel yaiku ndonga marang Yéhuwah. (Kis. 4:29, 31) Yéhuwah bakal njawab dongané awaké dhéwé lan ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa dadi kendel nèk ngrenungké carané Yéhuwah nylametké umaté ing jaman mbiyèn. Terus, awaké dhéwé ya isa mikirké apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo mbantu awaké dhéwé ngadhepi tantangan lan isa ngetrapké apa sing wis disinaoni. Mbiyèn, Yéhuwah mbantu umaté nyebrangi Laut Merah. Saiki, Yéhuwah ya isa mbantu awaké dhéwé kanggo dadi muridé Yésus. (Pa. 14:13) Awaké dhéwé ya isa nduwé iman sing kuwat kaya sing nulis Kitab Jabur sing kandha, ”Pangéran Yéhuwah nunggil karo aku, aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawé apa marang aku?”​—Ms. 118:6.

14. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Sedulur Masae lan Tomoyo?

14 Ana umaté Yéhuwah sing awalé isinan ning akhiré isa dadi kendel merga dibantu Yéhuwah. Wektu mikirké carané Yéhuwah mbantu wong-wong kuwi, awaké dhéwé ya isa dadi kendel. Gatèkna pengalamané Sedulur Masae. Dhèwèké kuwi wongé isinan lan ngrasa ora trampil nginjil. Dhèwèké ngrasa nèk ngomong karo wong sing durung dikenal kuwi angèl banget, kaya lagi munggah gunung. Dhèwèké nganggep nèk ora bakal isa nindakké kuwi. Dadi, dhèwèké ngupaya tenanan bèn isa luwih sayang marang Yéhuwah lan wong liya. Dhèwèké ngrenungké nèk gawéan nginjil kuwi penting banget lan ndonga bèn isa luwih semangat nginjil. Hasilé, dhèwèké dadi kendel lan isa dadi perintis biasa. Yéhuwah ya isa mbantu wong sing lagi waé dadi penginjil bèn isa dadi ’teguh’ utawa kendel. Gatèkna pengalamané Sedulur Tomoyo. Wektu nginjil ing omah pertama, sing nduwé omah nesu lan kandha, ”Aku wegah ketemu karo Seksi Yéhuwah.” Bar kuwi, sing nduwé omah mbanting lawangé. Tomoyo ora wedi. Dhèwèké kandha karo kanca nginjilé, ”Kowé krungu ra? Aku durung ngomong apa-apa, ning dhèwèké wis ngerti nèk aku Seksi Yéhuwah. Wah, seneng banget rasané.” Saiki, Sedulur Tomoyo nglayani dadi perintis biasa.

ISA NGENDHALÈNI DHIRI

15. Nèk ngadhepi tantangan wektu nginjil, piyé carané awaké dhéwé isa niru contoné nelayan, lan apa sebabé kuwi penting?

15 Nelayan sing suksès kuwi bakal ngupaya tenanan nganti gawéané rampung. Misalé, nelayan kudu tangi ésuk-ésuk, kerja keras, lan tetep tekun senajan ana badai. Kaya nelayan kuwi, awaké dhéwé ya kudu ngupaya tenanan bèn isa ngrampungké tugasé awaké dhéwé.​—Mat. 10:22.

16. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa nindakké sesuatu sing mungkin angèl ditindakké?

16 Sipat ngendhalèni dhiri kuwi dudu gawan bayi. Biasané, awaké dhéwé luwih seneng nggunakké cara sing paling gampang wektu nindakké sesuatu. Awaké dhéwé ora isa mung ngendelké upayané awaké dhéwé thok wektu nindakké sesuatu sing mungkin angèl ditindakké. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan kanggo ngendhalèni dhiri. Yéhuwah bakal nggunakké roh suciné kanggo mbantu awaké dhéwé nindakké kuwi.​—Gal. 5:22, 23.

17. Nurut 1 Korintus 9:25-27, Paulus kandha apa soal ngendhalèni dhiri?

17 Rasul Paulus ya kudu ngendhalèni dhiri bèn isa nindakké apa sing bener, kaya-kayané dhèwèké lagi ”nggebugi” badané. (Wacanen 1 Korintus 9:25-27.) Dhèwèké ngandhani kabèh muridé Yésus kanggo terus ngendhalèni dhiri bèn isa nindakké kabèh perkara ”kanthi apik lan tumata”. (1 Kor. 14:40) Mula, awaké dhéwé kudu ngendhalèni dhiri bèn isa ngabdi marang Yéhuwah, termasuk terus nindakké gawéan nginjil lan mulang wong liya soal kabar apik.​—Kis 2:46.

AJA NUNDHA

18. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn dianggep penginjil sing suksès karo Yéhuwah?

18 Wong isa disebut nelayan sing suksès nèk dhèwèké isa njala akèh iwak. Ning, gawéan nginjil ora kaya ngono. Awaké dhéwé isa disebut penginjil sing suksès ora bergantung karo sepira akèhé wong sing awaké dhéwé bantu kanggo dadi Seksi Yéhuwah. (Luk. 8:11-15) Kanggoné Yéhuwah, nèk awaké dhéwé terus nindakké préntahé Yéhuwah lan Yésus yaiku martakké kabar apik lan mulang wong liya, kuwi artiné awaké dhéwé wis dadi penginjil sing suksès.​—Mrk. 13:10; Kis. 5:28, 29.

19-20. Apa sebabé awaké dhéwé kudu semangat nginjil mulai saiki?

19 Ing pirang-pirang negara, nelayan mung éntuk njala iwak ing sasi-sasi sing wis ditentokké. Mula, pas wektu sing wis ditentokké kuwi wis mèh entèk, nelayan bakal luwih semangat kanggo njala iwak. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Awaké dhéwé mesthi bakal luwih semangat nginjil merga pungkasané donya ora suwé manèh bakal teka. Gawéan nginjil ya ora suwé manèh bakal rampung. Mula, awaké dhéwé aja nundha-nundha utawa ngentèni nganti keadaané cocog kanggo nginjil.​—Ko. 11:4.

20 Saiki, awaké dhéwé kudu terus nduwé kepénginan sing kuwat, nduwé pengetahuan sing luwih akèh saka Alkitab, kendel, lan isa ngendhalèni dhiri. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa dadi bagéan saka umaté Yéhuwah sing terus nginjil marang kabèh wong. Hasilé, awaké dhéwé bakal ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah. (Ny. 8:11) Awaké dhéwé ya kudu nduwé tékad kanggo terus nginjil nganti Yéhuwah kandha nèk gawéan kuwi wis rampung. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug soal apa sing kudu ditindakké bèn awaké dhéwé isa terus semangat martakké kabar apik.

LAGU 66 Kabar Apik Diwartakké

^ par. 5 Yésus ngundang wong-wong sing rendah hati lan gelem kerja keras kanggo dadi muridé. Saiki, Yésus ya terus ngundang wong-wong sing kaya ngono kanggo dadi muridé lan martakké kabar apik. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug soal apa sing kudu ditindakké karo wong sing sinau Alkitab sing ngrasa ragu-ragu kanggo dadi muridé Yésus.

^ par. 1 KATRANGAN: Sing dimaksud ”tukang njala manungsa” yaiku wong-wong sing martakké kabar apik lan mulang wong liya bèn dadi muridé Yésus.

^ par. 10 Deloken artikel ”Mulangké sing Bener” ing Warta Penting Oktober 2018 halaman 9-15.