Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 43

Yéhuwah Ngarahké Organisasiné

Yéhuwah Ngarahké Organisasiné

”’Ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga déning rohingSun.’ Mangkono pangandikané Sang Yéhuwah Gustiné sarwa dumadi.”​—ZA. 4:6.

LAGU 40 Kowé Manut Sapa?

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing kudu terus ditindakké wong sing wis dibaptis?

APA njenengan wis dibaptis? Nèk iya, kuwi berarti njenengan wis nduduhké nèk njenengan nduwé iman marang Yéhuwah lan gelem manut karo arahan saka organisasiné. * Ning, imané njenengan ya kudu tambah kuwat. Njenengan ya kudu yakin nèk organisasiné Yéhuwah terus nindakké kepénginané Yéhuwah.

2-3. Sipat apa waé sing Yéhuwah duduhké liwat organisasiné? Jelasna.

2 Yéhuwah nduduhké sipat-sipaté, tujuané, lan pathokan-pathokané liwat carané Dhèwèké ngarahké organisasiné saiki. Saiki, ayo dirembug telung sipaté Yéhuwah sing diduduhké liwat organisasiné.

3 Pertama, ”Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong”. (Kis. 10:34) Merga sayang karo manungsa, Yéhuwah ngorbanké Yésus bèn dadi ”tebusan kanggo kabèh wong”. (1 Tim. 2:6; Yoh. 3:16) Yéhuwah mènèhi tugas marang umaté kanggo martakké kabar apik marang kabèh wong. Hasilé, wong-wong sing gelem nampa kabar apik isa nduwé kesempatan kanggo dislametké. Keloro, Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing tertib lan rukun. (1 Kor. 14:33, 40) Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong sing nglayani Dhèwèké kuwi wong-wong sing tertib lan rukun. Ketelu, Yéhuwah seneng mulang umaté. (Yé. 30:20, 21) Liwat jemaat lan gawéan nginjil, organisasiné Yéhuwah ngupaya tenanan kanggo mbantu wong liya sinau soal Alkitab. Piyé carané wong Kristen ing jamané para rasul lan ing jaman modern niru sipat-sipaté Yéhuwah kuwi? Lan, piyé carané roh suci mbantu awaké dhéwé kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah?

YÉHUWAH KUWI ORA MBÉDAK-MBÉDAKKÉ

4. Nurut Kisah Para Rasul 1:8, Yésus mréntahké murid-muridé kanggo nindakké apa, lan bantuan apa sing bakal ditampa?

4 Ing jamané para rasul. Yésus martakké kabar apik sing isa mènèhi harapan marang kabèh wong. (Luk. 4:43) Dhèwèké mréntahké murid-muridé kanggo martakké kabar apik ”nganti tekan bagéan sing paling adoh ing bumi”. (Wacanen Kisah Para Rasul 1:8.) Kanggo nindakké gawéan kuwi, murid-muridé ora isa nèk mung ngendelké kekuwatané dhéwé. Wong-wong kuwi mbutuhké ”juru tulung” sing wis dijanjèkké Yésus, yaiku roh suci.​—Yoh. 14:26; Za. 4:6.

5-6. Piyé carané roh suci mbantu murid-muridé Yésus?

5 Murid-muridé Yésus nampa roh suci ing dina Péntakosta taun 33 M. Sakwisé nampa roh suci, murid-murid langsung nginjil lan hasilé ana éwonan wong sing gelem ngrungokké kabar apik. (Kis. 2:41; 4:4) Wektu dilarang nginjil, murid-murid ora dadi wedi lan mandheg nginjil. Wong-wong kuwi ndonga, ”Tulungana aku kabèh, yaiku budhak-budhaké Panjenengan, supaya terus kendel martakké pangandikané Panjenengan.” Sakwisé ndonga, murid-murid kuwi padha kapenuhan roh suci lan terus ”martakké pangandikané Gusti Allah kanthi kendel”.​—Kis. 4:18-20, 29, 31.

6 Murid-muridé Yésus ya ngadhepi tantangan liyané. Misalé, wektu kuwi salinan Kitab Suci mung sithik. Terus, ora kaya saiki, murid-muridé Yésus ora nduwé wacan-wacan sing njelaské soal Kitab Suci. Murid-muridé Yésus ya kudu nginjil marang wong-wong sing basané béda-béda. Senajan ngadhepi akèh tantangan, murid-murid kuwi wis berhasil nindakké gawéan sing kétoké ora mungkin isa ditindakké. Saksuwéné kira-kira 30 taun, murid-murid kuwi wis nginjil ”marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit”.​—Kol. 1:6, 23.

7. Luwih saka 100 taun kepungkur, piyé carané umaté Yéhuwah ngerti apa sing dipéngini Yéhuwah, lan piyé tanggepané wong-wong kuwi?

7 Ing jaman modern. Yéhuwah terus ngarahké lan mènèhi kekuwatan marang umaté bèn isa terus nindakké kepénginané. Yéhuwah nggunakké Alkitab sing diilhami roh suciné kanggo ngarahké umaté. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti soal pelayanané Yésus lan préntahé marang para muridé kanggo martakké kabar apik. (Mat. 28:19, 20) Majalah The Watchtower Juli 1881 kandha, ”Yéhuwah ora milih awaké dhéwé bèn awaké dhéwé dikagumi wong liya utawa dadi sugih. Ning, supaya awaké dhéwé nggunakké kabèh sing diduwèni kanggo martakké kabar apik.” Brosur To Whom the Work Is Entrusted (Sapa sing Ditugaské kanggo Gawéan Iki?) sing diterbitké ing taun 1919 kandha, ”Ana akèh gawéan sing kudu ditindakké. Ning, kuwi kabèh gawéané Gusti Allah. Mula, Dhèwèké bakal mènèhi kekuwatan marang awaké dhéwé bèn isa nindakké gawéan kuwi.” Kaya wong-wong Kristen ing jamané para rasul, para sedulur kuwi kendel lan kerja keras merga yakin nèk roh suci bakal mbantu para sedulur kuwi bèn isa nginjil marang akèh wong. Saiki, awaké dhéwé ya yakin nèk roh suci bakal mbantu awaké dhéwé.

Organisasiné Yéhuwah nggunakké peralatan- peralatan sing paling cocog kanggo martakké kabar apik (Deloken paragraf 8-9)

8-9. Cara apa waé sing digunakké organisasiné Yéhuwah kanggo martakké kabar apik?

8 Organisasiné Yéhuwah nggunakké peralatan-peralatan sing paling cocog kanggo martakké kabar apik. Contoné, nggunakké publikasi tercétak, ”Drama-Foto Penciptaan”, fonograf, mobil halo-halo, siaran radio, lan saiki ya nggunakké komputer lan Internèt. Organisasiné Yéhuwah ya nerjemahké akèh publikasi ing luwih akèh basa. Tujuané, bèn akèh wong isa nampa kabar apik ing basané dhéwé-dhéwé. Yéhuwah ora mbédak-bédakké. Buktiné, Dhèwèké kandha nèk kabar apik bakal diwartakké ”marang kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. (Why. 14:6, 7) Yéhuwah péngin bèn kabèh wong isa nampa kabar apik.

9 Awaké dhéwé mungkin ora isa nginjil ing apartemèn sing dijaga ketat. Piyé carané wong-wong sing manggon ing kono isa ngerti soal kabar apik? Bèn kabar apik isa diwartakké marang luwih akèh wong, organisasiné Yéhuwah nggunakké akèh cara kanggo mènèhi kesaksian ing panggonan umum. Misalé, ing taun 2001, Pengurus Pusat setuju nèk para sedulur ing Prancis isa nginjil nggunakké rak beroda lan gerai kanggo majang wacan-wacan. Kegiatan kuwi akhiré ya disetujoni kanggo ditindakké ing negara liya. Hasilé, ing taun 2011, para sedulur ing Amerika Serikat nindakké kegiatan kuwi ing panggonan sing paling ramé ing New York. Setaun sakwisé kegiatan kuwi ditindakké, ana 102.129 buku lan 68.911 majalah sing dibagèkké. Sakliyané kuwi, ya ana 4.701 wong sing njaluk sinau Alkitab. Kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo ndhukung gawéan iki. Mula, Pengurus Pusat setuju nèk para sedulur ing kabèh negara isa mènèhi kesaksian nggunakké rak beroda lan gerai majalah.

10. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn luwih trampil nginjil?

10 Sing isa ditindakké. Awaké dhéwé kudu nggunakké kabèh pelatihan sing Yéhuwah sedhiakké ing acara perhimpunan. Terus, awaké dhéwé isa nginjil bareng karo para sedulur sing sak KDL karo awaké dhéwé. Para sedulur kuwi isa mbantu awaké dhéwé dadi luwih trampil nginjil lan mulang. Para sedulur kuwi ya nduwé akèh pengalaman sing isa nguwatké awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu terus nginjil senajan ngadhepi akèh tantangan. Kaya sing disebutké ing ayat téma, awaké dhéwé isa nindakké kepénginané Yéhuwah merga dibantu roh suci, dudu merga kemampuané awaké dhéwé. (Za. 4:6) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan merga awaké dhéwé nindakké gawéan saka Yéhuwah.

YÉHUWAH KUWI ALLAH SING TERTIB LAN RUKUN

11. Apa buktiné nèk pengurus pusat ing jamané para rasul kerja sama kanggo njaga umaté Yéhuwah tetep tertib lan rukun?

11 Ing jamané para rasul. Pengurus pusat ing Yérusalèm kerja sama kanggo njaga umaté Yéhuwah tetep tertib lan rukun. (Kis. 2:42) Misalé, kira-kira taun 49 M, ana masalah sing diadhepi karo para sedulur. Wektu kuwi, para sedulur nduwé pendapat sing béda-béda soal sunat. Nèk ora cepet-cepet dirampungké, kuwi isa nggawé para sedulur dadi ora semangat manèh nindakké gawéan nginjil. Mula, pengurus pusat, yaiku para rasul lan pinituwa, ngumpul kanggo ngrembug masalah kuwi. Senajan pengurus pusat kuwi wong Yahudi, ning wong-wong kuwi ora kepengaruh karo ajaran utawa tradhisiné wong Yahudi. Wong-wong kuwi nggunakké pathokané Kitab Suci lan njaluk arahan saka roh suci bèn isa nggawé keputusan sing bener. (Kis. 15:1, 2, 5-20, 28) Hasilé, Yéhuwah mberkahi keputusané para rasul lan pinituwa kuwi. Para sedulur ing jemaat ya isa tetep rukun lan semangat nindakké gawéan nginjil.​—Kis. 15:30, 31; 16:4, 5.

12. Apa buktiné nèk umaté Yéhuwah kuwi tertib lan rukun?

12 Ing jaman modern. Organisasiné Yéhuwah ya mbantu umaté Yéhuwah bèn isa tetep tertib lan rukun. Ing majalah Watch Tower 15 November 1895, ana artikel sing judhulé ”Kanthi Sopan lan Tertib” sing dhasaré saka 1 Korintus 14:40. Artikel kuwi kandha, ”Liwat surat-suraté, para rasul ngandhani para sedulur ing jemaat wektu kuwi bèn tetep tertib . . . Para sedulur kudu terus manut karo ’kabèh ayat sing ditulis mbiyèn, sing ditulis kanggo mulang kita’.” (Rm. 15:4) Saiki, organisasiné Yéhuwah ngupaya tenanan bèn para sedulur ing jemaat isa tetep tertib lan rukun kaya para sedulur ing jamané para rasul. Misalé, nèk awaké dhéwé berhimpun ing jemaat liya, pas ngrembug Sinau Warta Penting, awaké dhéwé mesthi ngerti carané majalah kuwi dirembug lan artikel endi sing lagi dirembug. Kuwi nduduhké nèk umaté Yéhuwah isa tetep rukun merga ana roh suciné Yéhuwah.​—Zf. 3:9.

13. Nurut Yakobus 3:17, pitakonan apa waé sing isa awaké dhéwé pikirké?

13 Sing isa ditindakké. Yéhuwah péngin umaté ”tetep nyawiji, nganggo cara rukun karo siji lan sijiné”. (Éf. 4:1-3) Awaké dhéwé isa ngrenungké pitakonan-pitakonan iki, ’Apa aku nggawé para sedulur ing jemaat dadi rukun? Apa aku manut karo para pinituwa? Apa para sedulur isa ngendelké aku, khususé nèk aku nduwé tugas tambahan ing jemaat? Apa aku tepat waktu lan seneng mbantu?’ (Wacanen Yakobus 3:17.) Nèk ana sing durung ditindakké, awaké dhéwé isa ndonga kanggo njaluk bantuané roh suci. Nèk sipat-sipat lan kepribadiané awaké dhéwé dibimbing karo roh suci, para sedulur ing jemaat ya bakal luwih sayang lan nganggep awaké dhéwé berharga.

YÉHUWAH MULANG LAN NGGAWÉ AWAKÉ DHÉWÉ LUWIH TRAMPIL

14. Nurut Kolose 1:9, 10, piyé carané Yéhuwah mulang umaté ing jamané para rasul?

14 Ing jamané para rasul. Yéhuwah seneng mulang umaté. (Ms. 32:8) Yéhuwah péngin bèn umaté isa kenal lan sayang karo Dhèwèké. Yéhuwah ya péngin bèn umaté isa urip saklawasé. Kuwi kabèh isa kelakon merga Yéhuwah mulang umaté. (Yoh. 17:3) Ing jamané para rasul, Yéhuwah nggunakké jemaat Kristen lan roh suciné, utawa ”juru tulung”, kanggo mulang umaté. (Wacanen Kolose 1:9, 10; Yoh. 14:16) Merga roh suciné Yéhuwah, wong-wong Kristen wektu kuwi isa nduwé akèh pengetahuan soal Kitab Suci lan éling karo omongan lan tumindaké Yésus, sing akhiré dicathet ing Kitab Injil. Hasilé, imané wong-wong kuwi dadi saya kuwat lan dadi luwih sayang karo Yéhuwah, Yésus, lan wong liya.

15. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah wis nggenepi janjiné sing dicathet ing Yésaya 2:2, 3?

15 Ing jaman modern. Yéhuwah ngramalké nèk ”ing wekasané jaman”, wong-wong saka kabèh bangsa bakal mara ing ”gunungé” Yéhuwah, utawa gelem dadi umaté. (Wacanen Yésaya 2:2, 3.) Awaké dhéwé wis ndelok dhéwé nèk ramalan kuwi saiki lagi kelakon. Ibadah sing sejati diunggulké lan ana akèh katrangan soal Alkitab sing diwènèhké Yéhuwah marang umaté. (Yé. 25:6) Liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”, Yéhuwah nyedhiakké kabèh katrangan kuwi marang umaté nganggo cara sing béda-béda. Misalé, ana akèh artikel, ceramah, lan vidéo, termasuk vidéo animasi. (Mat. 24:45) Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé nduwé perasaan sing padha kaya Èlihu sing kandha, ”Endi ana guru kang madhani [Gusti Allah]?”​—Ay. 36:22.

Nduwé iman sing luwih kuwat lan ngetrapké apa sing wis disinaoni (Deloken paragraf 16) *

16. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngrasakké manfaaté pendidikan saka Yéhuwah?

16 Sing isa ditindakké. Roh suci bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa ngetrapké apa sing wis awaké dhéwé waca lan sinaoni. Awaké dhéwé isa ndonga kaya sing nulis Jabur, ”Dhuh Yéhuwah, kawula mugi Paduka tedahaken margi Paduka, supados lampah kawula manuta ing kaleresan Paduka; manah kawula mugi Paduka golongaken supados ajrih-asih dhumateng asma Paduka.” (Ms. 86:11) Awaké dhéwé ya kudu teratur maca lan nyinaoni Alkitab lan wacan-wacan liyané sing disedhiakké karo organisasiné Yéhuwah. Tujuané kuwi ora mung bèn awaké dhéwé ngerti luwih akèh soal Alkitab, ning bèn awaké dhéwé nduwé iman sing luwih kuwat lan isa ngetrapké apa sing wis disinaoni. Kuwi kabèh isa kelakon nèk dibantu roh suciné Yéhuwah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya péngin nguwatké para sedulur ing jemaat. (Ibr. 10:24, 25) Apa sebabé? Merga para sedulur kuwi wis kaya keluargané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé isa ndonga bèn isa mènèhi koméntar sing nguwatké lan nindakké sing paling apik wektu nindakké tugas ing jemaat. Nèk nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé sayang karo ’wedhus-wedhusé’ Yéhuwah lan Yésus.​—Yoh. 21:15-17.

17. Apa buktiné nèk awaké dhéwé ndhukung organisasiné Yéhuwah?

17 Ora suwé manèh, mung organisasi sing diarahké karo roh suciné Yéhuwah sing bakal ana ing bumi. Mula, awaké dhéwé kudu terus manut karo arahané organisasiné Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu nginjil marang kabèh wong merga awaké dhéwé péngin niru Yéhuwah sing ora mbédak-mbédakké. Kaya Yéhuwah sing tertib lan rukun, awaké dhéwé kudu nggawé para sedulur ing jemaat dadi rukun. Terus, awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah sing wis mulang umaté. Carané, awaké dhéwé isa nggunakké kabèh persediaané Yéhuwah. Wektu pungkasané donya kelakon, awaké dhéwé ora bakal wedi. Awaké dhéwé isa kendel lan tetep setya ngabdi bareng karo para sedulur liyané.

LAGU 3 Kekuwatan, Pangarep-arep, Percayaku

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi yakin nèk Yéhuwah isih ngarahké organisasiné saiki. Piyé carané Yéhuwah ngarahké umaté ing jamané para rasul lan jaman saiki? Pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 1 KATRANGAN: Organisasiné Yéhuwah kuwi ana ing swarga lan ing bumi. Kata ”organisasi” sing dirembug ing artikel iki maksudé organisasiné Yéhuwah sing ana ing bumi.

^ par. 52 GAMBAR: Sakwisé nonton vidéo sing nyritakké soal para sedulur sing nglayani ing dhaérah sing luwih mbutuhké, sedulur wédok perintis iki dadi péngin nindakké sing padha. Akhiré, dhèwèké nglayani ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil.