Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 45

Carané Mbantu Wong Liya Nindakké Préntahé Yésus

Carané Mbantu Wong Liya Nindakké Préntahé Yésus

’Padha lungaa lan dadèkna wong-wong muridku, wulangen wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé.’​—MAT. 28:19, 20.

LAGU 89 Rungokna lan Manuta

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Nurut Matius 28:18-20, préntah apa sing Yésus wènèhké marang murid-muridé?

SAKWISÉ diuripké manèh, Yésus nemoni murid-muridé sing ngumpul ing Galiléa. Ana tugas penting sing péngin Yésus wènèhké. Tugas apa kuwi? Jawabané disebutké ing Matius 28:18-20.​—Wacanen.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

2 Préntahé Yésus kuwi ora mung kanggo para rasulé, ning ya kanggo umaté Yéhuwah jaman saiki. Mula, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan sing ana hubungané karo tugas sing Yésus wènèhké kuwi. Pertama, sakliyané mulangké soal kepénginané Yéhuwah, apa manèh sing kudu awaké dhéwé tindakké? Keloro, piyé carané kabèh sedulur ing jemaat isa mbantu sing sinau Alkitab kanggo nggawé kemajuan? Ketelu, piyé carané awaké dhéwé isa mbantu para sedulur sing ora aktif * bèn dhèwèké isa nginjil manèh?

MULANG WONG LIYA SUPAYA NINDAKKÉ PRÉNTAHÉ YÉSUS

3. Apa bagéan penting saka préntahé Yésus sing kudu awaké dhéwé tindakké?

3 Yésus mréntahké awaké dhéwé kanggo mulang wong-wong soal kabèh sing dhèwèké préntahké. Saka préntah kuwi, ana bagéan penting sing kudu awaké dhéwé tindakké. Yésus ora mung ngongkon awaké dhéwé kanggo mulangké kabèh préntahé. Ning, Yésus mréntahké awaké dhéwé kanggo mulang wong-wong ”supaya nindakké kabèh sing [Yésus] préntahké marang kowé”. Bèn isa nindakké kuwi, awaké dhéwé kudu mulang sing sinau soal apa waé sing kudu ditindakké lan nduduhké carané ngetrapké kuwi. (Kis. 8:31) Apa sebabé kuwi penting?

4. Wènèhana perumpamaan sing mbantu awaké dhéwé ngerti carané mulang wong liya bèn manut karo préntahé Yésus.

4 Piyé carané awaké dhéwé isa mulang wong liya bèn manut karo préntahé Yésus? Kuwi isa diumpamakké kaya wong sing lagi ngajari nyetir mobil. Dhèwèké perlu ngajari sing sinau manut karo rambu-rambu lalu lintas. Piyé carané? Awalé, sing ngajari isa njelaské soal rambu-rambu lalu lintas sing ana ing dalan. Ning, ana manèh sing kudu ditindakké bèn sing ajar nyetir kuwi isa manut karo rambu-rambu lalu lintas. Sing ngajari kudu ngancani lan ngarahké wong kuwi wektu nyetir. Dhèwèké ya kudu mbantu wong kuwi bèn isa ngetrapké kabèh sing wis disinaoni. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka perumpamaan kuwi?

5. (a) Nurut Yohanes 14:15 lan 1 Yohanes 2:3, apa waé sing kudu ditindakké kanggo mulang sing sinau Alkitab? (b) Piyé carané awaké dhéwé mbantu sing sinau kanggo ngetrapké pathokané Alkitab?

5 Wektu mandhu sinau Alkitab, awaké dhéwé ora mung mulang soal kepénginané Gusti Allah. Ning, awaké dhéwé ya kudu ngajari sing sinau Alkitab supaya dhèwèké isa ngetrapké apa sing wis disinaoni. (Wacanen Yohanes 14:15; 1 Yohanes 2:3.) Awaké dhéwé isa mènèhi conto bèn sing sinau isa ngetrapké pathokané Alkitab wektu sekolah, nyambut gawé, utawa rékréasi. Awaké dhéwé isa nyritakké pengalamané awaké dhéwé soal manfaaté ngetrapké pathokané Alkitab utawa carané nggawé keputusan sing bener. Awaké dhéwé ya isa ndonga bareng karo sing sinau kanggo njaluk tuntunané roh suci.​—Yoh. 16:13.

6. Apa manèh sing kudu awaké dhéwé tindakké wektu mulang wong liya bèn manut karo préntahé Yésus?

6 Apa manèh sing kudu awaké dhéwé tindakké wektu mulang wong liya bèn manut karo préntahé Yésus? Awaké dhéwé kudu mbantu sing sinau bèn dhèwèké nduwé kepénginan kanggo mbantu wong liya dadi muridé Yésus. Ning, isa waé ana sing wedi nginjil. Mula, awaké dhéwé kudu sabar wektu mbantu sing sinau bèn bener-bener paham wulangané Alkitab, nduwé iman sing luwih kuwat, lan nduwé kepénginan kanggo nginjil. Terus, piyé carané mbantu sing sinau bèn nduwé kepénginan kanggo martakké kabar apik?

7. Piyé carané awaké dhéwé mbantu sing sinau bèn nduwé kepénginan kanggo martakké kabar apik?

7 Awaké dhéwé mungkin isa takon karo sing sinau, ”Merga ngetrapké pathokané Alkitab, manfaat apa sing njenengan rasakké? Nurut njenengan, apa wong-wong ya perlu ngrungokké kabar apik? Piyé carané njenengan mbantu wong-wong kuwi?” (WB. 3:27; Mat. 9:37, 38) Sakwisé kuwi, awaké dhéwé isa nduduhké selebaran-selebaran sing ana ing Alat-Alat kanggo Mulang. Terus, awaké dhéwé isa ngongkon dhèwèké milih salah siji selebaran sing kira-kira cocog kanggo seduluré, kanca-kancané, utawa kanca-kanca kerjané. Bar kuwi, awaké dhéwé isa mènèhi dhèwèké selebaran-selebaran sing wis dhèwèké pilih. Awaké dhéwé ya isa ngejak dhèwèké latihan carané mbagèkké selebaran kuwi. Terus, nèk sing sinau wis disetujui dadi penginjil sing durung dibaptis, awaké dhéwé isa ngancani lan mbantu dhèwèké wektu nginjil.​—Ko. 4:9, 10; Luk. 6:40.

CARANÉ PARA SEDULUR ING JEMAAT MBANTU SING SINAU NGGAWÉ KEMAJUAN

8. Apa sebabé sing sinau kudu sayang karo Gusti Allah lan wong liya? (Deloken kothak ” Carané Bèn Sing Sinau Luwih Sayang karo Gusti Allah”.)

8 Yésus mréntahké awaké dhéwé kanggo mulang wong liya bèn ”nindakké kabèh” sing Yésus préntahké. Préntah-préntahé Yésus kuwi termasuk nresnani Gusti Allah lan nresnani wong liya. Préntah loro kuwi ana hubungané karo gawéan nginjil lan ndadèkké murid. (Mat. 22:37-39) Apa hubungané? Sing sinau Alkitab lagi gelem nginjil nèk dhèwèké sayang karo Gusti Allah lan wong liya. Ana wong-wong sing sinau Alkitab sing mungkin nganggep nèk gawéan nginjil kuwi angèl ditindakké. Ning, awaké dhéwé isa ngyakinké wong-wong kuwi nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn isa kendel martakké kabar apik. (Ms. 18:2-4; WB. 29:25) Kothak sing ana ing artikel iki njelaské apa waé sing kudu awaké dhéwé tindakké kanggo mbantu sing sinau bèn dhèwèké isa luwih sayang karo Yéhuwah. Terus, piyé carané para sedulur ing jemaat isa mbantu sing sinau kanggo nduduhké rasa sayang marang Yéhuwah lan wong liya?

9. Saka perumpamaan kuwi, sing ajar nyetir isa sinau saka apa waé?

9 Awaké dhéwé isa mikirké manèh perumpamaan soal wong sing ajar nyetir. Wektu wong sing ajar nyetir dikancani karo sing ngajari, dhèwèké isa sinau saka apa waé? Dhèwèké isa sinau saka arahané sing ngajari lan cara nyetiré wong liya. Misalé, sing ngajari mungkin nduduhké salah siji sopir sing mènèhi dalan sopir liya kanggo nyalip dhèwèké. Utawa, nduduhké salah siji sopir sing ngatur lampuné bèn ora ngganggu sopir liyané. Conto-conto kuwi isa langsung ditrapké karo dhèwèké wektu nyetir.

10. Apa sing mbantu wong sing sinau isa nggawé kemajuan?

10 Kaya perumpamaan kuwi, wong sing sinau ya isa sinau saka pengalamané para sedulur, ora mung saka sing mbantu sinau Alkitab. Mula, apa sing isa mbantu dhèwèké nggawé kemajuan? Dhèwèké kudu teka berhimpun. Apa sebabé? Apa sing dirembug ing perhimpunan bakal mbantu dhèwèké nduwé pengetahuan sing luwih akèh, nduwé iman sing luwih kuwat, lan luwih sayang karo Yéhuwah. (Kis. 15:30-32) Sakliyané kuwi, sing mbantu sinau isa ngenalké dhèwèké marang para sedulur sing mungkin ngadhepi masalah sing padha. Apa sing isa disinaoni karo sing sinau Alkitab saka para sedulur ing jemaat?

11. Conto apa waé sing digatèkké karo wong sing sinau wektu ing perhimpunan, lan apa pengaruhé?

11 Coba gatèkna conto-conto iki. Conto pertama, ana wong wédok sing nggatèkké sedulur wédok sing padha-padha nggedhèkké anak dhèwèkan. Kuwi nggawé dhèwèké ngerti kaya apa upayané sedulur kuwi kanggo teka ing Balé Ibadah karo anak-anaké sing isih cilik. Conto liyané, ana wong lanang sing ngupaya kanggo mandheg ngrokok. Dhèwèké kenalan karo salah siji sedulur sing wis berhasil mandheg ngrokok. Sedulur kuwi kandha karo sing sinau nèk rasa sayangé marang Yéhuwah nggawé dhèwèké gelem manut kabèh préntahé Yéhuwah. (2 Kor. 7:1; Flp. 4:13) Sakwisé sedulur kuwi crita piyé carané dhèwèké isa mandheg ngrokok, sedulur kuwi kandha, ”Njenengan mesthi ya isa mandheg ngrokok.” Akhiré, wong lanang kuwi dadi ngrasa dikuwatké lan dhèwèké dadi yakin nèk isa mandheg ngrokok. Conto liyané manèh, ana cah wédok sing nggatèkké salah siji sedulur wédok sing isih enom. Sedulur kuwi kétok bahagia merga nglayani Yéhuwah. Kuwi nggawé dhèwèké dadi péngin ngerti apa sing isa nggawé sedulur kuwi bahagia.

12. Piyé carané saben anggota jemaat isa mbantu wong sing sinau Alkitab?

12 Wektu sing sinau kenal karo para sedulur, dhèwèké isa sinau saka pengalamané para sedulur kuwi soal carané manut karo préntahé Yésus, yaiku nresnani Gusti Allah lan wong liya. (Yoh. 13:35; 1 Tim. 4:12) Sakliyané kuwi, kaya sing wis disebutké, wong sing sinau isa sinau saka para sedulur sing nduwé pengalaman sing padha karo dhèwèké. Saka pengalaman-pengalaman kuwi, dhèwèké isa ngerti perubahan apa waé sing dibutuhké bèn isa dadi muridé Yésus. (PT. 30:11) Saben anggota jemaat isa mbantu wong sing sinau Alkitab. (Mat. 5:16) Apa sing isa njenengan tindakké kanggo nguwatké wong sing sinau Alkitab sing teka ing perhimpunan?

MBANTU SEDULUR SING ORA AKTIF BÈN GELEM NGINJIL MANÈH

13-14. Piyé carané Yésus nguwatké para rasulé sing lagi cilik ati?

13 Awaké dhéwé péngin mbantu para sedulur sing ora aktif bèn dhèwèké gelem nginjil lan mulang manèh. Bèn isa nindakké kuwi, awaké dhéwé isa sinau saka carané Yésus nguwatké para rasulé sing lagi cilik ati.

14 Sakdurungé Yésus mati, para rasulé ”padha mlayu lan ninggalké Yésus”. (Mrk. 14:50; Yoh. 16:32) Apa sing ditindakké Yésus wektu para rasulé ngrasa cilik ati? Ora suwé sakwisé diuripké manèh, Yésus kandha marang para pengikuté, ”Aja wedi. Lungaa lan kandhanana sedulur-sedulurku [nèk aku wis diuripké manèh].” (Mat. 28:10a) Kaya Yéhuwah, Yésus ya seneng ngapura. (2 Ra. 13:23) Yésus ora ninggalké para rasulé. Senajan para rasulé wis tau ninggalké Yésus, dhèwèké tetep nyebut para rasulé kuwi ”sedulur-sedulurku”.

15. Piyé perasaané awaké dhéwé marang para sedulur sing ora aktif?

15 Awaké dhéwé ya perduli lan sayang karo para sedulur sing ora aktif. Mbiyèn, para sedulur kuwi ya kerja keras kanggo nglayani Yéhuwah. Malah, ana sing nglayani Yéhuwah nganti puluhan taun. (Ibr. 6:10) Awaké dhéwé mesthi péngin banget isa kerja sama manèh karo para sedulur kuwi. (Luk. 15:4-7) Kaya sing wis ditindakké Yésus, piyé carané awaké dhéwé nduduhké rasa perduli marang para sedulur kuwi?

16. Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé perduli karo para sedulur sing ora aktif?

16 Ngundang berhimpun. Salah siji carané Yésus kanggo nguwatké para rasulé sing lagi cilik ati yaiku ngundang para rasul kanggo ketemu dhèwèké. (Mat. 28:10b; 1 Kor. 15:6) Saiki, awaké dhéwé ya isa ngundang para sedulur sing ora aktif kanggo teka berhimpun nèk dhèwèké wis suwé ora berhimpun. Mungkin awaké dhéwé perlu ngundang ping bola-bali nganti dhèwèké gelem berhimpun. Wektu para sedulur kuwi gelem teka berhimpun, awaké dhéwé mesthi seneng banget. Yésus mesthi ya ngrasa seneng wektu para rasulé nampa undangané.​—Bandhingna Matius 28:16 lan Lukas 15:6.

17. Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé wektu ana sedulur sing ora aktif teka berhimpun?

17 Nyambut para sedulur kuwi. Para rasul ngrasa disambut wektu ketemu karo Yésus. Yésus luwih dhisik marani lan ngejak omongan para rasulé. (Mat. 28:18) Piyé tanggepané awaké dhéwé wektu ana sedulur sing ora aktif teka berhimpun? Awaké dhéwé kudu nyambut sedulur kuwi. Awalé, mungkin awaké dhéwé bingung apa sing kudu diomongké. Ning, awaké dhéwé kudu éling nèk kata-katané awaké dhéwé aja nganti nggawé sedulur kuwi dadi ngrasa ora nyaman. Mula, awaké dhéwé isa ngomong nèk awaké dhéwé seneng isa ketemu karo dhèwèké.

18. Piyé carané ndhukung sedulur sing ora aktif?

18 Ndhukung para sedulur kuwi. Murid-muridé Yésus mungkin ngrasa ora isa nginjil marang kabèh wong. Yésus nguwatké murid-muridé lan kandha, ”Aku terus ngancani kowé.” (Mat. 28:20) Apa hasilé? Ora suwé sakwisé kuwi, murid-murid dadi sibuk kanggo ”mulangké lan martakké kabar apik”. (Kis. 5:42) Para sedulur sing ora aktif ya butuh didhukung. Para sedulur kuwi mungkin ngrasa wedi kanggo nginjil manèh. Mula, awaké dhéwé isa ngyakinké dhèwèké nèk awaké dhéwé bakal ngancani dhèwèké nginjil. Nèk para sedulur kuwi wis siap kanggo nginjil, awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké kanggo nginjil bareng. Para sedulur kuwi bakal ngrasa seneng banget merga awaké dhéwé gelem ndhukung dhèwèké kanggo martakké kabar apik manèh. Nèk awaké dhéwé nganggep wong-wong sing ora aktif kuwi seduluré awaké dhéwé, para sedulur kuwi isa dadi semangat manèh. Kuwi mesthi ya nggawé para sedulur ing jemaat ngrasa bahagia.

NGRAMPUNGKÉ TUGAS SAKA YÉSUS

19. Awaké dhéwé nduwé kepénginan apa, lan apa sebabé?

19 Awaké dhéwé kudu terus semangat nginjil lan ndadèkké murid nganti pungkasané jaman iki. (Mat. 28:20; deloken Daftar Istilah Alkitab, ”Pungkasané jaman”.) Nèk awaké dhéwé nduwé tékad sing kuwat, awaké dhéwé bakal isa ngrampungké tugas saka Yésus kuwi. Awaké dhéwé mesthi seneng nggunakké wektu, tenaga, lan bandhané awaké dhéwé kanggo mbantu wong-wong ”sing nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé”. (Kis. 13:48) Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé niru Yésus sing kandha, ”Pangananku yaiku nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku lan ngrampungké gawéan saka Panjenengané.” (Yoh. 4:34; 17:4) Awaké dhéwé nduwé kepénginan sing padha. Awaké dhéwé péngin ngrampungké tugas sing wis dipercayakké marang awaké dhéwé. (Yoh. 20:21) Awaké dhéwé ya péngin bèn kabèh wong, termasuk para sedulur sing ora aktif, ya isa terus semangat nindakké gawéan nginjil.​—Mat. 24:13.

20. Nurut Filipi 4:13, apa sebabé awaké dhéwé isa ngrampungké tugas saka Yésus?

20 Pancèn nindakké préntahé Yésus kuwi ora gampang. Ning, awaké dhéwé ora perlu cilik ati. Yésus janji nèk dhèwèké bakal mbantu awaké dhéwé. Wektu nginjil, Yéhuwah ya bakal mbantu awaké dhéwé merga awaké dhéwé dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”. (1 Kor. 3:9) Mula, awaké dhéwé mesthi isa berhasil ngrampungké tugas kuwi. Isa ndhukung gawéan nginjil lan mbantu wong liya kanggo nindakké sing padha kuwi bener-bener kesempatan istiméwa.​—Wacanen Filipi 4:13.

LAGU 79 Tulungana sing Sinau Bèn Isa Setya

^ par. 5 Yésus mréntahké para pengikuté kanggo mulang wong liya supaya nindakké kabèh préntahé Yésus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané isa nindakké préntahé Yésus kuwi.

^ par. 2 KATRANGAN: Sedulur ing jemaat isa disebut ora aktif nèk dhèwèké ora tau mèlu nginjil nganti enem sasi utawa luwih. Ning, kuwi ora berarti dhèwèké wis ora dadi seduluré awaké dhéwé manèh. Mula, awaké dhéwé bakal tetep sayang karo para sedulur kuwi.

^ par. 67 GAMBAR: Wektu sinau Alkitab, sedulur wédok kuwi njelaské langkah-langkah apa waé sing kudu ditindakké bèn sing sinau tambah sayang karo Gusti Allah. Terus, sing sinau ngetrapké saran-saran sing ditampa saka sedulur sing mbantu sinau Alkitab.