Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 46

Aja Wedi Merga Yéhuwah Bakal Nulungi

Aja Wedi Merga Yéhuwah Bakal Nulungi

”Aku babar blas ora bakal ninggalké kowé, lan Aku babar blas ora bakal ngejarké kowé.”​—IBR. 13:5.

LAGU 55 Aja Wedi Hé Umat-Ku!

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing isa nguwatké awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah? (Jabur 118:5-7)

WEKTU ngadhepi masalah, apa njenengan tau ngrasa nèk ora ana sing nulungi njenengan? Akèh wong, termasuk umaté Yéhuwah, ya tau ngrasa kaya ngono. (1 Ra. 19:14) Wektu ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé isa éling janjiné Yéhuwah iki, ”Aku babar blas ora bakal ninggalké kowé, lan Aku babar blas ora bakal ngejarké kowé.” Dadi, awaké dhéwé isa yakin lan kandha, ”Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi.” (Ibr. 13:5, 6) Rasul Paulus nulis kata-kata kuwi kanggo para sedulur ing Yudéa kira-kira taun 61 M. Kata-kata kuwi ya tau disebutké karo sing nulis Jabur ing Jabur 118:5-7.​—Wacanen.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki, lan apa manfaaté?

2 Paulus wis bola-bali ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah. Misalé, Paulus berhasil slamet saka badai sing gedhé wektu ing perjalanan numpak kapal. Peristiwa kuwi kelakon luwih saka rong taun sakdurungé Paulus nulis surat kanggo wong-wong Ibrani. (Kis. 27:4, 15, 20) Sakdurungé lan saksuwéné peristiwa kuwi, Yéhuwah nggunakké cara sing béda-béda kanggo nulungi Paulus. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug cara telu sing Yéhuwah tindakké kanggo nulungi Paulus. Yéhuwah nulungi Paulus liwat Yésus lan para malaékat, para pejabat pamréntah, lan para sedulur. Nèk ngrenungké kisahé Paulus, awaké dhéwé isa saya yakin nèk Yéhuwah ya bakal njawab dongané awaké dhéwé.

BANTUAN SAKA YÉSUS LAN PARA MALAÉKAT

3. Apa sing mungkin Paulus pikirké, lan apa sebabé Paulus mikir kaya ngono?

3 Paulus bener-bener mbutuhké bantuan. Apa sebabé? Kira-kira taun 56 M, Paulus ana ing Yérusalèm. Wektu kuwi, ana wong-wong sing nyèrèd Paulus metu saka bait lan ngupaya matèni dhèwèké. Sésuké, wektu Paulus nemoni Sanhèdrin, dhèwèké ya mèh dipatèni karo mungsuh-mungsuhé. (Kis. 21:30-32; 22:30; 23:6-10) Kuwi mungkin nggawé Paulus dadi mikir, ’Nganti kapan aku isa bertahan ngadhepi keadaan kaya ngéné?’

4. Piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus liwat Yésus?

4 Bantuan apa sing ditampa Paulus? Ing bengi sakwisé Paulus ditangkap, ”Gusti”, yaiku Yésus, teka marani Paulus lan kandha, ”Tetepa kendel! Kowé kudu mènèhi kesaksian ing Roma, kaya kowé wis mènèhi kesaksian kanthi tliti bab aku ing Yérusalèm.” (Kis. 23:11) Paulus bener-bener ngrasa dikuwatké. Yésus muji Paulus merga wis kendel mènèhi kesaksian ing Yérusalèm. Yésus ya janji nèk Paulus bakal slamet tekan Roma lan isa mènèhi kesaksian ing kono. Sakwisé ngrungokké janji kuwi, Paulus dadi ngrasa tenang kaya bocah sing dipeluk bapaké.

Wektu ana badai ing laut, ana malaékat sing ngyakinké Paulus nèk kabèh wong sing ana ing kapal bakal slamet (Deloken paragraf 5)

5. Piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus liwat malaékaté? (Deloken gambar ing halaman 1.)

5 Tantangan apa manèh sing diadhepi Paulus? Kira-kira rong taun sakwisé peristiwa ing Yérusalèm kuwi, Paulus lunga menyang Italia. Wektu ing perjalanan numpak kapal, ana badai sing nggawé kabèh wong ing njero kapal ngira nèk ora bakal slamet saka badai kuwi. Ning Paulus ora wedi. Dhèwèké kandha, ”Mau bengi Gusti Allah sing tak sembah, lan sing marang Panjenengané aku nindakké tugas suci, ngutus malaékaté kanggo ngadeg ing cedhakku lan kandha, ’Aja wedi, Paulus. Kowé kudu ngadeg ing ngarepé Kaisar. Gusti Allah bakal nylametké kowé lan wong-wong sing numpak kapal bareng kowé.’” Liwat malaékaté, Yéhuwah nyampèkké manèh janji sing wis disebutké Yésus. Akhiré, Paulus isa tekan Roma kaya sing dijanjèkké Yéhuwah.​—Kis. 27:20-25; 28:16.

6. Apa janjiné Yésus sing isa nguwatké awaké dhéwé, lan apa sebabé?

6 Bantuan apa sing awaké dhéwé tampa? Yésus bakal ndhukung awaké dhéwé kaya dhèwèké ya ndhukung Paulus. Contoné, Yésus janji karo kabèh muridé, ”Aku terus ngancani kowé nganti pungkasané jaman iki.” (Mat. 28:20) Omongané Yésus kuwi mesthi nguwatké awaké dhéwé. Apa sebabé? Merga kadhang kala awaké dhéwé ya ngrasa cilik ati wektu ngadhepi masalah. Contoné, wektu wong sing awaké dhéwé sayangi mati, awaké dhéwé mesthi sedhih mungkin nganti pirang-pirang taun. Sing liyané, mungkin ngadhepi tantangan merga wis tuwa utawa ngrasa strès. Ning, awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk Yésus ”terus” ngancani awaké dhéwé, termasuk wektu ngadhepi masalah.​—Mat. 11:28-30.

Para malaékat mbantu awaké dhéwé wektu martakké kabar apik (Deloken paragraf 7)

7. Nurut Wahyu 14:6, piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé?

7 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé liwat para malaékat. (Ibr. 1:7, 14) Misalé, para malaékat mbantu awaké dhéwé wektu martakké ”kabar apik bab Kraton” marang wong-wong saka ”kabèh suku, golongan, [lan] basa”.​—Mat. 24:13, 14; wacanen Wahyu 14:6.

BANTUAN SAKA PARA PEJABAT PAMRÉNTAH

8. Piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus liwat komandan militèr?

8 Bantuan apa sing ditampa Paulus? Ing taun 56 M, Yésus janji nèk Paulus bakal slamet tekan Roma. Ning, ana wong-wong Yahudi ing Yérusalèm sing nduwé rencana kanggo nyerang lan matèni Paulus. Wektu komandan militèr Roma sing jenengé Klaudius Lisias krungu soal rencana kuwi, dhèwèké langsung nylametké Paulus. Klaudius ngutus para prajurité kanggo nggawa Paulus menyang Kaisaréa, sing jaraké 105 kilomèter saka Yérusalèm. Ing Kaisaréa, Gubernur Fèliks ngongkon bèn Paulus ”ditahan ing istanané Hérodès”. Paulus mesthi ngrasa aman ana ing kono.​—Kis. 23:12-35.

9. Piyé carané Gubernur Fèstus nulungi Paulus?

9 Rong taun sakwisé kuwi, Paulus isih ditahan ing Kaisaréa. Wektu kuwi, Fèstus sing dadi gubernur nggantèni Fèliks. Wong-wong Yahudi njaluk marang Fèstus kanggo ngirim Paulus bali menyang Yérusalèm bèn isa diadili. Ning, Fèstus ora gelem. Mungkin dhèwèké wis ngerti nèk wong-wong Yahudi ”nduwé rencana jahat kanggo nyerang lan matèni Paulus ing dalan”.​—Kis. 24:27–25:5.

10. Piyé tanggepané Gubernur Fèstus wektu Paulus njaluk bandhing marang Kaisar?

10 Akhiré, Paulus arep diadili ing Kaisaréa. Merga péngin ”disenengi wong-wong Yahudi”, Fèstus takon marang Paulus, ”Apa kowé péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing ngarepku ing kana?” Paulus ngerti nèk dhèwèké isa waé dipatèni karo wong-wong Yahudi nèk bali menyang Yérusalèm. Paulus ya ngerti apa sing kudu ditindakké bèn isa slamet, lunga menyang Roma, lan nindakké pelayanané. Mula, Paulus kandha, ”Aku njaluk bandhing marang Kaisar!” Terus, sakwisé rembugan karo para penaséhaté, Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, mula kowé bakal lunga marang Kaisar.” Keputusané Fèstus kanggo ngirim Paulus menyang Roma kuwi isa nylametké Paulus. Ora suwé sakwisé kuwi, Paulus tekan ing Roma lan adoh saka mungsuh-mungsuhé.​—Kis. 25:6-12.

11. Kata-katané Yésaya endi sing mungkin dipikirké Paulus?

11 Sakdurungé nindakké perjalanan menyang Italia, Paulus mungkin mikirké kata-katané Nabi Yésaya kanggo mungsuh-mungsuhé Yéhuwah. Yésaya kandha, ”Padha gawéa rancangan, nanging iku uga bakal gagal; gawéa putusan, nanging uga bakal ora tumindak, awit Gusti Allah nunggil karo aku kabèh.” (Yé. 8:10) Paulus ngerti nèk Yéhuwah bakal mbantu dhèwèké, lan kuwi mesthi nguwatké Paulus wektu ngadhepi tantangan liyané.

Kaya sing wis ditindakké ing jaman mbiyèn, Yéhuwah isa nggunakké para pejabat pamréntah kanggo nglindhungi umaté (Deloken paragraf 12-13)

12. Piyé tumindaké Yulius marang Paulus, lan kuwi nggawé Paulus dadi ngerti soal apa?

12 Ing taun 58 M, Paulus lunga menyang Italia. Wektu kuwi, perwira Romawi sing jenengé Yulius dipasrahi kanggo njaga Paulus. Sakjané, Yulius nduwé wewenang kanggo nganiaya utawa tumindak apik marang Paulus. Ning, apa sing dhèwèké tindakké? Sésuké, wektu tekan ing pelabuhan pertama, ’Yulius tumindak kanthi apikan banget [lan] ngijinké Paulus marani kanca-kancané’. Malah, Yulius nylametké Paulus. Wektu para prajurit péngin matèni kabèh tahanan sing ana ing kapal, Yulius nggagalké rencana kuwi. Apa sebabé? Merga dhèwèké ”péngin nylametké Paulus”. Peristiwa kuwi kayané nggawé Paulus ngerti nèk Yéhuwah nggunakké Yulius kanggo mbantu lan nylametké dhèwèké.​—Kis. 27:1-3, 42-44.

Deloken paragraf 13

13. Piyé carané Yéhuwah nggunakké para pejabat pamréntah kanggo mbantu awaké dhéwé?

13 Bantuan apa sing awaké dhéwé tampa? Yéhuwah isa nggunakké roh suciné bèn para pejabat pamréntah nindakké kepénginané Yéhuwah. Raja Salomo kandha, ”Panggalihé ratu iku kaya ilèn-ilèn banyu ing astané Pangéran Yéhuwah, diilèkaké manut ing sakarsané piyambak.” (WB. 21:1) Apa maksudé? Kaya manungsa sing isa nggawé banyu kali ngalir ing panggonan liya sing dipéngini, Yéhuwah ya isa nggunakké roh suciné kanggo mengaruhi cara mikiré para pejabat pamréntah bèn isa nindakké kepénginané Yéhuwah. Wektu Yéhuwah nindakké kuwi, para pejabat pamréntah dadi nduwé kepénginan kanggo nggawé keputusan sing ana manfaaté kanggo umaté Yéhuwah.​—Bandhingna Ézra 7:21, 25, 26.

14. Nurut Kisah Para Rasul 12:5, sapa waé sing isa awaké dhéwé dongakké?

14 Apa sing isa awaké dhéwé tindakké? Awaké dhéwé isa ndongakké ”raja-raja lan kabèh wong sing nduwé kedudukan dhuwur” wektu wong-wong kuwi nggawé keputusan sing ana pengaruhé karo ibadah lan kegiatan nginjilé awaké dhéwé. (1 Tim. 2:1, 2, ctn.; Ny. 1:11) Kaya wong Kristen ing jamané para rasul, awaké dhéwé ya isa ndongakké para sedulur sing lagi dipenjara. (Wacanen Kisah Para Rasul 12:5; Ibr. 13:3) Awaké dhéwé ya isa ndongakké para penjaga penjara bèn ”tumindak nganggo katresnan” marang para seduluré awaké dhéwé, kaya sing ditindakké Yulius.​—Kis. 27:3, ctn.

BANTUAN SAKA PARA SEDULUR

15-16. Piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus liwat Aristarkhus lan Lukas?

15 Bantuan apa sing ditampa Paulus? Saksuwéné perjalanan menyang Roma, Yéhuwah bola-bali nggunakké para sedulur kanggo mbantu Paulus. Gatèkna conto-conto iki.

16 Kanca-kancané Paulus, yaiku Aristarkhus lan Lukas mutuské kanggo ngancani Paulus lunga menyang Roma. * Alkitab ora kandha nèk Yésus janji marang Aristarkhus lan Lukas nèk wong loro kuwi bakal slamet tekan Roma. Kuwi artiné, wong loro kuwi ngerti nèk bakal ngadhepi bahaya ing perjalanan. Ning, wong loro kuwi tetep mangkat merga péngin mbantu Paulus. Wektu ing perjalanan, wong loro kuwi lagi ngerti nèk bakal slamet. Mula, wong loro kuwi tekan Kaisaréa, Paulus mesthi ndonga ngucap syukur marang Yéhuwah merga wis mbantu dhèwèké liwat para sedulur sing kendel kuwi.​—Kis. 27:1, 2, 20-25.

17. Piyé carané Yéhuwah nguwatké Paulus liwat para sedulur?

17 Wektu ing perjalanan, Paulus ping bola-bali nampa bantuan saka para sedulur. Misalé, wektu ing Sidon, Yulius ngijinké Paulus ”marani kanca-kancané supaya dhèwèké isa nampa bantuan saka kanca-kancané”. Sakwisé kuwi, wektu ing kutha Putéoli, Paulus lan kanca-kancané ”ketemu karo sedulur-sedulur, lan para sedulur kuwi ngongkon aku kabèh manggon ing kana suwéné pitung dina”. Para sedulur ing kono nggatèkké kebutuhané Paulus lan kanca-kancané. Para sedulur kuwi mesthi seneng banget wektu Paulus nyritakké pengalamané sing nguwatké. (Bandhingna Kisah Para Rasul 15:2, 3.) Sakwisé ngrasa dikuwatké, Paulus lan kanca-kancané nglanjutké perjalanané.​—Kis. 27:3; 28:13, 14.

Kaya Paulus, awaké dhéwé nampa bantuané Yéhuwah liwat para sedulur (Deloken paragraf 18-19)

18. Apa sebabé Paulus ngucap syukur marang Yéhuwah lan ngrasa dikuwatké?

18 Wektu perjalanan menyang Roma, Paulus mesthi kèlingan banget karo sing wis dhèwèké tulis telung taun sakdurungé kanggo jemaat ing kana. Dhèwèké kandha, ”Aku pancèn wis pirang-pirang taun péngin teka marani kowé kabèh.” (Rm. 15:23) Ning, dhèwèké ora ngira nèk bakal teka mrono dadi tahanan. Paulus mesthi ngrasa dikuwatké wektu ndelok para sedulur ing Roma padha ngentèni kanggo nyambut dhèwèké. ”Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap sokur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké.” (Kis. 28:15) Paulus bersyukur banget marang Yéhuwah merga isa ngrasakké bantuané Yéhuwah liwat para sedulur.

Deloken paragraf 19

19. Nurut 1 Pétrus 4:10, piyé carané Yéhuwah nggunakké awaké dhéwé kanggo mbantu para sedulur sing mbutuhké?

19 Apa sing isa awaké dhéwé tindakké? Apa ana sedulur ing jemaaté njenengan sing lagi susah merga lara, ditinggal mati karo wong sing disayangi, utawa ngadhepi tantangan liyané? Nèk awaké dhéwé nggatèkké ana sedulur sing mbutuhké bantuan, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn awaké dhéwé isa nguwatké sedulur kuwi. Omongan lan tumindaké awaké dhéwé mungkin isa dadi sumber kekuwatan kanggo para sedulur. (Wacanen 1 Pétrus 4:10.) * Hasilé, para sedulur isa bener-bener yakin karo janjiné Yéhuwah sing kandha, ”Aku babar blas ora bakal ninggalké kowé, lan Aku babar blas ora bakal ngejarké kowé.” Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé bener-bener bahagia.

20. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk ”Yéhuwah kuwi sing nulungi aku”?

20 Kaya Paulus lan kanca-kancané, awaké dhéwé ya ngadhepi akèh masalah. Ning, awaké dhéwé isa kendel ngadhepi masalah merga dibantu Yéhuwah. Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé bantuan liwat Yésus lan para malaékat. Nèk cocog karo kepénginané, Yéhuwah ya isa mbantu awaké dhéwé liwat para pejabat pamréntah. Terus, kaya sing mungkin wis tau awaké dhéwé alami, Yéhuwah ya isa mbantu awaké dhéwé liwat para sedulur. Mula, awaké dhéwé isa yakin kaya Paulus sing kandha, ”Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Apa sing isa ditindakké manungsa marang aku?”​—Ibr. 13:6.

LAGU 38 Yéhuwah sing Bakal Nguwatké

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug cara telu sing Yéhuwah tindakké kanggo nulungi Rasul Paulus bèn isa ngadhepi tantangan. Kaya Paulus, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ya bakal nulungi awaké dhéwé wektu ngadhepi tantangan.

^ par. 16 Aristarkhus lan Lukas wis tau ngancani Paulus. Malah, wong loro kuwi tetep ngancani Paulus wektu dipenjara ing Roma.​—Kis. 16:10-12; 20:4; Kol. 4:10, 14.