Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 47

Apa Njenengan Gelem Nggawé Perubahan?

Apa Njenengan Gelem Nggawé Perubahan?

”Sing pungkasan, sedulur-sedulur, terusa bungah, nggawé owah-owahan.”​—2 KOR. 13:11.

LAGU 54 ’Iki Dalané’

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Nurut Matius 7:13, 14, apa maksudé awaké dhéwé kaya lagi ana ing perjalanan?

AWAKÉ DHÉWÉ kaya lagi ana ing perjalanan sing tujuané donya anyar sing dipréntah karo Yéhuwah. Saben dina, awaké dhéwé ngupaya bèn isa mlaku ing dalan sing tujuané donya anyar. Ning, Yésus kandha nèk dalan kuwi sempit lan angèl diliwati. (Wacanen Matius 7:13, 14.) Terus merga ora sampurna, awaké dhéwé dadi ora gampang kanggo mlaku ing dalan kuwi.​—Gal. 6:1.

2. Apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel iki? (Deloken kothak ” Pentingé Sipat Rendah Hati Bèn Isa Nggawé Perubahan”.)

2 Bèn isa terus mlaku ing dalan sempit sing nuntun awaké dhéwé ing urip saklawasé, awaké dhéwé kudu ngubah cara mikir lan tumindaké awaké dhéwé. Rasul Paulus ngandhani para sedulur ing Korintus bèn terus ”nggawé owah-owahan”. (2 Kor. 13:11) Awaké dhéwé ya kudu nindakké sing padha. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug carané Alkitab isa mbantu awaké dhéwé nggawé perubahan lan carané kanca sing akrab karo Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé terus manut karo pathokané Alkitab. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing nggawé awaké dhéwé dadi angèl manut karo arahan saka organisasiné Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug nèk sipat rendah hati isa mbantu awaké dhéwé bahagia senajan kudu nggawé perubahan.

NAMPA NASÉHAT SAKA ALKITAB

3. Apa manfaaté Alkitab kanggo awaké dhéwé?

3 Mriksa cara mikir kuwi ora gampang. Apa sebabé? Merga ati kuwi licik. Mula, ora gampang kanggo ngerti motifé awaké dhéwé tumindak. (Ym. 17:9) Awaké dhéwé ya dadi gampang kepengaruh karo ”cara mikir sing salah”. (Yak. 1:22) Mula, awaké dhéwé isa nggunakké Alkitab kanggo mriksa cara mikir lan tumindaké awaké dhéwé. Alkitab ”isa nduduhké perkara-perkara sing kita pikirké lan nduduhké pepénginan ing ati kita”. (Ibr. 4:12, 13) Kaya alat rontgen, Alkitab isa mbantu awaké dhéwé ngerti isi ati lan pikirané awaké dhéwé. Dadi, awaké dhéwé kudu rendah hati bèn isa éntuk manfaat saka naséhaté Alkitab lan para sedulur sing mimpin jemaat.

4. Apa buktiné nèk Raja Saul dadi wong sing sombong?

4 Saka kisahé Raja Saul, awaké dhéwé isa ngerti apa akibaté nèk ora rendah hati. Saul bener-bener sombong, lan kuwi nggawé dhèwèké ora gelem nggawé perubahan. (Ms. 36:2, 3; Hab. 2:4) Apa buktiné? Misalé, wektu Yéhuwah ngandhani Saul soal apa sing kudu dhèwèké tindakké sakwisé ngalahké wong-wong Amalèk, Saul ora manut karo Yéhuwah. Terus, wektu Nabi Samuèl ngandhani soal masalah kuwi, Saul ora ngakoni kesalahané. Saul nganggep nèk apa sing ditindakké kuwi dudu masalah serius, lan dhèwèké malah nyalahké wong liya. (1 Sa. 15:13-24) Sakdurungé, Saul ya tau nindakké sing padha. (1 Sa. 13:10-14) Merga sombong, Saul ora gelem berubah. Akibaté, Yéhuwah nolak dhèwèké.

5. Apa sing isa disinaoni saka kisahé Raja Saul?

5 Awaké dhéwé mesthi ora péngin niru Saul. Mula, awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: ’Wektu maca naséhaté Alkitab, apa aku kerep golèk-golèk alesan kanggo ora ngetrapké kuwi? Apa aku nganggep nèk apa sing tak tindakké kuwi dudu kesalahan sing serius? Apa aku seneng nyalahké wong liya?’ Nèk jawabané iya, awaké dhéwé kudu berubah. Nèk ora gelem berubah, awaké dhéwé isa dadi sombong, lan Yéhuwah ora gelem dadi kancané awaké dhéwé.​—Yak. 4:6.

6. Raja Daud kuwi wong sing kaya apa?

6 Ora kaya Saul, Daud kuwi wong sing manut karo ”angger-anggeré Sang Yéhuwah”. (Ms. 1:1-3) Daud ngerti nèk Yéhuwah sayang karo wong sing rendah hati lan sengit karo wong sing sombong. (2 Sa. 22:28) Mula, Daud ngetrapké hukumé Gusti Allah bèn isa nduwé cara mikir sing nyenengké Yéhuwah. Daud kandha, ”Aku ngalembana marang Sang Yéhuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang déning telenging batinku.”​—Ms. 16:7.

ALKITAB

Alkitab bakal ngélikké wektu awaké dhéwé mulai nindakké sing salah. Nèk rendah hati, awaké dhéwé gelem manut karo pathokané Alkitab kanggo ngubah cara mikiré awaké dhéwé bèn ora nindakké sing salah (Deloken paragraf 7)

7. Apa sing bakal awaké dhéwé tindakké nèk rendah hati?

7 Nèk rendah hati, awaké dhéwé gelem manut karo pathokané Alkitab kanggo ngubah cara mikiré awaké dhéwé bèn ora nindakké sing salah. Alkitab bakal ngélikké nèk awaké dhéwé mulai nindakké sing salah. Alkitab kaya-kayané lagi kandha, ”Iki dalané, lumakua ing kéné.” (Yé. 30:21) Awaké dhéwé bakal ngrasakké akèh manfaat nèk ngrungokké Yéhuwah. (Yé. 48:17) Misalé, awaké dhéwé ora bakal kisinan merga dikorèksi karo wong liya. Awaké dhéwé ya bakal dadi saya akrab karo Yéhuwah merga ngerti nèk Yéhuwah perduli karo awaké dhéwé kaya bapak sing sayang karo anak-anaké.​—Ibr. 12:7.

8. Kaya sing disebutké ing Yakobus 1:22-25, apa sebabé Alkitab isa dipadhakké kaya cermin?

8 Alkitab isa dipadhakké kaya cermin. (Wacanen Yakobus 1:22-25.) Biasané, awaké dhéwé ngaca dhisik sakdurungé metu omah bèn isa ngerti kaya apa penampilané awaké dhéwé. Wektu maca Alkitab saben dina, awaké dhéwé dadi ngerti nèk ana sing kudu diubah saka cara mikir lan tumindaké awaké dhéwé. Akèh wong éntuk manfaat merga maca ayat harian saben ésuk sakdurungé nindakké kegiatan. Wong-wong kuwi ngrenungké apa sing wis diwaca terus ngupaya kanggo ngetrapké naséhaté Alkitab ing dina kuwi. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu maca Alkitab lan ngrenungké isiné saben dina. Kuwi salah siji cara utama bèn awaké dhéwé isa tetep mlaku ing dalan sempit sing nuntun awaké dhéwé ing urip saklawasé.

NAMPA NASÉHAT SAKA KANCA SING AKRAB KARO YÉHUWAH

KANCA SING AKRAB KARO YÉHUWAH

Kanca sing akrab karo Yéhuwah mungkin mènèhi awaké dhéwé naséhat. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga nduwé kanca sing perduli karo awaké dhéwé (Deloken paragraf 9)

9. Kapan kancané njenengan mungkin mènèhi njenengan naséhat?

9 Apa njenengan tau mulai nindakké perkara sing nggawé Yéhuwah ora seneng? (Ms. 73:2, 3) Nèk ana kanca sing akrab karo Yéhuwah sing mènèhi njenengan naséhat, apa njenengan bakal ngrungokké lan ngetrapké naséhat kuwi? Nèk iya, kuwi berarti njenengan wis nindakké sing bener. Njenengan mesthi ya bersyukur merga nduwé kanca sing perduli karo njenengan.​—WB. 1:5.

10. Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé wektu ana sing mènèhi naséhat?

10 Alkitab kandha, ”Mitra iku anggoné nggebug kanthi tujuan kang becik.” (WB. 27:6) Apa maksudé kata-kata kuwi? Gatèkna perumpamaan iki. Bayangna, njenengan arep nyebrang ing dalan sing ramé karo dolanan HP. Njenengan lagi mlaku tanpa ndelok kiwa tengen. Terus, ana kanca sing narik tangané njenengan bèn njenengan ora ketabrak mobil. Mungkin, kuwi nggawé tangané njenengan dadi lara. Ning, apa njenengan dadi nesu karo dhèwèké? Mesthiné ora, ta? Njenengan mesthi bersyukur merga wis ditulungi. Nèk ana kancané njenengan sing mènèhi naséhat merga omongan utawa tumindaké njenengan sing ora cocog karo pathokané Alkitab mungkin kuwi nggawé lara ati. Ning, njenengan aja nolak naséhat kuwi utawa dadi nesu merga kuwi ora patut. (Ko. 7:9) Malah, njenengan kuduné bersyukur merga nduwé kanca sing gelem mènèhi naséhat.

11. Apa sebabé ana wong sing nolak naséhat saka kancané?

11 Apa sebabé ana wong sing nolak naséhat saka kancané? Merga nduwé sipat sombong. Wong sing sombong ”mung ngomongké apa sing péngin dirungokké wong-wong kuwi” lan ”ora ngrungokké manèh apa sing bener”. (2 Tim. 4:3, 4, ctn.) Wong-wong kuwi ngrasa ora butuh naséhat merga nganggep nèk dhèwèké luwih wicaksana ketimbang wong liya. Ning, Paulus kandha, ”Nèk wong mikir dhèwèké kuwi penting, padahal sakjané dudu sapa-sapa, wong kuwi ngapusi dhèwèké dhéwé.” (Gal. 6:3) Raja Salomo njelaské soal iki, kandhané, ”Wong anom kang miskin nanging kadunungan kawicaksanan iku luwih becik katimbang karo ratu sepuh kang bodho, kang puguh diémutaké.”​—Ko. 4:13.

12. Apa sing isa disinaoni saka kisahé Rasul Pétrus sing dicathet ing Galatia 2:11-14?

12 Gatèkna kisahé Rasul Pétrus wektu diwènèhi naséhat karo Rasul Paulus ing ngarepé akèh wong. (Wacanen Galatia 2:11-14.) Sakjané, Pétrus isa waé dadi nesu wektu ngrungokké naséhaté Paulus merga carané dhèwèké mènèhi naséhat lan merga Paulus ngomongé ing ngarepé akèh wong. Ning, Pétrus wicaksana. Dhèwèké nampa naséhaté lan ora nesu karo Paulus. Malah, sakwisé kuwi Pétrus nyebut Paulus ”sedulur sing kita tresnani”.​—2 Ptr. 3:15.

13. Apa waé sing kudu dipikirké wektu arep mènèhi naséhat?

13 Wektu arep mènèhi naséhat, apa waé sing kudu dipikirké? Sakdurungé mènèhi naséhat, awaké dhéwé isa mikirké pitakonan iki, ’Apa aku dadi terlalu ”mursid [utawa, bener]”?’ (Ko. 7:16) Wong sing kaya ngono biasané mènèhi naséhat nurut pandangané dhéwé dudu saka pathokané Alkitab, lan kuwi tumindak sing ora apikan. Sakwisé mikirké pitakonan mau, mungkin awaké dhéwé ngrasa isih kudu mènèhi naséhat. Nèk ngono, awaké dhéwé isa ngandhani dhèwèké masalahé lan nggunakké pitakonan kanggo mbantu dhèwèké ngerti kesalahan apa sing wis dhèwèké tindakké. Awaké dhéwé kudu nggunakké pathokané Alkitab wektu mènèhi naséhat. Awaké dhéwé ya kudu éling nèk dudu haké awaké dhéwé kanggo ngadili dhèwèké. Ning, awaké dhéwé kudu mbantu supaya dhèwèké ngerti piyé perasaané Yéhuwah soal apa sing dhèwèké tindakké. (Rm. 14:10) Wektu mènèhi naséhat, aja ngendelké kemampuané awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa niru Yésus sing apikan. (WB. 3:5; Mat. 12:20) Apa sebabé? Yéhuwah bakal apikan karo awaké dhéwé nèk awaké dhéwé apikan karo wong liya.​—Yak. 2:13.

MANUT ARAHAN SAKA ORGANISASINÉ YÉHUWAH

ORGANISASINÉ YÉHUWAH

Organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké akèh vidéo, publikasi, lan acara perhimpunan sing mbantu awaké dhéwé ngetrapké naséhaté Alkitab. Kadhang kala, Pengurus Pusat nggawé penyesuaian soal carané gawéan nginjil ditindakké (Deloken paragraf 14)

14. Apa waé sing organisasiné Yéhuwah sedhiakké kanggo awaké dhéwé?

14 Liwat organisasiné ing bumi, Yéhuwah mènèhi arahan kanggo umaté. Organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké akèh vidéo, publikasi, lan acara perhimpunan sing mbantu awaké dhéwé ngetrapké naséhaté Alkitab. Kabèh sing Yéhuwah sedhiakké kuwi dhasaré saka Alkitab. Wektu nggawé keputusan soal carané gawéan nginjil ditindakké, Pengurus Pusat manut karo tuntunané roh suci. Senajan wis nggawé keputusan, Pengurus Pusat ngrasa perlu ngrembug manèh keputusan kuwi bèn ngerti perubahan apa sing dibutuhké. Kenapa? Merga ”adegan donya iki lagi malih” lan organisasiné Yéhuwah kudu nyesuaikké karo keadaan sing lagi kelakon.​—1 Kor. 7:31, ctn.

15. Tantangan apa sing kudu diadhepi para sedulur?

15 Wektu organisasiné Yéhuwah mènèhi katrangan anyar soal wulangané Alkitab utawa pathokan moral, awaké dhéwé mesthi gelem manut. Ning, piyé tanggepané awaké dhéwé wektu organisasiné Yéhuwah nggawé perubahan sing ana pengaruhé kanggo uripé awaké dhéwé? Misalé, pirang-pirang taun iki, biaya kanggo mbangun lan ngrawat panggonan ibadah dadi saya larang. Supaya jumlah anggotané jemaat isa sesuai karo daya tampungé Balé Ibadah, mula Pengurus Pusat ngatur bèn ana jemaat-jemaat sing digabung lan Balé Ibadah sing ora digunakké isa didol. Hasilé, organisasiné Yéhuwah isa mbangun manèh panggonan ibadah ing dhaérah sing luwih mbutuhké. Nèk njenengan manggon ing dhaérah sing Balé Ibadahé didol lan jemaaté kudu digabung, njenengan mungkin ngrasa ora gampang merga kudu nggawé penyesuaian. Ana sedulur-sedulur sing kudu lunga luwih adoh kanggo teka berhimpun. Para sedulur liyané sing wis kerja keras mbangun lan ngrawat Balé Ibadah mungkin ngrasa bingung kenapa kok baléné malah didol. Para sedulur kuwi mungkin ngrasa gela merga wis nggunakké wektu lan tenagané kanggo ngrawat balé kuwi. Senajan ngono, para sedulur kuwi gelem manut karo arahan organisasi lan pantes dialem.

16. Apa sebabé ngetrapké Kolose 3:23, 24 isa nggawé awaké dhéwé tetep ngrasa bahagia?

16 Awaké dhéwé kudu éling nèk kabèh sing awaké dhéwé tindakké kuwi kanggo Yéhuwah lan nèk Dhèwèké ngarahké organisasiné. Nèk éling soal kuwi, awaké dhéwé isa tetep ngrasa bahagia. (Wacanen Kolose 3:23, 24.) Gatèkna contoné Raja Daud wektu mènèhi sumbangan kanggo mbangun bait. Dhèwèké kandha, ”Sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, déné kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdéné sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.” (1 Bb. 29:14) Wektu nyumbang, awaké dhéwé mènèhi Yéhuwah apa sing wis Dhèwèké wènèhké marang awaké dhéwé. Senajan ngono, Yéhuwah nganggep nèk wektu, tenaga, lan bandha sing awaké dhéwé wènèhké kanggo ndhukung gawéan nginjil kuwi berharga.​—2 Kor. 9:7.

TERUSA MLAKU ING DALAN SING SEMPIT

17. Apa sebabé ora perlu ngrasa cilik ati nèk kudu ngubah cara mikir utawa tumindaké awaké dhéwé?

17 Awaké dhéwé kudu niru Yésus bèn isa terus mlaku ing dalan sempit sing nuntun awaké dhéwé ing urip saklawasé. (1 Ptr. 2:21) Awaké dhéwé ora perlu ngrasa cilik ati nèk ana sing kudu diubah saka cara mikir utawa tumindaké awaké dhéwé. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé péngin manut karo arahané Yéhuwah. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé kuwi ora sampurna. Mula, Yéhuwah ora njaluk awaké dhéwé niru persis apa sing Yésus tindakké.

18. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa urip saklawasé?

18 Muga-muga awaké dhéwé isa terus fokus karo harapan ing masa depan lan nggawé penyesuaian kanggo cara mikir lan tumindaké awaké dhéwé. (WB. 4:25; Luk. 9:62) Tetepa rendah hati, ”terusa bungah, nggawé owah-owahan”. (2 Kor. 13:11) Nèk nindakké kuwi ”Gusti Allah sing kebak katresnan lan katentreman terus ngayomi [awaké dhéwé]”. Awaké dhéwé ya bakal ngrasa bahagia saiki lan isa urip saklawasé ing masa depan.

LAGU 34 Ngabdi Setya-Tuhu

^ par. 5 Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk ngubah cara mikir lan tumindak kuwi ora gampang. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé awaké dhéwé kudu nggawé perubahan lan piyé carané bèn tetep bahagia wektu nindakké kuwi.

^ par. 76 GAMBAR: Wektu ana sedulur sing nyritakké akibat saka keputusan sing dhèwèké gawé, sedulur ing sisih tengen ngrungokké tenanan lan mikirké apa dhèwèké perlu mènèhi naséhat.