Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 48

”Terus Mandeng” Masa Depan

”Terus Mandeng” Masa Depan

”Mripatmu kareben terus mandeng mangarep, lan pandelengé mripatmu tansah katujokna mangarsa.”​—WB. 4:25.

LAGU 77 Sumber Padhang Sejati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Piyé carané ngetrapké naséhat ing Wulang Bebasan 4:25? Wènèhana conto.

BAYANGNA ana salah siji sedulur wédok sepuh sing kèlingan peristiwa-peristiwa sing nyenengké ing jaman mbiyèn. Senajan saiki ngadhepi akèh tantangan, ning dhèwèké terus ngupaya sak isa-isané kanggo Yéhuwah. (1 Kor. 15:58) Saben dina, dhèwèké mbayangké isa urip ing Firdaus bareng karo wong sing disayangi. Ana manèh sedulur wédok sing kèlingan nèk tau digawé lara ati karo sedulur liyané. Ning, dhèwèké ngupaya bèn ora terus-terusan mikirké kuwi. (Kol. 3:13) Terus, ana sedulur lanang sing kèlingan nèk dhèwèké tau nindakké kesalahan, ning saiki dhèwèké terus ngupaya tetep setya marang Yéhuwah.​—Ms. 51:12.

2 Apa persamaané sedulur telu kuwi? Sedulur-sedulur kuwi kèlingan karo peristiwa ing jaman mbiyèn. Ning, wong-wong kuwi ora terus-terusan mikirké peristiwa kuwi. Malah, para sedulur kuwi ”terus mandeng” masa depan.​—Wacanen Wulang Bebasan 4:25.

3. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ”terus mandeng” masa depan?

3 Apa sebabé awaké dhéwé kudu ”terus mandeng” masa depan? Kaya wong sing ora isa mlaku lurus nèk terus-terusan ndelok mburi, awaké dhéwé ya ora isa nindakké sing paling apik kanggo Yéhuwah nèk terus-terusan ngéling-éling peristiwa ing jaman mbiyèn.​—Luk. 9:62.

4. Apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel iki?

4 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé terus-terusan mikirké peristiwa ing jaman mbiyèn, * yaiku: (1) kenangan, (2) rasa dendam, lan (3) rasa bersalah. Awaké dhéwé bakal ngrembug piyé pathokané Alkitab isa mbantu awaké dhéwé ngadhepi kuwi kabèh. Hasilé, awaké dhéwé isa dibantu bèn ora terus-terusan mikirké ”perkara-perkara sing ana ing mburi”, ning terus mikirké ”perkara-perkara sing ana ing ngarep”.​—Flp. 3:13.

KENANGAN

Apa sing isa nggawé awaké dhéwé ora fokus karo masa depan? (Deloken paragraf 5, 9, 13) *

5. Nurut Kohèlèt 7:10, apa sing ora éntuk awaké dhéwé tindakké?

5 Wacanen Kohèlèt 7:10. Kenangan indah kuwi hadiah saka Yéhuwah. Gatèkna nèk ayat kuwi ora nyalahké wektu awaké dhéwé kandha, ”Kenapa jaman mbiyèn kuwi kepénak?” Ning, ayat kuwi kandha, ”Aja celathu: ’Yagéné jaman biyèn iku kok luwih becik tinimbang karo jaman saiki?’” Dadi, sing salah kuwi nèk awaké dhéwé mbandhingké keadaan jaman mbiyèn karo keadaan jaman saiki lan nganggep nèk keadaan jaman saiki kuwi luwih èlèk ketimbang jaman mbiyèn. Terjemahan Alkitab liyané nerjemahké dadi, ”Aja muni, ’Kaanané jaman biyèn luwih becik ketimbang karo saiki.’ Pangucap sing mengkono kuwi nélakaké yèn kowé dudu wong pinter.”

Sakwisé metu saka Mesir, kesalahan apa sing ditindakké bangsa Israèl? (Deloken paragraf 6)

6. Apa sebabé awaké dhéwé aja terus-terusan mikir nèk uripé awaké dhéwé luwih kepénak ing jaman mbiyèn? Wènèhana conto.

6 Apa sebabé awaké dhéwé aja terus-terusan mikir nèk uripé awaké dhéwé luwih kepénak ing jaman mbiyèn? Kenangan isa nggawé awaké dhéwé mung mikirké peristiwa-peristiwa sing apik lan nglalèkké tantangan-tantangan sing diadhepi ing jaman mbiyèn. Gatèkna contoné bangsa Israèl. Sakwisé metu saka Mesir, wong-wong kuwi lali karo tantangan-tantangan sing diadhepi ing kono. Malah, wong-wong kuwi mung mikirké panganan sing énak-énak ing Mesir. Wong-wong kuwi kandha, ”Aku padha kèlingan manawa mangan daging ana ing tanah Mesir tanpa tuku, apadéné timun lan semangka, loncang, brambang sarta bawang.” (Wi. 11:5) Ning, apa bangsa Israèl bener-bener mangan panganan kuwi ”tanpa tuku”? Ora. Bangsa Israèl mbayar rega sing larang banget. Wektu kuwi, bangsa Israèl ditindhes lan dadi budhak ing Mesir. (Pa. 1:13, 14; 3:6-9) Ning, wong-wong kuwi lali karo tantangan-tantangan sing tau diadhepi lan kepéngin ngrasakké manèh apa sing kelakon ing Mesir. Wong-wong kuwi mung mikirké apa sing kétoké apik lan malah nglalèkké berkah sing Yéhuwah wènèhké kanggo wong-wong kuwi. Yéhuwah ora seneng karo tumindaké bangsa Israèl.​—Wi. 11:10.

7. Apa sing mbantu sedulur wédok ngatasi kenangané?

7 Piyé carané bèn awaké dhéwé ora terus-terusan mikirké kenangan? Gatèkna contoné salah siji sedulur wédok sing mulai nglayani ing Bètel Brooklyn kèt taun 1945. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, dhèwèké nikah karo anggota Bètel lan nglayani bareng-bareng nganti pirang-pirang taun. Ning ing taun 1976, bojoné lara. Wektu bojoné wis arep mati, dhèwèké diwènèhi naséhat sing nguwatké karo bojoné bèn isa tetep tabah sakwisé ditinggal mati. Bojoné kandha, ”Awaké dhéwé kuwi pasangan sing bahagia. Ora akèh sing isa ngrasakké apa sing awaké dhéwé alami.” Ning, dhèwèké ya kandha, ”Dék, kowé kudu terus mikirké masa depan. Pancèn, kenangané awaké dhéwé ora bakal ilang. Ning, suwé-suwé aku yakin nèk kowé bakal ora sedhih manèh kok, dék. Kowé kudu terus semangat ya, aja sedhih terus. Awaké dhéwé mesthi bersyukur isa nglayani Yéhuwah bareng-bareng. . . . Kenangan kuwi hadiah saka Yéhuwah.” Awaké dhéwé mesthi setuju ta karo naséhat kuwi?

8. Apa sing dirasakké sedulur wédok merga ora terus-terusan mikirké peristiwa ing jaman mbiyèn?

8 Naséhat kuwi mengaruhi uripé sedulur wédok mau. Dhèwèké isa setya nglayani Yéhuwah nganti dhèwèké mati wektu umur 92 taun. Pirang-pirang taun sakdurungé dhèwèké mati, dhèwèké kandha, ”Wektu ngrenungké pelayananku ing dinas sepenuh-waktu saksuwéné 63 taun iki, aku ngrasa nèk uripku bener-bener bahagia.” Kok isa? Dhèwèké njelaské, ”Sing nggawé uripku bener-bener bahagia yaiku merga aku nduwé sedulur-sedulur sing apikan lan nduwé harapan kanggo urip ing Firdaus bareng karo sedulur-sedulur kuwi. Ing kono, aku lan para sedulur isa nglayani siji-sijiné Gusti Allah sing bener lan Penciptané awaké dhéwé, yaiku Yéhuwah, kanggo saklawasé.” * Kuwi bener-bener conto sing nguwatké saka sedulur sing terus mandeng masa depan.

RASA DENDAM

9. Nurut Kaimaman 19:18, kapan awaké dhéwé angèl kanggo ngilangi rasa dendam?

9 Wacanen Kaimaman 19:18. Biasané, awaké dhéwé angèl kanggo ngilangi rasa dendam nèk sing nggawé awaké dhéwé lara ati kuwi sedulur seiman, sahabat, utawa keluargané awaké dhéwé. Misalé, ana sedulur sing nudhuh salah siji sedulur wédok njupuk dhuwité. Terus, sedulur sing nudhuh njaluk ngapura marang sedulur wédok kuwi. Ning, sedulur wédok kuwi terus-terusan mikirké masalahé. Apa njenengan tau ngrasakké kaya ngono? Senajan awaké dhéwé ora ngadhepi masalah sing padha, awaké dhéwé mesthi tau nduwé rasa dendam lan ngrasa ora isa ngilangi rasa dendam kuwi.

10. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé ngilangi rasa dendam?

10 Apa sing isa mbantu awaké dhéwé ngilangi rasa dendam? Salah sijiné, awaké dhéwé isa éling nèk Yéhuwah ndelok sak kabèhé. Yéhuwah ngerti kabèh sing awaké dhéwé alami, termasuk nèk awaké dhéwé ngalami tumindak sing ora adil. (Ibr. 4:13) Yéhuwah ya ngrasakké kesusahané awaké dhéwé. (Yé. 63:9) Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal nyingkirké kabèh akibat saka tumindak ora adil sing awaké dhéwé alami.​—Why. 21:3, 4.

11. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngilangi rasa dendam?

11 Awaké dhéwé ya kudu éling nèk ngilangi rasa dendam kuwi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. Kuwi sing dirasakké karo sedulur wédok mau. Akhiré, dhèwèké isa ngilangi rasa dendamé. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah bakal ngapura wong sing ngapura liyané. (Mat. 6:14) Dhèwèké ngerti nèk sing ditindakké sedulur wédok kuwi salah. Ning, dhèwèké milih kanggo ngilangi rasa dendamé. Hasilé, dhèwèké ngrasa luwih seneng lan isa tenanan fokus kanggo nglayani Yéhuwah.

RASA BERSALAH

12. Apa sing isa disinaoni saka 1 Yohanes 3:19, 20?

12 Wacanen 1 Yohanes 3:19, 20. Ngrasa bersalah kuwi wajar. Misalé, ana sing ngrasa bersalah merga apa sing wis ditindakké sakdurungé sinau Alkitab. Ana manèh sing ngrasa bersalah merga kesalahan sing digawé sakwisé dibaptis. Kuwi kabèh perasaan sing wajar. (Rm. 3:23) Pancèn, awaké dhéwé kepéngin nindakké sing bener. Ning, ”kita kabèh kerep nggawé salah”. (Yak. 3:2; Rm. 7:21-23) Senajan ngrasa bersalah kuwi ora kepénak, ning kuwi ana manfaaté. Kok isa? Merga rasa bersalah isa mbantu awaké dhéwé nggawé perubahan lan ora mbalèni kesalahané awaké dhéwé.​—Ibr. 12:12, 13.

13. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora terus-terusan ngrasa bersalah?

13 Ning, awaké dhéwé isa waé terus-terusan ngrasa bersalah, malah sakwisé awaké dhéwé mertobat lan Yéhuwah wis nduduhké nèk Dhèwèké ngapura awaké dhéwé. Rasa bersalah sing kaya ngono kuwi bahaya. (Ms. 31:11; 38:4, 5) Kok isa? Gatèkna contoné salah siji sedulur wédok sing terus-terusan ngrasa bersalah merga dosané ing jaman mbiyèn. Dhèwèké kandha, ”Kétoké ora ana gunané nèk aku terus nglayani Yéhuwah merga aku ora mungkin dislametké.” Mungkin awaké dhéwé isa ngerti apa sing dirasakké sedulur kuwi. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora terus-terusan ngrasa bersalah. Awaké dhéwé isa mbayangké piyé senengé Sétan nèk awaké dhéwé mandheg ngabdi marang Yéhuwah, padahal Yéhuwah wis ngapura awaké dhéwé.​—Bandhingna 2 Korintus 2:5-7, 11.

14. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah wis ngapura awaké dhéwé?

14 Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Apa buktiné nèk Yéhuwah wis ngapura aku?’ Sakjané nèk awaké dhéwé takon kaya ngono, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah gelem ngapura awaké dhéwé. Puluhan taun kepungkur, The Watchtower kandha, ”Awaké dhéwé [mungkin] nggawé kesalahan sing padha ping bola-bali. Awaké dhéwé mungkin ora isa ngilangi kebiasaan èlèk sing wis awaké dhéwé tindakké sakdurungé nglayani Yéhuwah. . . . Aja nyerah. Aja ngrasa nèk wis nindakké dosa sing ora isa diapura. Sétan péngin njenengan mikir kaya ngono. Wektu njenengan ngrasa sedhih lan bersalah kuwi bukti nèk njenengan gelem berubah lan Yéhuwah isa ngapura njenengan. Aja ragu-ragu kanggo njaluk ngapura lan bantuané Gusti Allah. Ora masalah njenengan nggawé kesalahan sing padha, njenengan isa njaluk bantuané Gusti Allah kaya bocah sing njaluk bantuané bapaké. Yéhuwah bakal mbantu njenengan merga Dhèwèké apikan banget.” *

15-16. Apa pengaruhé kanggo wong-wong sing tau nindakké kesalahan merga ngerti nèk wis diapura Yéhuwah?

15 Umaté Yéhuwah sing tau nindakké kesalahan ngrasa terhibur merga ngerti nèk Yéhuwah wis ngapura wong-wong kuwi. Contoné, pirang-pirang taun kepungkur, ana sedulur lanang sing ngrasa dikuwatké merga maca pengalaman saka salah siji artikel ing sèri artikel ”Alkitab Mengubah Kehidupan”. Ing artikel kuwi, ana pengalamané salah siji sedulur wédok sing ngrasa ora disayangi manèh karo Yéhuwah merga kesalahan sing tau ditindakké ing jaman mbiyèn. Perasaan négatif kuwi isih ana malah nganti sakwisé dhèwèké dibaptis. Ning, dhèwèké nduwé pandangan sing béda sakwisé ngrenungké soal tebusan. *

16 Apa pengaruhé pengalaman kuwi kanggo sedulur lanang mau? Dhèwèké kandha, ”Wektu isih enom, aku kecanduan pornografi. Durung suwé iki kecanduanku kumat manèh. Aku njaluk bantuané para pinituwa, lan para pinituwa mbantu aku ngatasi masalahku. Para pinituwa ngyakinké aku nèk Yéhuwah isih sayang lan gelem ngapura aku. Ning kadhang kala, aku ngrasa ora berharga merga aku nganggep nèk Yéhuwah ora sayang karo aku. Mula, aku bener-bener ngrasa dikuwatké wektu maca pengalaman kuwi. Aku dadi ngerti nèk aku mikir Yéhuwah ora bakal ngapura aku, sakjané aku lagi nganggep nèk korbané Yésus kuwi ora cukup kanggo nebus dosa-dosaku. Artikel kuwi tak simpen bèn isa tak waca lan tak renungké wektu perasaan négatif kuwi muncul manèh.”

17. Apa sing ditindakké Rasul Paulus bèn ora terus-terusan ngrasa bersalah?

17 Pengalaman-pengalaman kuwi mirip kaya pengalamané Rasul Paulus. Sakdurungé dadi wong Kristen, dhèwèké nindakké dosa-dosa sing serius. Paulus éling karo apa sing wis tau dhèwèké tindakké. Ning, dhèwèké ora terus-terusan mikirké kuwi. (1 Tim. 1:12-15) Paulus nganggep nèk tebusan kuwi hadiah saka Yéhuwah kanggo dhèwèké dhéwé. (Gal. 2:20) Paulus ora terus-terusan ngrasa bersalah, ning fokus nindakké sing paling apik kanggo Yéhuwah.

FOKUS KARO MASA DEPAN

Awaké dhéwé kudu terus fokus karo masa depan (Deloken paragraf 18-19) *

18. Apa waé sing wis awaké dhéwé rembug?

18 Apa waé sing wis awaké dhéwé rembug? (1) Kenangan indah kuwi hadiah saka Yéhuwah. Ning, ora soal sepira nyenengkéné uripé awaké dhéwé ing jaman mbiyèn, masa depané awaké dhéwé ing donya anyar bakal luwih apik. (2) Mungkin ana sing nggawé awaké dhéwé lara ati. Ning, nèk awaké dhéwé gelem ngapura, awaké dhéwé isa terus fokus kanggo nglayani Yéhuwah. (3) Terus-terusan ngrasa bersalah isa nggawé awaké dhéwé ora bahagia wektu nglayani Yéhuwah. Dadi, kaya Paulus, awaké dhéwé kudu percaya nèk Yéhuwah wis ngapura awaké dhéwé.

19. Apa sebabé awaké dhéwé yakin nèk ing donya anyar awaké dhéwé ora bakal éling karo kabèh sing nggawé awaké dhéwé sedhih?

19 Awaké dhéwé nduwé harapan kanggo urip saklawasé. Ing donya anyar, awaké dhéwé ora bakal éling karo kabèh sing nggawé awaké dhéwé sedhih. Alkitab kandha, ”Bab-bab kang biyèn ora bakal diélingi manèh.” (Yé. 65:17) Pikirna: Akèh umaté Yéhuwah sing saiki wis tuwa bakal dadi enom manèh ing donya anyar. (Ay. 33:25) Mula, awaké dhéwé kudu terus fokus karo masa depan lan ngupaya bèn ora terus-terusan mikirké peristiwa ing jaman mbiyèn.

LAGU 142 Pangarep-arep sing Nggawé Kuwat

^ par. 5 Mungkin ngéling-éling peristiwa ing jaman mbiyèn kuwi ana manfaaté. Ning, aja nganti kuwi nggawé awaké dhéwé ora isa nindakké sing paling apik kanggo Yéhuwah utawa lali karo harapan ing masa depan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé terus-terusan mikirké peristiwa ing jaman mbiyèn. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug pathokané Alkitab lan conto-conto jaman saiki sing isa mbantu awaké dhéwé bèn ora terus-terusan mikirké peristiwa ing jaman mbiyèn.

^ par. 4 KATRANGAN: Ing artikel iki, awaké dhéwé isa disebut terus-terusan mikirké peristiwa ing jaman mbiyèn” nèk terus-terusan ngomongké, mbayangké, utawa nganggep nèk uripé awaké dhéwé luwih kepénak ing jaman mbiyèn.

^ par. 14 Deloken The Watchtower 15 Februari 1954, hlm. 123.

^ par. 59 GAMBAR: Kenangan, rasa dendam, lan rasa bersalah kuwi kaya jerat sing nggawé awaké dhéwé ora isa terus mlaku ing dalan menyang urip saklawasé.

^ par. 66 GAMBAR: Awaké dhéwé isa lega lan bahagia sakwisé ngilangké perasaan-perasaan négatif, lan kuwi nggawé awaké dhéwé isa terus fokus karo masa depan.