Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 49

Harapan sing Pasti kanggo Wong Mati

Harapan sing Pasti kanggo Wong Mati

”Aku uga nduwé pangarep-arep marang Gusti Allah . . . yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong.”​—KIS. 24:15.

LAGU 151 Yéhuwah Bakal Nimbali

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Harapan berharga apa sing awaké dhéwé duwèni?

HARAPAN kuwi penting banget. Ana wong-wong sing berharap bèn perkawinané bahagia, anak-anaké séhat, utawa isa mari saka penyakité. Mungkin kuwi kabèh ya dadi harapané awaké dhéwé. Ning, ana harapan sing luwih berharga ketimbang kuwi, yaiku harapan urip saklawasé lan isa ketemu manèh karo wong-wong sing awaké dhéwé sayangi sing wis mati.

2 Rasul Paulus kandha, ”Aku uga nduwé pangarep-arep marang Gusti Allah . . . yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener.” (Kis. 24:15) Sakliyané Paulus, Ayub ya tau ngomongké soal harapan kanggo wong mati. Ayub yakin nèk Yéhuwah bakal ngéling-éling lan nguripké dhèwèké manèh.​—Ay. 14:7-10, 12-15.

3. Apa manfaaté nèk maca buku 1 Korintus bab 15?

3 Wulangan soal ”wong mati sing diuripké manèh” kuwi ”wulangan dhasar” saka kabèh ajaran Kristen. (Ibr. 6:1, 2) Rembugané Paulus soal kuwi dicathet ing 1 Korintus bab 15. Apa sing ditulis Paulus kuwi mesthi nguwatké wong-wong Kristen wektu kuwi. Tulisané Paulus ing bab mau ya isa nguwatké imané awaké dhéwé soal harapan kuwi.

4. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk wong sing wis mati bakal diuripké manèh?

4 Merga Yésus Kristus wis diuripké manèh, awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong sing awaké dhéwé sayangi sing wis mati bakal diuripké manèh. Iki salah siji ”kabar apik” sing disampèkké Paulus marang wong-wong Korintus. (1 Kor. 15:1, 2) Malah, Paulus kandha nèk imané wong Kristen bakal dadi ora ana gunané nèk ora percaya soal Yésus sing wis diuripké manèh. (1 Kor. 15:17) Merga percaya nèk Yésus wis diuripké manèh, awaké dhéwé dadi yakin nèk wong mati ya bakal diuripké manèh.

5-6. Apa sing isa disinaoni saka 1 Korintus 15:3, 4?

5 Wektu mulai ngrembug soal harapan kanggo wong mati, Paulus nyebutké telung fakta, yaiku ”Kristus mati kanggo dosa-dosa kita”, dhèwèké ”dikubur”, lan dhèwèké ”diuripké manèh ing dina katelu kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci”.​—Wacanen 1 Korintus 15:3, 4.

6 Merga Yésus wis ngalami kuwi kabèh, apa manfaaté kanggo awaké dhéwé? Nabi Yésaya ngramalké nèk Mésias bakal ”kapethal saka ing nagarané para wong urip” lan ”pasaréané kapapanaké ing satengahé para wong duraka”. Ning, ora mung kuwi. Yésaya ya kandha nèk Mésias bakal ngilangi ”dosané wong akèh” liwat tebusan. (Yé. 53:8, 9, 12; Mat. 20:28; Rm. 5:8) Dadi, kabèh sing Yésus alami kuwi isa nggawé awaké dhéwé yakin nèk awaké dhéwé bakal dibébaské saka dosa lan kematian. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk bakal ketemu manèh karo wong sing awaké dhéwé sayangi sing wis mati.

ANA AKÈH SAKSINÉ

7-8. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yésus wis diuripké manèh?

7 Bèn isa yakin nèk wong mati bakal diuripké manèh, awaké dhéwé kudu percaya dhisik nèk Yésus wis diuripké manèh. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah wis nguripké Yésus manèh?

8 Ana akèh wong sing tau ketemu Yésus sakwisé Yésus diuripké manèh. (1 Kor. 15:5-7) Saksi pertama sing disebutké Paulus yaiku Rasul Pétrus, utawa Kéfas. Buktiné, ana sak kelompok murid sing kandha nèk Pétrus tau ndelok Yésus sing wis diuripké manèh. (Luk. 24:33, 34) Sakliyané kuwi, para rasul ya ndelok Yésus sakwisé Yésus diuripké manèh. Terus, Yésus ”nemoni luwih saka 500 sedulur ing sak panggonan”. Mungkin kuwi peristiwa nyenengké sing kelakon ing Galiléa sing disebutké ing Matius 28:16-20. Yésus ya ”nemoni Yakobus”, salah siji seduluré, sing mbiyèné ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. (Yoh. 7:5) Yakobus akhiré dadi percaya sakwisé ndelok Yésus sing wis diuripké manèh. Wektu Paulus nulis surat iki kira-kira ing taun 55 M, akèh saksi sing isih urip. Dadi, wong-wong sing ora percaya nèk Yésus wis diuripké manèh isa takon langsung karo para saksi kuwi.

9. Nurut Kisah Para Rasul 9:3-5, apa buktiné nèk Yésus bener-bener diuripké manèh?

9 Bar kuwi, Yésus nemoni Paulus. (1 Kor. 15:8) Paulus, utawa Saul, lagi ana ing perjalanan menyang Damaskus wektu krungu swarané Yésus sing wis diuripké manèh. Dhèwèké ya éntuk wahyu soal Yésus sing ana ing swarga. (Wacanen Kisah Para Rasul 9:3-5.) Apa sing dialami Paulus mbuktèkké nèk Yésus bener-bener wis diuripké manèh.​—Kis. 26:12-15.

10. Merga yakin nèk Yésus wis diuripké manèh, Paulus gelem nindakké apa?

10 Paulus tau nganiaya wong Kristen sakdurungé Yésus nemoni dhèwèké. Mula, apa sing diomongké Paulus mesthi menarik kanggo wong akèh. Sakwisé percaya nèk Yésus wis diuripké manèh, Paulus malah ngyakinké wong-wong soal kuwi. Paulus ya tetep setya senajan digebugi, dipenjara, lan ngalami karam kapal wektu martakké soal Yésus sing wis diuripké manèh. (1 Kor. 15:9-11; 2 Kor. 11:23-27) Paulus yakin banget nèk Yésus wis diuripké manèh nganti dhèwèké gelem ngorbanké nyawané kanggo apa sing dhèwèké yakini. Kesaksian saka wong-wong ing jamané para rasul mesthi nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yésus wis diuripké manèh. Kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé tambah yakin nèk sukmbèn wong mati bakal diuripké manèh.

CARANÉ PAULUS NANGGEPI PANDANGAN SING SALAH

11. Apa sebabé ana wong-wong Kristen ing Korintus sing nduwé pandangan sing salah soal harapan kanggo wong mati?

11 Ana wong-wong Kristen ing Korintus sing nduwé pandangan sing salah soal harapan kanggo wong mati. Malah, ana sing ngomong nèk ”wong mati ora bakal diuripké manèh”. Apa sebabé? (1 Kor. 15:12) Para ahli filsafat ing Athéna ora percaya nèk Yésus wis diuripké manèh. Kuwi mungkin nggawé wong Korintus, termasuk wong Kristen ing kono, dadi nduwé pandangan sing padha. (Kis. 17:18, 31, 32) Sing liyané mungkin nganggep nèk kuwi mung gambaran. Wong dosa digambarké kaya wong sing wis ”mati” lan lagi isa dianggep ”urip” nèk dosané diapura lan dhèwèké dadi wong Kristen. Ora soal apa alesané, nèk ora percaya wong mati isa diuripké manèh, wong-wong kuwi berarti ya ora percaya Yésus wis diuripké manèh. Kuwi nggawé imané wong-wong kuwi dadi ora ana gunané. Nèk Gusti Allah ora nguripké Yésus manèh, ora bakal ana tebusan lan kabèh wong bakal tetep dosa. Mula, wong-wong sing ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh ora nduwé harapan apa-apa.​—1 Kor. 15:13-19; Ibr. 9:12, 14.

12. Nurut 1 Pétrus 3:18, 22, apa sebabé Yésus luwih istiméwa ketimbang wong-wong sing tau diuripké manèh?

12 Paulus yakin nèk ”Kristus wis diuripké manèh” saka antarané wong mati. Yésus luwih istiméwa ketimbang wong-wong sing tau diuripké manèh merga wong-wong kuwi akhiré mati manèh. Paulus kandha nèk Yésus kuwi ”dadi sing sepisanan diuripké saka antarané wong-wong sing wis mati”. Kuwi artiné Yésus manungsa pertama sing diuripké manèh dadi makhluk roh lan sing munggah swarga.​—1 Kor. 15:20; Kis. 26:23; wacanen 1 Pétrus 3:18, 22.

WONG-WONG SING ”BAKAL DIURIPKÉ”

13. Nurut Paulus, apa bédané sing ditindakké Adam karo sing ditindakké Yésus?

13 Piyé carané kematiané wong siji isa nggawé akèh wong dadi urip? Paulus mènèhi jawaban sing jelas. Paulus nduduhké bédané sing ditindakké Adam karo apa sing ditindakké Yésus. Soal Adam, Paulus nulis, ”Pati teka liwat wong siji.” Kematian mulai ana sakwisé Adam nggawé dosa, lan kuwi dialami karo Adam lan kabèh keturunané. Nganti saiki, awaké dhéwé isih ngrasakké akibat saka dosané Adam. Ning, merga Gusti Allah wis nguripké manèh Yésus, wong mati ya isa diuripké manèh. Paulus kandha, ”Wong mati diuripké manèh uga liwat wong siji. Kabèh mati merga Adam, lan kabèh bakal diuripké merga Kristus.”​—1 Kor. 15:21, 22.

14. Apa Adam bakal diuripké manèh? Jelasna.

14 Sapa sing dimaksud Paulus wektu dhèwèké kandha ”kabèh mati merga Adam”? Kuwi maksudé keturunané Adam. Merga Adam, wong-wong kuwi dadi nduwé dosa, ora sampurna, lan akhiré mati. (Rm. 5:12) Adam ora termasuk wong-wong sing ”bakal diuripké”. Adam ora isa éntuk tebusané Yésus, merga dhèwèké kuwi manungsa sampurna sing sengaja ora manut karo Yéhuwah. Adam bakal ”disirnakké saklawasé” kaya wong-wong sing diadili dadi ”wedhus jawa” karo ”Putrané manungsa”.​—Mat. 25:31-33, 46; Ibr. 5:9.

Yésus kuwi sing pertama diuripké manèh ing swarga (Deloken paragraf 15-16) *

15. Sapa sing dimaksud ”kabèh” sing ”bakal diuripké”?

15 Paulus kandha nèk ”kabèh bakal diuripké merga Kristus”. (1 Kor. 15:22) Suraté Paulus ditulis kanggo wong Kristen ing Korintus sing bakal diuripké manèh ing swarga. Wong-wong Kristen kuwi ”wis disucèkké kanggo nyawiji karo Kristus Yésus lan dilantik kanggo dadi wong-wong suci”, lan wong-wong kuwi disebut ”wong Kristen sing wis mati”. (1 Kor. 1:2; 15:18; 2 Kor. 5:17) Ing surat liyané, Paulus nyebut wong-wong kuwi wis ”mati kaya [Yésus]” lan ”bakal diuripké manèh kaya dhèwèké”. (Rm. 6:3-5) Yésus diuripké manèh dadi makhluk roh lan munggah ing swarga. Mula, kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga bakal ngalami sing padha.

16. Apa maksudé Paulus wektu nyebut Yésus ”dadi sing sepisanan”?

16 Paulus nulis nèk Yésus kuwi ”dadi sing sepisanan diuripké saka antarané wong-wong sing wis mati”. Wong-wong liyané, misalé Lazarus, diuripké manèh kanggo urip ing bumi. Ning, Yésus kuwi sing pertama diuripké dadi makhluk roh lan nampa urip saklawasé. Sakliyané kuwi, wektu nyebut Yésus ”dadi sing sepisanan”, Paulus nduduhké nèk ana wong-wong liyané sing bakal diuripké manèh ing swarga. Kuwi berarti para rasul lan kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga bakal ngalami sing padha kaya Yésus.

17. Kapan kabèh wong Kristen sing dipilih munggah swarga nampa berkahé?

17 Wektu Paulus nulis suraté kanggo wong Korintus, para rasul lan wong Kristen sing dipilih munggah swarga durung nampa berkah urip ing swarga. Ning, Paulus ngomong nèk kuwi bakal kelakon ing masa depan. Paulus kandha, ”Saben wong diuripké miturut urutané: Kristus sing sepisanan, banjur wong-wong sing dadi duwèké Kristus diuripké manèh saksuwéné rawuhé Kristus.” (1 Kor. 15:23; 1 Tés. 4:15, 16) Saiki, awaké dhéwé urip ing jaman ”rawuhé” Kristus. Para rasul lan wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing wis mati kudu ngentèni nganti rawuhé Kristus bèn isa ”diuripké manèh kaya [Yésus]” lan isa nampa berkah urip ing swarga.

HARAPAN SING PASTI

18. (a) Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk bakal ana sing diuripké manèh sakwisé wong-wong sing munggah swarga? (b) Nurut 1 Korintus 15:24-26, apa sing bakal kelakon ing swarga?

18 Terus, piyé wong-wong Kristen sing ora nduwé harapan kanggo urip ing swarga bareng karo Yésus? Wong-wong kuwi ya nduwé harapan kanggo diuripké manèh. Alkitab kandha nèk Paulus lan wong-wong Kristen liyané sing munggah swarga bakal ”diuripké luwih dhisik saka antarané wong mati”. (Flp. 3:11) Kuwi nduduhké nèk bakal ana sing diuripké manèh sakwisé kuwi. Kuwi cocog karo kandhané Ayub soal masa depan. (Ay. 14:15) ”Wong-wong sing dadi duwèké Kristus” bakal ana ing swarga bareng karo Yésus wektu dhèwèké nyingkirké kabèh pamréntahan. Terus, ”mungsuh sing pungkasan yaiku pati” ya bakal disingkirké. Kuwi berarti wong-wong sing urip ing swarga ora bakal mati manèh. Ning, wong-wong sing diuripké manèh ing bumi piyé?​—Wacanen 1 Korintus 15:24-26.

19. Wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi isa yakin soal apa?

19 Wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi isa yakin soal apa? Paulus kandha, ”Aku uga nduwé pangarep-arep . . . yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener.” (Kis. 24:15) Wong sing ora bener ora mungkin urip ing swarga. Dadi, kata-kata kuwi nduduhké nèk ana wong-wong sing bakal diuripké manèh ing bumi.

Awaké dhéwé isa terus fokus karo masa depan nèk percaya soal harapan kanggo wong mati (Deloken paragraf 20) *

20. Apa sing nggawé njenengan tambah percaya karo harapan kanggo wong mati?

20 Awaké dhéwé mesthi yakin nèk ”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong”. Wong-wong sing diuripké manèh ing bumi bakal nduwé kesempatan kanggo urip saklawasé. Nèk bener-bener percaya karo janji kuwi, awaké dhéwé ora bakal terlalu sedhih wektu kèlingan wong sing awaké dhéwé sayangi sing wis mati. Wong-wong kuwi bakal diuripké manèh wektu Kristus lan 144.000 ”mréntah dadi raja . . . 1.000 taun suwéné”. (Why. 20:6) Isa waé awaké dhéwé mati sakdurungé Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Ning, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh awaké dhéwé. Awaké dhéwé percaya nèk ”pangarep-arep kuwi ora bakal nggawé kita gela”. (Rm. 5:5) Harapan kuwi isa nggawé awaké dhéwé tetep setya lan bahagia wektu nglayani Yéhuwah. Ning, ana manèh sing isa awaké dhéwé sinaoni saka 1 Korintus bab 15. Kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

LAGU 147 Urip Saklawasé Wis Dijanjèkké

^ par. 5 Buku 1 Korintus bab 15 ngrembug nèk wong mati bakal diuripké manèh. Apa sebabé wulangan kuwi penting, lan apa sebabé awaké dhéwé yakin nèk Yésus wis diuripké manèh? Artikel iki bakal ngrembug jawaban saka pitakonan kuwi lan pitakonan liyané soal harapan kanggo wong mati.

^ par. 56 GAMBAR: Yésus kuwi sing pertama diuripké manèh ing swarga. (Kis. 1:9) Murid-murid sing diuripké manèh ing swarga kuwi termasuk Tomas, Yakobus, Lidia, Yohanes, Maria, lan Paulus.

^ par. 58 GAMBAR: Ana sedulur lanang sing ditinggal mati bojoné. Dhèwèké wis suwé nglayani Yéhuwah bareng karo bojoné. Sedulur lanang kuwi bener-bener percaya nèk bojoné bakal diuripké manèh, lan kuwi nggawé dhèwèké isa terus setya nglayani Yéhuwah.