Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Apa kata-katané Rasul Paulus sing dicathet ing 1 Korintus 15:29 nduduhké nèk ana wong Kristen sing dibaptis kanggo wong mati?

Ora. Alkitab lan cathetan sejarah ora tau nulis nèk kuwi tau ditindakké.

Akèh terjemahan Alkitab sing nggawé wong-wong mikir nèk ana wong Kristen sing dibaptis kanggo wong mati ing jamané Paulus. Misalé, ”Nèk wong mati ora bakal diuripké manèh, kenapa kok wong-wong kuwi gelem dibaptis kanggo wong sing wis mati?”​—Terjemahan Baru.

Ning, gatèkna koméntaré pakar Alkitab loro iki. Dr. Gregory Lockwood kandha nèk baptisan sing ditindakké ”kanggo wong sing wis mati” kuwi ”jenis baptisan sing nganti saiki durung ditemokké buktiné ing cathetan sejarah utawa ing ayat-ayat Alkitab”. Terus, Profesor Gordon D. Fee nulis, ”Ora ana cathetan sejarah utawa cathetan Alkitab sing tau nulis nèk baptisan kaya ngono kuwi tau ana. Baptisan kaya ngono kuwi ora tau disebutké ing P[erjanjian] A[nyar]. Kuwi ya ora tau ditindakké karo wong Kristen ing jamané para rasul utawa karo gréja-gréja sakwisé para rasul mati.”

Alkitab kandha nèk Yésus ngongkon murid-muridé ndadèkké ”wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku, baptisen wong-wong kuwi . . . , wulangen wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh” sing dadi préntahé. (Mat. 28:19, 20) Bèn sing sinau Alkitab isa dibaptis, dhèwèké kudu sinau soal Yéhuwah lan Yésus. Dhèwèké ya kudu percaya lan manut karo Yéhuwah lan Yésus. Dadi, wong sing wis mati ora isa nindakké kuwi, lan wong Kristen sing isih urip ya ora isa nindakké kuwi kanggo wong sing wis mati.​—Ko. 9:5, 10; Yoh. 4:1; 1 Kor. 1:14-16.

Terus, Paulus kandha apa?

Ana wong-wong Korintus sing ora percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh. (1 Kor. 15:12) Paulus ngandhani wong-wong kuwi nèk pandangan kaya ngono kuwi salah. Paulus kandha nèk dhèwèké ’saben dina ngadhepi pati’. Maksudé, dhèwèké saben dina ngadhepi bahaya nganti arep mati. Senajan ngono, Paulus percaya nèk bakal diuripké manèh dadi makhluk roh kaya Yésus.​—1 Kor. 15:30-32, 42-44.

Wong-wong ing jemaat Korintus kuwi wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Sakdurungé diuripké manèh, wong-wong kuwi kudu ngadhepi akèh tantangan saben dina lan ngalami kematian. Kuwi sebabé Paulus isa ngomong nèk wong-wong ”sing wis dibaptis lan saiki wis nyawiji karo Kristus Yésus” kuwi ”uga dibaptis ing sédané” Yésus. (Rm. 6:3) Kuwi artiné wong-wong kuwi bakal ngadhepi tantangan lan mati bèn isa diuripké manèh ing swarga kaya Yésus.

Luwih saka rong taun sakwisé Yésus dibaptis, dhèwèké ngomong karo rasulé loro, ”Kowé bakal dibaptis nganggo baptisan sing bakal tak lakoni.” (Mrk. 10:38, 39) Yésus ora lagi ngomongké soal baptisan nganggo banyu. Ning, dhèwèké lagi ngomongké soal ”dibaptis ing sédané”. Mula, maksudé Yésus kuwi para pengikuté bakal ngalami sengsara kaya dhèwèké. Paulus ya nulis nèk wong-wong sing dipilih munggah swarga bakal ”sengsara bareng Kristus, [wong-wong kuwi] uga bakal dimulyakké bareng dhèwèké”. (Rm. 8:16, 17; 2 Kor. 4:17) Dadi, wong-wong kuwi kudu mati dhisik bèn isa diuripké manèh ing swarga.

Mula, kata-katané Paulus isa diterjemahké dadi, ”Nèk wong mati ora bakal diuripké manèh, terus piyé karo wong-wong sing dibaptis kanggo dadi wong mati? Kanggo apa wong-wong kuwi dibaptis nganggo tujuan kaya ngono?”