Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Wulang Bebasan 24:16 kandha, ”Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg manèh.” Apa wong sing dimaksud ing ayat iki kuwi wong sing bola-bali nindakké dosa, ning diapura Gusti Allah?

Sakjané dudu kuwi sing dimaksud ayat iki. Ning, kuwi maksudé wong sing bola-bali ngadhepi masalah lan isa pulih manèh.

Gatèkna ayat-ayat sakdurungé lan sakwisé, ”Aja ngintip papan padunungané wong bener kaya tindaké wong duraka, aja ngrusak omahé. Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg manèh, nanging wong duraka bakal ambruk ana ing sajroning bilai. Manawa satrumu tiba, aja bungah, sarta manawa kejlungup aja giyak-giyak atimu.”​—WB. 24:15-17.

Ana wong sing nganggep nèk ayat 16 lagi ngomongké soal wong sing nindakké dosa, ning isa diapura Gusti Allah. Ana loro pemimpin agama saka Inggris sing kandha nèk ”para pendéta kèt jaman mbiyèn nganti saiki kerep njelaské ayat kuwi” nganggo cara kaya ngono. Pemimpin agama kuwi ya kandha nèk ”wong apik isa waé nindakké . . . dosa sing serius, ning Gusti Allah tetep sayang karo dhèwèké, lan dhèwèké isa mertobat kapan waé”. Kanggoné wong sing terus-terusan nindakké dosa, dhèwèké bakal setuju karo penjelasan iki. Dhèwèké mungkin mikir nèk Gusti Allah tetep gelem ngapura senajan dhèwèké bola-bali nindakké dosa.

Ning, dudu kuwi sing dimaksud ing ayat 16.

Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”tiba” ing ayat 16 lan 17 kuwi artiné isa béda-béda. Kuwi artiné isa tiba tenanan, misalé sapi sing tiba ing dalan, wong sing tiba saka atap, utawa krikil sing tiba ing lemah. (PT. 22:4, 8; As. 9:9) Kata kuwi ya isa digunakké dadi gambaran. Misalé, ”Jangkahé wong dikukuhaké déning Pangéran Yéhuwah, anggeré lakuné wong mau dadi keparengé Pangéran; samangsa tiba ora nganti gumuling, amarga Pangéran Yéhuwah nyepengi tangané.”​—Ms. 37:23, 24; WB. 11:5; 13:17; 17:20.

Ning, gatèkna kandhané Profesor Edward H. Plumptre. Dhèwèké kandha, ”Kata Ibrani kanggo kata [”tiba”] ora tau digunakké kanggo nerjemahké nindakké dosa.” Mula, ana sarjana Alkitab liyané sing ngomentari ayat 16, kandhané, ”Wong sing njahati umaté Gusti Allah ora bakal berhasil, merga umaté Gusti Allah bakal dislametké, ning wong sing jahat ora.”

Dadi, Wulang Bebasan 24:16 ora lagi ngomongké soal wong sing nindakké dosa, ning lagi ngomongké soal wong sing bola-bali ngadhepi masalah. Ing jaman saiki, wong sing bener mungkin ngadhepi masalah keséhatan utawa masalah liyané. Dhèwèké mungkin ya ngadhepi masalah merga dianiaya karo pamréntah. Ning, dhèwèké isa percaya nèk Gusti Allah bakal ndhukung lan mbantu dhèwèké. Awaké dhéwé mesthi wis kerep ndelok nèk Gusti Allah kerep mbantu umaté, ta? Mula, awaké dhéwé isa yakin nèk ”Pangéran Yéhuwah punika dados tetuwak tumrap sakathahipun tiyang ingkang dhawah lan ingkang njejegaken sakathahing tiyang ingkang tumungkul”.​—Ms. 41:2-4; 145:14-19.

”Wong bener” ora seneng wektu ndelok wong liya ngadhepi masalah. Ning, wong kuwi seneng nèk ngerti ”wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal olèh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunané”.​—Ko. 8:11-13; Ay. 31:3-6; Ms. 27:5, 6.