Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 52

Carané Ngatasi Perasaan Cilik Ati

Carané Ngatasi Perasaan Cilik Ati

”Sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah kowé mesthi direksa!”​—MS. 55:23.

LAGU 33 Pasrahna Kuwatirmu marang Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa akibaté nèk awaké dhéwé ngrasa cilik ati?

SABEN dina, awaké dhéwé ngadhepi masalah lan kudu ngupaya ngatasi kuwi. Ning, awaké dhéwé bakal kangèlan ngatasi masalah nèk ngrasa cilik ati. Nèk ngrasa cilik ati, awaké dhéwé isa dadi ngrasa ora berharga lan ora bahagia. Wulang Bebasan 24:10 kandha, ”Saupama ing dina karubedan atimu semplah, iku nélakaké kuranging kekuwatanmu.” Kuwi nduduhké nèk perasaan cilik ati isa nggawé awaké dhéwé ora nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi masalah.

2. Apa sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa cilik ati, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ana akèh sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa cilik ati. Awaké dhéwé mungkin tau nindakké kesalahan, nduwé kelemahan, utawa nduwé masalah keséhatan. Awaké dhéwé ya isa ngrasa cilik ati merga ora nampa tugas sing awaké dhéwé péngini ing organisasiné Yéhuwah, utawa akèh-akèhé wong ing dhaérah nginjilé awaké dhéwé ora gelem nampa kabar apik. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing isa ditindakké kanggo ngatasi perasaan cilik ati.

NÈK TAU NINDAKKÉ KESALAHAN LAN NDUWÉ KELEMAHAN

3. Piyé kuduné pandangané awaké dhéwé soal kelemahané awaké dhéwé?

3 Awaké dhéwé isa ngrasa ora berharga nèk tau nindakké kesalahan lan nduwé kelemahan. Mungkin awaké dhéwé dadi ngrasa ora pantes kanggo urip ing donya anyar. Pandangan kaya ngono kuwi bahaya kanggo awaké dhéwé. Mula, piyé kuduné pandangané awaké dhéwé soal kesalahan lan kelemahané awaké dhéwé? Alkitab nduduhké nèk kabèh wong ”wis dosa”, kecuali Yésus. (Rm. 3:23) Ning, Gusti Allah kuwi ora seneng nggolèk-nggolèk kesalahan. Dhèwèké malah péngin mbantu awaké dhéwé. Dhèwèké ya sabar. Yéhuwah ndelok upayané awaké dhéwé kanggo ngatasi kelemahan lan nduwé pandangan sing bener soal kuwi.​—Rm. 7:18, 19.

Yéhuwah ngajèni awaké dhéwé merga wis tumindak apik ora soal mbiyèn utawa saiki (Deloken paragraf 5) *

4-5. Nurut 1 Yohanes 3:19, 20, piyé carané sedulur wédok loro kuwi isa ngatasi perasaan cilik ati?

4 Gatèkna pengalamané Deborah lan Maria. * Pas isih cilik, Deborah kerep nampa tumindak sing ora nyenengké lan jarang dipuji karo keluargané. Kuwi nggawé dhèwèké ngrasa ora berharga. Wektu nggawé kesalahan sing sepélé, dhèwèké ngrasa bener-bener gagal. Maria ya ngalami sing padha. Keluargané nggawé dhèwèké ngrasa ora berharga. Perasaan kuwi isih ana malah nganti sakwisé dhèwèké dibaptis. Dhèwèké ngrasa ora pantes dadi Seksi Yéhuwah.

5 Ning, sedulur wédok loro kuwi ora mandheg ngabdi. Apa sebabé? Salah sijiné merga wong loro kuwi ndonga kanggo nyritakké perasaané marang Yéhuwah. (Ms. 55:23) Wong loro kuwi yakin nèk Yéhuwah ngerti apa sing tau dialami karo awaké dhéwé lan pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah ya ngerti nèk awaké dhéwé nduwé sipat-sipat apik, senajan mungkin awaké dhéwé ora ngerti.​—Wacanen 1 Yohanes 3:19, 20.

6. Apa sing mungkin awaké dhéwé rasakké nèk mbalèni manèh kesalahané awaké dhéwé?

6 Awaké dhéwé mesthi ngrasa cilik ati nèk mbalèni manèh kebiasaan sing salah, padahal awaké dhéwé péngin mandheg nindakké kuwi. Wajar nèk awaké dhéwé ngrasa bersalah wektu nindakké dosa. (2 Kor. 7:10) Ning, awaké dhéwé aja terus-terusan ngrasa bersalah lan mikir, ’Aku ki ora tau nindakké sing bener. Yéhuwah mesthi ora bakal ngapura aku.’ Pandangan kaya ngono kuwi ora bener lan isa nggawé awaké dhéwé mandheg ngabdi. Kaya sing disebutké Wulang Bebasan 24:10, perasaan cilik ati isa nggawé awaké dhéwé ora nduwé kekuwatan. Mula, awaké dhéwé kudu ndonga lan njaluk ngapura marang Yéhuwah. (Yé. 1:18) Yéhuwah bakal ngapura awaké dhéwé nèk awaké dhéwé bener-bener mertobat. Awaké dhéwé ya kudu njaluk bantuané para pinituwa. Para pinituwa isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah.​—Yak. 5:14, 15.

7. Apa sebabé awaké dhéwé aja terus-terusan ngrasa cilik ati nèk tau nggawé kesalahan?

7 Salah siji pinituwa saka Prancis sing jenengé Jean-Luc nyritakké pengalamané wektu mbantu wong sing tau nindakké kesalahan. Dhèwèké biasané mènèhi naséhat kaya ngéné, ”Kanggoné Yéhuwah, wong sing bener kuwi dudu wong sing ora tau nindakké kesalahan, ning wong sing bener-bener mertobat lan ora mbalèni kesalahané manèh.” (Rm. 7:21-25) Mula, aja terus-terusan ngrasa cilik ati. Awaké dhéwé mesthi nggawé kesalahan. Ning, Yéhuwah wis mènèhi awaké dhéwé tebusan.—Éf. 1:7; 1 Yoh. 4:10.

8. Wektu ngrasa cilik ati, awaké dhéwé isa njaluk dikuwatké karo sapa?

8 Awaké dhéwé isa njaluk dikuwatké karo para sedulur. Para sedulur bakal ngrungokké ceritané awaké dhéwé lan mènèhi awaké dhéwé penghiburan. (WB. 12:25; 1 Tés. 5:14) Ana sedulur wédok saka Nigeria sing jenengé Joy sing tau ngrasa cilik ati. Dhèwèké crita, ”Para sedulur bener-bener mbantu aku. Kuwi bukti nèk Yéhuwah njawab dongaku. Saka para sedulur, aku ya isa sinau carané nguwatké wong liya.” Para sedulur mungkin ora ngerti nèk awaké dhéwé butuh dikuwatké. Mula, awaké dhéwé sing kuduné crita dhisik karo para sedulur nèk awaké dhéwé butuh dikuwatké.

NÈK NDUWÉ MASALAH KESÉHATAN

9. Piyé Jabur 41:4 lan 94:19 isa nguwatké awaké dhéwé?

9 Njaluk dhukungané Yéhuwah. Biasané, awaké dhéwé angèl kanggo nduwé pandangan sing positif wektu nduwé masalah keséhatan, khususé nèk awaké dhéwé nduwé penyakit sing parah. Yéhuwah pancèn ora marèkké awaké dhéwé nganggo mukjijat. Ning, Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé penghiburan lan kekuwatan bèn awaké dhéwé isa terus tekun. (Wacanen Jabur 41:4; 94:19.) Misalé, Yéhuwah isa nggunakké para sedulur kanggo ngéwangi awaké dhéwé resik-resik omah utawa blanja. Dhèwèké ya isa nggerakké para sedulur bèn ndonga bareng karo awaké dhéwé utawa ngélingké awaké dhéwé ayat-ayat Alkitab sing nguwatké, misalé ayat-ayat sing nyritakké soal harapan nèk ora bakal ana penyakit manèh ing donya anyar.​—Rm. 15:4.

10. Apa sing nggawé Isang ora terus-terusan ngrasa cilik ati?

10 Isang sing manggon ing Nigeria ngalami kecelakaan sing nggawé dhèwèké lumpuh. Dokteré kandha nèk Isang ora bakal isa mlaku manèh. Isang kandha, ”Aku ngrasa sedhih lan cilik ati.” Ning, apa dhèwèké terus-terusan ngrasa cilik ati? Ora. Apa sing mbantu dhèwèké? Dhèwèké kandha, ”Aku lan bojoku terus ndonga lan sinau Alkitab. Aku lan bojoku ya terus mikirké berkah sing wis ditampa, termasuk harapan urip ing donya anyar.”

Para sedulur sing nduwé masalah keséhatan utawa wis tuwa tetep isa nginjil lan ngrasa bahagia (Deloken paragraf 11-13)

11. Apa sing nggawé Cindy tetep bahagia senajan lagi lara?

11 Cindy sing manggon ing Meksiko nduwé penyakit sing parah. Apa sing dhèwèké tindakké bèn ora cilik ati? Wektu dirawat ing rumah sakit, dhèwèké ngupaya bèn isa mènèhi kesaksian saben dina. Dhèwèké kandha, ”Kuwi nggawé aku luwih nggatèkké wong liya ketimbang masalahku dhéwé. Wektu omong-omongan karo dokter utawa perawat, aku biasané nakonké soal keluargané. Terus, aku bakal takon kenapa kok wong-wong kuwi milih gawéan iki. Bar kuwi, aku isa ngerti topik apa sing cocog kanggo wong-wong kuwi. Para dokter lan perawat seneng banget wektu ditakoni soal kabaré, merga wong-wong kuwi ngomong nèk jarang banget ditakoni soal kuwi. Malah, ana sing mènèhi aku alamat omahé utawa nomer télponé. Aku isa ngrasakké bantuané Yéhuwah wektu aku ngadhepi keadaanku saiki, lan Yéhuwah nggawé aku bener-bener bahagia.”​—WB. 15:15.

12-13. Piyé carané wong sing lara utawa wis tuwa isa mènèhi kesaksian, lan apa hasilé?

12 Wong sing lara utawa wis tuwa mungkin ngrasa cilik ati merga ora isa nindakké luwih akèh ing gawéan nginjil. Ning, akèh sing isih isa mènèhi kesaksian. Ing Amerika Serikat, ana sedulur wédok sing jenengé Laurel. Dhèwèké kudu nggunakké alat bantu pernapasan saksuwéné 37 taun. Dhèwèké lara kanker, kudu operasi bola-bali, lan nduwé penyakit kulit sing parah. Ning, kuwi kabèh ora nggawé dhèwèké mandheg nginjil. Dhèwèké tetep mènèhi kesaksian karo perawat lan wong-wong sing teka ing omahé. Apa hasilé? Dhèwèké isa mbantu kira-kira wong 17 dadi Seksi Yéhuwah. *

13 Ana salah siji pinituwa saka Prancis sing jenengé Richard. Dhèwèké nduwé saran sing apik kanggo wong-wong sing dirawat ing omah utawa rumah sakit. Dhèwèké kandha, ”Para sedulur isa majang buku lan majalah bèn wong-wong dadi kepéngin ngerti lan isa dijak omong-omongan. Iki isa nguwatké para sedulur sing ora isa nginjil saka omah menyang omah.” Para sedulur sing ora isa metu omah ya isa mènèhi kesaksian liwat surat utawa télpon.

NÈK ORA NAMPA TUGAS SING DIPÉNGINI

14. Apa sing isa awaké dhéwé tiru saka Raja Daud?

14 Merga wis tuwa, nduwé masalah keséhatan, utawa nduwé masalah liyané, awaké dhéwé mungkin dadi ora isa nampa tugas sing dipéngini ing organisasiné Yéhuwah. Awaké dhéwé isa sinau saka contoné Raja Daud. Daud péngin mbangun baité Gusti Allah. Ning, Daud ora dipilih Gusti Allah kanggo nindakké kuwi. Senajan ngono, Daud tetep ndhukung wong sing dipilih Gusti Allah kanggo nindakké kuwi. Malah, Daud ya mènèhi sumbangan kanggo gawéan kuwi. Kuwi dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé tiru.​—2 Sa. 7:12, 13; 1 Bb. 29:1, 3-5.

15. Piyé carané Hugues ngatasi perasaan cilik ati?

15 Merga nduwé masalah keséhatan, sedulur lanang saka Prancis sing jenengé Hugues ora isa nglayani manèh dadi pinituwa. Malah, dhèwèké ya ora isa nindakké gawéan omah sing sederhana. Dhèwèké kandha, ”Mauné, aku ngrasa ora berharga lan cilik ati. Ning, saiki aku ngerti nèk kuduné aku ora ngono terus. Aku kudu fokus nglayani Yéhuwah bèn aku isa terus bahagia. Mula, aku ora péngin nyerah. Aku péngin niru Gidéon lan prajurité 300 sing tetep semangat senajan ngrasa kesel.”​—PH. 8:4.

16. Apa sing isa disinaoni saka para malaékat?

16 Para malaékat ya mènèhi conto sing apik soal iki. Misalé, Yéhuwah tau njaluk pendapaté para malaékat kanggo ngapusi Raja Ahab. Ana akèh malaékat sing mènèhi pendapat. Ning, Gusti Allah mung nggunakké pendapat saka salah siji malaékat lan kandha nèk kuwi bakal berhasil. (1 Ra. 22:19-22) Apa para malaékat sing pendapaté ora digunakké karo Yéhuwah dadi cilik ati, mungkin nganti mikir nèk pendapaté ora ana gunané? Ora. Para malaékat bener-bener rendah hati lan kepéngin bèn mung Yéhuwah sing dimulyakké.​—PH. 13:16-18; Why. 19:10.

17. Apa sing kudu ditindakké wektu ngrasa cilik ati merga ora éntuk tugas sing awaké dhéwé péngini?

17 Awaké dhéwé kudu nganggep nèk dadi Seksi Yéhuwah lan martakké kabar apik kuwi tugas sing istiméwa. Awaké dhéwé isa waé éntuk tugas tambahan utawa malah kélangan kuwi. Ning, kuwi ora mengaruhi sepira berhargané awaké dhéwé kanggoné Yéhuwah. Nèk awaké dhéwé rendah hati, awaké dhéwé bakal disayang karo Yéhuwah lan para sedulur. Mula, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn awaké dhéwé tetep rendah hati. Awaké dhéwé isa sinau soal sipat rendah hati saka tokoh-tokoh ing Alkitab. Awaké dhéwé ya isa nglayani para sedulur nganggo cara apa waé.​—Ms. 138:6; 1 Ptr. 5:5.

NÈK WONG-WONG ORA GELEM NAMPA KABAR APIK

18-19. Piyé carané bèn awaké dhéwé tetep semangat nginjil senajan akèh wong ora gelem nampa kabar apik?

18 Awaké dhéwé mungkin tau ngrasa cilik ati merga akèh wong ora gelem nampa kabar apik utawa mung sithik sing isa ditemoni ing omah. Piyé carané bèn awaké dhéwé tetep semangat wektu nginjil? Awaké dhéwé isa ngetrapké saran-saran sing ana ing kothak ” Carané Bèn Tetep Semangat Nginjil”. Awaké dhéwé ya perlu nduwé pandangan sing bener soal gawéan nginjil. Apa maksudé?

19 Awaké dhéwé kudu terus fokus martakké jenengé Gusti Allah lan Kratoné. Yésus kandha nèk mung sithik sing bakal dadi muridé. (Mat. 7:13, 14) Wektu nginjil, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa yaiku isa kerja bareng karo Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat. (Mat. 28:19, 20; 1 Kor. 3:9; Why. 14:6, 7) Yéhuwah narik wong-wong sing péngin nglayani Dhèwèké. (Yoh. 6:44) Dadi, nèk saiki ana wong sing ora gelem nampa kabar apik, mungkin wong kuwi gelem ngrungokké awaké dhéwé ing kesempatan liya.

20. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Yérémia 20:8, 9 bèn isa ngatasi perasaan cilik ati?

20 Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané Nabi Yérémia. Yérémia ditugaské kanggo nginjil, ning akèh wong ora gelem nampa kabar sing dhèwèké wartakké. Wong-wong kuwi malah ngécé dhèwèké ”sadinten muput”. (Wacanen Yérémia 20:8, 9.) Kuwi nggawé dhèwèké cilik ati nganti péngin mandheg nginjil. Ning, dhèwèké ora mandheg. Apa sebabé? Merga ”pangandikanipun Sang Yéhuwah” kaya geni sing ana ing njero awaké Yérémia, lan kuwi nggawé dhèwèké ora isa mandheg nginjil. Awaké dhéwé isa kaya Yérémia nèk awaké dhéwé maca Alkitab saben dina lan ngrenungké isiné. Hasilé, awaké dhéwé bakal luwih bahagia wektu nginjil lan mungkin luwih akèh wong sing gelem nampa kabar apik.​— Ym. 15:16.

21. Piyé carané awaké dhéwé isa berhasil ngatasi perasaan cilik ati?

21 Deborah sing disebutké sakdurungé kandha, ”Sétan nggunakké perasaan cilik ati bèn awaké dhéwé ora semangat nglayani Yéhuwah.” Ning, Yéhuwah luwih kuwat ketimbang Sétan. Dadi, wektu ngrasa cilik ati, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah. Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé wektu awaké dhéwé tau nindakké kesalahan utawa nduwé kelemahan. Yéhuwah ya bakal ndhukung awaké dhéwé wektu awaké dhéwé lara. Terus, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé nduwé pandangan sing bener soal tugas ing organisasiné Yéhuwah. Sakliyané kuwi, Dhèwèké bakal mbantu awaké dhéwé nduwé pandangan sing bener soal gawéan nginjil. Mula, ayo ndonga lan nyritakké perasaané awaké dhéwé marang Yéhuwah. Awaké dhéwé bakal berhasil ngatasi perasaan cilik ati nèk dibantu Yéhuwah.

LAGU 41 Bapa, Mirengna Aku

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi tau cilik ati. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing isa ditindakké wektu ngrasa cilik ati. Awaké dhéwé isa ngatasi perasaan cilik ati nèk njaluk bantuané Yéhuwah.

^ par. 4 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 12 Wacanen pengalamané Laurel Nisbet ing Sedarlah! 8 Januari 1993.

^ par. 69 GAMBAR: Ana sedulur wédok sing ngrasa cilik ati. Ning, dhèwèké ngrenungké pelayanané sing sakdurungé lan ndonga marang Yéhuwah. Dhèwèké yakin nèk Yéhuwah bakal terus éling karo kabèh sing dhèwèké tindakké.