Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Terus Semangat Nindakké Tugasmu

Terus Semangat Nindakké Tugasmu

PIYÉ perasaané njenengan wektu nampa surat saka sahabat? Timotius ya tau éntuk surat saka sahabaté yaiku Paulus. Surat kuwi bener-bener nguwatké dhèwèké. Saiki, surat kuwi disebut buku 2 Timotius. Timotius mesthi nggolèk panggonan sing tenang kanggo maca surat saka sahabaté kuwi. Timotius mungkin mikir, ’Piyé ya kabaré Paulus? Apa dhèwèké nduwé saran sing isa mbantu aku nindakké tugas-tugasku? Apa aku isa dadi luwih semangat nginjil lan mbantu wong liya sakwisé maca surat iki?’ Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngerti nèk Timotius éntuk jawaban saka pitakonan-pitakonané lan ngrasa dikuwatké sakwisé maca surat kuwi. Ning, ayo dirembug dhisik saran-saran sing berharga sing ana ing surat kuwi.

”AKU TEKUN NGADHEPI SAMUBARANG KABÈH”

Wektu mulai maca surat kuwi, Timotius isa langsung ngrasakké nèk Paulus bener-bener perduli karo dhèwèké. Ing surat kuwi, Paulus nyebut Timotius ”anak sing tak tresnani”. (2 Tim. 1:2) Timotius nampa surat kuwi kira-kira taun 65 M. Wektu kuwi, mungkin umuré Timotius luwih saka 30 taun, lan dhèwèké wis dadi pinituwa. Timotius wis nglayani bareng karo Paulus luwih saka sepuluh taun, lan akèh sing wis dhèwèké sinaoni.

Timotius mesthi ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk Paulus tetep setya senajan dianiaya. Wektu kuwi, Paulus lagi dipenjara ing Roma lan bakal dipatèni. (2 Tim. 1:15, 16; 4:6-8) Timotius ngerti nèk Paulus wong sing kendel, merga Paulus kandha, ”Aku tekun ngadhepi samubarang kabèh.” (2 Tim. 2:8-13) Kaya Timotius, awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké merga sinau saka contoné Paulus sing tetep tekun.

”TERUS NGOBARKÉ KAYA GENI ANUGRAH SAKA GUSTI ALLAH”

Paulus ngongkon Timotius bèn nganggep tugas pelayanané kuwi berharga. Paulus péngin Timotius ”terus ngobarké kaya geni anugrah saka Gusti Allah” sing dhèwèké duwèni. (2 Tim. 1:6, ctn) Paulus nggunakké kata Yunani khaʹri·sma sing diterjemahké dadi ”anugrah”. Kata kuwi isa maksudké hadiah berharga sing ora pantes ditampa. Timotius nampa hadiah kuwi wektu dhèwèké éntuk tugas sing istiméwa ing jemaat.​—1 Tim. 4:14.

Piyé tanggepané Timotius soal hadiah sing dhèwèké duwèni? Wektu maca kata-kata ”terus ngobarké kaya geni”, mungkin Timotius kèlingan karo areng sing wis ora ngetokké geniné manèh. Areng kuwi kudu dikipasi bèn isa ngetokké geni manèh lan dadi luwih panas. Salah siji kamus kandha nèk kata Yunani (a·na·zo·py·reʹo) sing Paulus gunakké kuwi maksudé ”ngurubké manèh, ngipasi bèn dadi geni”. Kuwi kabèh kanggo nggambarké ”semangat nindakké kegiatan”. Kuwi kaya-kayané Paulus ngandhani Timotius, ’Kowé kudu terus semangat nindakké tugasmu.’ Saiki, awaké dhéwé ya kudu nindakké sing padha yaiku terus semangat nindakké tugas pelayanané awaké dhéwé.

”JAGANEN BAB-BAB SING AJI SING KOK TAMPA KUWI”

Wektu nglanjutké maca surat saka Paulus, Timotius maca kata-kata liyané sing isa mbantu dhèwèké berhasil nindakké tugas pelayanané. Paulus kandha, ”Jaganen bab-bab sing aji sing kok tampa kuwi nganggo roh suci sing ana ing kita.” (2 Tim. 1:14) Apa sing kudu dijaga karo Timotius? Ing ayat sakdurungé, Paulus nyebutké ”wulangan sing bener”, yaiku wulangan saka Alkitab. (2 Tim. 1:13) Merga dadi pinituwa, Timotius kudu mulangké wulangan sing bener marang para sedulur lan wong-wong liyané. (2 Tim. 4:1-5) Dhèwèké ya kudu njaga jemaaté Gusti Allah. (1 Ptr. 5:2) Timotius isa njaga wulangan sing bener nèk ngendelké roh suciné Yéhuwah lan Alkitab.​—2 Tim. 3:14-17.

Saiki, awaké dhéwé ya kudu njaga wulangan sing bener sing biasané awaké dhéwé wartakké wektu nginjil. (Mat. 28:19, 20) Awaké dhéwé kudu éling nèk wulangan sing bener kuwi berharga. Mula, awaké dhéwé kudu terus ndonga lan sregep sinau Alkitab. (Rm. 12:11, 12; 1 Tim. 4:13, 15, 16) Mungkin awaké dhéwé nduwé tugas tambahan dadi pinituwa utawa pelayan sepenuh-waktu. Nèk nduwé tugas kaya ngono, awaké dhéwé kudu rendah hati lan luwih ngendelké bantuané Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep wulangan sing bener kuwi berharga.

”PERCAYAKNA KUWI MARANG WONG-WONG SING ISA DIPERCAYA”

Tugasé Timotius kuwi ya termasuk nglatih wong liya. Kuwi sebabé Paulus ngandhani Timotius, ’Kabèh bab sing wis kok rungokké saka aku, percayakna marang wong-wong sing isa dipercaya, sing sakbanjuré bakal sanggup mulang wong liyané.’ (2 Tim. 2:2) Paulus ngélingké Timotius kanggo nglatih sedulur liyané nggunakké apa sing wis dhèwèké sinaoni. Jaman saiki, para pengawas ya kudu nindakké sing padha. Pengawas sing apik bakal nglatih sing liyané bèn isa nindakké tugas. Dhèwèké ora wedi nèk wong sing dilatih isa nindakké sing luwih apik ketimbang dhèwèké. Dhèwèké ora mung ngajari sing dhasar-dhasar waé. Dhèwèké malah péngin bèn wong sing dilatih isa nduwé pemahaman, maksudé isa dadi wong Kristen sing isa diendelké. Nèk kuwi kabèh ditindakké, wong-wong sing dilatih karo para pengawas mau bakal dadi ”wong-wong sing isa dipercaya” lan dadi berkah kanggo jemaat.

Timotius mesthi seneng banget nampa surat saka Paulus. Surat kuwi dhèwèké waca bola-bali. Dhèwèké mesthi ya mikirké carané ngetrapké saran-sarané Paulus.

Awaké dhéwé ya kudu ngetrapké saran-sarané Paulus. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu terus semangat nggunakké anugrah, njaga wulangan sing bener, lan gelem nglatih wong liya. Nèk nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé bakal isa ’nindakké tugas pelayanan kanthi tenanan’.​—2 Tim. 4:5.