Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Manfaaté Donga kanggo Njenengan

Manfaaté Donga kanggo Njenengan

Putri lara kanker. Sakliyané berobat ing dokter, Putri ya ndonga bèn isa kuwat senajan nduwé penyakit. Apa manfaaté donga kanggo Putri?

Putri ngomong, ”Wektu berobat, aku kerep ngrasa wedi. Ning, wektu ndonga, aku dadi luwih tenang lan ora wedi manèh. Senajan aku tetep lara, ning donga mbantu aku nduwé pikiran sing positif. Wektu ana sing takon kabarku, aku njawab, ’Aku isih lara. Ning, aku tetep semangat.’”

Pancèn, awaké dhéwé ora kudu ngalami masalah sing abot dhisik lagi ndonga. Awaké dhéwé mesthi ngadhepi masalah, mbuh kuwi cilik utawa gedhé, lan awaké dhéwé butuh bantuan kanggo ngadhepi masalah kuwi. Apa donga isa mbantu awaké dhéwé?

Alkitab kandha, ”Sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah kowé mesthi direksa! Pangéran ora marengaké, yèn wong mursid gloyoran ing salawasé.” (Jabur 55:23) Kata-kata kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé ayem. Nèk awaké dhéwé ndonga nggunakké cara sing bener, Gusti Allah mesthi bakal mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah.​—Deloken kothak ” Manfaaté Nèk Ndonga”.