Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Njenengan?

Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Njenengan?

Apa njenengan yakin nèk Gusti Allah ngrungokké dongané njenengan?

APA KANDHANÉ ALKITAB?

  • Gusti Allah bener-bener ngrungokké. Liwat Alkitab, awaké dhéwé isa yakin nèk ”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmané, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengané kalawan setya. Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah . . . dipiyarsakaké [utawa, dirungokké] pasambaté”.​—Jabur 145:18, 19.

  • Gusti Allah péngin njenengan ndonga marang Dhèwèké. Alkitab ngandhani, ”Ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun sarta ucapan sokur.”​—Filipi 4:6.

  • Gusti Allah bener-bener perduli karo njenengan. Gusti Allah ngerti kabèh masalah lan rasa kuwatiré awaké dhéwé. Gusti Allah ya péngin mbantu awaké dhéwé. Alkitab kandha, ”Pasrahna kabèh kuwatirmu marang Gusti Allah, merga Panjenengané nggatèkké kowé.”​—1 Pétrus 5:7.