Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Njenengan Isa Urip ing Donya Anyar

Njenengan Isa Urip ing Donya Anyar

Ing artikel sakdurungé wis dijelaské nèk pemerintahané manungsa karo wong-wong sing jahat sedhéla manèh bakal disingkirké. Dadi, mengko wis ora ana wong sing susah manèh. Awaké dhéwé isa yakin nèk kuwi mesthi bakal kelakon. Kenapa? Merga ing Alkitab wis ditulis:

”Donya iki wis arep disingkirké.”​—1 YOHANES 2:17.

Awaké dhéwé ya isa yakin nèk bakal ana wong-wong sing dislametké merga ing ayat kuwi ya ditulis:

Wong sing nindakké karepé Gusti Allah bakal urip saklawasé.”

Dadi, nèk péngin dislametké ya kudu manut karo Gusti Allah. Nah, bèn isa ngerti apa sing dikarepké Gusti Allah ya kudu kenal karo Gusti Allah.

BÈN SLAMET ”KUDU KENAL” KARO GUSTI ALLAH

Yésus kandha, ”Bèn isa urip saklawasé, wong-wong kuwi kudu kenal karo Njenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati.” (Yohanes 17:3) Bèn isa slamet lan urip saklawasé, awaké dhéwé ”kudu kenal” karo Gusti Allah. Sing dimaksud kenal kuwi ora mung percaya nèk Gusti Allah ana utawa ngerti Gusti Allah kuwi sapa. Tapi, awaké dhéwé ya perlu dadi kancané Gusti Allah. Nèk karo kanca biasané awaké dhéwé sering bergaul bèn tambah akrab. Karo Gusti Allah ya ngono, bèn tambah akrab awaké dhéwé kudu sinau Alkitab.

MACA ALKITAB SABEN DINA

Njenengan isa dislametké pas donya iki disingkirké nèk njenengan kerep ndonga lan manut karo préntahé Gusti Allah

Saben dina awaké dhéwé mangan bèn tetep urip. Ning Yésus ngomong, ”Manungsa kudu urip ora mung saka panganan waé, ning saka saben omongan sing diucapké Yéhuwah.”—Matius 4:4.

Awaké dhéwé isa ngerti omongané Gusti Allah saka Alkitab. Nèk sinau Alkitab, njenengan isa ngerti mbiyèn Gusti Allah wis ngapa waé, terus saiki ngapa waé, lan sukmbèn nduwé rencana apa waé kanggo manungsa.

NDONGA NJALUK BANTUANÉ GUSTI ALLAH

Piyé nèk njenengan péngin nglakoni sing bener manut Gusti Allah, tapi rasané kok angèl? Nèk ngono, njenengan isa njaluk tulung karo Gusti Allah.

Ana wong wédok sing jenengé Sakura, sing mbiyèné uripé ora nggenah. Bar sinau Alkitab, dhèwèké dadi ngerti nèk Gusti Allah péngin awaké dhéwé ”cepet-cepet nolak hubungan sèks sing ora pantes”. (1 Korintus 6:18) Sakura ndonga njaluk bantuané Gusti Allah lan akhiré isa berubah. Tapi, kadhang dhèwèké isih nduwé kepénginan sing salah. Sakura ngomong, ”Nèk aku mulai mikirké sing ora-ora, aku langsung ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Soalé aku ora isa nèk ora dibantu Yéhuwah. Merga kerep ndonga, aku dadi tambah cedhak karo Yéhuwah.” Kaya Sakura, akèh sing péngin cedhak karo Gusti Allah. Gusti Allah bakal mbantu wong-wong sing péngin manut préntahé bèn wong-wong kuwi isa berubah lan nyenengké Gusti Allah.—Filipi 4:13.

Nèk njenengan terus berusaha bèn kenal Gusti Allah, njenengan ya isa dikenal Gusti Allah lan ”dadi kanca akrabé”. (Galatia 4:9; Mazmur 25:14) Nèk wis ngono, njenengan mengko isa dislametké lan urip ing donya anyar. Tapi, donya anyar kuwi kaya apa? Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.