Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Mulai saiki njenengan isa siap-siap bèn isa urip ing donya sing bakal digawé dadi luwih apik

Donya Anyar Kuwi Kaya Apa?

Donya Anyar Kuwi Kaya Apa?

Gusti Allah nyiptakké bumi bèn wong sing bener isa manggon ing kono saklawasé. (Mazmur 37:29) Gusti Allah wis nyiapké taman Èden sing apik banget bèn Adam lan Hawa isa manggon ing kono. Terus, Gusti Allah ngongkon wong loro kuwi lan keturunané kanggo nggarap lan ngopèni bumi.—Purwaning Dumadi 1:28; 2:15.

Saiki, donyané mémang ora kaya sing dikarepké Gusti Allah. Tapi, sing dikarepké Gusti Allah tetep padha. Piyé carané bèn kuwi isa tetep kelakon? Ing artikel sakdurungé dijelaské nèk Gusti Allah ora bakal ngancurké bumi. Gusti Allah péngin bèn wong-wong sing manut karo préntahé urip ing bumi. Mengko nèk sing dikarepké Gusti Allah kelakon, buminé bakal dadi kaya apa?

Pemerintahané mung siji

Ora suwé manèh, nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah bumi, keadaan ing bumi bakal nyenengké lan wong-wong isa bahagia. Gusti Allah wis milih Yésus Kristus kanggo mréntah bumi. Wong-wong sing dadi pemimpin saiki akèh sing ora perduli karo rakyaté. Tapi, Yésus ora kaya ngono. Yésus bakal dadi Raja sing sayang karo rakyaté, perduli, adil, lan apikan.—Yésaya 11:4.

Kabèh wong rukun lan bersatu

Ing donya anyar mengko wis ora ana manèh sing dibédakké merga suku utawa bangsané. Kabèh bakal rukun lan bersatu. (Wahyu 7:9, 10) Kabèh bakal sayang karo Gusti Allah lan wong liya. Terus, kabèh ya bakal kerjasama ngopèni bumi kaya sing dikarepké Gusti Allah.—Mazmur 115:16.

Ora ana bencana alam, rukun karo kéwan

Wektu Kerajaané Gusti Allah mréntah bumi, ora bakal ana bencana alam manèh. (Mazmur 24:1, 2) Pas ing bumi, Yésus tau ngendhegké badai nganggo kuwasané Gusti Allah. (Markus 4:39, 41) Nèk Yésus wis mréntah bumi, awaké dhéwé ora perlu kuwatir ana bencana alam. Mengko ora bakal ana wong-wong sing ngrusak bumi manèh lan wong-wong bakal rukun karo kéwan.—Hoséa 2:18.

Ora ana sing lara lan kelaparan

Kabèh wong bakal séhat. Ora ana sing lara, tuwa, utawa mati. (Yésaya 35:5, 6) Lingkungané mengko bakal resik kaya pas jamané Adam lan Hawa ing taman Èden. Mengko ing donya anyar ora bakal ana kurang pangan, merga lemahé subur kaya ing taman Èden mbiyèn. (Purwaning Dumadi 2:9) Kaya jamané bangsa Israèl mbiyèn, kabèh wong ing Firdaus bakal ”mangan roti nganti puas”.—Kaimaman 26:4, 5.

Keadaané bakal ayem lan aman

Wektu Kerajaané Gusti Allah mréntah bumi, keadaané bakal ayem merga kabèh padha rukun. Ora ana perang, ora ana pemimpin sing kejem, lan kabèh bakal kecukupan. Alkitab janji, ”Saben wong bakal lungguh ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé. Ora ana sing bakal nggawé wedi.” —Mikha 4:3, 4.

Padha nduwé omah lan gawéan sing nyenengké

Saben keluarga bakal nduwé omah dhéwé lan ora perlu wedi digusur. Kabèh kerja kerasé awaké dhéwé mesthi bakal diberkahi. Kaya sing dijelaské ing Alkitab, wong-wong sing urip ing donya anyar ”kerja kerasé mesthi bakal ana hasilé”.—Yésaya 65:21-23.

Pendidikan sing paling apik

Alkitab janji, ”Pengetahuan soal Yéhuwah bakal ngebaki bumi.” (Yésaya 11:9) Wong-wong sing dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah bakal sinau langsung saka Sang Pencipta, Yéhuwah. Wong-wong ya isa sinau soal kabèh sing diciptakké Yéhuwah. Ora bakal ana sing nggunakké pengetahuané kanggo nggawé senjata utawa nggawé wong liya cilaka. (Yésaya 2:4) Tapi, kabèh bakal sinau piyé carané bèn isa rukun lan ngrawat bumi.—Mazmur 37:11.

Urip saklawasé

Gusti Allah wis nyiapké bumi iki bèn manungsa isa urip bahagia. Gusti Allah péngin manungsa urip saklawasé ing bumi. (Mazmur 37:29; Yésaya 45:18) Makané, Gusti Allah ”bakal nyingkirké kematian saklawasé”. (Yésaya 25:8) Alkitab janji, ”Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.” (Wahyu 21:4) Wong-wong sing wis mati mengko bakal diuripké manèh ing donya anyar. Wong-wong kuwi lan wong-wong sing slamet pas donya iki disingkirké isa éntuk kesempatan kanggo urip saklawasé.—Yohanes 5:28, 29; Kisah 24:15.

Saiki, ana jutaan wong sak donya sing lagi berupaya bèn isa nyenengké Gusti Allah. Senajan ora sampurna, wong-wong kuwi terus berupaya bèn mengkoné isa urip ing donya anyar. Carané piyé? Sinau soal Gusti Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus, sing diutus Gusti Allah. —Yohanes 17:3.

Njenengan ya isa ngerti luwih akèh manèh soal carané bèn isa dislametké wektu donya iki disingkirké lan urip bahagia ing donya sing sedhéla manèh bakal digawé dadi luwih apik. Nèk gelem, njenengan isa nampa pelajaran Alkitab gratis karo Seksi-Seksi Yéhuwah nganggo buku Bahagia Saklawasé.