Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Nèk Wis Dadi Wong Apik Uripé Mesthi Pénak?

Apa Nèk Wis Dadi Wong Apik Uripé Mesthi Pénak?

Kèt mbiyèn, akèh sing mikir nèk péngin uripé pénak ya kudu dadi wong apik. Misalé, akèh wong Asia percaya karo omongané guru sing terkenal sing jenengé Konfusius (551-479 SM), sing intiné ngéné: ”Nèk ora péngin dijahati, ya aja njahati.” *

SING DIPERCAYA WONG-WONG

Nganti saiki, isih akèh sing percaya nèk péngin uripé pénak ya kudu dadi wong sing apik. Makané akèh sing berusaha bèn dadi wong sing apikan, sopan, tanggung jawab, lan jujur. Wong wédok saka Vietnam sing jenengé Ling ngomong, ”Nèk dadi wong sing apik lan jujur, mengko aku mesthi éntuk balesan sing apik.”

Ana manèh sing berusaha dadi wong apik merga ing agamané diajari kaya ngono. Hsu-Yun saka Taiwan ngomong, ”Aku mbiyèn diajari nèk wong mati mengkoné isa bahagia utawa sengsara kuwi bergantung karo perbuatané pas isih urip.”

PIYÉ KENYATAANÉ?

Mémang nèk awaké dhéwé dadi wong apik manfaaté akèh. Tapi, akèh sing wis berusaha dadi wong apik malah kecéwa, soalé kenyataané ora kaya sing dikarepké. Wong wédok saka Hong Kong sing jenengé Shiu Ping ngomong, ”Aku wis ngrasakké dhéwé nèk wong sing apik ora selalu éntuk balesan sing apik. Aku wis berusaha dadi ibu sing apik, istri sing apik, tapi nyatané keluargaku berantakan. Bojoku malah ninggalké aku karo anakku.”

Akèh sing setuju nèk wong sing nduwé agama durung mesthi dadi wong sing apik. Wong wédok saka Jepang sing jenengé Etsuko crita, ”Aku mèlu organisasi remaja ing agamaku, malah aku ya dadi pengurusé. Tapi cah-cah ing kéné ana sing kelakuané ora nggenah, padha saingan, malah dhuwit gréja waé dikorupsi.”

”Aku wis berusaha dadi ibu sing apik, istri sing apik, tapi nyatané keluargaku berantakan. Bojoku malah ninggalké aku karo anakku.”​—SHIU PING, HONG KONG

Ana sing kecéwa soalé wis berusaha dadi wong apik lan rajin ngibadah, tapi tetep susah uripé. Kuwi sing dirasakké Van, wong wédok saka Vietnam. Dhèwèké kandha, ”Saben dina aku tuku buah-buahan, kembang, lan panganan dienggo nyembayangi leluhurku. Aku berharap uripku bakal diberkahi. Tapi, meskipun aku wis dadi wong apik lan rajin ngibadah nganti bertaun-taun, bojoku ya tetep lara parah. Terus, anakku wédok sing kuliah ing luar negri mati padahal isih enom.”

Ternyata nèk péngin uripé pénak, ora cukup nèk mung dadi wong sing apik. Lha terus, nèk péngin uripé pénak kudu piyé? Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé butuh tuntunan sing isa dipercaya. Tuntunan kuwi ana ing endi?

^ par. 2 Njenengan isa ndelok keterangan soal ajarané Konfusius ing buku Pencarian Manusia akan Allah pasal 7, paragraf 31-35, sing diterbitké Seksi-Seksi Yéhuwah lan ana ing www.pr418.com.