Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?

Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?

Kaya sing wis dirembug ing artikel-artikel sakdurungé, ana sing percaya takdir, terus ana sing sekolah dhuwur, nggolèk dhuwit akèh, lan berusaha dadi wong apik merga péngin uripé pénak. Tapi kenyataané ora kaya sing dikarepké. Terus, bèn uripé pénak kudu piyé? Apa ana tuntunan sing isa dipercaya?

TUNTUNAN SING SUMBERÉ ISA DIPERCAYA

Nèk arep nggawé keputusan, awaké dhéwé biasané takon karo wong sing luwih tuwa utawa sing luwih pinter. Nah, ana sing luwih tuwa lan luwih pinter daripada manungsa, sing isa ngandhani piyé carané bèn isa urip pénak. Naséhaté ditulis ing kitab suci sing disebut Alkitab, sing umuré wis 3.500 taun.

Ngapa kok isiné Alkitab isa dipercaya? Soalé sing ngarang Alkitab Gusti Allah. Dhèwèké kuwi sing paling tuwa lan paling pinter sak alam semesta. Ing Alkitab, Dhèwèké disebut ”Sing Lanjut Usia” sing ana ”saka saklawasé nganti saklawasé”. (Danièl 7:9; Mazmur 90:2, cathetan ngisor) Dhèwèké kuwi ”Gusti Allah sing bener, Sing Nyiptakké langit, Sing Mbentuk bumi”. (Yésaya 45:18) Jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.

Yéhuwah kuwi sing nyiptakké kabèh wong. Dhèwèké ora mbédak-mbédakké. Mulané, naséhaté sing ditulis ing Alkitab bermanfaat kanggo kabèh wong kèt mbiyèn nganti saiki. Alkitab kuwi buku sing paling akèh diterjemahké lan dicétak. * Dadi, sapa waé isa maca lan éntuk tuntunan saka Gusti Allah. Kuwi cocog karo sing disebutké ing Alkitab:

”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—KISAH 10:34, 35.

Kaya wong tuwa sing sayang karo anaké lan seneng ngekèki naséhat, Yéhuwah ya sayang karo awaké dhéwé lan ngekèki naséhat sing ditulis ing Alkitab. (2 Timotius 3:16) Yéhuwah kuwi sing nyiptakké awaké dhéwé lan sing paling ngerti carané bèn isa bahagia. Dadi, njenengan isa percaya karo isiné Alkitab.

Nèk péngin ngrasakké kuwi kabèh njenengan kudu piyé? Deloken artikel berikuté.

^ par. 6 Bukaken www.pr418.com bagéan AJARANÉ ALKITAB > SEJARAH & ALKITAB nèk péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab sing wis diterjemahké lan dicétak nganggo akèh basa.

^ par. 16 Bukaken pasal 9 buku Alkitab—Firman dari Allah atau dari Manusia? sing diterbitké Seksi-Seksi Yéhuwah, sing ana ing www.pr418.com bagéan PERPUSTAKAAN > BUKU & BROSUR.