Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 2

Sinau saka ”Murid sing Ditresnani Yésus”

Sinau saka ”Murid sing Ditresnani Yésus”

”Sedulur-sedulur sing tak sayangi, ayo terus nresnani liyané, merga katresnan kuwi asalé saka Gusti.”​—1 YOH. 4:7.

LAGU 105 ”Gusti Allah Kuwi Katresnan”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Merga Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé, piyé perasaané awaké dhéwé?

RASUL YOHANES nulis, ”Gusti Allah kuwi katresnan.” (1 Yoh. 4:8) Saka kata-kata kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk ora mung urip sing asalé saka Yéhuwah, ning katresnan kuwi ya asalé saka Yéhuwah. Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé isa ngrasa aman, bahagia, lan puas.

2. Nurut Matius 22:37-40, Yéhuwah mènèhi préntah apa, lan ngapa kok nresnani para sedulur isa waé angèl?

2 Wong Kristen kudu nduduhké katresnan merga kuwi préntah saka Gusti Allah. (Wacanen Matius 22:37-40.) Awaké dhéwé mungkin luwih gampang sayang karo Yéhuwah merga Yéhuwah kuwi sampurna, apikan, lan perduli karo awaké dhéwé. Ning, isa waé awaké dhéwé angèl nresnani para sedulur merga para sedulur ora sampurna. Kadhang-kadhang, para sedulur ngomong utawa tumindak sing nggawé awaké dhéwé lara ati. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé bakal ngalami kuwi. Mula, liwat para penulis Alkitab termasuk Yohanes, Yéhuwah ngandhani awaké dhéwé apa alesané lan piyé carané nduduhké katresnan marang wong liya.​—1 Yoh. 3:11, 12.

3. Yohanes bola-bali nulis soal apa?

3 Yohanes bola-bali nulis nèk wong Kristen kudu nduduhké katresnan. Ing antarané para penulis Injil, Yohanes kuwi sing luwih kerep nggunakké kata ”nresnani” timbang penulis liyané. Wektu nulis kuwi, umuré Yohanes kira-kira wis 100 taun. Saka Injil lan telu suraté Yohanes, awaké dhéwé sinau nèk apa sing awaké dhéwé tindakké kuwi dhasaré kudu katresnan. (1 Yoh. 4:10, 11) Ning, Yohanes mauné ya kangèlan ngetrapké kuwi.

4. Apa nduduhké katresnan kuwi mesthi gampang kanggoné Yohanes?

4 Wektu isih enom, Yohanes tau gagal nduduhké katresnan. Contoné, pas arep ing Yérusalèm, Yésus lan para muridé ngliwati Samaria. Ana salah siji désa ing kono sing wong-wongé ora gelem nampa Yésus. Saking nesuné, Yohanes nganti ngomong karo Yésus nèk arep nggawé geni mudhun saka langit bèn matèni wong-wong Samaria kuwi. (Luk. 9:52-56) Yohanes ya tau gagal nduduhké katresnan marang para rasul liyané. Liwat ibuné, Yohanes lan Yakobus tau njaluk bèn diwènèhi Yésus kedudukan penting ing Kerajaané Gusti Allah. Akibaté, para rasul liyané dadi nesu. (Mat. 20:20, 21, 24) Senajan Yohanes tau gagal nduduhké katresnan, Yésus tetep sayang karo Yohanes.​—Yoh. 21:7.

5. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Yohanes lan beberapa tulisané Yohanes soal katresnan. Wektu ngrembug soal kuwi, awaké dhéwé bakal sinau carané nduduhké katresnan marang para sedulur lan carané kepala keluarga isa nduduhké rasa sayang marang keluargané.

CARANÉ NDUDUHKÉ KATRESNAN

Yéhuwah mènèhké Yésus bèn dadi tebusan kanggo nduduhké nèk sayang karo awaké dhéwé (Deloken paragraf 6-7)

6. Piyé carané Yéhuwah nduduhké rasa sayangé?

6 Awaké dhéwé mungkin nganggep nèk nresnani wong liya kuwi berarti nduwé rasa sayang karo wong kuwi lan kandha nèk sayang karo dhèwèké. Ning, bèn dhèwèké isa bener-bener ngrasakké katresnané awaké dhéwé, kuwi kudu diduduhké liwat tumindak. (Bandhingna karo Yakobus 2:17, 26.) Misalé, Yéhuwah kuwi sayang karo awaké dhéwé lan nduduhké rasa sayangé liwat kata-kata sing ditulis ing Alkitab. (1 Yoh. 4:19; Mzm. 25:10; Rm. 8:38, 39) Ning, Yéhuwah ya nduduhké rasa sayangé liwat tumindak. Yohanes kandha, ”Iki carané Gusti Allah nduduhké katresnané marang awaké dhéwé: Gusti Allah ngutus Anaké siji-sijiné menyang donya, bèn awaké dhéwé isa nampa urip saklawasé liwat Anaké.” (1 Yoh. 4:9) Yéhuwah mènèhké Anaké sing paling disayangi bèn dadi tebusan kanggo awaké dhéwé. (Yoh. 3:16) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé.

7. Piyé carané Yésus nduduhké rasa sayangé?

7 Yésus ngyakinké para muridé nèk dhèwèké sayang karo wong-wong kuwi. (Yoh. 13:1; 15:15) Yésus nduduhké rasa sayangé marang awaké dhéwé lan wong-wong kuwi liwat omongan lan tumindaké. Yésus kandha, ”Wong sing gelem ngorbanké uripé kanggo sahabat-sahabaté kuwi nduwé katresnan sing gedhé banget, lan ora ana sing isa ngungkuli katresnan sing kaya ngono kuwi.” (Yoh. 15:13) Wektu ngerti carané Yéhuwah lan Yésus nduduhké katresnan marang awaké dhéwé, apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé?

8. Nurut 1 Yohanes 3:18, katresnan kudu diduduhké liwat apa?

8 Nèk nresnani Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé bakal manut karo Yéhuwah lan Yésus. (Yoh. 14:15; 1 Yoh. 5:3) Yésus mréntahké awaké dhéwé bèn nresnani para sedulur. (Yoh. 13:34, 35) Kuwi kudu diduduhké ora mung liwat omongan, ning ya liwat tumindak. (Wacanen 1 Yohanes 3:18.) Piyé carané awaké dhéwé nduduhké rasa sayang marang para sedulur?

NRESNANI PARA SEDULUR

9. Merga nresnani wong liya, apa waé sing ditindakké Yohanes?

9 Yohanes isa waé tetep manggon karo bapaké lan nglanjutké usaha keluargané yaiku nggolèk iwak. Ning sakwisé kenal Yésus, dhèwèké milih mbantu wong liya kanggo sinau soal Yéhuwah lan Yésus. Yohanes ngadhepi akèh tantangan. Dhèwèké dianiaya merga nginjil. Terus pas wis tuwa, dhèwèké dipenjara ing Pulau Patmos. (Kis. 3:1; 4:1-3; 5:18; Why. 1:9) Senajan dipenjara, Yohanes tetep nduduhké rasa sayangé marang wong liya. Misalé, Yohanes nulis wahyu sing dhèwèké tampa lan ngirimké kuwi marang jemaat-jemaat supaya wong-wong isa ngerti apa sing ”sedhéla manèh mesthi bakal kelakon”. (Why. 1:1) Bar dibébaské saka Patmos, Yohanes nulis Injil sing nyritakké soal urip lan pelayanané Yésus. Dhèwèké ya nulis surat telu kanggo nguwatké sedulur-sedulur seimané. Piyé njenengan isa niru Yohanes?

10. Apa buktiné nèk njenengan nresnani wong liya?

10 Merga kena pengaruh saka donya sing dikuwasani Sétan, awaké dhéwé mungkin mikir nèk luwih apik ngutamakké kepentingané dhéwé, nggolèk dhuwit sing akèh, utawa dadi terkenal. Ning, nèk njenengan réla berkorban, kuwi bukti nèk njenengan nresnani wong liya. Njenengan lan kabèh sedulur seiman sak donya ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil lan mbantu wong liya cedhak karo Yéhuwah. Malah, ana sing isa dadi perintis.

Awaké dhéwé kudu nduduhké nèk sayang karo para sedulur lan keluarga (Deloken paragraf 11, 17) *

11. Merga nresnani Yéhuwah lan wong liya, apa sing ditindakké para sedulur?

11 Akèh wong Kristen kudu kerja saben dina kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Ning, wong-wong kuwi tetep ndhukung organisasiné Yéhuwah. Misalé, ana sing isa mèlu mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana alam utawa mèlu proyèk pembangunan. Sakliyané kuwi, kabèh ya isa nyumbang kanggo ndhukung gawéan nginjil. Kuwi kabèh ditindakké merga wong-wong kuwi nresnani Gusti Allah lan nresnani wong liya. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé nduduhké rasa tresna marang para sedulur nèk teka berhimpun lan mènèhi koméntar. Senajan kesel, awaké dhéwé tetep teka berhimpun. Senajan isin lan ora percaya diri, awaké dhéwé tetep mènèhi koméntar. Senajan nduwé masalah, awaké dhéwé tetep nguwatké para sedulur ing perhimpunan. (Ibr. 10:24, 25) Awaké dhéwé mesthi seneng banget karo apa sing wis ditindakké para sedulur.

12. Merga nresnani para sedulur, apa manèh sing ditindakké Yohanes?

12 Yohanes nduduhké rasa tresna marang para sedulur ora mung liwat pujian, ning ya liwat naséhat. Misalé, ing suraté, Yohanes ora mung muji para sedulur merga iman lan kerja kerasé, ning ya mènèhi naséhat soal dosa. (1 Yoh. 1:8–2:1, 13, 14) Pancèn, awaké dhéwé kudu muji para sedulur merga wis nindakké apa sing apik. Ning, awaké dhéwé ya kudu mènèhi naséhat nèk ana sedulur sing mulai nindakké utawa nduwé kebiasaan sing salah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé tresna karo para sedulur. Awaké dhéwé mungkin ngrasa wedi nèk arep mènèhi naséhat. Ning, Alkitab kandha nèk kanca sejati kuwi mbantu kancané dadi luwih apik.​—WB. 27:17.

13. Apa sing ora éntuk awaké dhéwé tindakké?

13 Kadhang-kadhang, awaké dhéwé isa nduduhké katresnan marang para sedulur liwat apa sing ora awaké dhéwé tindakké. Misalé, awaké dhéwé ora gampang tersinggung karo omongané para sedulur kuwi. Gatèkna peristiwa sing kelakon wektu Yésus lagi mulang murid-muridé. Yésus ngomong nèk para muridé kudu mangan dagingé lan ngombé getihé bèn isa urip. (Yoh. 6:53-57) Akèh muridé sing kagèt lan ninggalké Yésus. Ning, para rasulé, misalé Yohanes, ora ninggalké Yésus utawa dadi lara ati. Senajan ora paham karo omongané Yésus lan isa waé kagèt wektu krungu kata-katané, para rasul tetep percaya nèk apa sing diomongké Yésus kuwi wis mesthi bener. (Yoh. 6:60, 66-69) Timbang cepet-cepet ngrasa tersinggung karo omongané para sedulur, luwih apik nèk awaké dhéwé ngrungokké dhisik apa alesané sedulur kuwi ngomong kaya ngono.​—WB. 18:13; Pkh. 7:9.

14. Apa akibaté nèk awaké dhéwé sengit karo para sedulur?

14 Yohanes ya ngandhani awaké dhéwé bèn ora sengit karo para sedulur. Nèk sengit karo para sedulur, awaké dhéwé isa nggawé jemaat dadi ora rukun. (1 Yoh. 2:11; 3:15) Sétan nggunakké akèh cara bèn umaté Gusti Allah ora rukun. Kuwi tau kelakon ing jaman mbiyèn. Pas Yohanes nulis surat-suraté, ana sedulur-sedulur ing jemaat sing ya péngin nggawé jemaat ora rukun. Contoné yaiku Diotrèfès. (3 Yoh. 9, 10) Dhèwèké ora ngajèni sedulur-sedulur sing diutus para rasul. Malah, nèk ana wong-wong sing ramah lan apikan karo sedulur-sedulur kuwi, dhèwèké ngupaya ngalang-alangi lan ngetokké wong-wong kuwi saka jemaat. Nganti saiki, Sétan isih nggunakké akèh cara bèn umaté Gusti Allah ora rukun. Mula, aja nganti awaké dhéwé sengit karo para sedulur, merga kuwi isa nggawé awaké dhéwé ora rukun.

NRESNANI KELUARGA

Yésus mastèkké bèn Maria ora mung dicukupi kebutuhané, ning ya dibantu bèn isa terus nglayani Yéhuwah. Para kepala keluarga kudu mbantu keluargané bèn terus nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah (Deloken paragraf 15-16)

15. Sakliyané nyukupi kebutuhan keluargané, kepala keluarga kudu nindakké apa manèh?

15 Kanggo nduduhké nèk sayang karo keluargané, kepala keluarga kudu nyukupi kebutuhan keluargané. (1 Tim. 5:8) Ning, dhèwèké ya kudu mbantu keluargané bèn nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. (Mat. 5:3) Para kepala keluarga isa niru contoné Yésus. Misalé, gatèkna apa sing dicritakké Injil Yohanes wektu Yésus lagi dipaku ing cagak. Senajan lagi ngrasakké lara lan wis mèh mati, Yésus tetep mikirké keluargané. Wektu kuwi, ing cedhaké Yésus ana Maria ibuné Yésus lan Yohanes. Mula, Yésus ngongkon Yohanes bèn ngopèni Maria. (Yoh. 19:26, 27) Adhi-adhiné Yésus mesthiné ya isa nyukupi kebutuhané Maria, ning kétoké wektu kuwi, adhi-adhiné durung ana sing dadi pengikuté Yésus. Yésus mastèkké bèn Maria ora mung dicukupi kebutuhané, ning ya dibantu bèn isa terus nglayani Yéhuwah.

16. Yohanes nduwé tanggung jawab apa waé?

16 Yohanes nduwé akèh tanggung jawab. Dhèwèké kudu mimpin gawéan nginjil, merga dhèwèké kuwi rasul. Kayané Yohanes ya wis nikah. Dadi, dhèwèké ya kudu nyukupi kebutuhan keluargané lan mbantu keluargané bèn terus nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. (1 Kor. 9:5) Piyé para kepala keluarga ing jaman saiki isa niru Yohanes?

17. Piyé kepala keluarga isa nduduhké nèk sayang karo keluargané?

17 Sedulur lanang sing dadi kepala keluarga ya isa waé nduwé akèh tanggung jawab. Contoné, dhèwèké kudu sregep nyambut gawé, merga kuwi ya isa nggawé Yéhuwah diluhurké. (Éf. 6:5, 6; Tit. 2:9, 10) Terus nèk dhèwèké kuwi pinituwa utawa abdiné jemaat, dhèwèké ya nduwé tanggung jawab kanggo nguwatké para sedulur lan mimpin gawéan nginjil. Ning sing paling penting, dhèwèké kudu rajin sinau Alkitab bareng karo bojo lan anak-anaké. Kepala keluarga nduwé tanggung jawab bèn keluargané isa tetep séhat, bahagia, lan terus nglayani Yéhuwah. Kepala keluarga sing kaya ngono mesthi diajèni banget karo keluargané.—Éf. 5:28, 29; 6:4.

”TETEP DADI WONG SING TAK TRESNANI”

18. Yohanes yakin soal apa?

18 Yohanes wis tuwa lan mesthi nduwé akèh pengalaman. Senajan ngadhepi akèh tantangan sing isa waé nggawé imané dadi ora kuwat, dhèwèké terus ngupaya manut préntah-préntahé Yésus, termasuk kanggo nresnani para sedulur. Merga nindakké kuwi, Yohanes isa yakin nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo dhèwèké lan bakal mbantu dhèwèké wektu ngadhepi tantangan. (Yoh. 14:15-17; 15:10; 1 Yoh. 4:16) Senajan ana akèh tantangan saka Sétan lan wong-wong ing donya iki, Yohanes tetep sayang karo para sedulur lan nduduhké kuwi liwat omongan lan tumindaké.

19. Siji Yohanes 4:7 ngongkon awaké dhéwé nindakké apa, lan apa hasilé?

19 Kaya Yohanes, awaké dhéwé ya urip ing donya sing dikuwasani karo Sétan. Dhèwèké kuwi ora nresnani sapa-sapa. (1 Yoh. 3:1, 10) Sétan ya péngin supaya awaké dhéwé ora nresnani para sedulur. Ning, arep nresnani para sedulur utawa ora, kuwi sakjané pilihané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin terus nresnani para sedulur lan nduduhké kuwi liwat omongan lan tumindak. Hasilé, awaké dhéwé bakal ngrasa seneng merga dadi bagéan saka umaté Yéhuwah, lan uripé awaké dhéwé ya bakal bahagia.​—Wacanen 1 Yohanes 4:7.

LAGU 88 Ajarana Aku

^ par. 5 Rasul Yohanes kuwi ”murid sing ditresnani Yésus”. (Yoh. 21:7) Senajan isih enom, dhèwèké nduwé sipat-sipat sing apik. Wektu Yohanes wis tuwa, Yéhuwah nggunakké dhèwèké kanggo nulis akèh soal katresnan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug soal tulisané Yohanes lan apa sing isa disinaoni saka dhèwèké.

^ par. 59 GAMBAR: Kepala keluarga sing mèlu mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana. Dhèwèké ya mènèhi sumbangan kanggo ndhukung gawéan nginjil lan ngundang sedulur liya kanggo mèlu ibadah keluarga.