Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 4

Terus Sayang karo Para Sedulur

Terus Sayang karo Para Sedulur

”Kowé kudu sayang karo wong liya kaya karo keluargamu dhéwé.”​—RM. 12:10.

LAGU 109 Katresnan sing Sejati saka Ati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa buktiné nèk akèh wong saiki ora sayang karo keluargané?

ALKITAB ngramalké nèk ing akhir jaman wong-wong bakal ”ora sayang karo keluargané”. (2 Tim. 3:1, 3) Ramalan kuwi saiki pancèn wis kelakon. Misalé, akèh suami istri sing pegatan. Akibaté, wong-wong kuwi dadi sengit karo mantan bojoné, lan anak-anaké dadi ngrasa ora disayangi. Sakliyané kuwi, ana keluarga-keluarga sing ora akrab senajan manggon sak omah. Ana penaséhat perkawinan sing kandha, ”Keluarga-keluarga dadi ora akrab merga wong tuwa lan anak-anaké jarang omong-omongan lan malah ngentèkké luwih akèh wektu kanggo nggunakké komputer, tablèt, hp, utawa dolanan video game timbang omong-omongan karo keluargané.”

2-3. (a) Nurut Roma 12:10, awaké dhéwé kudu sayang karo sapa? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Awaké dhéwé ora péngin kaya wong-wong ing donya iki sing ora sayang karo wong liya. (Rm. 12:2) Awaké dhéwé mesthi péngin sayang karo keluargané awaké dhéwé lan para sedulur ing jemaat. (Wacanen Roma 12:10.) Rasa sayang sing kaya apa sing kuduné diduduhké marang para sedulur? Awaké dhéwé kudu sayang karo para sedulur padha kaya awaké dhéwé sayang karo keluargané awaké dhéwé. Nèk nindakké kuwi, umaté Yéhuwah bakal bersatu, lan awaké dhéwé bahagia wektu nglayani Yéhuwah.​—Mi.  2:12.

3 Saiki, ayo awaké dhéwé ngrembug conto-conto sing ana ing Alkitab bèn isa sayang karo para sedulur kaya awaké dhéwé sayang karo keluargané awaké dhéwé.

YÉHUWAH ”NDUWÉ KATRESNAN SING GEDHÉ BANGET”

4. Nurut Pangentasan 34:6, piyé perasaané Yéhuwah marang awaké dhéwé?

4 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Misalé, Alkitab kandha nèk ”Gusti Allah kuwi katresnan”. (1 Yoh. 4:8) Merga ngerti soal kuwi, awaké dhéwé dadi péngin cedhak karo Yéhuwah. Alkitab ya kandha nèk Yéhuwah kuwi ”nduwé katresnan sing gedhé banget”. (Wacanen Pangentasan 34:6.) Kata-kata kuwi nduduhké nèk Yéhuwah sayang banget karo awaké dhéwé.

5. Piyé carané Yéhuwah nduduhké rasa mesakké, lan piyé carané awaké dhéwé niru Yéhuwah?

5 Pangentasan 34:6 nyebutké nèk Yéhuwah kuwi ora mung nduwé katresnan sing gedhé banget, ning ya gampang mesakké. (Yak. 5:11) Salah siji cara Yéhuwah nduduhké rasa mesakké yaiku wektu ngapura kesalahané awaké dhéwé. (Mzm. 51:1) Ning, ora mung kuwi thok. Ing Alkitab, rasa mesakké kuwi ya isa berarti péngin mbantu wong sing lagi susah. Dadi merga mesakké, Yéhuwah péngin banget mbantu wektu awaké dhéwé lagi susah. (Mzm. 37:39; 1 Kor. 10:13) Perasaané Yéhuwah kuwi ngluwihi perasaané ibu marang anaké. (Yés. 49:15) Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé nduduhké rasa mesakké nèk gelem ngapura para sedulur lan ora terus-terusan jèngkèl karo sedulur-sedulur sing nglarani atiné awaké dhéwé. (Éf. 4:32) Ning sing paling penting, awaké dhéwé isa nduduhké rasa mesakké nèk mbantu para sedulur sing lagi ngadhepi masalah. Nèk awaké dhéwé sayang lan nduduhké rasa mesakké karo wong liya, awaké dhéwé niru Yéhuwah Gusti Allah sing sayang karo awaké dhéwé.—Éf. 5:1.

”YONATAN LAN DAUD DADI SAHABAT SING AKRAB”

6. Apa buktiné nèk Yonatan sayang karo Daud?

6 Alkitab nduduhké nèk manungsa sing ora sampurna tetep isa nduduhké rasa sayang. Gatèkna contoné Yonatan lan Daud. Alkitab kandha, ”Yonatan lan Daud dadi sahabat sing akrab. Yonatan mulai nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.” (1 Sam. 18:1) Daud dipilih Yéhuwah dadi raja nggantèni Saul bapaké Yonatan. Sakwisé kuwi, Saul dadi sengit karo Daud lan péngin matèni dhèwèké. Ning, Yonatan ora gelem mèlu-mèlu bapaké. Yonatan malah janji karo Daud nèk bakal terus dadi sahabaté lan terus ndhukung dhèwèké.​—1 Sam. 20:42.

Senajan Yonatan luwih tuwa timbang Daud, ning wong loro kuwi tetep isa dadi sahabat sing akrab (Deloken paragraf 6-9)

7. Apa sing kétoké isa ngalang alangi Yonatan lan Daud dadi sahabat?

7 Persahabatané Yonatan lan Daud kuwi bener-bener luar biasa. Wong loro kuwi tetep cedhak senajan ana sing kétoké isa ngalang-alangi wong loro kuwi dadi sahabat. Misalé, Yonatan kuwi umuré 30 taun luwih tuwa timbang Daud. Yonatan isa waé nganggep nèk dhèwèké ora mungkin isa akrab karo wong sing luwih enom lan kurang pengalaman. Ning, Yonatan ora mikir kaya ngono lan ora tau ngrèmèhké Daud.

8. Apa sebabé Yonatan kuwi kanca sing apik kanggo Daud?

8 Yonatan isa waé mèri karo Daud lan mikir nèk kuduné dhèwèké sing dadi raja nggantèni bapaké. (1 Sam. 20:31) Ning, Yonatan rendah hati lan setya marang Yéhuwah. Mula, dhèwèké ndhukung Daud sing wis dipilih Yéhuwah dadi raja. Dhèwèké ya setya karo Daud senajan kuwi nggawé bapaké nesu banget.​—1 Sam. 20:32-34.

9. Apa buktiné nèk Yonatan ora nganggep Daud kuwi saingané?

9 Merga sayang karo Daud, Yonatan ora nganggep Daud kuwi saingané. Yonatan kuwi pemanah sing trampil lan prajurit sing kendel. Wong-wong kandha nèk Yonatan lan bapaké kuwi ”luwih cepet timbang elang” lan ”luwih kuwat timbang singa”. (2 Sam. 1:22, 23) Yonatan isa waé dadi sombong. Ning, Yonatan ora gelem saingan utawa mèri karo Daud. Buktiné, Yonatan mulai akrab karo Daud sakwisé Daud matèni Goliat. Yonatan kagum karo Daud merga Daud kendel lan percaya karo Yéhuwah. Saiki, ayo dirembug piyé carané nduduhké rasa sayang marang para sedulur.

SAYANG KARO PARA SEDULUR

10. Apa maksudé ”tenanan sayang karo liyané saka ati”?

10 Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ”tenanan sayang karo liyané saka ati”. (1 Ptr. 1:22) Yéhuwah kuwi tenanan sayang karo awaké dhéwé lan bakal terus sayang nèk awaké dhéwé setya karo Dhèwèké. (Rm. 8:38, 39) Kata ”tenanan” nduduhké nèk awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa nduduhké rasa sayang. Pancèn, kadhang kala ora gampang kanggo nduduhké rasa sayang marang para sedulur. Ning pas ana sedulur sing nggawé jèngkèl, awaké dhéwé kudu ”sabar karo liyané merga tresna” lan ”kudu terus ngupaya tenanan bèn tetep bersatu lan rukun”. (Éf. 4:1-3) Merga péngin rukun karo para sedulur, awaké dhéwé ora bakal terus mikirké kesalahané para sedulur. Awaké dhéwé bakal ngupaya bèn isa niru Yéhuwah lan ora cepet-cepet nggawé kesimpulan sing klèru soal para sedulur.​—1 Sam. 16:7; Mzm. 130:3.

Kaya Éuodia lan Sintikhé, kabèh wong Kristen kudu ngupaya bèn isa rukun (Deloken paragraf 11)

11. Apa sebabé nduduhké rasa sayang kuwi isa waé angèl?

11 Nduduhké rasa sayang kuwi isa waé angèl khususé nèk awaké dhéwé ngerti kesalahan sing tau ditindakké para sedulur. Kétoké, kuwi ya dialami karo wong-wong Kristen ing jamané para rasul. Misale, Éuodia lan Sintikhé ora nduwé masalah karo Paulus wektu ”kerja keras bareng [dhèwèké] demi kabar apik”. Ning, Éuodia lan Sintikhé nduwé masalah sing nggawé wong loro kuwi dadi ora rukun. Mula, Paulus ngandhani wong loro kuwi bèn ”rukun wektu ngabdi marang Gusti”.​—Flp. 4:2, 3.

Pinituwa sing isih enom lan sing wis tuwa isa dadi sahabat sing akrab (Deloken paragraf 12)

12. Piyé carané bèn isa sayang karo para sedulur?

12 Bèn isa sayang karo para sedulur, awaké dhéwé kudu ngupaya luwih kenal karo para sedulur. Hasilé, awaké dhéwé bakal gampang ngertèni lan nduduhké rasa sayang marang para sedulur. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa akrab karo sedulur-sedulur sing luwih tuwa, sing luwih enom, utawa sing latar belakangé béda. Kaya sing disebutké mau, senajan umuré 30 taun luwih tuwa, Yonatan tetep isa dadi sahabaté Daud. Apa njenengan gelem ngupaya bèn isa akrab karo para sedulur sing luwih tuwa utawa luwih enom? Nèk nindakké kuwi, njenengan nduduhké nèk njenengan ”nresnani kabèh sedulur seiman”.​—1 Ptr. 2:17.

Deloken paragraf 12 *

13. Apa sebabé awaké dhéwé mungkin ora isa akrab karo kabèh sedulur ing jemaat?

13 Senajan péngin nduduhké rasa sayang, ning awaké dhéwé mungkin ora isa akrab karo kabèh sedulur ing jemaat. Kuwi wajar merga ora kabèh wong nduwé minat lan kesenengan sing padha. Awaké dhéwé isa sinau saka contoné Yésus. Yésus pancèn nganggep kabèh rasulé kuwi ”sahabat”. Ning, dhèwèké paling sayang karo Yohanes. (Yoh. 13:23; 15:15; 20:2) Senajan ngono, Yésus ora nganggep nèk Yohanes kuwi luwih istiméwa timbang rasul-rasul liyané. Contoné, wektu Yohanes lan Yakobus njaluk kedudukan sing istiméwa ing Kerajaané Gusti Allah, Yésus kandha, ”Aku ora nduwé wewenang kanggo nentokké soal sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku.” (Mrk. 10:35-40) Kaya Yésus, awaké dhéwé aja nganti apikan mung karo sedulur-sedulur sing akrab karo awaké dhéwé. (Yak. 2:3, 4) Kuwi isa nggawé jemaat dadi ora rukun.​—Yud. 17-19.

14. Nurut Filipi 2:3, piyé carané bèn ora nganggep sedulur-sedulur kuwi saingané awaké dhéwé?

14 Nèk sayang karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé ora bakal nganggep nèk sedulur-sedulur kuwi saingané awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa niru Yonatan. Dhèwèké ora mèri karo Daud utawa nganggep Daud kuwi saingané. Kaya Yonatan, awaké dhéwé aja nganti nganggep sedulur-sedulur sing luwih trampil kuwi saingané awaké dhéwé. Awaké dhéwé ”kudu rendah hati nganggep wong liya luwih unggul” timbang awaké dhéwé. (Wacanen Filipi 2:3.) Kabèh sedulur nduwé kesempatan kanggo ndhukung jemaat. Nèk rendah hati, awaké dhéwé isa ngerti nèk para sedulur kuwi nduwé sipat-sipat apik, lan awaké dhéwé ya isa dikuwatké merga ndelok upayané sedulur-sedulur bèn isa tetep setya.​—1 Kor. 12:21-25.

15. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Tanya lan anak-anaké?

15 Wektu awaké dhéwé ngadhepi masalah, Yéhuwah nguwatké liwat bantuané para sedulur sing sayang karo awaké dhéwé. Misalé gatèkna pengalamané Tanya lan anak-anaké sing teka ing Kebaktian Internasional taun 2019 ing Amerika Serikat sing judhulé ”Katresnan bakal Ana Sakterusé”. Dina Setu pas mulih kebaktian, mobilé Tanya ditabrak. Tanya kandha, ”Pas arep mulih ing hotèl, mobilku ditabrak. Senajan ora luka, ning aku lan anak-anakku kagèt banget. Pas aku metu saka mobil, ana wong ing pinggir dalan sing ngawé-awé aku lan ngongkon aku lan anak-anakku mlebu mobilé bèn ora ketabrak. Jebulé dhèwèké kuwi salah siji sedulur sing ya lagi waé mulih saka kebaktian. Sakliyané dhèwèké, ya ana sedulur lima saka Swedia sing mandheg kanggo nulungi aku. Aku lan anakku wédok dipeluk sedulur-sedulur wédok sing ana ing kono. Aku lan anak-anakku bener-bener ngrasa ayem. Terus, sedulur-sedulur kuwi tak kongkon mulih waé, merga aku lan anak-anakku ora apa-apa. Ning, sedulur-sedulur kuwi malah ngancani aku nganti ana dokter sing teka kanggo mriksa aku. Aku bener-bener ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo aku. Aku dadi saya sayang karo para sedulur lan karo Yéhuwah. Apa njenengan ya tau dibantu karo sedulur-sedulur sing sayang karo njenengan? Nèk iya, njenengan mesthi nduwé perasaan sing padha karo sedulur Tanya.

16. Apa waé manfaaté nduduhké rasa sayang marang para sedulur?

16 Nduduhké rasa sayang marang para sedulur kuwi akèh manfaaté. Kuwi isa nguwatké sedulur-sedulur sing ngalami masalah. Kuwi ya isa nggawé jemaat tetep rukun. Terus, kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé muridé Yésus, lan kuwi ya isa nggawé wong-wong sing atiné tulus péngin ngerti luwih akèh soal Yéhuwah. Sing paling penting, kuwi isa ngluhurké Yéhuwah ”Bapak sing gampang mesakké lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé”. (2 Kor. 1:3) Mula, ayo terus nduduhké rasa sayang marang para sedulur.

LAGU 130 Senenga Ngapura

^ par. 5 Yésus kandha nèk kabèh wong isa ngerti sing endi murid-muridé nèk murid-muridé padha-padha nresnani. Awaké dhéwé mesthi péngin nresnani sedulur-sedulur. Bèn isa nresnani sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu sayang karo sedulur-sedulur padha kaya awaké dhéwé sayang karo keluargané dhéwé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn isa luwih sayang karo para sedulur ing jemaat.

^ par. 55 GAMBAR: Sedulur sing luwih enom isa dadi pinituwa sing trampil merga dilatih karo pinituwa sing luwih tuwa. Dhèwèké lan bojoné diundang mangan ing omahé pinituwa sing luwih tuwa kuwi. Kabèh kétok seneng merga padha-padha apikan lan nduduhké rasa sayang.