Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 5

”Kepalané Saben Wong Lanang Kuwi Kristus”

”Kepalané Saben Wong Lanang Kuwi Kristus”

”Kepalané saben wong lanang kuwi Kristus.”​—1 KOR. 11:3.

LAGU 12 Yéhuwah, Allah sing Mahaluhur

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing ditindakké kepala keluarga marang anak lan bojoné biasané dipengaruhi karo apa?

NURUT njenengan, kepala keluarga kuduné piyé karo anak lan bojoné? Biasané, apa sing ditindakké kepala keluarga marang anak lan bojoné kuwi dipengaruhi karo kebudayaan lan latar belakang keluargané. Misalé, Yanita, sedulur wédok saka Eropa, kandha, ”Wong-wong ing dhaérahku nganggep nèk wong wédok kuwi luwih rendah timbang wong lanang, lan dianggep kaya pembantu.” Sedulur Luke saka Amerika Serikat kandha, ”Ana anak-anak sing dikandhani bapaké nèk pendapaté wong wédok kuwi ora penting lan ora perlu dirungokké.” Ning, Yéhuwah ora seneng nèk ana kepala keluarga sing nduwé pandhangan kaya ngono. (Bandhingna karo Markus 7:13.) Terus, piyé carané wong lanang isa dadi kepala keluarga sing apik?

2. Kepala keluarga kudu ngerti soal apa, lan apa sebabé?

2 Bèn isa dadi kepala keluarga sing apik, wong lanang kudu ngerti apa pathokané Yéhuwah kanggo kepala keluarga. Dhèwèké ya kudu ngerti apa sebabé Yéhuwah mènèhi wewenang marang kepala keluarga, lan piyé carané dhèwèké isa niru Yéhuwah lan Yésus. Kabèh kuwi kudu dingertèni karo kepala keluarga, merga Yéhuwah péngin wong lanang nggunakké wewenangé nganggo cara sing bener.​—Luk. 12:48b.

APA ARTINÉ DADI KEPALA?

3. Nurut 1 Korintus 11:3, piyé carané Yéhuwah ngatur keluargané?

3 Wacanen 1 Korintus 11:3. Ayat iki nduduhké piyé carané Yéhuwah ngatur keluargané. Yéhuwah dadi kepala, sing maksudé Yéhuwah nduwé wewenang kanggo ngatur kabèh anak-anaké, yaiku para malaékat lan manungsa. (Éf. 3:14, 15) Yéhuwah wis ngatur bèn ana sing dipilih dadi kepala, lan kabèh sing dipilih dadi kepala kuwi nduwé wewenang lan kudu tanggung jawab karo Yéhuwah. (Rm. 14:12) Misalé, Yéhuwah wis mènèhi Yésus wewenang kanggo mimpin jemaat, lan Yésus ya kudu tanggung jawab karo Yéhuwah. (1 Kor. 15:27) Yéhuwah ya wis mènèhi wewenang marang suami kanggo mimpin keluargané, lan para suami kudu tanggung jawab karo Yéhuwah lan Yésus.​—1 Ptr. 3:7.

4. Yéhuwah lan Yésus nduwé hak kanggo apa?

4 Merga dadi Kepala, Yéhuwah nduwé hak kanggo nggawé aturan lan mastèkké bèn aturan kuwi ditindakké karo para malaékat lan manungsa. (Yés. 33:22) Yésus kuwi kepalané jemaat. Dadi, Yésus ya nduwé hak kanggo nggawé aturan lan mastèkké bèn aturan kuwi ditindakké.​—Gal. 6:2; Kol. 1:18-20.

5. Kepala keluarga nduwé hak kanggo apa, lan apa sing nduduhké nèk wewenangé kepala keluarga kuwi ana batesé?

5 Kaya Yéhuwah lan Yésus, para kepala keluarga ya nduwé hak nggawé aturan kanggo keluargané. (Rm. 7:2; Éf. 6:4) Ning, wewenangé kepala keluarga kuwi ana batesé. Misalé, wektu nggawé aturan, dhèwèké kudu manut karo pathokané Alkitab. (WB. 3:5, 6) Sakliyané kuwi, dhèwèké ya ora nduwé wewenang kanggo ngatur wong-wong sing dudu anggota keluargané. (Rm. 14:4) Terus, nèk anak-anaké wis déwasa lan ora manggon sak omah, dhèwèké wis ora dadi kepala manèh kanggo anak-anaké kuwi.​—Mat. 19:5.

APA SEBABÉ YÉHUWAH NGATUR BÈN ANA SING DADI KEPALA?

6. Apa sebabé Yéhuwah ngatur bèn ana sing dadi kepala?

6 Yéhuwah ngatur bèn ana sing dadi kepala merga sayang karo ciptaané lan péngin bèn kabèh isa teratur lan tentrem. (1 Kor. 14:33, 40) Nèk ora ana sing dadi kepala, isa waé kabèh bakal bingung sapa sing kudu nggawé keputusan lan sapa sing mastèkké bèn keputusan kuwi ditindakké. Akibaté, kabèh dadi ora teratur lan ora bahagia.

7. Nurut Éfésus 5:25, 28, wong lanang kuduné piyé karo bojoné?

7 Wektu ngatur bèn ana sing dadi kepala, sakjané tujuané Yéhuwah apik. Nèk ngono, apa sebabé ana wong wédok sing ngrasa nèk bojoné kasar lan seneng ngatur-ngatur? Kuwi merga akèh wong lanang sing ora manut pathokané Yéhuwah, lan malah mèlu-mèlu kebiasaan sing umum ing dhaérahé. Sakliyané kuwi, ana wong lanang sing kasar karo bojoné merga péngin diajèni, utawa péngin nduduhké nèk dhèwèké kuwi dudu wong lanang sing lemah. Dhèwèké mungkin mikir nèk ora bakal isa meksa bojoné bèn sayang karo dhèwèké. Mula, dhèwèké péngin nggawé bojoné wedi bèn akhiré gelem manut karo dhèwèké. * Pikiran utawa tumindak sing kaya ngono kuwi ora bener. Nèk ana wong lanang sing mikir utawa tumindak kaya ngono kuwi berarti dhèwèké ora ngajèni wong wédok lan ora manut karo pathokané Yéhuwah.​—Wacanen Éfésus 5:25, 28.

DADI KEPALA KELUARGA SING APIK

8. Piyé carané dadi kepala keluarga sing apik?

8 Wong lanang isa dadi kepala keluarga sing apik nèk niru carané Yéhuwah lan Yésus nggunakké wewenangé. Awaké dhéwé bakal ngrembug loro sipat sing diduduhké Yéhuwah lan Yésus, lan piyé carané kepala keluarga isa nduduhké kuwi marang anak lan bojoné.

9. Apa buktiné nèk Yéhuwah rendah hati?

9 Rendah hati. Senajan Yéhuwah kuwi sing paling wicaksana, ning Dhèwèké gelem ngrungokké pendapaté para abdiné. (PD. 18:23, 24, 32) Yéhuwah ya gelem ngrungokké sarané para malaékat. (1 Raj. 22:19-22) Yéhuwah kuwi sampurna. Ning, Dhèwèké ngerti nèk manungsa sing ora sampurna isa nggawé salah, lan Dhèwèké ya péngin mbantu bèn umaté isa tetep setya. (Mzm. 27:9; 113:6, 7; Ibr. 13:6) Raja Daud ngakoni nèk dhèwèké isa berhasil merga Yéhuwah rendah hati lan gelem mbantu dhèwèké.​—2 Sam. 22:36.

10. Apa buktiné nèk Yésus rendah hati?

10 Yésus ya rendah hati. Senajan dhèwèké kuwi Gusti lan Guruné murid-muridé, ning Yésus gelem ngwijiki sikilé murid-muridé. Yéhuwah ngatur bèn kuwi dicathet ing Alkitab bèn kabèh wong, termasuk para kepala keluarga, isa niru Yésus. Yésus ya kandha, ”Kowé wis tak wènèhi conto, mula kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong liya.” (Yoh. 13:12-17) Senajan nduwé wewenang sing gedhé, Yésus ora njaluk dilayani lan malah nglayani wong liya.​—Mat. 20:28.

Kepala keluarga sing rendah hati lan nresnani keluargané bakal mèlu ngrampungké gawéan omah lan mbantu keluargané bèn nduwé iman sing kuwat (Deloken paragraf 11, 13)

11. Piyé carané kepala keluarga nduduhké sipat rendah hati kaya Yéhuwah lan Yésus?

11 Sing isa disinaoni. Para kepala keluarga ya kudu rendah hati. Contoné, dhèwèké ngerti nèk anak lan bojoné isa waé nggawé salah. Dhèwèké ya gelem ngrungokké pendapaté anak lan bojoné, senajan kuwi mungkin béda karo pendapaté dhèwèké. Marley, sedulur wédok saka Amerika Serikat, kandha, ”Pancèn aku lan bojoku kadhang béda pendapat. Ning, aku ngrasa nèk bojoku nganggep pendapatku penting merga sakdurungé nggawé keputusan, dhèwèké mesthi takon pendapatku sik lan bener-bener mikirké soal kuwi.” Kepala keluarga sing rendah hati ya gelem mbantu bojoné ngrampungké gawéan omah, senajan kuwi dianggep gawéané wong wédok. Kuwi ora gampang. Sedulur wédok sing jenengé Rachel kandha, ”Ing dhaérah asalku, nèk ana wong lanang sing ngéwangi bojoné cuci piring utawa resik-resik, tangga-tangga lan sedulur-seduluré bakal nganggep dhèwèké lemah lan ora isa ngatur bojoné.” Nèk akèh wong ing dhaérahé njenengan nduwé pandhangan sing kaya ngono, coba pikirna manèh contoné Yésus. Dhèwèké gelem ngwijiki sikilé murid-muridé, padahal kuwi sakjané tugasé budhak. Kepala keluarga sing apik ora bakal mikirké pandhangané wong soal dhèwèké, ning mikirké piyé carané anak lan bojoné isa bahagia. Sakliyané rendah hati, sipat apa manèh sing dibutuhké bèn isa dadi kepala keluarga sing apik?

12. Apa buktiné nèk Yéhuwah lan Yésus nresnani awaké dhéwé?

12 Katresnan. Kabèh sing ditindakké Yéhuwah kuwi dhasaré katresnan. (1 Yoh. 4:7, 8) Liwat Alkitab lan organisasiné, Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé isa cedhak karo Dhèwèké. Yéhuwah ya nggawé awaké dhéwé ngrasa disayangi. Terus, Yéhuwah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé lan ”nyedhiakké akèh banget sing awaké dhéwé nikmati”. (1 Tim. 6:17) Pas awaké dhéwé nggawé kesalahan, Yéhuwah pancèn mènèhi naséhat. Ning, Dhèwèké tetep nresnani awaké dhéwé. Merga nresnani, Yéhuwah ya wis nyedhiakké korban tebusan kanggo awaké dhéwé. Yésus ya nresnani awaké dhéwé. Buktiné, dhèwèké gelem ngorbanké uripé kanggo awaké dhéwé. (Yoh. 3:16; 15:13) Nèk awaké dhéwé terus setya, Yéhuwah lan Yésus bakal terus nresnani awaké dhéwé.​—Yoh. 13:1; Rm. 8:35, 38, 39.

13. Apa sebabé kabèh sing ditindakké kepala keluarga dhasaré kudu katresnan? (Deloken kothak ” Carané Bèn Wong Lanang sing Lagi Waé Nikah Isa Diajèni Bojoné”.)

13 Sing isa disinaoni. Kabèh sing ditindakké kepala keluarga dhasaré kudu katresnan. Apa sebabé? Alkitab kandha, ”Wong sing ora nresnani seduluré [utawa, keluargané] sing isa didelok ora isa nresnani Gusti Allah sing ora isa didelok.” (1 Yoh. 4:11, 20) Kepala keluarga sing nresnani keluargané lan péngin niru Yéhuwah lan Yésus bakal mbantu keluargané bèn nduwé iman sing kuwat, nggawé keluargané ngrasa disayangi, lan nyukupi kebutuhan keluargané. (1 Tim. 5:8) Dhèwèké ya bakal ndhidhik anak-anaké. Wektu nggawé keputusan, dhèwèké bakal mikirké keluargané lan mastèkké bèn keputusan kuwi cocog karo pathokané Yéhuwah. Ayo ngrembug kuwi siji-siji, lan gatèkna piyé kepala keluarga isa niru Yéhuwah lan Yésus.

SING KUDU DITINDAKKÉ KEPALA KELUARGA

14. Piyé carané kepala keluarga isa mbantu keluargané bèn nduwé iman sing kuwat?

14 Mbantu keluargané bèn nduwé iman sing kuwat. Merga niru Bapaké, Yésus mbantu murid-muridé bèn nduwé iman sing kuwat. (Mat. 5:3, 6; Mrk. 6:34) Kepala keluarga ya kudu mbantu keluargané bèn nduwé iman sing kuwat merga kuwi sing paling penting. (PT. 6:6-9) Kepala keluarga bakal ngupaya bèn dhèwèké lan keluargané maca lan sinau Alkitab, teka berhimpun, nginjil, lan nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.

15. Piyé carané kepala keluarga isa nggawé keluargané ngrasa disayangi?

15 Nggawé keluargané ngrasa disayangi. Ing ngarepé wong akèh, Yéhuwah ngomong nèk sayang karo Yésus. (Mat. 3:17) Yésus nduduhké rasa sayangé marang murid-muridé liwat omongan lan tumindaké. Para muridé ya nduduhké rasa sayangé marang Yésus. (Yoh. 15:9, 12, 13; 21:16) Kepala keluarga kudu nduduhké rasa sayangé marang anak lan bojoné liwat tumindaké, misalé ngejak sinau Alkitab bareng. Dhèwèké kudu ngomong nèk sayang karo anak lan bojoné. Malah, kadhang kala dhèwèké ya perlu muji anak lan bojoné ing ngarepé wong liya.​—WB. 31:28, 29.

Kepala keluarga kudu nyukupi kebutuhan keluargané bèn isa nyenengké Yéhuwah (Deloken paragraf 16)

16. Apa manèh sing kudu ditindakké kepala keluarga, lan piyé carané kepala keluarga isa tetep seimbang?

16 Nyukupi kebutuhan keluargané. Senajan ngukum wong Israèl merga ora manut, Yéhuwah tetep nyukupi kebutuhané wong-wong kuwi. (PT. 2:7; 29:5) Yéhuwah ya nyukupi kebutuhané awaké dhéwé saiki. (Mat. 6:31-33; 7:11) Merga niru Yéhuwah, Yésus mènèhi mangan wong-wong sing ngetutké dhèwèké. (Mat. 14:17-20) Dhèwèké ya marèkké wong sing lara. (Mat. 4:24) Kepala keluarga kudu nyukupi kebutuhan keluargané bèn isa nyenengké Yéhuwah. Ning, dhèwèké kudu isa ngatur wektu. Aja nganti dhèwèké terlalu sibuk nyambut gawé nganti ora isa mbantu keluargané nduwé iman sing kuwat lan akhiré nggawé keluargané ngrasa ora disayangi.

17. Piyé carané Yéhuwah lan Yésus ndhidhik lan ngandhani awaké dhéwé?

17 Mbantu keluargané bèn nindakké sing bener. Yéhuwah ndhidhik lan ngandhani awaké dhéwé merga Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. (Ibr. 12:7-9) Merga niru Bapaké, Yésus apikan wektu ngandhani murid-muridé. (Yoh. 15:14, 15) Yésus tegas, ning ora kasar. (Mat. 20:24-28) Dhèwèké ngerti nèk awaké dhéwé ora sampurna lan isa waé nggawé salah.​—Mat. 26:41.

18. Kepala keluarga sing péngin niru Yéhuwah lan Yésus kudu éling soal apa?

18 Kepala keluarga sing péngin niru Yéhuwah lan Yésus kudu éling nèk anak lan bojoné kuwi ora sampurna. Dhèwèké ora ”seneng nesu” karo anak lan bojoné. (Kol. 3:19, ctn.) Ning, dhèwèké gelem ngetrapké naséhat ing Galatia 6:1 sing kandha nèk kudu ”alus” wektu ngandhani anak lan bojoné. Dhèwèké kudu éling nèk dhèwèké ya ora sampurna. Terus, dhèwèké ya kudu niru Yésus sing ora mung ngandhani ning ya mènèhi conto.​—1 Ptr. 2:21.

19-20. Wektu nggawé keputusan, piyé kepala keluarga isa niru Yéhuwah lan Yésus?

19 Mikirké keluargané wektu nggawé keputusan. Wektu nggawé keputusan, Yéhuwah ora mikirké kepentingané dhéwé. Misalé, Yéhuwah nyiptakké manungsa merga péngin manungsa isa bahagia. Senajan ora ana sing isa meksa Yéhuwah, ning Yéhuwah gelem ngorbanké Anaké kanggo nebus dosané awaké dhéwé. Yésus ya gelem mikirké wong liya wektu nggawé keputusan. (Rm. 15:3) Contoné, pas Yésus wis kesel banget, Yésus isih tetep gelem mulang wong akèh sing teka marani dhèwèké.​—Mrk. 6:31- 34.

20 Kepala keluarga sing apik ngerti nèk dhèwèké nduwé tanggung jawab nggawé keputusan sing apik kanggo keluargané, senajan kuwi isa waé angèl. Wektu nggawé keputusan, dhèwèké ora bakal grusa-grusu utawa mung nuruti perasaané. Kepala keluarga sing apik ya bakal nggolèki pathokané Yéhuwah wektu nggawé keputusan. * (WB. 2:6, 7) Kuwi bukti nèk dhèwèké mikirké kepentingané keluargané, dudu kepentingané dhéwé.​—Flp. 2:4.

21. Ing artikel kanggo minggu ngarep, awaké dhéwé bakal ngrembug apa?

21 Tugas dadi kepala keluarga mungkin angèl, ning Yéhuwah péngin kepala keluarga ngupaya tenanan bèn isa dadi kepala keluarga sing apik. Nèk kepala keluarga tenanan niru Yéhuwah lan Yésus, dhèwèké bakal dadi kepala keluarga sing apik. Ning bèn keluarga isa bahagia, kuwi ora mung tugasé kepala keluarga thok. Istri ya kudu ndhukung bojoné. Ing artikel kanggo minggu ngarep, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé istri isa ngajèni bojoné lan apa sebabé kuwi isa waé angèl.

LAGU 16 Pujinen Huwah lan Sang Putra!

^ par. 5 Sakwisé nikah, wong lanang bakal dadi kepala keluarga. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug soal wewenang sing diwènèhké Yéhuwah marang wong lanang, apa sebabé Yéhuwah mènèhi wewenang kuwi, lan piyé carané wong lanang isa niru Yéhuwah lan Yésus. Ing artikel kanggo minggu ngarep, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé suami lan istri isa niru Yésus lan tokoh-tokoh Alkitab liyané. Terus, ing artikel kanggo minggu ngarepé manèh, awaké dhéwé bakal ngrembug pathokané Alkitab soal wewenang sing ana ing jemaat.

^ par. 7 Ana film, crita lucu, utawa acara komèdi ing TV sing nduduhké wong lanang sing kasar utawa ora ngajèni bojoné. Mula, ana sing mikir nèk wong lanang sing kasar karo bojoné kuwi ora salah.

^ par. 20 Bèn isa ngerti luwih akèh soal carané nggawé keputusan, deloken artikel ”Buatlah Keputusan yang Menghormati Allah” ing Menara Pengawal 15 April 2011 halaman 13-17.