Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 11

Dikuwatké Merga Sinau Alkitab

Dikuwatké Merga Sinau Alkitab

”Muga-muga Gusti Allah mbantu kowé bèn sabar lan kuwat.”​—RM. 15:5.

LAGU 94 Maturnuwun kanggo Sabdané Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Masalah apa waé sing mungkin diadhepi umaté Yéhuwah?

APA ana sedulur ing jemaat sing nglarani atiné njenengan? (Yak. 3:2) Utawa, mungkin ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing ngécé njenengan merga njenengan nglayani Yéhuwah. (1 Ptr. 4:3, 4) Utawa, mungkin ana anggota keluarga sing ngalang-alangi njenengan bèn ora berhimpun utawa nginjil. (Mat. 10:35, 36) Nèk masalahé abot banget, njenengan mungkin ngrasa nèk luwih apik ora nglayani Yéhuwah waé. Ning, ora soal masalah apa sing lagi njenengan adhepi, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhi kawicaksanan bèn njenengan isa nggawé keputusan sing bener lan mènèhi kekuwatan bèn njenengan isa sabar.

2. Nurut Roma 15:4, apa manfaaté maca kisah-kisah sing dicathet ing Alkitab?

2 Yéhuwah ngatur bèn kisahé umaté ing jaman mbiyèn dicathet ing Alkitab. Saka kisah-kisah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk manungsa sing ora sampurna isa tetep setya senajan ngadhepi masalah-masalah sing abot. (Wacanen Roma 15:4.) Liwat Paulus, Yéhuwah nduduhké nèk kisah-kisah kuwi dicathet supaya awaké dhéwé isa sinau saka kisah-kisah kuwi. Wektu maca kisah-kisah kuwi, awaké dhéwé isa dikuwatké lan nduwé harapan. Ning, bèn isa éntuk luwih akèh manfaat, aja mung maca thok. Awaké dhéwé ya kudu gelem manut karo tuntunané Alkitab. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug langkah-langkah sing isa ditindakké wektu nggolèk tuntunané Alkitab kanggo ngatasi masalah sing lagi diadhepi. Langkah-langkahé yaiku: (1Ndonga, (2Mbayangké, (3Ngrenungké, lan (4Ngetrapké. * Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané nggunakké langkah-langkah kuwi wektu sinau saka kisahé Raja Daud lan Rasul Paulus.

1. NDONGA

Sakdurungé maca Alkitab, njaluka bantuané Yéhuwah bèn ngerti apa manfaaté sing arep diwaca (Deloken paragraf 3)

3. Apa sing isa ditindakké sakdurungé maca Alkitab, lan apa sebabé?

3 (1Ndonga. Sakdurungé maca Alkitab, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn ngerti apa manfaaté sing arep diwaca. Misalé, wektu ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nemokké pathokané Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener.​—Flp. 4:6, 7; Yak. 1:5.

2. MBAYANGKÉ

Bayangna dadi tokoh Alkitab sing lagi diwaca (Deloken paragraf 4)

4. Wektu maca Alkitab, awaké dhéwé isa mbayangké apa waé?

4 (2Mbayangké. Awaké dhéwé diwènèhi kemampuan sing luar biasa, yaiku isa mbayangké. Dadi, wektu maca Alkitab, awaké dhéwé isa mbayangké dadi tokoh Alkitab sing lagi diwaca lan mbayangké piyé keadaané wektu kuwi. Awaké dhéwé ya isa mbayangké apa sing didelok tokoh Alkitab kuwi lan piyé perasaané.

3. NGRENUNGKÉ

Pikirna tenanan sing lagi diwaca lan piyé carané ngetrapké (Deloken paragraf 5)

5. Ngrenungké kuwi apa, lan wektu lagi ngrenungké, awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan apa?

5 (3Ngrenungké. Ngrenungké kuwi maksudé mikirké tenanan sing lagi diwaca lan mikirké piyé carané ngetrapké. Nèk mung maca thok, kuwi kaya ndelok potongan-potongan gambar sing durung disusun. Ning, nèk ngrenungké, kuwi kaya lagi nyusun potongan-potongan gambar kuwi bèn isa ngerti gambar sing wutuh. Hasilé, awaké dhéwé isa ngerti ayat-ayat sing lagi diwaca iki sakjané lagi nyritakké apa lan luwih ngerti apa maksudé ayat-ayat kuwi. Pas ngrenungké, awaké dhéwé isa mikirké pitakonan-pitakonan iki: ’Piyé tanggepané tokoh Alkitab kuwi wektu ngadhepi masalah? Piyé Yéhuwah mbantu dhèwèké? Apa sing tak sinaoni saka tokoh Alkitab iki? Piyé carané aku ngetrapké kuwi wektu ngadhepi masalah?’

4. NGETRAPKÉ

Apa sing wis disinaoni kudu ditrapké bèn isa nggawé keputusan sing luwih apik, ngrasa luwih ayem, lan nduwé iman sing kuwat (Deloken paragraf 6)

6. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngetrapké sing wis disinaoni?

6 (4Ngetrapké. Yésus kandha nèk wong sing ora ngetrapké apa sing wis disinaoni, kuwi kaya wong sing mbangun omah ing ndhuwur pasir. Senajan wis kerja keras, ning upayané kuwi ora ana gunané merga pas ana badai lan banjir omahé bakal ambruk. (Mat. 7:24-27) Padha kaya perumpamaané Yésus kuwi, senajan awaké dhéwé wis ndonga, mbayangké, lan ngrenungké, ning nèk awaké dhéwé ora ngetrapké sing wis disinaoni, upayané awaké dhéwé dadi ora ana gunané. Akibaté, wektu ngadhepi masalah utawa dianiaya, awaké dhéwé isa nyerah merga ora nduwé iman sing kuwat. Ning, nèk ngetrapké apa sing wis disinaoni, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing luwih apik, ngrasa luwih ayem, lan nduwé iman sing kuwat. (Yés. 48:17, 18) Saiki, ayo digatèkké carané nggunakké langkah-langkah mau wektu ngrembug pengalamané Raja Daud.

SINAU SAKA PENGALAMANÉ RAJA DAUD

7. Kisah Alkitab apa sing bakal dirembug?

7 Apa ana kanca utawa anggota keluarga sing tau nglarani atiné njenengan? Nèk ngono, njenengan isa sinau saka kisahé Raja Daud wektu dikhianati karo anaké dhéwé yaiku Absalom. Wektu kuwi, Absalom péngin dadi raja nggantèni Daud. Saiki, ayo ngrembug soal kuwi.​—2 Sam. 15:5-14, 31; 18:6-14.

8. Pas ndonga, njenengan isa njaluk apa karo Yéhuwah?

8 (1Ndonga. Sakdurungé maca kisahé, njenengan isa nyritakké marang Yéhuwah apa sebabé kok njenengan nganti lara ati. (Mzm. 6:6-9) Njenengan kudu terus terang nyritakké apa sing sakjané njenengan rasakké. Terus, njenengan isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn nduduhké pathokané Alkitab sing isa mbantu njenengan ngadhepi masalah kuwi.

9. Critakna kisahé wektu Daud dikhianati Absalom.

9 (2Mbayangké. Bayangna peristiwané wektu Daud dikhianati karo Absalom lan apa sing dialami Daud. Absalom wis ngupaya pirang-pirang taun bèn wong Israèl ndhukung dhèwèké. (2 Sam. 15:7) Pas ngrasa nèk wektuné wis cocog, Absalom ngirim mata-mata menyang kabèh suku Israèl bèn wong-wong sing ndhukung dhèwèké dadi luwih akèh. Absalom ya nggawé Ahitofèl, yaiku sahabat lan penasihaté Daud, mèlu sekongkol karo dhèwèké. Sakwisé ngumumké nèk dhèwèké wis dadi raja, Absalom péngin matèni raja Daud sing wektu kuwi kétoké lagi lara parah. (Mzm. 41:1-9) Wektu ngerti rencanané Absalom, Daud mlayu saka Yérusalèm. Akhiré, pasukané Absalom perang karo pasukané Daud. Terus pasukané Absalom kalah, lan Absalom dipatèni.

10. Merga dikhianati, Daud isa waé ngrasa piyé?

10 Saiki, bayangna perasaané Daud wektu ngalami kuwi. Daud sayang karo Absalom lan percaya karo Ahitofèl. Ning, wong loro kuwi malah ngianati lan péngin matèni Daud. Kuwi mesthi nggawé Daud bener-bener lara ati. Ning, piyé tanggepané Daud? Apa Daud dadi ora percaya karo kanca-kancané sing liya lan nganggep nèk kanca-kancané kuwi wis sekongkol karo Absalom? Apa Daud mung mikirké kepentingané dhéwé lan ngrasa nèk ora perlu ngejak kanca-kancané wektu mlayu saka Yérusalèm? Apa Daud terus-terusan kecéwa? Ora. Daud malah isa ngatasi masalah sing abot kuwi. Piyé carané?

11. Piyé tanggepané Daud wektu ngadhepi masalah?

11 (3Ngrenungké. Apa sing isa disinaoni saka kisahé Daud? Njenengan isa mikirké iki, ’Piyé tanggepané Daud wektu ngadhepi masalah?’ Daud tetep tenang lan ora grusa-grusu nganti akhiré nggawé keputusan sing klèru. Daud ya ora wedi utawa bingung kudu piyé. Daud njaluk bantuané Yéhuwah lan njaluk tulung karo kanca-kancané. Terus, Daud ya cepet-cepet tumindak sakwisé nggawé keputusan. Senajan lara ati, Daud tetep percaya lan ora sengit karo wong liya. Daud tetep percaya karo Yéhuwah lan kanca-kancané.

12. Piyé carané Yéhuwah mbantu Daud?

12 Piyé carané Yéhuwah mbantu Daud? Nèk mbandhingké karo ayat-ayat liyané, njenengan bakal ngerti nèk Yéhuwah mènèhi Daud kekuwatan sing dibutuhké bèn isa sabar. (Mzm. 3:1-8; superskripsi) Yéhuwah mberkahi keputusané Daud. Yéhuwah ya nglindhungi kanca-kancané Daud sing setya wektu wong-wong kuwi nglindhungi Daud.

13. Piyé carané njenengan isa niru Daud wektu ana sing nglarani atiné njenengan? (Matius 18:15-17)

13 (4Ngetrapké. Njenengan isa mikirké iki, ’Piyé ya carané aku isa niru Daud?’ Njenengan kudu cepet-cepet tumindak bèn isa ngrampungi masalahé. Nèk situasiné cocog, njenengan isa ngetrapké naséhaté Yésus ing Matius bab 18. (Wacanen Matius 18:15-17.) Ning, nèk njenengan lagi émosi, aja grusa-grusu nggawé keputusan. Njenengan kudu ndonga marang Yéhuwah bèn tetep tenang lan bèn ngerti apa sing kudu ditindakké. Njenengan kudu tetep percaya lan gelem dibantu karo kanca-kancané njenengan. (WB. 17:17) Sing paling penting, njenengan kudu manut karo naséhaté Yéhuwah sing diwènèhké liwat Alkitab.​—WB. 3:5, 6.

SINAU SAKA PENGALAMANÉ RASUL PAULUS

14. Ayat ayat ing 2 Timotius 1:12-16 lan 2 Timotius 4:6-11, 17-22 isa nguwatké wektu njenengan ngalami apa?

14 Apa njenengan ditentang karo keluargané njenengan merga nglayani Yéhuwah? Apa njenengan manggon ing negara sing nglarang gawéan nginjil? Nèk ngalami kuwi, njenengan isa dikuwatké wektu maca 2 Timotius 1:12-16 lan 2 Timotius 4:6-11, 17-22. * Ayat-ayat kuwi ditulis Paulus wektu dhèwèké lagi dipenjara.

15. Pas ndonga, njenengan isa njaluk apa karo Yéhuwah?

15 (1Ndonga. Sakdurungé maca kisahé, njenengan isa nyritakké marang Yéhuwah soal masalahé njenengan lan piyé perasaané njenengan merga ngadhepi masalah kuwi. Njenengan kudu terus terang lan nyritakké kabèh sing njenengan rasakké. Terus, njenengan kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ngerti apa sing isa disinaoni saka kisahé Paulus kuwi. Hasilé, njenengan bakal isa ngadhepi masalahé njenengan.

16. Critakna keadaané Paulus wektu dipenjara.

16 (2Mbayangké. Bayangna keadaané Rasul Paulus. Paulus diranté ing penjara ing Roma. Paulus pancèn wis tau dipenjara sakdurungé. Ning saiki, dhèwèké ngerti nèk bakal dihukum mati. Wektu ngalami kuwi, Paulus malah ditinggalké karo kanca-kancané.​—2 Tim. 1:15.

17. Merga ngadhepi akèh masalah, Paulus isa waé mikir apa?

17 Paulus isa waé mikir nèk dhèwèké ora dadi wong Kristen, dhèwèké ora bakal dipenjara. Paulus ya isa waé nesu karo wong-wong saka dhaérah Asia sing wis ninggalké dhèwèké utawa ora percaya karo kanca-kancané sing liya. Ning, Paulus ora kaya ngono. Dhèwèké percaya nèk kanca-kancané bakal tetep setya karo dhèwèké. Paulus ya percaya nèk Yéhuwah bakal mberkahi dhèwèké. Kok isa?

18. Piyé tanggepané Paulus wektu ngadhepi masalah?

18 (3Ngrenungké. Njenengan isa mikirké iki, ’Piyé tanggepané Paulus wektu ngadhepi masalah?’ Senajan wis arep dihukum mati, ning Paulus ngerti nèk sing paling penting kuwi ngluhurké Yéhuwah. Paulus terus mikirké carané bèn isa nguwatké wong liya lan kerep ndonga bèn isa éntuk kekuwatan saka Gusti Allah. (2 Tim. 1:3) Paulus ora terus-terusan lara ati merga ana sedulur-sedulur sing wis ninggalké dhèwèké. Malah, saka kata-katané Paulus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Paulus bersyukur banget nduwé kanca-kanca sing terus ndhukung lan mbantu dhèwèké. Sakliyané kuwi, Paulus ya terus sinau Kitab Suci. (2 Tim. 3:16, 17; 4:13) Sing paling penting, Paulus yakin nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo dhèwèké. Merga Paulus tetep setya, Yéhuwah lan Yésus mberkahi Paulus lan ora ninggalké dhèwèké.

19. Piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus?

19 Yéhuwah wis ngandhani Paulus nèk dhèwèké bakal dianiaya merga dadi wong Kristen. (Kis. 21:11-13) Piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus? Yéhuwah njawab dongané Paulus lan bola bali nguwatké dhèwèké. (2 Tim. 4:17) Merga wis kerja keras, Paulus diyakinké nèk dhèwèké bakal nampa upahé ing masa depan. Yéhuwah ya nggunakké kanca-kancané Paulus bèn ndhukung lan mbantu Paulus.

20. Nurut Roma 8:38, 39, kenapa Paulus isa tetep setya senajan dianiaya, lan piyé carané niru dhèwèké?

20 (4Ngetrapké. Njenengan isa mikirké iki, ’Piyé ya carané aku niru Paulus?’ Kaya Paulus, awaké dhéwé kudu sadhar nèk kabèh muridé Yésus, termasuk awaké dhéwé, ya bakal dianiaya. (Mrk. 10:29, 30) Bèn isa tetep setya senajan dianiaya, awaké dhéwé kudu kerep ndonga njaluk bantuané Yéhuwah lan rajin sinau Alkitab. Sing paling penting, awaké dhéwé kudu ngluhurké Yéhuwah. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké lan bakal terus sayang karo awaké dhéwé.​—Wacanen Roma 8:38, 39; Ibr. 13:5, 6.

SINAU SAKA TOKOH-TOKOH ALKITAB LIYANÉ

21. Apa sebabé Aya lan Hektor isa ngatasi tantangan sing lagi diadhepi?

21 Ora soal apa masalah sing lagi diadhepi, awaké dhéwé isa dikuwatké nèk sinau saka kisah-kisah Alkitab. Contoné, Aya, perintis saka Jepang, tau ngrasa wedi mèlu nginjil ing panggonan umum. Ning, sakwisé sinau saka kisahé Yunus, dhèwèké dadi luwih kendel. Conto liyané yaiku Hektor, cah enom saka Indonesia sing wong tuwané ora nglayani Yéhuwah. Sakwisé sinau saka kisahé Rut, dhèwèké dadi péngin luwih kenal karo Yéhuwah lan nglayani Yéhuwah.

22. Piyé bèn awaké dhéwé isa éntuk manfaat saka vidéo kisah Alkitab, rekaman drama Alkitab, utawa kumpulan artikel ”Tirunen Imané”?

22 Ana bahan-bahan sing wis disiapké tenanan sing isa mbantu awaké dhéwé mbayangké kisah-kisah Alkitab. Misalé, ana vidéo kisah Alkitab, rekaman drama Alkitab, utawa kumpulan artikel ”Tirunen Imané”. * Sakdurungé sinau nggunakké bahan-bahan kuwi, awaké dhéwé isa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn ngerti apa sing isa disinaoni saka kisah-kisah kuwi. Awaké dhéwé isa mbayangké dadi tokoh Alkitab sing lagi disinaoni. Awaké dhéwé isa ngrenungké piyé tanggepané tokoh-tokoh Alkitab kuwi wektu ngadhepi masalah, lan piyé carané Yéhuwah mbantu. Terus, awaké dhéwé isa ngetrapké apa sing wis disinaoni. Awaké dhéwé ya isa bersyukur karo Yéhuwah merga wis mbantu awaké dhéwé. Merga bersyukur karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal nggolèk kesempatan bèn isa nguwatké lan ndhukung sing liyané.

23. Nurut Yésaya 41:10, 13, Yéhuwah janji apa karo awaké dhéwé?

23 Merga urip ing donya sing dikuwasani Sétan, awaké dhéwé kadhang bingung wektu ngadhepi masalah. (2 Tim. 3:1) Ning, aja kuwatir utawa wedi, merga Yéhuwah ngerti apa sing awaké dhéwé adhepi. Yéhuwah janji bakal nulungi wektu awaké dhéwé butuh bantuan. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal ndhukung wektu awaké dhéwé ngadhepi masalah, lan awaké dhéwé ya bakal dikuwatké nèk sinau saka kisah-kisah sing dicathet ing Alkitab.​—Wacanen Yésaya 41:10, 13.

LAGU 96 Sabdané Gusti sing Aji

^ par. 5 Saka kisah-kisah ing Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo umaté lan bakal mbantu wektu umaté ngalami masalah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn isa éntuk luwih akèh manfaat wektu sinau Alkitab pribadi.

^ par. 2 Sakliyané langkah-langkah iki, ana saran-saran liyané sing isa ditrapké wektu sinau Alkitab. Bèn isa ngerti saran-saran kuwi, deloken Warta Penting No.1 2017 lan artikel ”Carané Bèn Saya Nresnani Gusti Allah lan Wong Liya” ing Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil Maret 2018 halaman 8.

^ par. 14 Ayat-ayat iki ora perlu diwaca wektu rembugan Warta Penting ing jemaat.

^ par. 22 Deloken kumpulan artikel ”Tirunen Imané​—Wong Lanang lan Wong Wédok ing Alkitab” sing ana ing jw.org. (Deloken AJARANÉ ALKITAB > IMAN MARANG GUSTI ALLAH.)