Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 13

Yéhuwah Bakal Nglindhungi Kowé

Yéhuwah Bakal Nglindhungi Kowé

”Gusti mesthi bakal nepati janjiné, nguwatké kowé, lan nglindhungi kowé saka Sétan.”​—2 TÉS. 3:3.

LAGU 124 Tetep Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa Yésus njaluk bèn Yéhuwah nglindhungi murid-muridé?

PAS bengi sakdurungé mati, Yésus mikirké tantangan-tantangan sing bakal diadhepi murid-muridé. Merga sayang karo murid-muridé, Yésus njaluk bèn Yéhuwah ”nglindhungi [murid-muridé] saka si Iblis”. (Yoh. 17:14, 15) Yésus ngerti nèk sakwisé dhèwèké munggah swarga, Sétan bakal terus nyerang umaté Yéhuwah. Dadi, umaté Yéhuwah butuh dilindhungi.

2. Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngrungokké dongané awaké dhéwé?

2 Merga nresnani Yésus, Yéhuwah njawab dongané Yésus. Nèk awaké dhéwé ngupaya sak isa-isané nyenengké Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal nresnani awaké dhéwé. Terus, wektu awaké dhéwé ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn dilindhungi, Yéhuwah ya bakal ngrungokké dongané awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi kaya Bapak sing nresnani lan nggatèkké anak-anaké. Mula, nèk Yéhuwah ora nglindhungi umaté, kuwi bakal ngrusak jenengé Yéhuwah.

3. Kenapa umaté Yéhuwah saiki ya butuh dilindhungi?

3 Umaté Yéhuwah saiki ya butuh dilindhungi. Apa sebabé? Sétan wis diuncalké saka swarga, lan dhèwèké ”nesu banget”. (Why. 12:12) Mula, Sétan mengaruhi wong-wong bèn nganiaya umaté Yéhuwah. Merga kepengaruh karo Sétan, wong-wong kuwi ngira nèk lagi nindakké ”tugas suci saka Gusti Allah”. (Yoh. 16:2) Terus, wong-wong sing ora percaya karo Gusti Allah ya nganiaya awaké dhéwé merga awaké dhéwé ora padha kaya wong-wong ing donya iki. Ning, ora soal apa alesané wong-wong kuwi nganiaya awaké dhéwé, awaké dhéwé ora perlu wedi. Alkitab kandha, ”Gusti mesthi bakal nepati janjiné, nguwatké kowé, lan nglindhungi kowé saka Sétan.” (2 Tés. 3:3) Saiki, ayo dirembug loro cara Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé.

NGANGGO PERLENGKAPAN PERANG SAKA YÉHUWAH

4. Nurut Éfésus 6:13-17, Yéhuwah wis mènèhi apa kanggo nglindhungi awaké dhéwé?

4 Yéhuwah wis mènèhi perlengkapan perang bèn awaké dhéwé isa nglawan serangané Sétan. (Wacanen Éfésus 6:13-17.) Perlengkapan perang kuwi kuwat lan isa nglindhungi awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu terus nggunakké kabèh perlengkapan perang kuwi. Saiki, ayo dirembug saben perlengkapan perang kuwi sakjané nggambarké apa.

5. Sabuk yaiku apa sing bener kuwi nggambarké apa, lan kenapa awaké dhéwé kudu nganggo sabuk iki?

5 Sabuk yaiku apa sing bener nggambarké wulangan sing bener saka Alkitab. Kenapa awaké dhéwé kudu nganggo sabuk iki? Sétan kuwi ”bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”. (Yoh. 8:44) Dhèwèké wis éwonan taun ngapusi lan nyesatké ’kabèh penduduk bumi’. (Why. 12:9) Dadi, awaké dhéwé kudu nganggo sabuk kuwi merga wulangan sing bener saka Alkitab isa nglindhungi awaké dhéwé bèn ora kapusan. Bèn sabuk kuwi isa nglindhungi, awaké dhéwé kudu sinau apa sing bener soal Yéhuwah lan nyembah Yéhuwah ”sesuai karo tuntunané roh suci lan sesuai karo apa sing bener”. Terus, awaké dhéwé ya kudu jujur wektu nindakké apa waé.​—Yoh. 4:24; Éf. 4:25; Ibr. 13:18.

SABUK: Wulangan sing bener saka Alkitab

6. Tutup dhadha yaiku tumindak sing bener kuwi nggambarké apa, lan kenapa awaké dhéwé kudu nganggo tutup dhadha iki?

6 Tutup dhadha yaiku tumindak sing bener nggambarké pathokané Yéhuwah soal apa sing bener. Kenapa awaké dhéwé kudu nganggo tutup dhadha iki? Kaya tutup dhadha sing isa nglindhungi jantungé prajurit, pathokané Yéhuwah ya isa nglindhungi atiné awaké dhéwé bèn ora kena pengaruh sing èlèk saka donya iki. (WB. 4:23) Yéhuwah péngin awaké dhéwé nresnani lan nglayani Dhèwèké saktulusé ati. (Mat. 22:36, 37) Ning, Sétan ora seneng nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah saktulusé ati. Mula, Sétan ngupaya mengaruhi awaké dhéwé bèn nresnani kabèh sing disengiti Yéhuwah. (Yak. 4:4; 1 Yoh. 2:15, 16) Nèk awaké dhéwé ora kepengaruh, Sétan bakal nganiaya awaké dhéwé bèn awaké dhéwé nglanggar pathokané Yéhuwah.

TUTUP DHADHA: Pathokané Yéhuwah soal apa sing bener

7. Piyé bèn pathokané Yéhuwah isa nglindhungi awaké dhéwé?

7 Bèn pathokané Yéhuwah isa nglindhungi awaké dhéwé, awaké dhéwé kudu manut karo pathokané Yéhuwah soal sing bener lan sing salah. (Mzm. 97:10) Ana sing mikir nèk pathokané Yéhuwah kuwi terlalu membatasi. Ning, nèk awaké dhéwé ora manut karo pathokané Alkitab, kuwi padha karo prajurit sing nyopot tutup dhadhané pas perang merga ngrasa kabotan. Kuwi bahaya banget. Wong sing nresnani Yéhuwah bakal nganggep nèk préntah-préntahé Yéhuwah ”ora abot” lan isa nglindhungi.​—1 Yoh. 5:3.

8. Apa maksudé nganggo sepatu bèn siap martakké kabar apik?

8 Paulus ya mènèhi naséhat bèn awaké dhéwé nganggo sepatu bèn siap martakké kabar apik sing nggawé ayem. Dadi, awaké dhéwé kudu siap martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah kapan waé. Nèk awaké dhéwé martakké kabar apik, imané awaké dhéwé dadi tambah kuwat. Awaké dhéwé mesthi dadi luwih semangat merga ngerti nèk sedulur-sedulur ya nggolèk kesempatan bèn isa martakké kabar apik ing endi waé, misalé ing panggonan kerja utawa sekolah, ing omah-omah utawa ing dhaérah bisnis, wektu blanja, wektu ngunjungi keluargané sing dudu Seksi Yéhuwah, wektu omong-omongan karo wong sing wis dikenal, utawa wektu ora isa lunga ing endi-endi. Nèk wedi lan mandheg nginjil, awaké dhéwé padha kaya prajurit sing nyopot sepatuné pas perang. Akibaté, sikilé bakal luka lan prajurit kuwi dadi gampang diserang. Sakliyané kuwi, dhèwèké ya ora bakal isa manut karo préntahé komandané.

SEPATU: Siap martakké kabar apik

9. Kenapa awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat?

9 Tamèng gedhé yaiku iman nggambarké iman sing kuwat nèk Yéhuwah bakal nepati kabèh janjiné. Nèk nduwé iman sing kaya ngono, awaké dhéwé ”isa matèni kabèh panah geni saka Sétan”. Awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat bèn ora kepengaruh karo ajarané wong murtad lan ora cilik ati wektu ana sing ngécé awaké dhéwé. Nèk ora nduwé iman, awaké dhéwé bakal nyerah wektu digodha bèn nglanggar pathokané Yéhuwah. Ning, merga nduwé iman, awaké dhéwé isa tetep manut karo Yéhuwah senajan diojok-ojoki kanca kerja utawa kanca sekolahé awaké dhéwé. (1 Ptr. 3:15) Merga nduwé iman, awaké dhéwé ya isa nolak wektu ditawani gawéan sing gajiné luwih gedhé ning isa ngganggu ibadahé awaké dhéwé. (Ibr. 13:5, 6) Terus, merga nduwé iman, awaké dhéwé ya isa tetep nglayani Yéhuwah senajan ditentang.​—1 Tés. 2:2.

TAMÈNG: Iman marang Yéhuwah lan janji-janjiné

10. Topi wesi kuwi nggambarké apa, lan piyé carané bèn kuwi isa nglindhungi awaké dhéwé?

10 Topi wesi yaiku harapan nèk bakal dislametké Gusti Allah nggambarké harapan sing diwènèhké Yéhuwah marang awaké dhéwé. Yéhuwah wis janji nèk awaké dhéwé setya, Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé. Malah, nèk awaké dhéwé mati, Yéhuwah ya bakal nguripké awaké dhéwé. (1 Tés. 5:8; 1 Tim. 4:10; Tit. 1:1, 2) Kaya topi wesi sing isa nglindhungi sirahé prajurit, harapan ya isa nglindhungi pikirané awaké dhéwé. Merga ana harapan, awaké dhéwé isa terus éling janjiné Gusti Allah lan ora terlalu kuwatir wektu ana masalah. Bèn harapan kuwi isa nglindhungi awaké dhéwé, awaké dhéwé kudu nduwé pikiran sing padha kaya Yéhuwah. Misalé, awaké dhéwé ora bakal ngendelké hartané awaké dhéwé, ning ngendelké Gusti Allah.​—Mzm. 26:2; 104:34; 1 Tim. 6:17.

TOPI WESI: Harapan urip saklawasé

11. Pedhang saka roh suci kuwi nggambarké apa, lan kenapa awaké dhéwé kudu nggunakké kuwi?

11 Pedhang saka roh suci kuwi nggambarké omongané Gusti Allah, yaiku Alkitab. Alkitab isa nduduhké apa sing bener lan apa sing salah. Hasilé, wong-wong isa dibébaské saka ajaran agama palsu lan kebiasaan sing salah. (2 Kor. 10:4, 5; 2 Tim. 3:16, 17; Ibr. 4:12) Bèn isa trampil nggunakké Alkitab, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab pribadi lan gelem dilatih karo organisasiné Yéhuwah. (2 Tim. 2:15) Sakliyané perlengkapan perang sing wis dirembug, Yéhuwah ya mènèhi bantuan liyané kanggo nglindhungi awaké dhéwé. Apa kuwi?

PEDHANG: Omongané Gusti Allah, yaiku Alkitab

DHUKUNGANÉ SEDULUR-SEDULUR LAN PARA MALAÉKAT

12. Apa manèh sing awaké dhéwé butuhké, lan apa sebabé?

12 Prajurit sing wis pengalaman ngerti nèk ora bakal isa menang nglawan mungsuh sing akèh nèk mung dhèwèkan. Prajurit kuwi butuh bantuané kanca-kancané. Padha kaya prajurit kuwi, awaké dhéwé ya ora isa menang nglawan Sétan lan para pengikuté nèk mung dhèwèkan. Awaké dhéwé butuh dhukungané sedulur-sedulur. Yéhuwah wis mènèhi jutaan ”sedulur seiman” ing sak donya sing siap mbantu awaké dhéwé.​—1 Ptr. 2:17.

13. Nurut Ibrani 10:24, 25, apa waé manfaaté nèk teka berhimpun?

13 Bèn isa éntuk dhukungané sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu teka berhimpun. (Wacanen Ibrani 10:24, 25.) Kadhang, awaké dhéwé isa ngrasa cilik ati. Ning, awaké dhéwé isa dadi luwih semangat nèk teka berhimpun. Apa waé manfaaté teka berhimpun? Misalé, ing perhimpunan, awaké dhéwé isa ngrungokké ceramah Alkitab, koméntar sing tulus, lan tugas siswa sing disampèkké karo sedulur-sedulur. Awaké dhéwé ya isa omong-omongan karo sedulur-sedulur sakdurungé lan sakwisé perhimpunan. (1 Tés. 5:14) Kuwi kabèh mesthi nggawé awaké dhéwé dadi dikuwatké lan luwih semangat nglayani Yéhuwah. Nèk teka berhimpun, awaké dhéwé ya mesthi dadi bahagia merga nduwé kesempatan mbantu wong liya. (Kis. 20:35; Rm. 1:11, 12) Sakliyané kuwi, perhimpunan ya mbantu awaké dhéwé bèn luwih trampil nginjil lan mulang. Misalé, awaké dhéwé diajari carané nggunakké bacaan utawa vidéo sing ana ing Alat-Alat kanggo Mulang. Mula, bèn isa éntuk akèh manfaat, awaké dhéwé kudu persiapan sakdurungé perhimpunan, nggatèkké tenanan wektu berhimpun, lan ngetrapké sing wis dipelajari ing perhimpunan. Hasilé, awaké dhéwé isa dadi ”prajurité Kristus Yésus sing apik”.​—2 Tim. 2:3.

14. Bantuan apa manèh sing disedhiakké Yéhuwah?

14 Sakliyané sedulur-sedulur, awaké dhéwé ya didhukung karo para malaékat sing jumlahé jutaan. Malaékat siji waé wis kuwat banget, apa manèh nèk jutaan. (Yés. 37:36) Mesthi ora bakal ana manungsa utawa roh-roh jahat sing isa ngalahké para malaékat kuwi. Mbiyèn, Yéhuwah ya gelem mbantu siji abdiné bèn isa menang nglawan mungsuh sing jumlahé akèh. (PH. 6:16) Dadi, wektu njenengan ditentang karo kanca kerja, kanca sekolah, utawa keluarga sing dudu Seksi Yéhuwah, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ya bakal mbantu njenengan. Nèk njenengan manut karo Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal siap nglindhungi njenengan.

YÉHUWAH BAKAL TERUS NGLINDHUNGI

15. Nurut Yésaya 54:15, 17, kenapa Sétan ora bakal isa ngendhegké gawéan nginjil?

15 Merga donya iki dikuwasani Sétan, awaké dhéwé bakal terus disengiti karo wong-wong ing donya iki. Wong-wong kuwi sengit merga awaké dhéwé ora gelem mèlu-mèlu urusan politik lan ora gelem mèlu perang. Awaké dhéwé ya martakké jenengé Gusti Allah, ngandhani wong liya nèk mung Kerajaan Gusti Allah sing isa nggawé donya dadi damai, lan manut karo pathokané Gusti Allah. Terus, awaké dhéwé nduduhké nèk penguasané donya iki jahat lan tukang matèni. (Yoh. 8:44) Awaké dhéwé ya ngumumké nèk donyané Sétan sedhéla manèh bakal dihancurké. Senajan Sétan lan para pengikuté ngalang-alangi, ning awaké dhéwé ora bakal mandheg nginjil. Awaké dhéwé bakal terus ngluhurké Yéhuwah lan nggunakké kabèh sing awaké dhéwé duwèni kanggo ndhukung gawéan nginjil. Senajan Sétan kuwi kuwat, ning Yéhuwah bakal nglindhungi umaté bèn kabèh wong isa krungu kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.​—Wacanen Yésaya 54:15, 17.

16. Yéhuwah bakal nylametké umaté pas peristiwa apa waé?

16 Apa sing bakal kelakon sedhéla manèh? Pas sengsara gedhé, Yéhuwah bakal nylametké umaté sing setya wektu Dhèwèké nyebabké raja-raja ing bumi ngancurké Babilon Gedhé, yaiku kabèh agama palsu sak donya. (Why. 17:16-18; 18:2, 4) Terus, Yéhuwah ya bakal nylametké umaté wektu Yéhuwah ngukum Sétan lan kabèh pengikuté ing Armagédon.​—Why. 7:9, 10; 16:14, 16.

17. Apa hasilé nèk awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah?

17 Sétan péngin ngalang-ngalangi awaké dhéwé bèn awaké dhéwé ora isa urip saklawasé. Ning, nèk awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah, Sétan ora bakal berhasil. Malah, Sétan sing bakal disingkirké saklawasé. (Rm. 16:20) Mula, ayo terus nganggo perlengkapan perang saka Gusti Allah. Aja nglawan Sétan lan para pengikuté dhèwèkan. Awaké dhéwé ya kudu ndhukung sedulur-sedulur lan manut karo petunjuké Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah, Bapak sing nresnani awaké dhéwé, bakal nguwatké lan nglindhungi awaké dhéwé.​—Yés. 41:10.

LAGU 149 Nyanyian Kemenangan

^ par. 5 Alkitab janji nèk Yéhuwah bakal nguwatké lan nglindhungi bèn awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah lan sukmbèn isa urip saklawasé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal njawab pitakonan-pitakonan iki: Kenapa awaké dhéwé butuh dilindhungi? Piyé carané Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé? Awaké dhéwé kudu piyé bèn dilindhungi Yéhuwah?