Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 15

Sing Isa Dipelajari saka Omongané Yésus Pas Dipaku ing Cagak

Sing Isa Dipelajari saka Omongané Yésus Pas Dipaku ing Cagak

”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé aku seneng. Rungokna dhèwèké.”​—MAT. 17:5.

LAGU 17 ”Aku Gelem”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa waé sing wis dialami Yésus sakdurungé dhèwèké nyampèkké omongané pas dipaku ing cagak?

PERISTIWANÉ kelakon pas tanggal 14 Nisan taun 33 M. Sakwisé ditudhuh karo seksi-seksi palsu, Yésus diputuské bersalah lan kudu dihukum mati. Padahal, Yésus sakjané ora salah. Bar kuwi, Yésus diécé, disiksa, terus dipaku ing cagak hukuman. Bayangna, tangan lan sikilé Yésus dipaku. Mesthi lara banget rasané pas Yésus ambegan, apa manèh pas ngomong. Ning, Yésus tetep kudu ngomong merga ana sesuatu sing penting sing kudu disampèkké.

2 Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé ’ngrungokké’ omongané Yésus. (Mat. 17:5) Mula, saiki ayo ngrembug omongané Yésus pas dhèwèké dipaku ing cagak hukuman lan apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus kuwi.

”BAPAK, TULUNG APURANA WONG-WONG IKI”

3. Wektu kandha, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki”, Yésus péngin Bapaké ngapura sapa?

3 Yésus ngomong apa? Pas dipaku ing cagak, Yésus ndonga, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki.” Yésus péngin Bapaké ngapura sapa? Awaké dhéwé isa ngerti saka kata-katané Yésus sakwisé kuwi. Yésus kandha, ”Wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.” (Luk. 23:33, 34) Dadi, kétoké Yésus péngin Bapaké ngapura para prajurit Romawi sing maku tangan lan sikilé. Para prajurit kuwi maku Yésus merga ora ngerti nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah. Mungkin, Yésus ya péngin Bapaké ngapura wong-wong sing ana ing kono, sing awalé njaluk Yésus dipatèni ning akhiré percaya karo Yésus. (Kis. 2:36-38) Yésus dihukum senajan ora salah. Ning, Yésus ora nesu utawa dendam karo wong-wong sing jahat karo dhèwèké. (1 Ptr. 2:23) Yésus malah njaluk Yéhuwah bèn ngapura wong-wong sing nyebabké dhèwèké dipatèni.

4. Piyé carané niru Yésus sing gelem ngapura wong liya?

4 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus? Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu gelem ngapura wong liya. (Kol. 3:13) Merga ora paham ajarané Alkitab, mungkin ana wong-wong utawa anggota keluarga sing ora seneng karo awaké dhéwé. Wong-wong kuwi mungkin ngèlèk-èlèk awaké dhéwé, nggawé awaké dhéwé isin, mbuwang bacaané awaké dhéwé, utawa kasar karo awaké dhéwé. Ketimbang dendam, luwih apik awaké dhéwé ndonga bèn Yéhuwah mbantu wong-wong kuwi bèn sukmbèn gelem sinau Alkitab. (Mat. 5:44, 45) Kadhang nèk wongé wis kebangeten, ngapura dhèwèké isa waé ora gampang. Ning, nèk terus-terusan jèngkèl lan dendam, sing rugi kuwi awaké dhéwé. Ana sedulur wédok sing kandha, ”Ngapura kuwi ora berarti aku seneng nèk wong liya jahat karo aku. Ngapura kuwi artiné aku ora terus-terusan nesu karo wong-wong sing jahat karo aku.” (Mzm. 37:8) Dadi, nèk wis ngapura, awaké dhéwé ora bakal terus-terusan nesu karo wong sing jahat karo awaké dhéwé.—Éf. 4:31, 32.

”KOWÉ BAKAL BARENG KARO AKU ING FIRDAUS”

5. Yésus janji apa karo salah siji penjahat ing jèjèré, lan kenapa Yésus isa janji kaya ngono?

5 Yésus ngomong apa? Ing jèjèré Yésus, ana loro penjahat sing ya dihukum kaya Yésus. Awalé, wong loro kuwi mèlu-mèlu ngécé Yésus. (Mat. 27:44) Ning bar kuwi, salah siji penjahat kuwi ngakoni nèk Yésus ”ora salah apa-apa”. (Luk. 23:40, 41) Penjahat kuwi ya percaya nèk Yésus bakal diuripké manèh lan sukmbèn bakal mréntah dadi raja. Dhèwèké kandha, ”Yésus, wektu kowé wis dadi raja, tulung aja lali karo aku.” (Luk. 23:42) Merga imané penjahat kuwi gedhé banget, Yésus njawab, ”Percayaa karo omonganku dina iki, kowé bakal bareng karo aku ing Firdaus.” * (Luk. 23:43) Omongané Yésus kuwi nduduhké nèk penjahat kuwi nduwé harapan urip ing Firdaus. Yésus isa janji karo penjahat sing wis mèh mati kuwi merga Yésus ngerti nèk Bapaké apikan lan seneng ngapura.​—Mzm. 103:8.

6. Apa sing isa dipelajari saka janjiné Yésus karo salah siji penjahat ing jèjèré?

6 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus? Yésus nduwé kepribadian sing padha persis karo Bapaké. (Ibr. 1:3) Nèk awaké dhéwé salah, Yéhuwah bakal apikan lan gelem ngapura. Ning, awaké dhéwé kudu mertobat lan nduduhké iman marang korban tebusané Yésus. (1 Yoh. 1:7) Merga mbiyèn tau nggawé kesalahan, mungkin ana sedulur sing ora yakin nèk Yéhuwah gelem ngapura dhèwèké. Nèk njenengan ngrasa kaya ngono, njenengan isa ngrenungké iki: Sakdurungé mati, Yésus gelem ngapura lan apikan karo penjahat sing lagi waé nduduhké iman. Dadi, nèk awaké dhéwé wis ngupaya bèn isa manut karo préntahé Yéhuwah, Yéhuwah mesthi ya bakal ngapura lan apikan karo awaké dhéwé.​—Mzm. 51:1; 1 Yoh. 2:1, 2.

”IBU, KUWI ANAKMU. . . . KUWI IBUMU”

7. Kaya sing disebutké ing Yohanes 19:26, 27, Yésus ngomong apa karo Maria lan Yohanes, lan kenapa dhèwèké ngomong kaya ngono?

7 Yésus ngomong apa? (Wacanen Yohanes 19:26, 27.) Yésus nguwatirké ibuné sing kétoké wektu kuwi wis dadi randha. Adhi-adhiné Yésus mesthiné isa nyukupi kebutuhané Maria. Ning kétoké wektu kuwi, adhi-adhiné Yésus durung ana sing dadi pengikuté. Nèk ngono, sapa sing bakal mbantu Maria bèn tetep nglayani Yéhuwah? Yésus sayang lan perduli banget karo ibuné. Yésus ya ngerti nèk Yohanes isa mbantu Maria bèn tetep cedhak karo Yéhuwah. Mula, Yésus péngin Yohanes ngopèni Maria. Yohanes kuwi rasul sing setya lan salah siji sahabaté Yésus. Yésus ya nganggep Yohanes kaya keluargané dhéwé merga Yohanes ya nglayani Yéhuwah. (Mat. 12:46-50) Mula, Yésus ngomong karo Maria, ”Ibu, kuwi anakmu.” Terus, Yésus ngomong karo Yohanes, ”Kuwi ibumu.” Mulai wektu kuwi, Yohanes dadi kaya anaké Maria lan ngopèni Maria kaya ibuné dhéwé. Saka kisah iki, kétok nèk Yésus kuwi sayang banget karo ibuné, sing wis ngrawat dhèwèké kèt bayi lan saiki ana ing cedhaké.

8. Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus karo Maria lan Yohanes?

8 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus? Biasané, awaké dhéwé luwih cedhak karo sedulur-sedulur seiman timbang karo keluargané awaké dhéwé. Merga nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé mungkin disengiti utawa dijahati karo keluargané awaké dhéwé. Pancèn, awaké dhéwé kudu nggawé pengorbanan. Ning, Yésus wis janji nèk awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah lan organisasiné, awaké dhéwé bakal nampa ”ping 100 luwih akèh”. Sedulur-sedulur bakal dadi kaya anak-anak utawa bapak ibu sing sayang karo awaké dhéwé. (Mrk. 10:29, 30) Kabèh sing nglayani Yéhuwah isa bersatu merga nduwé iman, nresnani Yéhuwah, lan nresnani sedulur-sedulur seimané. (Kol. 3:14; 1 Ptr. 2:17) Piyé perasaané njenengan merga isa nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur sing kaya ngono?

”GUSTI ALLAHKU, NGAPA KOK NJENENGAN NINGGALKÉ AKU?”

9. Saka kata-katané Yésus, awaké dhéwé isa ngerti soal apa waé?

9 Yésus ngomong apa? Persis sakdurungé mati, Yésus mbengok, ”Gusti Allahku, Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?” (Mat. 27:46) Alkitab ora njelaské kenapa Yésus ngomong kaya ngono. Ning, saka kata-katané Yésus, awaké dhéwé isa ngerti nèk wektu Yésus ngomong kaya ngono, ramalan sing dicathet ing Mazmur 22:1 kelakon. * Terus, omongané Yésus kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ora selalu ”nglindhungi” Yésus. (Ayb. 1:10) Yésus ngerti nèk Bapaké ora bakal nglindhungi dhèwèké supaya imané Yésus isa diuji nganti Yésus mati. Durung tau ana wong liya sing ngalami apa sing dialami Yésus. Sakliyané kuwi, kata-katané Yésus ya nduduhké nèk sakjané Yésus ora salah lan ora pantes dihukum mati.

10. Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus marang Bapaké?

10 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus? Pertama, Yéhuwah ora selalu nglindhungi wektu ana tantangan sing nguji imané awaké dhéwé. Yésus waé diuji nganti mati. Dadi, awaké dhéwé ya kudu siap nèk misalé kudu mati merga péngin tetep setya karo Yéhuwah. (Mat. 16:24, 25) Senajan ngono, awaké dhéwé isa yakin nèk Gusti Allah ora bakal meneng waé pas awaké dhéwé digodha ngluwihi apa sing isa ditanggung. (1 Kor. 10:13) Pelajaran liyané yaiku, kaya Yésus, awaké dhéwé ya isa ngadhepi keadaan sing angèl senajan sakjané ora salah. (1 Ptr. 2:19, 20) Awaké dhéwé disengiti dudu merga awaké dhéwé wis nggawé kesalahan, ning merga awaké dhéwé ora padha kaya wong-wong ing donya iki. Awaké dhéwé ya disengiti merga ngandhani wong-wong soal apa sing bener. (Yoh. 17:14; 1 Ptr. 4:15, 16) Yésus ngerti apa sebabé Yéhuwah ora nglindhungi wektu dhèwèké dianiaya. Ning, wong Kristen sing ngadhepi keadaan sing angèl mungkin ana sing mikir, ’Kenapa ya Yéhuwah kok meneng waé wektu aku ngalami iki?’ (Hab. 1:3) Merga sabar lan apikan, Gusti Allah ora nganggep nèk wong Kristen sing mikir kaya ngono kuwi kurang iman. Sakjané, wong Kristen sing mikir kaya ngono kuwi malah butuh penghiburan saka Gusti Allah.​—2 Kor. 1:3, 4.

”AKU NGELAK”

11. Kenapa Yésus ngomong, ”Aku ngelak”?

11 Yésus ngomong apa? (Wacanen Yohanes 19:28.) Kenapa Yésus ngomong, ”Aku ngelak”? Yésus ngomong kaya ngono ”supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci isa kelakon”, yaiku ramalan sing dicathet ing Mazmur 22:15. Ayat kuwi kandha, ”Aku ora nduwé kekuwatan manèh. Aku kaya pecahan tanah liat. Ilatku nèmpèl ing cangkemku.” Sakliyané kuwi, Yésus mesthi ngelak banget merga bar disiksa lan dipaku ing cagak hukuman. Mula, Yésus mesthi péngin ngombé.

12. Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus, ”Aku ngelak”?

12 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus? Yésus ora nganggep nèk wong sing njaluk bantuan kuwi wong sing lemah. Buktiné, Yésus dhéwé njaluk ngombé wektu dhèwèké ngelak. Pancèn, kerep-kerepé awaké dhéwé ora péngin ngrépoti wong liya. Ning, nèk butuh bantuan, aja ragu-ragu njaluk bantuané wong liya. Misalé, nèk awaké dhéwé wis tuwa utawa lagi lara, awaké dhéwé isa njaluk tulung karo kancané awaké dhéwé bèn diterké blanja utawa priksa ing dokter. Terus, nèk lagi cilik ati utawa kurang semangat, awaké dhéwé isa crita karo para pinituwa utawa sedulur sing wis pengalaman. Sedulur-sedulur kuwi mesthi gelem ngrungokké, utawa mungkin malah ngomongké ”sing apik” kanggo nguwatké awaké dhéwé. (WB. 12:25) Sedulur-sedulur kuwi sayang karo awaké dhéwé lan gelem mbantu ”wektu ana kesusahan”. (WB. 17:17) Ning, sedulur-sedulur kuwi ora ngerti isi atiné awaké dhéwé. Dadi, nèk ora crita, sedulur-sedulur kuwi ya ora bakal ngerti nèk awaké dhéwé butuh bantuan.

”TUGASKU WIS RAMPUNG”

13. Apa hasilé merga Yésus tetep setya nganti mati?

13 Yésus ngomong apa? Kira-kira pas jam telu awan tanggal 14 Nisan, Yésus kandha, ”Tugasku wis rampung.” (Yoh. 19:30) Yésus ngerti nèk dhèwèké wis ngrampungké tugas saka Yéhuwah lan sedhéla manèh bakal mati. Apa hasilé merga Yésus tetep setya nganti mati? Pertama, Yésus mbuktèkké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi. Yésus nduduhké nèk manungsa sing sampurna isa tetep setya senajan digodha Sétan. Keloro, merga tetep setya nganti mati, Yésus isa dadi tebusan. Merga ana tebusan, manungsa sing ora sampurna isa akrab karo Gusti Allah lan nduwé harapan urip saklawasé. Ketelu, Yésus nggawé suci jenengé Yéhuwah sing wis dirusak lan mbuktèkké nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mréntah manungsa.

14. Apa sing kudu diupayakké saben dina, lan apa sebabé?

14 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus? Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa tetep setya saben dina. Gatèkna koméntaré Sedulur Maxwell Friend, salah siji instruktur Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Ing salah siji kebaktian internasional, Sedulur Friend nyampèkké ceramah sing ngrembug carané bèn isa tetep setya. Ing ceramah kuwi, dhèwèké kandha, ”Awaké dhéwé ora ngerti bakal urip nganti kapan. Dadi, awaké dhéwé kudu mbuktèkké saben dina nèk awaké dhéwé setya karo Yéhuwah. Sésuk mungkin wis ora ana kesempatan manèh. Mula, aja nundha-nundha. Mulai saiki, awaké dhéwé kudu mbuktèkké nèk setya karo Yéhuwah, bèn Yéhuwah gelem mènèhi urip saklawasé.” Kaya omongané Sedulur Friend, mulai saiki awaké dhéwé kudu ngupaya tetep setya merga sésuk mungkin wis ora ana kesempatan manèh. Dadi, sak umpama kudu mati, awaké dhéwé isa kandha karo Yéhuwah, ”Yéhuwah, aku wis ngupaya sak isa-isané bèn isa tetep setya, mbuktèkké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi, nggawé suci jeneng-Mu, lan mbuktèkké nèk mung Njenengan sing pantes dadi penguasa.”

”URIPKU TAK PASRAHKÉ MARANG NJENENGAN”

15. Nurut Lukas 23:46, Yésus yakin soal apa?

15 Yésus ngomong apa? (Wacanen Lukas 23:46.) Yésus yakin banget wektu ngomong, ”Bapak, uripku tak pasrahké marang Njenengan.” Yésus yakin nèk Yéhuwah ora bakal lali karo dhèwèké lan bakal nguripké dhèwèké manèh.

16. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Yosua?

16 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus? Senajan kudu mati, awaké dhéwé kudu tetep setya karo Yéhuwah. Bèn isa kaya ngono, awaké dhéwé ’kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé ati’. (WB. 3:5) Gatèkna pengalamané Yosua sing umuré 15 taun. Senajan lara parah, dhèwèké ora gelem wektu ditawani dokteré perawatan keséhatan sing nglanggar pathokané Alkitab. Ora suwé sakdurungé mati, Yosua ngomong karo ibuné, ”Ibu ora usah kuwatir. Yéhuwah ora bakal lali karo aku. Ibu kudu yakin nèk Yéhuwah bakal nguripké aku manèh. Yéhuwah ngerti, Bu, nèk aku sayang karo Yéhuwah.” Coba awaké dhéwé pikirké tenanan soal iki, ’Nèk aku ngadhepi tantangan sing isa nggawé aku mati, apa aku bakal tetep setya lan yakin nèk Yéhuwah ora bakal lali karo aku?’

17-18. Apa waé sing isa dipelajari saka omongané Yésus wektu dipaku ing cagak? (Deloken kothak ” Sing Isa Dipelajari saka Omongané Yésus Wektu Dipaku ing Cagak”.)

17 Dadi, apa waé sing isa dipelajari saka omongané Yésus wektu dipaku ing cagak? Awaké dhéwé kudu ngapura wong liya lan yakin nèk Yéhuwah gelem ngapura awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé mesthi seneng merga nduwé sedulur-sedulur sing siap mbantu awaké dhéwé. Mula, aja ragu-ragu njaluk bantuané sedulur-sedulur. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé tetep setya ngadhepi tantangan. Mula, awaké dhéwé kudu mbuktèkké saben dina nèk setya karo Yéhuwah lan yakin nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh nèk awaké dhéwé mati.

18 Pancèn ana akèh sing isa dipelajari saka omongané Yésus wektu dipaku ing cagak. Nèk ngetrapké kabèh sing wis dipelajari, kuwi artiné awaké dhéwé manut karo Yéhuwah sing ngomong, ”Rungokna [Yésus].”​—Mat. 17:5.

LAGU 126 Terusa Kuwat lan Santosa!

^ par. 5 Nurut Matius 17:5, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngrungokké Anaké. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus pas dipaku ing cagak.

^ par. 5 Yésus janji nèk penjahat kuwi bakal diuripké manèh ing bumi Firdaus, dudu ing swarga.

^ par. 9 Bèn isa ngerti kira-kira apa alesané Yésus ngutip Mazmur 22:1, deloken artikel ”Pitakonané Sing Maca” ing majalah iki.