Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 20

Tetep Semangat Wektu Nginjil

Tetep Semangat Wektu Nginjil

”Sebarna benihmu . . . lan tanganmu aja lèrèn.”​—PKH. 11:6.

LAGU 70 Nggolèka sing Gelem Nampa

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Bar Yésus munggah swarga, murid-muridé semangat nginjil ing Yérusalèm lan dhaérah sekitaré (Deloken artikel pelajaran 20, paragraf 1)

1. Yésus mènèhi conto apa wektu nginjil, lan apa pengaruhé kanggo murid-muridé? (Deloken gambar ing halaman 1.)

PAS ing bumi, Yésus semangat banget wektu nginjil lan péngin bèn murid-muridé ya kaya ngono. (Yoh. 4:35, 36) Murid-muridé Yésus nginjilé semangat banget pas isih bareng karo Yésus. (Luk. 10:1, 5-11, 17) Ning, sakwisé Yésus dicekel lan dihukum mati, murid-muridé dadi ora semangat manèh. (Yoh. 16:32) Mula, sakwisé diuripké manèh, Yésus ngongkon murid-muridé bèn ngutamakké gawéan nginjil. Hasilé, bar Yésus munggah swarga, murid-murid semangat banget nginjilé, nganti mungsuh-mungsuhé padha ngomong, ”Kowé malah wis nyebarké ajaranmu nganti sak Yérusalèm ngerti kabèh.”​—Kis. 5:28.

2. Apa buktiné nèk Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil?

2 Yésus ngarahké wong-wong Kristen ing jamané para rasul wektu wong-wong kuwi nginjil. Yéhuwah mberkahi upayané wong-wong kuwi, lan hasilé ana akèh wong sing gelem nampa kabar apik. Misalé, pas Péntakosta taun 33 M, ana 3.000 sing dibaptis. (Kis. 2:41) Terus, jumlah muridé Yésus ya dadi saya akèh. (Kis. 6:7) Ning, ora mung kuwi. Kaya sing wis diramalké Yésus soal akhir jaman, saiki ya ana luwih akèh manèh sing gelem nampa kabar apik.​—Yoh. 14:12; Kis. 1:8.

3-4. Kenapa ana sedulur-sedulur sing ngrasa nèk tetep semangat wektu nginjil kuwi ora gampang, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Awaké dhéwé mesthiné péngin terus semangat wektu nginjil. Ing beberapa dhaérah, iki pancèn gampang, merga akèh sing gelem sinau Alkitab. Saking akèhé, malah ana sing kudu ngentèni nganti ana Seksi Yéhuwah sing mbantu wong-wong kuwi sinau Alkitab. Ning, para sedulur ing dhaérah-dhaérah liyané mungkin angèl ketemu wong pas nginjil ing omah-omah, lan wong sing ditemoni ora gelem dijak omong-omongan soal Alkitab. Akibaté, para sedulur kuwi ngrasa nèk tetep semangat wektu nginjil kuwi ora gampang.

4 Nèk njenengan ya ngalami kuwi, njenengan isa nyoba ngetrapké saran-saran sing dirembug ing artikel iki. Awaké dhéwé bakal ngrembug pengalamané sedulur-sedulur bèn isa ngerti piyé carané ketemu luwih akèh wong wektu nginjil. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn tetep semangat senajan wong-wong sing ditemoni ora gelem dijak omong-omongan soal Alkitab.

TETEP SEMANGAT SENAJAN ANGÈL KETEMU WONG PAS NGINJIL

5. Apa sebabé akèh sedulur sing angèl ketemu wong pas nginjil?

5 Saiki, akèh sedulur sing angèl ketemu wong pas nginjil ing omah-omah. Apa sebabé? Sedulur-sedulur kuwi mungkin dhaérah nginjilé apartemèn utawa perumahan sing dijaga satpam. Dadi, nèk ora kenal karo sing manggon ing kono, sedulur-sedulur kuwi ora éntuk mlebu. Sing liyané mungkin isa nginjil ing omah-omah, ning tetep waé ora ketemu wong merga akèh sing ora ing omah. Sing liyané manèh mungkin kudu nginjil ing dhaérah plosok sing jarak omahé adoh-adoh lan sing manggon ing kono mung sithik. Para sedulur kuwi mungkin kudu mlaku adoh bèn isa marani saben omah, lan durung tentu wongé ana ing omah. Nèk ngalami sing padha, awaké dhéwé aja nyerah. Terus, piyé carané bèn isa ketemu luwih akèh wong pas nginjil?

6. Kenapa penginjil isa dipadhakké kaya nelayan?

6 Yésus madhakké para penginjil kaya nelayan. (Mrk. 1:17) Ana nelayan sing wis kerja sedina muput, ning ora éntuk iwak. Tapi, nelayan kuwi ora nyerah. Nelayan kuwi bakal nggolèk wektu liya sing cocog, nggolèk panggonan sing akèh iwaké, lan nggolèk cara liya bèn isa éntuk iwak. Bèn isa ketemu luwih akèh wong pas nginjil, awaké dhéwé ya isa nggolèk wektu liya, nginjil ing panggonan liya, lan nyoba nggunakké cara liya. Saiki, ayo ngrembug saran-saran kuwi siji-siji.

Nèk angèl ketemu wong pas nginjil ing omah-omah, awaké dhéwé isa nggolèk wektu liya kanggo nginjil, nginjil ing panggonan liya, lan nginjil nggunakké cara liya (Deloken paragraf 7-10) *

7. Apa hasilé nèk awaké dhéwé nggolèk wektu liya kanggo nginjil?

7 Nggolèk wektu liya kanggo nginjil. Awaké dhéwé isa ketemu wong pas nginjil ing omah-omah nèk wongé lagi ana ing omah. Senajan sing manggon ing kono lagi lunga, ning wongé mesthi bakal mulih, ta? Ana sedulur-sedulur sing wis berhasil ketemu luwih akèh wong merga nginjilé soré utawa bengi. Wong-wong sing isa ditemoni pas soré utawa bengi biasané luwih santai lan gelem dijak omong-omongan. Awaké dhéwé mungkin ya isa niru pengalamané pinituwa sing jenengé David * wektu nginjil. Sakwisé rampung nginjil ing siji dhaérah, David karo kanca nginjilé langsung marani manèh omah-omah ing dhaérah kuwi sing durung ketemu wongé. David kandha, ”Aku ora nyangka nèk jebulé ana akèh sing isa tak temoni pas omahé tak parani manèh.” *

Nèk angèl ketemu wong pas nginjil ing omah-omah, awaké dhéwé isa nggolèk wektu liya kanggo nginjil (Deloken paragraf 7-8)

8. Piyé carané ngetrapké Pengkhotbah 11:6 wektu nginjil?

8 Saka ayat téma kanggo artikel iki, awaké dhéwé ngerti nèk kudu terus semangat wektu nginjil. (Wacanen Pengkhotbah 11:6.) Dadi, awaké dhéwé kudu terus marani omah-omah sing wongé durung isa ditemoni pas nginjil. David, sing disebutké mau, ya kaya ngono. Ana omah sing wis bola-bali diparani David, ning saben mrono, David ora ketemu karo sing manggon ing omah kuwi. Merga ora nyerah, David akhiré isa ketemu karo sing manggon ing kono, lan jebulé wongé gelem dijak omong-omongan soal Alkitab. Wong kuwi kandha, ”Aku wis manggon ing kéné wolung taun. Ning, lagi iki aku ketemu karo Seksi Yéhuwah ing omahku.” David kandha, ”Aku dadi ngerti nèk wong-wong sing berhasil tak temoni biasané gelem ngrungokké kabar apik sing tak sampèkké.”

Nèk angèl ketemu wong pas nginjil ing omah-omah, awaké dhéwé isa nginjil ing panggonan liya (Deloken paragraf 9)

9. Piyé carané sedulur-sedulur isa ketemu karo wong-wong sing angèl ditemoni ing omah?

9 Nginjil ing panggonan liya. Bèn isa ketemu karo wong-wong sing angèl ditemoni ing omah, ana sedulur-sedulur sing nyoba nginjil ing panggonan liya, misalé nginjil ing panggonan umum utawa nggunakké gerai majalah. Hasilé, sedulur-sedulur kuwi isa ketemu lan omong-omongan soal Alkitab karo wong-wong sing manggon ing apartemèn utawa dhaérah liya sing angèl dikabari. Akèh sedulur ya nggatèkké nèk wong-wong sing ditemoni ing taman, pasar, lan dhaérah bisnis biasané gelem dijak omong-omongan utawa nampa bacaané awaké dhéwé. Pinituwa wilayah saka Bolivia sing jenengé Brian kandha, ”Aku lan sedulur-sedulur nginjil ing pasar lan dhaérah bisnis antara jam 1 nganti jam 3 awan merga wong-wong sing dodolan ing kono biasané lagi santai. Kerep-kerepé, wong-wong kuwi gelem dijak omong-omongan, lan malah ana sing mulai sinau Alkitab.”

Nèk angèl ketemu wong pas nginjil ing omah-omah, awaké dhéwé isa nginjil nggunakké cara liya (Deloken paragraf 10)

10. Piyé carané bèn wong-wong sing durung tau ditemoni isa krungu kabar apik?

10 Nginjil nggunakké cara liya. Mungkin njenengan wis bola-bali marani omah sing wongé durung isa ditemoni lan wis nggolèk wektu liya bèn isa ketemu karo wongé. Terus, piyé nèk kuwi tetep ora berhasil? Apa ana cara liya bèn njenengan isa nyampèkké kabar apik karo wong kuwi? Ana. Sedulur Katarina kandha, ”Ana omah-omah sing wis tak parani bola-bali, ning aku durung isa ketemu karo wongé. Dadi, aku nulis surat kanggo wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi ya isa ngerti kabar apik.” Saka pengalamané Katarina, awaké dhéwé ngerti nèk kudu nyoba kabèh cara bèn wong-wong ing dhaérah nginjilé awaké dhéwé isa krungu kabar apik.

TETEP SEMANGAT SENAJAN WONG-WONG ORA GELEM DIJAK OMONG-OMONGAN

11. Kenapa ana wong-wong sing ora gelem ngrungokké kabar apik?

11 Ana wong-wong sing ora gelem ngrungokké kabar apik merga ora péngin ngerti soal Gusti Allah. Wong-wong kuwi mikir nèk Gusti Allah ora perduli karo manungsa merga ana akèh kesusahan. Akhiré, wong-wong kuwi dadi ora percaya karo Gusti Allah. Sing liyané ora gelem ngrungokké kabar apik merga ora percaya karo Alkitab. Wong-wong kuwi nggatèkké para pemimpin agama sing ngakuné manut karo Alkitab, ning nyatané tingkah lakuné ora bener. Terus, ana wong-wong sing mung mikirké gawéané, keluargané, utawa masalah-masalah liyané. Dadi, wong-wong kuwi ora percaya karo Alkitab merga nganggep nèk Alkitab ora isa ngrampungi masalahé. Terus, piyé carané bèn tetep semangat nèk ketemu karo wong-wong sing kaya ngono?

12. Piyé carané ngetrapké Filipi 2:4 pas nginjil?

12 Nduduhké nèk perduli. Ana akèh sing awalé ora gelem dijak omong-omongan soal Alkitab, ning akhiré gelem ngrungokké kabar apik merga awaké dhéwé perduli karo wong-wong kuwi. (Wacanen Filipi 2:4.) Misalé, David, sing disebutké mau, kandha, ”Nèk ana sing ora gelem dijak omong-omongan soal Alkitab, Alkitab lan majalahku langsung tak lebokké tas. Terus, aku ngomong, ’Oh, iya ora apa-apa. Aku menghargai pendapaté njenengan. Ning, apa aku éntuk ngerti alesané?’” Wong-wong isa ngrasakké nèk awaké dhéwé perduli karo dhèwèké. Senajan mungkin lali karo omongané awaké dhéwé, ning wong-wong kuwi isa waé terus kèlingan nèk awaké dhéwé perduli karo dhèwèké. Terus, nèk wongé tetep ora gelem dijak omong-omongan soal Alkitab, awaké dhéwé ya kudu tetep ramah lan apikan karo wong kuwi.

13. Piyé carané bèn sing dikabari dadi luwih gelem ngrungokké awaké dhéwé?

13 Piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé perduli karo wong sing dikabari? Awaké dhéwé isa nyampèkké topik sing sesuai karo kebutuhané wong sing dikabari kuwi. Misalé, pas nggatèkké omahé sing dikabari, mungkin njenengan ndelok ana dolanan utawa klambiné cah cilik sing lagi dipépé. Nèk ngono, mungkin njenengan isa nyampèkké topik Alkitab sing ngrembug soal carané nggedhèkké anak utawa carané bèn keluarga isa bahagia. Terus, pas ing omah liyané, mungkin njenengan nggatèkké nèk ing pageré akèh gemboké. Nèk ngono, mungkin njenengan isa ngomong nèk akèh wong ya kuwatir merga saiki akèh kejahatan. Wong sing dikabari kuwi mungkin gelem ngrungokké janjiné Alkitab sing kandha nèk sukmbèn ora bakal ana kejahatan manèh. Nèk wongé wis gelem dijak omong-omongan, awaké dhéwé kudu nduduhké apa manfaaté nèk ngetrapké naséhaté Alkitab. Katarina, sing disebutké mau, kandha nèk dhèwèké terus mikirké manfaat sing wis dirasakké merga sinau Alkitab. Hasilé, Katarina dadi luwih yakin wektu nginjil, lan kuwi nggawé wong-wong sing dikabari dadi gelem ngrungokké kabar apik.

14. Piyé carané sedulur sing wis pengalaman mbantu sedulur liya bèn luwih trampil wektu nginjil? (Wulang Bebasan 27:17)

14 Sinau saka sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Mbiyèn, Paulus ngajari Timotius carané nginjil lan mulang lan ngongkon Timotius bèn ngajari sedulur-sedulur liyané. (1 Kor. 4:17) Kaya Timotius, awaké dhéwé ya isa sinau saka sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. (Wacanen Wulang Bebasan 27:17.) Misalé, gatèkna pengalamané Sedulur Sonny. Dhèwèké tau merintis ing dhaérah pedésaan sing wong-wongé ora tertarik sinau Alkitab merga wis nduwé agama. Terus, piyé carané bèn Sonny tetep semangat wektu nginjil? Dhèwèké kandha, ”Nèk isa, aku nginjilé ora dhèwèkan. Terus, pas lagi mlaku saka omah siji ing omah liyané, aku takon karo kanca nginjilku piyé carané bèn isa luwih apik pas omong-omongan karo sing dikabari. Misalé, aku karo kancaku mbahas tanggepané wong sing lagi waé tak kabari lan ngrembug piyé carané bèn tanggepanku isa luwih apik nèk ana situasi sing mèh padha.”

15. Kenapa awaké dhéwé kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah pas nginjil?

15 Ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Awaké dhéwé ora bakal berhasil nèk Yéhuwah ora mènèhi roh suciné. (Mzm. 127:1; Luk. 11:13) Mula, awaké dhéwé kudu njaluk bantuané Yéhuwah pas nginjil. Terus, pas ndonga, awaké dhéwé isa nyebutké apa sing dipéngini. Misalé, awaké dhéwé isa njaluk Yéhuwah mbantu bèn isa ketemu karo sing gelem ngrungokké. Terus, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa nyampèkké kabar apik marang saben wong sing ditemoni.

16. Kenapa sinau Alkitab kuwi penting?

16 Sinau Alkitab pribadi. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ngerti ”apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké”. (Rm. 12:2) Merga sinau Alkitab, awaké dhéwé dadi luwih kenal karo Gusti Allah. Hasilé, wektu nyritakké soal Gusti Allah marang wong liya, awaké dhéwé isa luwih yakin karo apa sing diomongké. Katarina, sing mau disebutké, kandha, ”Durung suwé iki, aku ngrasa nèk ana ajaran-ajaran dhasar Alkitab sing kudu tak pelajari manèh bèn aku luwih yakin karo ajaran-ajaran kuwi. Mula, aku sinau Alkitab tenanan bèn isa mbuktèkké nèk Gusti Allah kuwi bener-bener ana, nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah, lan nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi organisasiné Gusti Allah.” Merga sinau Alkitab, Katarina kandha nèk imané dadi tambah kuwat lan dhèwèké ya dadi luwih seneng wektu nginjil.

KENAPA KUDU TETEP SEMANGAT

17. Kenapa Yésus tetep semangat lan terus nginjil?

17 Yésus tetep semangat lan terus nginjil senajan ana sing ora gelem ngrungokké. Yésus kaya ngono merga péngin bèn wong liya ngerti sing bener lan péngin mbantu sak akèh-akèhé wong bèn nampa kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Yésus ya ngerti nèk wong-wong sing awalé ora gelem ngrungokké sukmbèn bakal gelem ngrungokké. Contoné adhi-adhiné Yésus dhéwé. Saksuwéné telung taun setengah pelayanané Yésus, adhi-adhiné lanang Yésus ora ana sing gelem dadi muridé Yésus. (Yoh. 7:5) Ning, sakwisé Yésus diuripké manèh, adhiné-adhiné kuwi akhiré gelem dadi wong Kristen.​—Kis. 1:14.

18. Kenapa awaké dhéwé kudu tetep semangat nginjil?

18 Awaké dhéwé ora ngerti sapa sing akhiré bakal gelem ngrungokké kabar apik sing awaké dhéwé sampèkké. Mungkin, ana wong-wong sing langsung gelem sinau Alkitab. Sing liyané, mungkin ora langsung gelem. Sing liyané manèh, mungkin tetep ora gelem sinau Alkitab. Ning, nèk awaké dhéwé tetep semangat nginjil lan terus apikan karo wong-wong kuwi, isa waé wong-wong kuwi akhiré nglayani lan ”ngluhurké Gusti Allah”.​—1 Ptr. 2:12.

19. Nurut 1 Korintus 3:6, 7, awaké dhéwé kudu éling soal apa?

19 Senajan sing nginjil lan mulang kuwi awaké dhéwé, ning awaké dhéwé kudu éling nèk Gusti Allah sing nggawé gawéan nginjil kuwi berhasil. (Wacanen 1 Korintus 3:6, 7.) Sedulur Gerry sing nglayani ing Etiopia kandha, ”Nganti luwih saka 20 taun, Seksi Yéhuwah ing kéné kuwi mung aku thok. Ning, saiki wis ana 14 penginjil. Sing siji durung dibaptis lan sing 13 wis dibaptis, termasuk bojoku lan anakku telu. Terus, sing teka berhimpun kira-kira ana 32.” Gerry seneng merga tetep semangat nginjil lan sabar ngentèni Yéhuwah narik wong-wong sing tulus bèn dadi umaté.​—Yoh. 6:44.

20. Kenapa awaké dhéwé isa dipadhakké kaya tim penyelamat?

20 Yéhuwah nganggep uripé kabèh wong kuwi berharga. Mula, Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé martakké kabar apik, bèn wong-wong saka kabèh bangsa isa dadi umaté sakdurungé donyané Sétan dihancurké. (Hag. 2:7) Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga isa kerja bareng karo Yésus wektu martakké kabar apik. Awaké dhéwé kuwi kaya tim penyelamat sing dikongkon nylametké korban tanah longsor. Senajan ora kabèh isa dislametké, ning gawéané tim penyelamat kuwi gawéan sing penting. Gawéan nginjil ya kaya ngono. Awaké dhéwé pancèn ora ngerti sepira akèhé sing bakal dislametké wektu donyané Sétan dihancurké. Ning, Yéhuwah isa nggunakké awaké dhéwé kanggo mbantu wong-wong bèn kenal Dhèwèké lan akhiré isa dislametké. Sedulur Andreas, saka Bolivia, kandha, ”Aku ngerti nèk ana sing gelem sinau Alkitab nganti dibaptis, kuwi merga kerja samané para sedulur.” Muga-muga awaké dhéwé terus semangat wektu nginjil, lan hasilé Yéhuwah bakal mberkahi lan awaké dhéwé ya luwih seneng wektu martakké kabar apik.

LAGU 66 Kabar Apik Diwartakké

^ par. 5 Awaké dhéwé isa waé dadi ora semangat nèk angèl ketemu wong pas nginjil ing omah-omah utawa ketemu karo wong sing ora gelem dijak omong-omongan soal Alkitab. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug saran-saran sing isa ditrapké wektu nginjil lan piyé carané bèn isa tetep semangat.

^ par. 7 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 7 Ana negara-negara sing nduwé undang-undang soal perlindungan data. Nèk ing dhaérahé awaké dhéwé ana undang-undang sing kaya ngono, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nglanggar undang-undang kuwi wektu ngetrapké saran-saran ing artikel iki.

^ par. 61 GAMBAR: (urut saka ndhuwur): Suami istri sing lagi nginjil ing dhaérah sing wong-wongé lagi ora ing omah. Omah sing pertama, wongé lagi kerja, sing keloro lagi ing dokter, lan sing ketelu lagi blanja. Benginé, suami istri kuwi marani manèh omah sing pertama lan isa nginjil marang wong sing manggon ing kono. Pas jaga gerai ing cedhaké rumah sakit, suami istri kuwi ketemu lan omong-omongan soal Alkitab karo sing manggon ing omah keloro. Terus, suami istri kuwi nginjil léwat télépon marang sing manggon ing omah ketelu.