Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa wong-wong ing jamané Alkitab nggunakké papirus kanggo nggawé prau?

Tanduran papirus

AKÈH wong ngerti nèk wong Mesir jaman mbiyèn nulis ing kertas sing digawé saka papirus. Wong Yunani lan Romawi ya nulis ing kertas sing digawé saka papirus. * Ning, wong-wong biasané ora ngerti nèk papirus ya isa dienggo nggawé prau.

Tiruan prau saka papirus sing ditemokké ing njero kuburané wong Mesir

Kira-kira taun 700 SM, Nabi Yésaya kandha nèk wong-wong saka ”cedhaké kali-kali ing Étiopia . . . ngirim utusan ngliwati laut” lan ”para utusan kuwi nyabrang nganggo prau saka papirus”. Nabi Yérémia ya tau ngramalké nèk Média lan Pèrsia bakal nyerang Babilon lan ngobong ”prau-prau sing digawé saka papirus”, bèn wong Babilon ora isa mlayu.​—Yés. 18:1, 2; Yér. 51:32.

Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah. (2 Tim. 3:16) Dadi, wong-wong sing sinau Alkitab mesthiné berharap ana bukti-bukti sing nduduhké nèk ing jaman Alkitab papirus pancèn dienggo nggawé prau. Apa bukti-bukti kuwi pancèn ana? Ana. Saiki, para ahli purbakala wis nemokké bukti-bukti sing nduduhké nèk wong Mesir jaman mbiyèn tau nggawé prau saka papirus.

PIYÉ CARANÉ NGGAWÉ PRAU SAKA PAPIRUS?

Saka gambar lan ukiran ing témbok kuburané wong Mesir, awaké dhéwé isa ngerti piyé carané wong-wong ngumpulké papirus lan nggawé prau saka papirus. Pertama, batangé papirus dikethok, terus batang-batang kuwi didadèkké siji lan ditalèni kenceng. Merga batangé papirus kuwi bentuké segitiga, mula pas ditalèni kenceng, batang-batang kuwi isa rapet banget lan kuwat. Nurut buku A Companion to Ancient Egypt, prau sing digawé saka papirus kuwi dawané isa nganti 17 mèter lan saben sisiné isa dipasangi 10 nganti 12 dayung.

Ukiran sing nggambarké piyé carané nggawé prau saka papirus

KENAPA WONG MESIR NGGAWÉ PRAU SAKA PAPIRUS?

Ing dhaérah-dhaérah sekitaré Kali Nil, ana akèh tanduran papirus. Terus, prau saka papirus kuwi nggawéné ya gampang. Senajan wong-wong wektu kuwi wis mulai nggawé prau sing gedhé saka kayu, kétoké prau-prau cilik saka papirus isih digunakké karo nelayan lan pemburu.

Wong-wong isih nggunakké prau-prau saka papirus nganti suwé. Buktiné, Plutarch, penulis Yunani sing urip sejaman karo para rasul, kandha nèk wong-wong ing jamané isih nggunakké prau saka papirus.

^ par. 3 Papirus kuwi tanduran sing thukul ing rawa utawa kali sing arusé ora banter. Papirus dhuwuré isa nganti 5 mèter lan diamèter batang bagéan ngisoré isa nganti 15 sèntimèter.