Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 24

Njenengan Isa Bébas saka Jeraté Iblis

Njenengan Isa Bébas saka Jeraté Iblis

’Wong-wong kuwi bébas saka jeraté Iblis.’​—2 TIM. 2:26.

LAGU 36 Ayo Terus Njaga Ati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa Sétan isa dipadhakké kaya pemburu?

PEMBURU mesthi péngin nangkep utawa matèni kéwan buruané. Kaya sing diomongké kancané Ayub, pemburu isa nggunakké macem-macem jerat utawa perangkap. (Ayb. 18:8-10) Ning sakdurungé masang jerat, pemburu kuwi bakal nggatèkké sik kéwan buruané. Misalé, dhèwèké bakal nggatèkké kéwan kuwi biasané ing endi, senengé mangan apa, lan jerat apa sing pas kanggo kéwan kuwi. Kaya pemburu kuwi, Sétan ya nggatèkké awaké dhéwé. Misalé, Sétan nggatèkké kebiasaané awaké dhéwé lan apa sing awaké dhéwé senengi. Terus, dhèwèké bakal masang jerat. Nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé bakal kena jerat kuwi. Ning senajan wis kena jeraté Sétan, Alkitab kandha nèk awaké dhéwé isa bébas. Tapi ora mung kuwi, Alkitab ya nduduhké carané bèn awaké dhéwé ora kena jeraté Sétan.

Loro cara sing wis berhasil digunakké Sétan kanggo njerat manungsa kuwi sipat sombong lan srakah (Deloken paragraf 2) *

2. Loro cara apa sing wis berhasil digunakké Sétan kanggo njerat manungsa?

2 Loro cara sing wis berhasil digunakké Sétan kanggo njerat manungsa kuwi sipat sombong lan srakah. * Nganti éwonan taun, Sétan wis berhasil nggawé wong-wong dadi sombong lan srakah. Sétan kuwi kaya wong sing nggunakké jebakan bèn isa nangkep manuk. (Mzm. 91:3) Ning, Yéhuwah wis ngandhani awaké dhéwé siasat-siasaté Sétan. (2 Kor. 2:11) Dadi, sakjané awaké dhéwé isa ngupaya bèn ora kena jeraté Sétan.

Awaké dhéwé isa sinau saka kisah-kisah ing Alkitab, lan hasilé awaké dhéwé ora bakal kena utawa isa bébas saka jeraté Sétan (Deloken paragraf 3) *

3. Kenapa Yéhuwah ngatur bèn kisahé wong-wong sing dadi sombong lan srakah ditulis ing Alkitab?

3 Ing Alkitab, ana kisahé wong-wong sing dadi sombong lan srakah. Saka kisah-kisah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk wong sing wis cedhak karo Yéhuwah tetep isa kena jeraté Sétan. Ning, apa iki nduduhké nèk awaké dhéwé mesthi bakal dadi wong sing sombong lan srakah? Ora. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé dadi sombong lan srakah. Mula, Yéhuwah ngatur bèn kisah-kisah kuwi dicathet ing Alkitab ”kanggo ngélikké awaké dhéwé”. (1 Kor. 10:11) Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé isa sinau saka kisah-kisah kuwi, lan hasilé awaké dhéwé ora bakal kena utawa isa bébas saka jeraté Sétan.

SÉTAN NGGAWÉ WONG-WONG DADI SOMBONG

Deloken paragraf 4

4. Apa akibaté nèk awaké dhéwé dadi sombong?

4 Sétan péngin awaké dhéwé dadi sombong. Sétan ngerti nèk awaké dhéwé sombong, awaké dhéwé bakal dadi kaya dhèwèké lan akhiré ora isa urip saklawasé. (WB. 16:18) Rasul Paulus tau kandha nèk wong isa ”dadi sombong” lan akhiré ”nampa hukuman kaya hukuman sing ditampa Iblis”. (1 Tim. 3:6, 7) Ora soal wis suwé utawa lagi waé nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa dadi sombong. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati.

5. Kaya sing dicathet ing Pengkhotbah 7:16, 20, wong sing sombong bakal piyé?

5 Wong sing sombong kuwi senengé ngutamakké kepentingané dhéwé. Sétan péngin bèn awaké dhéwé mung mikirké kepentingané dhéwé lan ora mikirké Yéhuwah, khususé nèk lagi ngadhepi masalah. Misalé, mungkin ana sing tau ngomongké sing ora bener soal njenengan utawa nggawé njenengan tersinggung. Pas kuwi kelakon, Sétan seneng nèk njenengan nyalahké Yéhuwah utawa sedulur-sedulur ing jemaat. Sétan ya péngin bèn njenengan nggunakké carané njenengan dhéwé kanggo ngrampungké masalah lan ora manut karo naséhaté Yéhuwah.​—Wacanen Pengkhotbah 7:16, 20.

6. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané sedulur wédok saka Belanda?

6 Gatèkna pengalamané sedulur wédok saka Belanda sing jèngkèl merga kesalahané sedulur-sedulur liya. Saking jèngkèlé, dhèwèké nganti ora gelem bergaul manèh karo sedulur-sedulur kuwi. Dhèwèké kandha, ”Aku dadi kesepian merga ora nduwé kanca, lan aku ya terus-terusan jèngkèl karo sedulur-sedulur kuwi. Mula, aku ngejak bojoku pindhah ing jemaat liya waé.” Terus, sedulur wédok kuwi nonton acara JW Broadcasting® sasi Maret 2016. Ing acara kuwi, ana saran-saran sing isa ditrapké nèk awaké dhéwé lagi jèngkèl karo sedulur liya. Sedulur wédok kuwi kandha, ”Aku sadhar nèk aku ora perlu nyalahké sedulur-sedulur ing jemaat. Aku ya ngerti nèk kudu rendah hati lan ngakoni nèk aku dhéwé ya isa salah. Saka acara kuwi, aku dadi ngerti nèk aku kudu mikirké Yéhuwah lan manut karo naséhaté.” Dadi, apa pelajarané? Wektu lagi ngadhepi masalah, njenengan kudu terus mikirké Yéhuwah. Njenengan kudu ndonga bèn isa nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah soal sedulur-sedulur. Yéhuwah ngerti nèk sedulur-sedulur isa nggawé kesalahan, ning Yéhuwah gelem ngapura. Yéhuwah péngin njenengan ya kaya ngono.​—1 Yoh. 4:20.

Deloken paragraf 7

7. Critakna kisahé Raja Uzzia sing dadi sombong.

7 Merga sombong, Raja Uzzia saka Yéhuda dadi lancang lan ora gelem dinaséhati. Sakjané, Uzzia kuwi raja sing hébat. Misalé, dhèwèké bola-bali menang perang, mbangun akèh kutha, lan nduwé kebon sing akèh. Alkitab kandha, ”Gusti Allah sing bener nggawé dhèwèké makmur.” (2 Bb. 26:3-7, 10) Ning, Alkitab ya kandha nèk ”sakwisé dhèwèké dadi kuwat, dhèwèké dadi sombong”. Yéhuwah wis mréntahké nèk mung para imam sing éntuk mbakar dupa ing bait. Ning merga lancang, Raja Uzzia mlebu ing bait kanggo mbakar dupa ing kono. Kuwi nggawé Yéhuwah ora seneng. Akibaté, Raja Uzzia kena kusta merga dihukum Yéhuwah, lan kustané kuwi ora mari-mari nganti dhèwèké mati.​—2 Bb. 26:16-21.

8. Nurut 1 Korintus 4:6, 7, piyé bèn awaké dhéwé ora dadi sombong?

8 Apa awaké dhéwé ya isa dadi sombong lan akhiré nggawé dosa kaya Raja Uzzia? Gatèkna pengalamané José. Dhèwèké kuwi pengusaha sing suksès lan mbiyèn nglayani dadi pinituwa ing jemaat. Dhèwèké kerep nyampèkké ceramah ing pertemuan-pertemuan wilayah, lan pinituwa wilayah ya kerep njaluk saran karo dhèwèké. José kandha, ”Aku ora ngendelké Yéhuwah, lan malah ngendelké kepinteran lan pengalamanku dhéwé. Merga ngrasa wis kuwat, aku ora manut karo naséhaté Yéhuwah.” José nggawé dosa lan akhiré ditokké saka jemaat. Beberapa taun sing lalu, José mbalik manèh ing jemaat. José crita, ”Yéhuwah nduduhké nèk sing paling penting kuwi manut karo Yéhuwah, dudu tugas-tugas ing jemaat.” Awaké dhéwé kudu éling nèk ketrampilan lan tugas-tugas ing jemaat kuwi asalé saka Yéhuwah. (Wacanen 1 Korintus 4:6, 7.) Nèk awaké dhéwé sombong, Yéhuwah ora bakal gelem nggunakké awaké dhéwé.

SÉTAN NGGAWÉ WONG-WONG DADI SRAKAH

Deloken paragraf 9

9. Merga srakah, Sétan lan Hawa nggawé kesalahan apa?

9 Nèk ngomongké soal sipat srakah, awaké dhéwé mesthi langsung kèlingan karo Sétan si Iblis. Merga dadi malaékaté Yéhuwah, mbiyèn Sétan mesthi nduwé akèh tugas sing penting. Ning, dhèwèké ora puas lan péngin disembah. Padahal, mung Yéhuwah sing kuduné disembah. Sétan péngin awaké dhéwé dadi kaya dhèwèké. Mula, Sétan péngin nggawé awaké dhéwé ora puas karo apa sing wis diduwèni. Manungsa pertama sing dadi sasarané Sétan kuwi Hawa. Yéhuwah wis nyedhiakké akèh panganan kanggo Adam lan Hawa. Yéhuwah kandha nèk ”buah saka saben wit” ing Taman Èden éntuk dipangan, lan mung siji sing ora éntuk dipangan. (PD. 2:16) Ning, Sétan ngapusi Hawa lan nggawé Hawa mikir nèk dhèwèké kudu mangan buah saka wit sing dilarang kuwi. Hawa ora puas karo apa sing wis diwènèhké Yéhuwah. Akibaté, Hawa nggawé dosa lan akhiré mati.​—PD. 3:6, 19.

Deloken paragraf 10

10. Merga srakah, Raja Daud nggawé kesalahan apa?

10 Ana akèh sing wis diwènèhké Yéhuwah kanggo Daud. Yéhuwah wis nggawé Daud dadi raja, nduwé bandha sing akèh, lan menang perang. Daud bener-bener bersyukur karo Yéhuwah lan kandha nèk kabèh sing diwènèhké Yéhuwah kuwi ”terlalu akèh kanggo dicritakké”. (Mzm. 40:5) Ning, sakwisé kuwi, Daud dadi srakah lan ora puas karo apa sing wis diwènèhké Yéhuwah kanggo dhèwèké. Senajan bojoné wis akèh, ning Daud péngin hubungan sèks karo Bat-syéba, bojoné Uria wong Hèt. Padahal, Yéhuwah wis kandha nèk wong Israèl ora éntuk hubungan sèks karo bojoné wong liya. Kepénginané Daud kuwi kelakon, lan akhiré Bat-syéba hamil. Ning sakwisé kuwi, Daud nggawé kesalahan sing luwih gedhé manèh. Daud nggawé siasat bèn Uria dipatèni. (2 Sam. 11:2-15) Awaké dhéwé mesthi nggumun sakjané sing dipikirké Daud kuwi apa. Apa dhèwèké mikir nèk Yéhuwah ora ngerti pas dhèwèké nggawé dosa? Senajan wis setya nglayani nganti suwé, Daud dadi srakah lan akhiré uripé dadi sengsara. Tapi, Daud ngakoni kesalahané lan mertobat. Daud mesthi seneng banget merga Yéhuwah gelem ngapura dhèwèké.​—2 Sam. 12:7-13.

11. Nurut Éfésus 5:3, 4, piyé carané bèn awaké dhéwé ora dadi wong sing srakah?

11 Apa sing isa dipelajari saka kisahé Daud? Bèn ora srakah, awaké dhéwé kudu terus bersyukur karo Yéhuwah. (Wacanen Éfésus 5:3, 4.) Terus, awaké dhéwé ya kudu puas karo sing diduwèni. Pas mulang Alkitab, awaké dhéwé mungkin ngandhani sing sinau bèn mikirké siji berkah sing wis ditampa, lan ngongkon dhèwèké bersyukur karo Yéhuwah soal kuwi. Nèk ana siji sing didongakké saben dina, kuwi artiné wis ana pitu berkahé Yéhuwah sing disyukuri saben minggu. (1 Tés. 5:18) Apa njenengan ya kaya ngono? Nèk njenengan ngrenungké berkah-berkah sing wis njenengan tampa, njenengan bakal bersyukur karo Yéhuwah. Nèk wis bersyukur, njenengan bakal puas karo apa sing diduwèni. Terus nèk wis puas, njenengan ora bakal dadi wong sing srakah.

Deloken paragraf 12

12. Merga srakah, Yudas Iskariot nggawé kesalahan apa?

12 Merga srakah, Yudas Iskariot dadi wong sing jahat lan akhiré ngianati Yésus. Ning, mauné Yudas kuwi ora kaya ngono. (Luk. 6:13, 16) Yésus wis milih Yudas dadi salah siji rasulé. Yésus percaya karo Yudas merga dhèwèké ditugasi ngurus kothak dhuwité murid-murid. Dhuwit sing ana ing kothak kuwi kuduné dienggo nyukupi kebutuhané Yésus lan para rasul saksuwéné nginjil. Nèk jaman saiki, kuwi dipadhakké kaya dhuwit sumbangané sedulur-sedulur kanggo ndhukung gawéan nginjil. Ning suwé-suwé, Yudas mulai nyolong dhuwit saka kothak kuwi. Padahal, Yésus wis bola bali ngandhani wong-wong bèn aja dadi wong sing srakah. (Mrk. 7:22, 23; Luk. 11:39; 12:15) Ning, Yudas ora ngrungokké omongané Yésus.

13. Peristiwa apa sing nduduhké nèk Yudas wis dadi wong sing srakah?

13 Pirang-pirang dina sakdurungé Yésus dihukum mati, kétok cetha nèk Yudas wis dadi wong sing srakah. Wektu kuwi, Yésus lan murid-muridé, termasuk Maria lan seduluré yaiku Marta, diundang mangan ing omahé Simon sing tau lara kusta. Pas lagi mangan, Maria marani Yésus lan ngesokké minyak wangi sing regané larang banget ing sirahé Yésus. Wektu ndelok kuwi, murid-murid sing liyané dadi nesu. Murid-murid kuwi mikir nèk minyak kuwi diedol, dhuwité isa diwènèhké wong sing mbutuhké. Yudas ya nesu, ning alesané béda. Yudas nesu merga ”dhèwèké kuwi maling” lan péngin nyolong dhuwit saka kothak dhuwité murid-murid. Terus merga srakah, Yudas akhiré ya ngianati Yésus bèn isa éntuk dhuwit.​—Yoh. 12:2-6; Mat. 26:6-16; Luk. 22:3-6.

14. Critakna pengalamané suami istri sing ngetrapké naséhat ing Lukas 16:13.

14 Yésus tau ngandhani para pengikuté, ”Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.” (Wacanen Lukas 16:13.) Omongané Yésus iki pancèn bener. Gatèkna pengalamané suami istri saka Rumania sing manut karo omongané Yésus kuwi. Suami istri kuwi ditawani gawéan ing luar negri sing gajiné akèh. Suami istri kuwi kandha, ”Merga utangku akèh ing bank, awalé aku karo bojoku mikir nèk gawéan iki berkah saka Yéhuwah.” Pancèn, gawéan kuwi mung sementara. Ning, nèk suami istri kuwi nampa gawéan kuwi, sakjané ana bahayané. Suami istri kuwi ora bakal nduwé wektu kanggo nglayani Yéhuwah. Sakwisé maca artikel ing Menara Pengawal 15 Agustus 2008 sing judhulé ”Pertahankan Loyalitas dengan Kebulatan Hati”, suami istri kuwi isa nggawé keputusan sing apik. Suami istri kuwi crita, ”Nèk aku kerja ing luar negri merga péngin éntuk dhuwit luwih akèh, aku ora isa bébas ngibadah lan bakal ngorbanké hubunganku karo Yéhuwah.” Akhiré, tawaran gawéan kuwi ditolak. Suami istri kuwi ya ora perlu pindhah ing luar negri, merga sing lanang éntuk gawéan sing isa nyukupi kebutuhan keluargané. Sing wédok kandha, ”Yéhuwah selalu mbantu aku lan bojoku.” Suami istri kuwi seneng merga luwih milih nglayani Yéhuwah timbang dadi budhaké Harta.

AJA NGANTI KENA JERATÉ SÉTAN

15. Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk isa bébas saka jeraté Sétan?

15 Mungkin awaké dhéwé ngrasa nèk saiki wis dadi wong sing sombong utawa srakah. Ning, awaké dhéwé ora perlu kuwatir. Paulus kandha nèk wong sing wis kena ”jeraté Iblis” isa bébas. (2 Tim. 2:26) Daud ya kaya ngono. Dhèwèké ngrungokké naséhaté Natan, terus mertobat, lan akhiré nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah. Élinga nèk Yéhuwah kuwi luwih kuwat timbang Sétan. Dadi nèk gelem dibantu karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa bébas saka jeraté Sétan.

16. Piyé bèn awaké dhéwé ora kena jeraté Sétan?

16 Awaké dhéwé mesthi seneng nèk nganti saiki durung tau kena jeraté Sétan. Kuwi isa kelakon merga bantuané Gusti Allah. Ning, aja dadi terlalu percaya dhiri lan nganggep nèk awaké dhéwé ora bakal kena jeraté Sétan. Wong-wong sing wis suwé nglayani Yéhuwah waé isa dadi sombong utawa srakah. Mula, awaké dhéwé perlu ndonga saben dina bèn Yéhuwah nduduhké apa awaké dhéwé wis dadi wong sing sombong utawa srakah. (Mzm. 139:23, 24) Awaké dhéwé kudu terus berjuang bèn ora kena jeraté Sétan.

17. Ora suwé manèh, apa sing bakal dialami Sétan?

17 Sétan kuwi kaya pemburu sing wis pengalaman éwonan taun. Tapi ora suwé manèh, dhèwèké bakal disingkirké. (Why. 20:1-3, 10) Awaké dhéwé mesthi péngin kuwi ndang kelakon. Ning sakdurungé Sétan disingkirké, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn aja nganti dadi wong sing sombong utawa srakah. Awaké dhéwé kudu nduwé tékad sing kuwat kanggo ”nglawan Iblis, lan dhèwèké bakal mlayu saka [awaké dhéwé]”.​—Yak. 4:7.

LAGU 127 Kudu Dadi Wong sing Kaya Apa

^ par. 5 Ora soal awaké dhéwé wis suwé utawa lagi waé nglayani Yéhuwah, Sétan péngin bèn awaké dhéwé ora cedhak manèh karo Yéhuwah. Kaya pemburu sing ahli sing nggunakké jerat kanggo nangkep kéwan buruané, Sétan ya nggunakké akèh cara bèn awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah manèh. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug loro cara sing digunakké Sétan, yaiku sipat sombong lan srakah. Awaké dhéwé ya bakal sinau saka contoné wong-wong sing wis dadi sombong lan srakah lan piyé carané bèn awaké dhéwé ora dadi wong sing kaya ngono.

^ par. 2 KATRANGAN: Ing artikel iki, wong sing sombong kuwi maksudé wong sing ngrasa luwih hébat timbang liyané. Terus, wong sing srakah kuwi maksudé wong sing ora ngrasa puas lan péngin nduwé luwih akèh dhuwit, wewenang, lan liya-liyané. Wong sing péngin nindakké hubungan sèks sing ora pantes ya isa disebut wong sing srakah.

^ par. 53 GAMBAR: Merga sombong, sedulur lanang iki ora gelem dinaséhati. Sedulur wédok sing ora puas karo apa sing diduwèni.

^ par. 55 GAMBAR: Sétan lan Raja Uzzia dadi sombong. Wong-wong sing nggawé kesalahan merga srakah: Hawa mangan buah saka wit sing dilarang Gusti Allah, Daud hubungan sèks karo Bat-syéba, lan Yudas nyolong dhuwit.