Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 26

Apa Njenengan Gelem Mbantu Wong Liya Dadi Muridé Yésus?

Apa Njenengan Gelem Mbantu Wong Liya Dadi Muridé Yésus?

”Gusti Allah . . . mènèhi kowé kepénginan lan kekuwatan.”​—FLP. 2:13.

LAGU 64 Bungah Merga Mèlu Nginjil

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa njenengan isa dadi muridé Yésus?

APA njenengan kèlingan piyé critané njenengan isa dadi Seksi Yéhuwah? Njenengan mungkin ngerti kabar apik saka wong tuwa utawa kancané njenengan, utawa saka Seksi Yéhuwah sing nginjil ing omahé njenengan. (Mrk. 13:10) Sakwisé kuwi, ana sing mbantu njenengan sinau Alkitab. Pas sinau Alkitab, njenengan dadi sayang karo Yéhuwah lan ngerti nèk Yéhuwah sayang karo njenengan. Yéhuwah wis narik njenengan bèn dadi muridé Yésus. Merga dadi muridé Yésus, njenengan isa nduwé harapan kanggo urip saklawasé. (Yoh. 6:44) Njenengan mesthi seneng merga Yéhuwah wis ngatur bèn ana sing mbantu njenengan sinau Alkitab lan akhiré njenengan isa dadi umaté Yéhuwah.

2. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Merga wis dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi ya péngin mbantu wong liya bèn dadi umaté Yéhuwah. Ning, ana sing ngrasa nèk ngejak lan mbantu wong liya sinau Alkitab kuwi luwih angèl timbang nginjil ing omah-omah. Apa njenengan ngrasa kaya ngono? Nèk iya, sing dirembug ing artikel iki bakal bermanfaat kanggo njenengan. Awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa awaké dhéwé gelem mbantu wong sinau Alkitab. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané ngatasi tantangan wektu mbantu wong liya sinau Alkitab. Saiki, ayo ngrembug sik kenapa umaté Yéhuwah ora mung kudu nginjil thok, ning ya mulang wong liya.

YÉSUS NGONGKON NGINJIL LAN MULANG

3. Kenapa awaké dhéwé kudu nginjil?

3 Pas ing bumi, Yésus mènèhi murid-muridé tugas sing penting. Yésus ngongkon murid-muridé nginjil bèn isa ngandhani wong liya kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Yésus ya nduduhké karo murid-muridé piyé carané nginjil. (Mat. 10:7; Luk. 8:1) Misalé, Yésus ngandhani piyé carané nanggepi nèk ketemu karo wong sing gelem nampa utawa wong sing ora gelem ngrungokké. (Luk. 9:2-5) Yésus ya ngramalké nèk murid-muridé bakal nginjil nganti tekan ”kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu”. (Mat. 24:14; Kis. 1:8) Dadi, ora soal piyé tanggepané wong-wong, murid-muridé Yésus bakal terus ngandhani wong liya soal Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bakal kelakon nèk Kerajaan kuwi mréntah.

4. Nurut Matius 28:18-20, sakliyané nginjil, awaké dhéwé nduwé tugas apa manèh?

4 Sakliyané nginjil, Yésus ya mènèhi tugas penting liyané. Yésus ngongkon murid-muridé mulang wong-wong bèn manut karo préntahé Yésus. Mungkin ana sing mikir nèk tugas nginjil lan mulang kuwi mung kanggo murid-muridé Yésus ing jaman mbiyèn thok. Ning, sakjané ora ngono. Yésus ngandhani nèk gawéan nginjil lan mulang bakal terus kelakon nganti ”akhir jaman”. (Wacanen Matius 28:18-20.) Yésus kétoké mènèhi tugas kuwi pas dhèwèké nemoni luwih saka 500 muridé. (1 Kor. 15:6) Saka wahyu sing ditampa Yohanes, Yésus ya nduduhké nèk dhèwèké péngin kabèh muridé mbantu wong liya bèn kenal karo Yéhuwah. (Why. 22:17) Dadi, awaké dhéwé saiki ya kudu nginjil lan mbantu wong liya bèn dadi muridé Yésus.

5. Nurut 1 Korintus 3:6-9, gawéan nginjil lan mulang kuwi dipadhakké kaya apa?

5 Rasul Paulus madhakké gawéan nginjil lan mulang kaya wong sing kerja ing ladhang. Dhèwèké kandha, ”Aku sing nandur, Apolos sing nyirami . . . Kowé kuwi ladhang sing digarap Gusti Allah.” (Wacanen 1 Korintus 3:6-9.) Wong sing nyambut gawé ing ladhang mesthiné ora mung nandur thok, ning ya nyirami tandurané. Merga awaké dhéwé nyambut gawé ing ’ladhangé Gusti Allah’, awaké dhéwé ora mung nginjil thok, ning ya mbantu wong liya sinau Alkitab. (Yoh. 4:35) Tapi, awaké dhéwé ngerti nèk kuwi kabèh isa berhasil merga bantuané Gusti Allah.

6. Bèn sing sinau Alkitab isa dadi muridé Yésus, awaké dhéwé kudu mbantu dhèwèké bèn apa?

6 Sing awaké dhéwé golèki kuwi ”wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé”. (Kis. 13:48) Bèn wong-wong sing kaya ngono kuwi isa dadi muridé Yésus, awaké dhéwé kudu mbantu dhèwèké bèn (1) ngerti, (2) percaya, lan (3) ngetrapké kabèh sing wis dipelajari saka Alkitab. (Yoh. 17:3; Kol. 2:6, 7; 1 Tés. 2:13) Sedulur-sedulur ing jemaat ya isa ndhukung nèk nyambut lan nggawé sing sinau Alkitab ngrasa nyaman wektu teka ing perhimpunan. (Yoh. 13:35) Sedulur sing mulang Alkitab ya kudu mbantu sing sinau bèn isa ”ngrubuhké apa waé sing kuwat kaya bèntèng”, yaiku kebiasaan lan ajaran sing ora cocog karo Alkitab. (2 Kor. 10:4, 5) Sedulur kuwi ya kudu mbantu sing sinau nganti isa dibaptis. Kuwi mungkin butuh wektu nganti berbulan-bulan. Tapi, kuwi kabèh akèh manfaaté.

MULANG ALKITAB MERGA SAYANG KARO YÉHUWAH LAN WONG LIYA

7. Kenapa awaké dhéwé gelem nginjil lan mulang wong liya bèn dadi muridé Yésus?

7 Kenapa kok awaké dhéwé gelem nginjil lan mulang wong liya bèn dadi muridé Yésus? Pertama, merga awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah. Ing Alkitab disebutké nèk wong sing sayang karo Yéhuwah kuwi manut karo préntah-préntahé. Dadi, nèk awaké dhéwé manut préntahé Yéhuwah kanggo nginjil lan mulang, kuwi berarti awaké dhéwé sayang karo Dhèwèké. (1 Yoh. 5:3) Coba pikirna iki: Pas pertama kali nginjil, njenengan mungkin ngrasa wedi. Ning, merga sayang karo Yéhuwah lan péngin manut karo préntahé Yésus, njenengan tetep nginjil. Merga kerep nginjil, suwé-suwé njenengan dadi trampil. Mungkin njenengan saiki ya ngrasa ragu-ragu ngejak sing dikabari sinau Alkitab. Nèk ngrasa kaya ngono, njenengan isa ndonga. Nèk wis ndonga, Yéhuwah bakal mbantu njenengan bèn ora ragu-ragu manèh.

8. Nurut Markus 6:34, kenapa awaké dhéwé gelem mbantu wong liya sinau Alkitab?

8 Keloro, awaké dhéwé gelem nginjil lan mbantu wong liya sinau Alkitab merga sayang karo wong liya. Gatèkna contoné Yésus. Pas Yésus lan murid-muridé kesel merga bar nginjil, ana wong akèh sing teka marani Yésus. Yésus mesakké karo wong-wong kuwi, terus mulai ”mulangké apa sing bener” karo wong-wong kuwi. (Wacanen Markus 6:34.) Kenapa kok Yésus gelem mulang wong-wong kuwi padahal dhèwèké wis kesel lan péngin istirahat? Yésus mikirké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi susah lan butuh dibantu, mulané Yésus gelem mbantu wong-wong kuwi. Saiki ya kaya ngono. Wong-wong saiki kétoké bahagia lan ora mbutuhké tuntunané Gusti Allah. Tapi sakjané, wong-wong kuwi kaya domba tanpa gembala sing kesasar lan ora nduwé tujuan. Paulus ngomong nèk wong-wong kaya ngono kuwi ora kenal Gusti Allah lan ora nduwé harapan. (Éf . 2:12) Malah, wong-wong kuwi sakjané ana ing ’dalan sing jembar [sing] ngarah ing kematian’. (Mat. 7:13) Nèk mikirké keadaané wong-wong kuwi, awaké dhéwé mesthi dadi péngin mbantu wong liya bèn kenal Yéhuwah. Mula, cara sing paling apik kanggo mbantu wong-wong kuwi yaiku ngejaki sinau Alkitab.

9. Nurut Filipi 2:13, piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn ora ragu-ragu ngejaki wong liya sinau Alkitab?

9 Mbantu wong liya sinau Alkitab kuwi butuh wektu, termasuk kanggo persiapan sakdurungé. Mungkin merga kuwi, njenengan dadi ragu-ragu nèk arep ngejaki wong sing wis dikabari sinau Alkitab. Nèk njenengan ngrasa kaya ngono, njenengan isa ndonga karo Yéhuwah. Njaluka karo Yéhuwah kepénginan kanggo mbantu wong liya sinau Alkitab. (Wacanen Filipi 2:13.) Rasul Yohanes kandha nèk Gusti Allah bakal njawab donga-donga sing sesuai karo karepé Gusti Allah. (1 Yoh. 5:14, 15) Dadi, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhi njenengan kepénginan kanggo mbantu wong liya sinau Alkitab.

NGATASI TANTANGANÉ

10-11. Apa salah siji tantangané nèk arep mbantu wong liya sinau Alkitab?

10 Mbantu wong liya sinau Alkitab kuwi pancèn tugas sing penting. Ning, mungkin kuwi ora gampang. Saiki, ayo dirembug apa waé tantangané lan piyé cara ngatasiné.

11 Keadaan sing kurang mendukung. Misalé, ana sedulur-sedulur sing wis tuwa utawa lara. Nèk kuwi sing njenengan alami, coba éling-éling manèh sing kelakon pas ana wabah virus COVID-19. Akèh sedulur sing isa mbantu wong liya sinau Alkitab liwat HP. Njenengan ya isa nyoba cara kuwi, lan mesthiné kuwi luwih gampang merga njenengan ora perlu metu-metu saka omah. Apa manèh manfaat liyané? Mungkin, ana wong-wong sing gelem sinau Alkitab, tapi wektuné ora cocog karo awaké dhéwé. Wong kuwi mungkin isané ésuk-ésuk banget utawa malah bengi. Nèk liwat HP, sinauné isa kapan waé pas dhèwèké isa. Nèk wongé isané ésuk-ésuk utawa bengi, apa njenengan gelem mbantu dhèwèké sinau Alkitab nganggo HP? Mbiyèn, Yésus ya tau mulang Nikodémus pas bengi, merga Nikodémus njaluké ngono.​—Yoh. 3:1, 2.

12. Nèk ngrasa kurang percaya diri, njenengan kudu piyé?

12 Ngrasa kurang percaya diri. Mungkin, awaké dhéwé ngrasa nèk awaké dhéwé dudu wong sing pinter utawa trampil mulang Alkitab. Piyé nèk njenengan ngrasa kaya ngono? Coba pikirna iki bèn njenengan luwih percaya diri. Sing pertama, Yéhuwah yakin nèk njenengan isa mulang wong liya. (2 Kor. 3:5) Keloro, Yésus sing diwènèhi ”wewenang ing swarga lan ing bumi” ngongkon awaké dhéwé bèn mbantu wong liya sinau Alkitab. (Mat. 28:18) Sing ketelu, njenengan isa njaluk bantuané Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Kaya Yéhuwah wis mbantu Yésus bèn ngerti apa sing kudu diomongké, Yéhuwah ya bakal mbantu njenengan. (Yoh. 8:28; 12:49) Njenengan ya isa takon karo pengawas KDL utawa penginjil lan perintis sing wis pengalaman soal carané ngejaki wong sinau Alkitab lan carané bèn trampil mulang. Sakliyané kuwi, njenengan isa ngancani sedulur liya wektu mulang Alkitab.

13. Meskipun cara mulang sing anyar mungkin ora gampang, ning apa hasilé nèk awaké dhéwé ora nyerah?

13 Ngrasa kangèlan mulang nganggo cara lan buku sing anyar. Saiki, carané awaké dhéwé mulang kuwi berubah. Terus, buku sing dienggo ya béda. Saiki, awaké dhéwé mulang nganggo buku Bahagia Saklawasé. Nèk nggunakké buku kuwi, awaké dhéwé kudu persiapan dhisik merga paragraf sing diwaca mung sithik lan awaké dhéwé ya kudu akèh diskusi karo sing sinau. Terus, ing buku kuwi ya ana akèh bahan-bahan liyané sing kudu dibahas, misalé vidéo utawa artikel-artikel sing ana ing jw.org lan JW Library®. Nèk ora ngerti carané mbukak bahan-bahan kuwi, njenengan isa takon karo sedulur sing isa mbantu njenengan. Pancèn, bèn isa terbiasa mulang nganggo cara sing anyar kuwi ora gampang. Tapi awaké dhéwé aja nyerah. Yéhuwah lan sedulur-sedulur siap mbantu awaké dhéwé. Nèk ora nyerah, suwé-suwé awaké dhéwé isa trampil mulang nganggo buku sing anyar kuwi. Malah, ana perintis sing kandha nèk cara mulang sing anyar iki ”luwih nyenengké kanggo sing mulang lan sing sinau”.

14. Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk isih ana sing gelem sinau Alkitab, lan piyé 1 Korintus 3:6, 7 isa nyemangati awaké dhéwé?

14 Wong-wong sing dikabari ora gelem sinau Alkitab. Wong-wong sing dikabari mungkin ora gelem ngrungokké kabar apik sing awaké dhéwé sampèkké utawa malah ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé kudu tetep yakin nèk isih ana wong sing gelem sinau Alkitab. Apa sebabé? Situasiné wong-wong kuwi isa berubah. Wong-wong sing awalé ora minat mungkin isa dadi sadhar nèk butuh tuntunané Gusti Allah. (Mat. 5:3) Ana wong-wong sing mbiyèn ora gelem nampa bacaané awaké dhéwé, tapi akhiré gelem sinau Alkitab. Awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah kuwi Sing Nduwé panènan. (Mat. 9:38) Dadi, tugasé awaké dhéwé kuwi mung nginjil lan mbantu wong liya sinau Alkitab. Mengko, sing narik wong-wong bèn dadi muridé Yésus kuwi Yéhuwah. (1 Kor. 3:6, 7) Terus, piyé nèk saiki durung ana sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé? Awaké dhéwé ora perlu sedhih merga sing digatèkké Yéhuwah kuwi ora mung hasilé, ning ya upayané awaké dhéwé. Nèk awaké dhéwé wis berusaha mbantu wong liya, Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé. *

BAHAGIA MERGA MÈLU MBANTU SINAU ALKITAB

Gatèkna apa manfaaté sinau Alkitab (Deloken paragraf 15-17) *

15. Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing gelem sinau Alkitab lan ngetrapké sing wis dipelajari?

15 Yéhuwah mesthi seneng banget nèk ana sing gelem sinau Alkitab, ngetrapké sing wis dipelajari, lan nyritakké kuwi karo wong liya. (WB. 23:15, 16) Yéhuwah ya seneng merga ndelok umaté sing terus semangat nginjil lan mbantu wong liya sinau Alkitab. Misalé, meskipun ana wabah penyakit corona, ana 7.705.765 pelajaran Alkitab pas taun dinas 2020, lan ana 241.994 sing dibaptis. Murid-muridé Yésus sing lagi waé dibaptis kuwi akhiré ya bakal mulang Alkitab lan mbantu wong liyané manèh bèn dadi muridé Yésus. (Luk. 6:40) Dadi, Yéhuwah mesthi ya seneng banget nèk awaké dhéwé mbantu wong liya dadi muridé Yésus.

16. Awaké dhéwé isa ngupaya bèn apa?

16 Mbantu wong sinau Alkitab kuwi pancèn ora gampang. Ning merga bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa mèlu mbantu wong liya bèn sayang karo Yéhuwah. Apa awaké dhéwé gelem ngupaya bèn paling ora ana siji sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé? Piyé carané? Saben nginjil, awaké dhéwé isa ngejaki wong sing dikabari kanggo sinau Alkitab. Nèk wis kaya ngono, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi, lan isa waé ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé.

17. Piyé perasaané awaké dhéwé nèk isa mbantu wong liya sinau Alkitab?

17 Awaké dhéwé mesthi seneng merga éntuk tugas sing istiméwa yaiku nginjil lan mulang Alkitab. Mbiyèn, Rasul Paulus wis mbantu akèh wong ing Tésalonika dadi muridé Yésus. Dhèwèké ngomong, ”Sapa sing bakal dadi harapanku, mahkotaku, lan sing nggawé aku seneng? Ya mung kowé, ta? Kowé sing nggawé aku bangga lan seneng.” (1 Tés. 2:19, 20; Kis. 17:1-4) Sedulur wédok sing jenengé Stéphanie ya nduwé perasaan sing padha kaya Rasul Paulus. Dhèwèké karo bojoné wis mbantu akèh wong bèn isa dibaptis. Sedulur Stéphanie ngomong, ”Mbantu wong bèn dadi umaté Yéhuwah kuwi bener-bener nggawé aku bahagia.” Awaké dhéwé ya isa kaya ngono. Nèk terus ngupaya mbantu wong liya sinau Alkitab, awaké dhéwé ya bakal bahagia.

LAGU 57 Martakké marang Kabèh sing Ditemoni

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga Yéhuwah wis mènèhi tugas kanggo nginjil lan mulang wong liya. Tapi, kenapa awaké dhéwé gelem mbantu wong liya dadi muridé Yésus? Apa waé tantangané? Terus, piyé carané ngatasi tantangan-tantangan kuwi? Awaké dhéwé bakal ngrembug pertanyaan-pertanyaan kuwi ing artikel iki.

^ par. 14 Senajan durung ana sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé, awaké dhéwé tetep isa mbantu wong sing sinau Alkitab bèn gelem dibaptis. Bèn ngerti piyé carané, deloken artikel ”Mbantu sing Sinau Alkitab Bèn Gelem Dibaptis” ing Warta Penting Maret 2021.

^ par. 53 GAMBAR: Gatèkna apa manfaaté sinau Alkitab. Awalé, wong iki uripé ora nduwé tujuan merga ora kenal karo Yéhuwah. Terus, ana Seksi Yéhuwah sing nginjil ing omahé, lan dhèwèké gelem sinau Alkitab. Merga sinau Alkitab, dhèwèké gelem nglayani Yéhuwah lan akhiré dibaptis. Terus, dhèwèké ya gelem mbantu wong liya dadi muridé Yésus. Akhiré, dhèwèké, sedulur sing mbantu dhèwèké sinau Alkitab, lan wong sing dhèwèké bantu sinau Alkitab kabèh urip ing Firdaus.