Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 29

Puas Merga Mènèhi sing Paling Apik kanggo Yéhuwah

Puas Merga Mènèhi sing Paling Apik kanggo Yéhuwah

”Saben wong kudu . . . bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.”​—GAL. 6:4.

LAGU 34 Ngabdi Setya-Tuhu

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa Yéhuwah ora mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya?

YÉHUWAH ora seneng nèk kabèh kuwi padha. Buktiné, ana macem-macem tanduran lan kéwan sing diciptakké Yéhuwah. Manungsa ya diciptakké nduwé kelebihané dhéwé-dhéwé. Mula, Yéhuwah ora mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Yéhuwah ndelok atiné awaké dhéwé lan ngerti awaké dhéwé kuwi wong sing kaya piyé. (1 Sam. 16:7) Yéhuwah ngerti kelebihan, kekurangan, lan latar belakangé awaké dhéwé. Terus, nèk awaké dhéwé nduwé keterbatasan, Yéhuwah ora meksa awaké dhéwé. Nèk Yéhuwah waé kaya ngono, awaké dhéwé ya ora perlu mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Mula, awaké dhéwé kudu ”nganggep [awaké dhéwé] apa anané” lan ora perlu ngrasa luwih apik utawa luwih èlèk ketimbang wong liya.​—Rm. 12:3.

2. Apa bahayané nèk mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya?

2 Pancèn, ana manfaaté nèk awaké dhéwé sinau saka contoné sedulur-sedulur liya. (Ibr. 13:7) Misalé, awaké dhéwé isa luwih trampil nginjil nèk sinau saka sedulur-sedulur sing wis pengalaman. (Flp. 3:17) Tapi nèk mulai mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya, kuwi ana bahayané. Kuwi isa nggawé dadi iri, ora semangat, utawa malah ngrasa ora berharga. Terus, kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, kuwi ya isa nggawé awaké dhéwé nganggep sedulur-sedulur dadi saingané awaké dhéwé, lan akhiré jemaat dadi ora rukun. Mula Yéhuwah ngomong, ”Saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé. Dhèwèké bakal bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.”​—Gal. 6:4.

3. Njenengan isa puas merga wis ngupayakké apa waé?

3 Yéhuwah péngin awaké dhéwé seneng merga awaké dhéwé wis ngupaya mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Misalé, nèk saiki njenengan wis dibaptis, njenengan isa bangga karo keputusané njenengan kuwi. Njenengan gelem ngabdi karo Yéhuwah dudu merga dipeksa, ning merga njenengan sayang karo Yéhuwah. Njenengan ya isa mikirké kabèh sing wis njenengan upayakké bèn isa terus nyenengké Yéhuwah. Misalé, apa njenengan wis nduwé kebiasaan maca lan ngrenungké Alkitab saben dina? Apa njenengan wis ngupaya bèn donga-dongané njenengan isa dirungokké Yéhuwah? (Mzm. 141:2) Terus pas nginjil, apa njenengan wis isa ngejak omong-omongan wong sing dikabari utawa wis ngerti carané nggunakké bacaan lan vidéoné awaké dhéwé? Nèk njenengan wis nikah, apa njenengan isa ngrasakké nèk Yéhuwah mbantu njenengan bèn isa dadi suami, istri, utawa wong tuwa sing luwih apik? Nèk kuwi kabèh wis diupayakké, njenengan isa ngrasa puas lan bahagia.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn ora seneng mbandhing-mbandhingké lan ngrasa puas merga wis mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané isa mbantu anggota keluarga lan sedulur-sedulur ing jemaat bèn isa ngerti nèk Yéhuwah menghargai upayané kanggo nyenengké Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug ayat-ayat Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa nggawé tujuan sing sesuai karo kemampuané awaké dhéwé.

MBANTU KELUARGA BÈN PERCAYA DIRI

Wong tuwa kudu menghargai upayané anak-anaké lan aja seneng mbandhing-mbandhingké (Deloken paragraf 5-6) *

5. Nurut Éfésus 6:4 wong tuwa ora éntuk apa?

5 Wong tuwa kudu ngati-ati bèn aja nganti mbandhingké anaké karo anak-anak liyané. Terus nèk ana sesuatu sing anaké ora isa, wong tuwa ya ora éntuk meksa. Nèk wong tuwa kerep mbandhingké utawa meksa anaké, kuwi isa nggawé anaké dadi kurang percaya diri. (Wacanen Éfésus 6:4.) Sedulur wédok sing jenengé Sachiko * kandha, ”Guruku péngin aku éntuk rangking siji ing kelas. Terus, ibuku ya péngin bèn bijiku 100 terus, supaya bapakku karo guru-guruku ora ngèlèk-èlèk Seksi Yéhuwah. Tapi nyatané, aku ora isa kaya ngono. Saiki, aku mémang wis lulus. Tapi, pengalaman kuwi isih ana pengaruhé kanggo aku. Aku kadhang ngrasa nèk ora isa nyenengké Yéhuwah meskipun aku wis berusaha.”

6. Apa sing isa dipelajari wong tuwa saka Mazmur 131:1, 2?

6 Wong tuwa isa ngrenungké Mazmur 131:1, 2. (Wacanen.) Ing kono, Raja Daud kandha nèk dhèwèké ora nduwé ”kepénginan sing muluk-muluk”. Merga sadhar karo keterbatasané, Raja Daud dadi ”ayem lan tenang”. Apa sing isa dipelajari wong tuwa saka kata-katané Daud kuwi? Wong tuwa sing rendah hati bakal sadhar nèk dhèwèké lan anak-anaké ya nduwé keterbatasan. Bèn anak-anak isa luwih percaya diri, wong tuwa kudu mbantu bèn anak-anaké ngerti apa kelebihan lan kekurangané anak-anaké kuwi. Terus, wong tuwa ya kudu mbantu anak-anaké bèn isa nggawé tujuan sing sesuai karo kemampuané anak-anaké. Sedulur wédok sing jenengé Marina kandha, ”Ibuku ora tau mbandhing-mbandhingké aku karo kakang-adhiku utawa bocah-bocah liyané. Ibuku kandha nèk kabèh wong kuwi nduwé kelebihané dhéwé-dhéwé lan kabèh wong kuwi berharga kanggo Yéhuwah. Merga ibuku ora tau mbandhing-mbandhingké, aku ya ora mbandhing-mbandhingké awakku dhéwé karo wong liya.”

7-8. Piyé carané suami ngajèni bojoné?

7 Suami sing péngin nyenengké Yéhuwah kudu pangertèn lan ngajèni bojoné. (1 Ptr. 3:7) Misalé, nèk ana sesuatu sing bojoné ora isa, suami ora bakal meksa bojoné. Dhèwèké ya ora bakal mbandhingké bojoné karo wong wédok liya. Apa akibaté nèk suami seneng mbandhingké bojoné karo wong wédok liya? Gatèkna pengalamané Sedulur Rosa sing bojoné dudu Seksi Yéhuwah. Bojoné kerep ngomong kasar lan mbandhing-mbandhingké Rosa karo wong wédok liya. Rosa dadi ngrasa nèk dhèwèké ora isa dadi istri sing apik lan ora ana sing sayang karo dhèwèké. Rosa ngomong, ”Kadhang, aku ya ngrasa nèk Yéhuwah ora sayang karo aku, lan aku kudu terus nglawan perasaan kuwi.” Suami sing péngin nyenengké Yéhuwah ora bakal kaya ngono. Dhèwèké bakal ngajèni bojoné merga ngerti nèk kuwi isa nggawé perkawinané bahagia lan isa nyenengké Yéhuwah. *

8 Suami sing ngajèni bojoné bakal muji bojoné, ngomong nèk sayang karo bojoné, lan nduduhké nèk bojoné kuwi berharga kanggo dhèwèké. (WB. 31:28) Apa hasilé nèk suami ngupayakké kuwi? Gatèkna pengalamané Katerina sing disebutké ing artikel sakdurungé. Pas Katerina isih cilik, ibuné kerep mbandhing-mbandhingké Katerina karo kanca-kancané Katerina. Akibaté, Katerina dadi seneng mbandhingké dhèwèké karo wong liya, lan kuwi nggawé dhèwèké dadi rendah diri. Malah pas Katerina wis dadi Seksi Yéhuwah, dhèwèké ya isih kaya ngono. Tapi sakwisé nikah, bojoné mbantu dhèwèké bèn isa berubah lan nduwé pandhangan sing bener. Katerina kandha, ”Bojoku sayang karo aku. Dhèwèké kerep muji lan ndongakké aku. Bojoku mbantu aku bèn luwih percaya diri lan kerep ngélingké aku nèk Yéhuwah kuwi sayang karo aku.”

MBANTU SEDULUR-SEDULUR SING KURANG PERCAYA DIRI

9-10. Critakna piyé para pinituwa isa mbantu sedulur wédok sing ngrasa kurang percaya diri.

9 Para pinituwa ya isa mbantu sedulur-sedulur sing ngrasa kurang percaya diri. Misalé, gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Hanuni. Pas isih cilik, dhèwèké jarang dipuji karo wong tuwané. Hanuni kandha, ”Aku dadi bocah sing isinan lan ngrasa nèk bocah-bocah liya luwih pinter timbang aku. Aku kerep mbandhing-mbandhingké awakku dhéwé karo kanca-kancaku.” Sakwisé dadi Seksi Yéhuwah, dhèwèké ya isih kaya ngono. Akibaté, dhèwèké dadi ngrasa rendah diri. Ning, dhèwèké isa berubah lan saiki wis nglayani dadi perintis. Kok isa?

10 Hanuni kandha nèk para pinituwa ing jemaat mbantu dhèwèké. Para pinituwa kuwi kandha nèk Hanuni kuwi isa dadi conto sing apik lan berharga kanggo sedulur-sedulur. Hanuni kandha, ”Para pinituwa beberapa kali njaluk tulung karo aku kanggo nguwatké sedulur-sedulur wédok ing jemaat. Tugas iki nggawé aku ngrasa dibutuhké ing jemaat. Aku kèlingan wektu para pinituwa kuwi ngucapké maturnuwun merga aku wis nyemangati cah-cah wédok ing jemaat. Terus, para pinituwa kuwi macakké 1 Tésalonika 1:2, 3. Kuwi bener-bener nggawé aku seneng. Merga para pinituwa kuwi percaya karo aku, aku dadi ngerti nèk aku ya isa nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat.”

11. Piyé carané awaké dhéwé mbantu sedulur-sedulur sing ”lara ati lan sedhih”? (Yésaya 57:15)

11 Wacanen Yésaya 57:15. Yéhuwah perduli karo sedulur-sedulur sing ”lara ati lan sedhih”. Sing isa nyemangati sedulur-sedulur kuwi ora mung pinituwa thok, ning kabèh sing ana ing jemaat. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu perduli karo sedulur-sedulur kuwi. (Kol. 3:12) Nèk awaké dhéwé apikan, sedulur-sedulur kuwi isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo sedulur-sedulur kuwi. Awaké dhéwé ya kudu rendah hati lan ora seneng pamèr bèn sedulur-sedulur kuwi ora iri. Awaké dhéwé kudu nggunakké ketrampilané awaké dhéwé kanggo nguwatké liyané.​—1 Ptr. 4:10, 11.

Merga Yésus ora sombong, murid-muridé isa cedhak karo dhèwèké (Deloken paragraf 12)

12. Kenapa murid-muridé Yésus isa akrab karo Yésus? (Deloken gambar ing halaman 1.)

12 Awaké dhéwé ya isa sinau saka Yésus sing apikan karo murid-muridé. Yésus kuwi wong sing paling pinter ing bumi. Tapi, Yésus ’alus lan rendah hati’. (Mat. 11:28-30) Meskipun Yésus kuwi pengetahuané akèh banget, tapi Yésus ora tau pamèr. Pas mulang wong-wong, Yésus nganggo istilah-istilah lan perumpamaan sing gampang dipahami karo wong-wong biasa. (Luk. 10:21) Yésus béda karo para pemimpin agama sing sombong merga Yésus ora tau ngrèmèhké wong liya. Yésus ngajèni kabèh wong, termasuk sing sekolahé ora dhuwur.

13. Apa buktiné nèk Yésus apikan lan sayang karo murid-muridé?

13 Merga apikan lan sayang karo murid-muridé, Yésus memahami keterbatasané murid-muridé. Yésus ya ngerti nèk keadaan lan kemampuané murid-muridé kuwi béda-béda. Dadi pas nginjil, Yésus ora nuntut hasil sing padha saka murid-muridé. Yésus malah seneng merga murid-muridé wis ngupayakké sing paling apik. Yésus nyritakké perumpamaan soal talènta kanggo nggambarké perasaané kuwi. Ing perumpamaan kuwi, ana majikan sing mènèhi budhak-budhaké tugas sesuai karo kesanggupané dhéwé-dhéwé. Budhak sing pertama éntuk hasil sing luwih akèh timbang budhak sing keloro. Tapi, majikan kuwi tetep muji budhak-budhaké kuwi nganggo kata-kata sing padha yaiku, ”Hé budhak sing apik lan setya, sing mbok tindakké kuwi apik.”​—Mat. 25:14-23.

14. Piyé carané awaké dhéwé niru Yésus?

14 Yésus ya sayang lan apikan karo awaké dhéwé. Dhèwèké memahami nèk awaké dhéwé nduwé keterbatasan lan keadaan sing béda-béda. Ning, Yésus seneng merga awaké dhéwé wis ngupayakké sing paling apik. Awaké dhéwé ya kudu niru Yésus. Ing jemaat, mungkin ana sedulur-sedulur sing nduwé keterbatasaan lan ora isa mènèhi sing padha kaya sedulur-sedulur liyané. Awaké dhéwé aja nganti nggawé sedulur-sedulur kuwi ngrasa ora berharga. Awaké dhéwé kudu muji sedulur-sedulur kuwi merga wis ngupaya sing paling apik kanggo nglayani Yéhuwah.

NGGAWÉ TUJUAN SING SESUAI KARO KEMAMPUAN LAN KEADAAN

Awaké dhéwé isa bahagia nèk nggawé tujuan sing sesuai karo kemampuané awaké dhéwé (Deloken paragraf 15-16) *

15-16. Apa hasilé merga Midori nggawé tujuan sing sesuai karo kemampuané?

15 Awaké dhéwé isa bahagia pas nglayani Yéhuwah nèk nduwé tujuan. Tapi, awaké dhéwé kudu nggawé tujuan sing sesuai karo kemampuan lan keadaané awaké dhéwé. Dadi pas nggawé tujuan, awaké dhéwé ora kudu padha karo sing liyané. Nèk mung mèlu-mèlu wong liya, awaké dhéwé isa dadi kecéwa lan akhiré ora semangat. (Luk. 14:28) Gatèkna pengalamané perintis sing jenengé Midori.

16 Bapaké Midori dudu Seksi Yéhuwah. Pas Midori isih cilik, bapaké kerep mbandhing-mbandhingké Midori karo adhi-adhiné utawa kanca-kanca sekolahé Midori. Midori kandha nèk kuwi nggawé dhèwèké ngrasa ora berharga. Ning saiki, Midori isa luwih percaya diri. Kok isa? Midori kandha, ”Aku maca Alkitab saben dina. Aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo aku, lan kuwi nggawé aku dadi tenang.” Terus, Midori ya nggawé tujuan sing sesuai karo kemampuané lan ndongakké kuwi karo Yéhuwah. Hasilé, Midori isa puas lan bahagia merga wis mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah.

TERUS MÈNÈHI SING PALING APIK KANGGO YÉHUWAH

17. Piyé carané ngetrapké Éfésus 4:23, 24, lan apa hasilé?

17 Perasaan ora berharga kuwi mémang ora isa langsung disingkirké. Mula Yéhuwah ngandhani, ”Kowé kudu terus berubah bèn pikiranmu dadi anyar.” (Éf. 4:23, 24) Bèn isa kaya ngono, awaké dhéwé kudu terus ndonga, sinau Alkitab, lan ngrenungké kuwi. Awaké dhéwé ya kudu njaluk kekuwatan saka Yéhuwah. Apa hasilé? Roh suciné Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn ora seneng mbandhing-mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Terus, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé ngerti nèk misalé awaké dhéwé dadi sombong utawa iri karo wong liya. Yéhuwah ya bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa berubah.

18. Kenapa 2 Babad 6:29, 30 isa nyemangati awaké dhéwé?

18 Wacanen 2 Babad 6:29, 30. Yéhuwah ngerti isi atiné awaké dhéwé. Merga donya iki dikuwasani Sétan lan awaké dhéwé ya ora sampurna, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora nduwé pikiran sing èlèk soal awaké dhéwé. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé wis berjuang, lan kuwi nggawé Yéhuwah tambah sayang karo awaké dhéwé.

19. Perasaané Yéhuwah karo awaké dhéwé isa dipadhakké kaya apa? Jelasna.

19 Yéhuwah madhakké Dhèwèké kaya ibu sing sayang karo bayiné. (Yés. 49:15) Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti piyé perasaané Yéhuwah karo awaké dhéwé. Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Rachel. Rachel ngomong, ”Anakku Stephanie lairé prématur. Pas lair, awaké cilik lan kétok lemah. Mula, dhèwèké kudu dilebokké ing inkubator nganti sesasi. Ning, dokter kandha nèk aku éntuk nggéndhong dhèwèké saben dina. Kuwi nggawé aku dadi saya sayang karo Stephanie. Saiki Stephanie umuré enem taun. Mémang, awaké Stephanie luwih cilik timbang bocah-bocah liyané sing sak umuran karo dhèwèké. Tapi aku tetep sayang karo Stephanie, merga dhèwèké wis berjuang bèn isa urip. Aku bahagia isa dadi wong tuwané Stephanie.” Kaya pengalamané Rachel mau, Yéhuwah ya nggatèkké nèk awaké dhéwé wis berjuang bèn isa mènèhké sing paling apik kanggo Dhèwèké. Kuwi nggawé Yéhuwah sayang banget karo awaké dhéwé. Iki mesthi nggawé awaké dhéwé puas lan bahagia.

20. Kenapa umaté Yéhuwah isa bahagia?

20 Yéhuwah nganggep njenengan berharga merga njenengan gelem nglayani Dhèwèké. Yéhuwah ya ora tau mbandhing-mbandhingké njenengan karo sedulur-sedulur liya. Yéhuwah gelem narik njenengan dadi umaté kuwi dudu merga njenengan luwih apik timbang wong liya, ning merga njenengan rendah hati lan gampang diarahké. (Mzm. 25:9) Yéhuwah seneng merga njenengan wis ngupaya mènèhké sing paling apik kanggo Dhèwèké. Njenengan wis berjuang bèn isa terus setya karo Yéhuwah. Kuwi bukti nèk njenengan kuwi wong sing ”atiné tulus lan apik”. (Luk. 8:15) Mula, njenengan kudu terus ngupaya mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah sesuai karo kemampuané njenengan. Hasilé, njenengan bakal bahagia ”merga apa sing wis [njenengan] tindakké”.

LAGU 38 Yéhuwah sing Bakal Nguwatké

^ par. 5 Yéhuwah ora tau mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. Tapi, awaké dhéwé mungkin seneng mbandhing-mbandhingké lan mikir nèk sedulur liya kuwi luwih apik timbang awaké dhéwé. Ing artikel iki, awaké bakal ngrembug apa bahayané nèk seneng mbandhing-bandhingké. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé awaké dhéwé isa mbantu anggota keluarga utawa sedulur-sedulur ing jemaat bèn isa ngerti nèk Yéhuwah menghargai upayané wong-wong kuwi kanggo nglayani Dhèwèké.

^ par. 5 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 7 Naséhat-naséhat sing dirembug ing kéné ya isa ditrapké karo para istri.

^ par. 58 GAMBAR: Pas ibadah keluarga, wong tuwa iki kétok seneng merga anak-anaké bareng-bareng nggawé bahtera Nuh.

^ par. 62 GAMBAR: Sedulur wédok sing bojoné dudu Seksi Yéhuwah nggawé rencana bèn isa merintis èkstra. Terus, dhèwèké nginjil karo anaké sing isih cilik. Dhèwèké kétok seneng banget merga rencanané kuwi isa berhasil.