Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 31

Apa Njenengan Gelem Sabar Ngentèni Yéhuwah?

Apa Njenengan Gelem Sabar Ngentèni Yéhuwah?

”Aku bakal sabar ngentèni.”​—MI. 7:7.

LAGU 128 Setya Nganti Pungkasan

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

PIYÉ perasaané njenengan nèk pesen barang sing dibutuhké, tapi barangé ora teka-teka? Njenengan mesthi jèngkèl ta? Kuwi wajar. Wulang Bebasan 13:12 kandha, ”Harapan sing ora ndang kelakon nggawé lara ati.” Ning, nèk njenengan ngerti apa alesané barang kuwi ora teka-teka, njenengan mungkin dadi luwih sabar lan gelem ngentèni.

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ayat-ayat sing nduduhké nèk awaké dhéwé kudu ”sabar”. (Mi. 7:7) Awaké dhéwé ya bakal ngrembug loro situasi sing isa waé nggawé awaké dhéwé dadi ora sabar lan piyé carané bèn tetep sabar wektu ngadhepi situasi-situasi kuwi. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug apa berkahé nèk gelem sabar ngentèni Yéhuwah.

KENAPA KUDU SABAR?

3. Nurut Wulang Bebasan 13:11, apa manfaaté nèk sabar?

3 Wulang Bebasan 13:11 nduduhké kenapa awaké dhéwé kudu sabar. Ayat kuwi kandha, ”Harta sing éntuké gampang bakal cepet entèk, ning harta sing dikumpulké sithik-sithik bakal tambah akèh.” Saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk wong sing sabar bakal éntuk hasil sing apik.

4. Wulang Bebasan 4:18 isa nggambarké apa waé?

4 Wulang Bebasan 4:18 kandha, ”Dalané wong sing bener kuwi kaya cahaya matahari pas ésuk, sing saya suwé saya padhang nganti awan.” Biasané, awaké dhéwé nggunakké ayat kuwi kanggo nggambarké carané Yéhuwah mulang umaté. Yéhuwah ora langsung mènèhi akèh keterangan, tapi sithik-sithik bèn umaté isa ngikuti arahané. Tapi, ayat kuwi ya isa dienggo nggambarké nèk wong sing sinau Alkitab butuh wektu bèn isa berubah. Dhèwèké kudu rajin sinau Alkitab, ngetrapké sing dipelajari, lan manut karo arahan saka organisasiné Yéhuwah. Nèk wis ngono, suwé-suwé dhèwèké isa nduwé sipat-sipat sing apik lan dadi tambah akrab karo Yéhuwah. Yésus ya tau nyritakké perumpamaan kanggo njelaské soal kuwi.

Kaya benih sing butuh wektu bèn isa ngasilké buah, wong sing sinau Alkitab ya butuh wektu bèn isa berubah (Deloken paragraf 5)

5. Yésus mènèhi perumpamaan apa kanggo nggambarké nèk wong butuh wektu bèn isa berubah?

5 Yésus nggambarké berita soal Kerajaané Gusti Allah kaya benih sing cilik. Yésus kandha, ’Benih kuwi thukul lan dadi saya dhuwur. Lemah kuwi dhéwé sing nggawé benih kuwi ngasilké buah. Awalé, benih kuwi thukul, terus metu gandumé, lan akhiré dadi gandum sing siap dipanèn.’ (Mrk. 4:27, 28) Apa maksudé omongané Yésus kuwi? Kaya benih sing butuh wektu bèn isa ngasilké buah, wong sing sinau Alkitab ya butuh wektu bèn isa berubah. Misalé bèn isa dadi wong sing luwih apik, wong sing sinau Alkitab kudu cedhak dhisik karo Yéhuwah. (Éf. 4:22-24) Tapi, awaké dhéwé ya kudu éling nèk wong kuwi isa berubah merga bantuané Yéhuwah.​—1 Kor. 3:7.

6-7. Apa sing isa dipelajari saka carané Yéhuwah nggawé bumi?

6 Yéhuwah kuwi selalu sabar bèn kepénginané isa kelakon. Yéhuwah kaya ngono bèn jenengé isa diluhurké lan kabèh ciptaané isa bahagia. Misalé, gatèkna carané Yéhuwah wektu nyiapké bumi bèn isa dadi panggonan sing nyaman kanggo manungsa.

7 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ora kesusu wektu nggawé bumi. Yéhuwah nentokké ”ukurané” sik, nggawé ”pondhasiné”, terus lagi masang ”watu pojokané”. (Ayb. 38:5, 6) Yéhuwah ya nyedhiakké wektu bèn isa nggatèkké hasil ciptaané. (PD. 1:10, 12) Bayangna perasaané para malaékat saben Yéhuwah rampung nggawé siji ciptaané. Para malaékat kuwi ”sorak-sorak mènèhi pujian” merga seneng banget. (Ayb. 38:7) Dadi, apa pelajarané? Meskipun kudu nggunakké wektu éwonan taun bèn isa nggawé kabèh ciptaané, Yéhuwah ora keberatan. Yéhuwah malah seneng, lan pas nggatèkké kabèh ciptaané kuwi, Yéhuwah kandha nèk kabèh kuwi ”apik banget”.​—PD. 1:31.

8. Apa sing bakal dirembug?

8 Ayat-ayat sing dirembug mau nduduhké nèk awaké dhéwé kudu sabar. Saiki, awaké dhéwé bakal ngrembug loro situasi sing isa waé nggawé awaké dhéwé dadi ora sabar. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa tetep sabar wektu ngadhepi situasi-situasi kuwi.

TETEP SABAR NGENTÈNI YÉHUWAH

9. Awaké dhéwé kudu sabar pas ngalami situasi apa?

9 Sabar wektu dongané ora langsung dijawab. Pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé mesthi ndonga bèn éntuk kekuwatan. Terus, awaké dhéwé mungkin ya ndonga bèn isa mandheg saka kebiasaan sing èlèk. Tapi, awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk dongané awaké dhéwé ora langsung dijawab karo Yéhuwah. Kenapa Yéhuwah ora langsung njawab dongané awaké dhéwé?

10. Kenapa awaké dhéwé kudu sabar nèk dongané ora langsung dijawab?

10 Yéhuwah kuwi seneng wektu ngrungokké dongané awaké dhéwé. (Mzm. 65:2) Kanggoné Yéhuwah, donga kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé percaya karo Dhèwèké. (Ibr. 11:6) Tapi, Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé bertindak sesuai karo dongané awaké dhéwé lan manut karo préntahé. (1 Yoh. 3:22) Dadi, meskipun wis ndonga bèn isa mandheg saka kebiasaan sing èlèk, mungkin awaké dhéwé kudu tetep sabar nganti donga kuwi dijawab lan terus ngupaya bèn isa mandheg saka kebiasaan kuwi. Yésus ngerti nèk ana donga-donga sing ora langsung dijawab karo Yéhuwah. Mula Yésus ngomong, ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang. Saben wong sing njaluk bakal nampa, saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang.” (Mat. 7:7, 8) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngrungokké lan njawab dongané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu ”terus ndonga”.​—Kol. 4:2.

Meskipun dongané awaké dhéwé durung dijawab, awaké dhéwé kudu terus ndongakké kuwi lan tetep sabar ngentèni Yéhuwah (Deloken paragraf 11) *

11. Kenapa Ibrani 4:16 isa nguwatké awaké dhéwé wektu ngrasa nèk dongané awaké dhéwé durung dijawab?

11 Mungkin, awaké dhéwé ngrasa nèk dongané awaké dhéwé durung dijawab. Tapi, Yéhuwah janji nèk bakal njawab dongané awaké dhéwé ”ing wektu sing pas”. (Wacanen Ibrani 4:16.) Mula, nèk saiki dongané awaké dhéwé durung dijawab, awaké dhéwé ora perlu nesu karo Yéhuwah. Misalé, kèt mbiyèn akèh sing wis ndongakké bèn Kerajaané Gusti Allah ngrampungi masalahé manungsa. Yésus dhéwé ya ngongkon awaké dhéwé bèn ndongakké kuwi. (Mat. 6:10) Tapi, nèk kuwi durung kelakon kaya sing awaké dhéwé karepké, apa awaké dhéwé dadi ora percaya manèh karo Yéhuwah? Mesthiné ora, ta? (Hab. 2:3; Mat. 24:44) Awaké dhéwé mesthi péngin terus ndongakké kuwi lan sabar ngentèni Yéhuwah. Yéhuwah wis nentokké kapan ”dina lan jamé” donya sing jahat iki bakal disingkirké. Kuwi mesthi bakal kelakon sesuai karo rencanané Yéhuwah, lan pas kuwi kelakon, kabèh bakal bahagia.​—Mat. 24:36; 2 Ptr. 3:15.

Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Yusuf? (Deloken paragraf 12-14)

12. Awaké dhéwé mungkin ora isa sabar wektu ngalami apa?

12 Sabar wektu dijahati wong liya utawa pas ana masalah ing jemaat. Wong-wong kerep ngrendhahké utawa jahat karo wong-wong sing béda jenis kelaminé, werna kulité, sukuné, kebudayaané, utawa negarané. Sing liyané ana sing dirèmèhké merga cacad utawa nduwé penyakit méntal. Umaté Yéhuwah ya ana sing dianiaya merga manut pathokané Alkitab. Nèk ngalami kaya ngono, awaké dhéwé isa éling omongané Yésus yaiku, ”Wong sing terus setya [utawa, sabar] nganti akhir bakal dislametké.” (Mat. 24:13) Terus, njenengan mungkin tau ngerti nèk ana sedulur ing jemaat sing wis nggawé dosa sing gedhé. Nèk njenengan wis ngandhani para pinituwa, apa njenengan gelem sabar ngentèni nganti masalah kuwi ditangani para pinituwa? Njenengan isa sabar nèk nggatèkké carané para pinituwa nangani masalah bèn isa sesuai karo arahané Yéhuwah.

13. Piyé bèn para pinituwa isa nangani masalah sesuai karo arahané Yéhuwah?

13 Wektu ngerti ana sedulur sing nggawé dosa sing gedhé, para pinituwa péngin nangani masalah kuwi sesuai karo arahané Yéhuwah. Mula, para pinituwa bakal ndonga bèn isa éntuk ”kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur”. (Yak. 3:17) Pas nangani masalah, para pinituwa péngin mbantu sing dosa bèn isa ”mertobat”. (Yak. 5:19, 20) Para pinituwa ya péngin nglindhungi jemaat saka pengaruh sing èlèk lan nguwatké wong-wong sing ngalami masalah merga dosané sedulur mau. (2 Kor. 1:3, 4) Sakdurungé nggawé keputusan, para pinituwa kudu ngerti sik apa sing sakjané kelakon. Sakwisé ndonga, para pinituwa bakal mènèhi naséhat sing dhasaré Alkitab lan ’ngukum nganggo cara sing bener’. (Yér. 30:11) Meskipun ora bakal menunda-nunda, para pinituwa ya ora gelem kesusu wektu nggawé keputusan. Nèk para pinituwa nangani masalah manut arahané Yéhuwah, kabèh sing ing jemaat isa éntuk manfaat. Senajan ngono, wong-wong sing ngalami masalah merga dosané sedulur liya mungkin isih lara ati. Nèk kuwi sing njenengan rasakké, njenengan kudu piyé?

14. Njenengan isa tetep sabar nèk ngrenungké kisah Alkitab sing endi?

14 Nèk ana wong liya utawa sedulur ing jemaat sing nggawé lara ati, njenengan isa mikirké kisah-kisah ing Alkitab sing situasiné mèh padha karo njenengan. Misalé, njenengan isa ngrenungké kisahé Yusuf sing dijahati karo sedulur-seduluré. Meskipun ngalami kaya ngono, Yusuf tetep sabar. Yusuf ngupaya bèn isa terus nglayani Yéhuwah, lan Yéhuwah ya terus ndhukung Yusuf. (PD. 39:21) Akhiré, Yusuf isa ngapura sedulur-seduluré lan ngrasakké dhéwé berkah-berkahé Yéhuwah. (PD. 45:5) Kaya Yusuf, awaké dhéwé ya ora bakal terus-terusan lara ati nèk tetep cedhak karo Yéhuwah lan gelem ngentèni nganti Yéhuwah dhéwé sing ngrampungké masalahé.​—Mzm. 7:17; 73:28.

15. Kenapa sedulur wédok sing dicritakké ing paragraf iki isa tetep sabar?

15 Mémang, awaké dhéwé ora selalu ngalami masalah sing abot kaya Yusuf. Tapi, nèk lagi ana masalah karo wong liya, awaké dhéwé ya tetep isa jèngkèl. Senajan ngono, awaké dhéwé kudu tetep ngupaya bèn isa ngetrapké naséhaté Alkitab, termasuk nèk masalahé kuwi karo wong-wong sing ora nglayani Yéhuwah. (Flp. 2:3, 4) Gatèkna pengalaman iki. Ana sedulur wédok sing lara ati merga kanca kerjané ngèlèk-èlèk dhèwèké. Tapi, dhèwèké ngupaya bèn tetep sabar. Dhèwèké mikirké contoné Yésus sing ora mbales wektu diécé wong liya. (1 Ptr. 2:21, 23) Merga péngin niru Yésus, sedulur wédok kuwi mutuské ora péngin ngurusi masalah kuwi manèh. Akhiré, sedulur wédok kuwi ngerti nèk jebulé kancané lagi lara parah lan ngalami strès. Dadi, dhèwèké mikir nèk kanca kerjané kuwi sakjané ora bermaksud nglarani atiné. Sedulur wédok kuwi seneng merga dhèwèké tetep sabar wektu ana masalah, lan kuwi nggawé dhèwèké tetep rukun karo kancané.

16. Apa sing isa nggawé njenengan tetep sabar wektu ana sing njahati utawa nggawé lara ati? (1 Pétrus 3:12)

16 Nèk ana sing njahati utawa nggawé njenengan lara ati, élinga nèk Yéhuwah cedhak karo wong sing ”susah banget”. (Mzm. 34:18) Yéhuwah sayang karo njenengan merga njenengan wis sabar lan gelem masrahké kabèh masalahé njenengan karo Yéhuwah. (Mzm. 55:22) Yéhuwah kuwi Hakimé bumi. Dadi, Yéhuwah ngerti kabèh sing njenengan alami. (Wacanen 1 Pétrus 3:12.) Mula, nèk njenengan ngalami masalah sing abot lan durung ana jalan keluaré, njenengan kudu sabar ngentèni nganti Yéhuwah ngrampungké masalahé njenengan.

BERKAHÉ NÈK SABAR NGENTÈNI YÉHUWAH

17. Janji apa sing dicathet ing Yésaya 30:18?

17 Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé léwat Kerajaané. Yésaya 30:18 kandha, ”Yéhuwah sabar ngentèni bèn isa apikan karo kowé, lan Dhèwèké bakal mesakké karo kowé. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing adil. Kabèh wong sing berharap marang Dhèwèké kuwi bahagia.” Dadi, wong-wong sing sabar ngentèni Yéhuwah bakal éntuk akèh berkah saiki lan sukmbèn ing donya anyar.

18. Berkah-berkah apa sing bakal awaké dhéwé nikmati?

18 Sukmbèn ing donya anyar, umaté Yéhuwah ora bakal ngalami masalah manèh kaya saiki. Ora bakal ana wong-wong sing njahati utawa nggawé lara ati. (Why. 21:4) Awaké dhéwé ora perlu kuwatir merga kabèh sing dibutuhké bakal disedhiakké. (Mzm. 72:16; Yés. 54:13) Iki berkah sing luar biasa.

19. Apa sing dipénginké Yéhuwah?

19 Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé isa urip ing donya anyar. Mula saiki, Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn nduwé sipat-sipat sing nyenengké Yéhuwah lan mandheg saka kebiasaan sing èlèk. Merga donya anyar wis cedhak, njenengan kudu terus semangat nglayani Yéhuwah. Dadi, ayo terus sabar ngentèni Yéhuwah lan manut karo préntahé.

LAGU 118 ’Nyuwun Tulung Tambahi Imanku’

^ par. 5 Sedulur sing wis suwé nglayani Yéhuwah mungkin tau ngomong, ”Saiki aku wis tuwa, tapi donya anyar kok ora teka-teka ya?” Pancèn, awaké dhéwé péngin Yéhuwah nyingkirké kabèh kesusahan. Ning, awaké dhéwé kudu sabar. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ayat-ayat sing nduduhké nèk awaké dhéwé kudu sabar. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug loro situasi sing isa waé nggawé awaké dhéwé dadi ora sabar lan piyé carané bèn tetep sabar wektu ngadhepi situasi-situasi kuwi. Terus, awaké dhéwé bakal ngrembug apa berkahé nèk sabar.

^ par. 56 GAMBAR: Sedulur wédok sing kerep ndonga karo Yéhuwah. Kèt cilik, dhèwèké wis diajari ndonga karo wong tuwané. Pas remaja, dhèwèké dadi perintis lan ndonga bèn Yéhuwah mberkahi pelayanané. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi pas bojoné lara, dhèwèké ndonga njaluk kekuwatan saka Yéhuwah. Saiki, dhèwèké wis tuwa, lan bojoné ya wis mati. Tapi, dhèwèké isih kerep ndonga lan tetep yakin nèk Yéhuwah bakal njawab donga-dongané.