Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 34

”Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”

”Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”

”Deloken lan rasakna nèk Yéhuwah kuwi apikan. Wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké kuwi bahagia.”​—MZM. 34:8.

LAGU 117 Ngupayakké Sipat Apikan

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Nurut Mazmur 34:8, piyé carané bèn isa yakin nèk Yéhuwah kuwi apikan?

BAYANGNA njenengan diwènèhi roti, ning njenengan durung tau mangan roti kuwi sakdurungé. Mungkin njenengan bakal ndeloki lan ngambu rotiné sik. Terus, mungkin njenengan ya bakal takon kuwi isiné apa utawa rasané piyé. Ning, bèn isa ngerti njenengan doyan apa ora, njenengan kudu ngrasakké dhéwé roti kuwi.

2 Wektu maca Alkitab, maca pengalaman ing bacaané awaké dhéwé, utawa ngrungokké critané sedulur-sedulur, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi apikan. Ning bèn isa bener-bener yakin, awaké dhéwé kudu ’ngrasakké’ dhéwé nèk Yéhuwah kuwi mémang apikan. (Wacanen Mazmur 34:8.) Misalé, mungkin awaké dhéwé péngin merintis. Bèn isa merintis, awaké dhéwé kudu gelem nggawé pengorbanan. Yésus janji nèk wong sing ngutamakké dhisik Kerajaané Gusti Allah bakal dicukupi kebutuhané. (Mat 6:33) Merga péngin mbuktèkké dhéwé janji kuwi, awaké dhéwé mulai nggawé penyesuaian. Misalé, mungkin awaké dhéwé nggolèk gawéan liya bèn nduwé luwih akèh wektu kanggo nginjil lan ora tuku barang-barang sing ora dibutuhké. Terus, awaké dhéwé ya ngupaya bèn luwih kerep nginjil. Akhiré, awaké dhéwé ngrasakké nèk Yéhuwah bener-bener nyukupi kebutuhané awaké dhéwé. Saka kono, awaké dhéwé isa ’ngrasakké’ nèk Yéhuwah mémang apikan.

3. Nurut Mazmur 16:1, 2, Yéhuwah khususé apikan karo sapa?

3 Yéhuwah kuwi ”apikan karo kabèh ciptaané”, termasuk karo wong-wong sing durung kenal karo Dhèwèké. (Mzm. 145:9; Mat. 5:45) Tapi, Yéhuwah khususé apikan karo wong-wong sing sayang lan gelem nglayani Dhèwèké. (Wacanen Mazmur 16:1, 2.) Saiki, ayo ngrembug apa waé buktiné nèk Yéhuwah apikan karo umaté.

4. Apa berkahé Yéhuwah kanggo wong-wong sing gelem kenal karo Dhèwèké?

4 Merga sinau Alkitab lan gelem ngetrapké apa sing wis dipelajari, awaké dhéwé éntuk akèh manfaat. Misalé, Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn ora mikirké manèh apa sing jahat lan mandheg saka kebiasaan sing èlèk. (Kol. 1:21) Terus sakwisé dibaptis, Yéhuwah ya isih mènèhi awaké dhéwé berkah. Awaké dhéwé isa nduwé hati nurani sing apik lan isa cedhak karo Dhèwèké.​—1 Ptr. 3:21.

5. Apa buktiné nèk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé wektu nginjil?

5 Wektu nginjil, awaké dhéwé ya ngrasakké nèk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Misalé, apa njenengan wongé isinan? Akèh umaté Yéhuwah ya kaya ngono. Njenengan mungkin ora tau mbayangké nèk bakal dhodhog-dhodhog omahé wong, terus omong-omongan soal Alkitab karo wong sing ora dikenal. Tapi merga dhukungané Yéhuwah, njenengan saiki mesthi wis luwih kendel lan luwih seneng nginjil. Yéhuwah mesthi wis mbantu njenengan bèn tetep tenang wektu ketemu karo wong sing nesu-nesu karo njenengan. Terus, Yéhuwah ya wis mbantu njenengan bèn éling ayat Alkitab sing cocog karo keadaané wong sing dikabari. Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya mbantu njenengan tetep semangat meskipun wong-wong ing dhaérahé njenengan ora gelem ngrungokké kabar apik.​—Yér. 20:7-9.

6. Yéhuwah mènèhi arahan apa waé sing isa ditrapké wektu nginjil, lan apa manfaaté?

6 Yéhuwah ya apikan merga gelem mènèhi arahan-arahan sing isa ditrapké wektu nginjil. (Yoh. 6:45) Misalé, ing pertemuan ibadah tengah pekan, ana conto carané ngomong sing isa digunakké wektu nginjil. Mungkin awalé awaké dhéwé ragu nèk arep nggunakké kuwi. Tapi nèk wis dicoba, awaké dhéwé mungkin nggatèkké nèk wong-wong dadi luwih seneng ngrungokké kabar apik. Terus, ing pertemuan ibadah lan pertemuan gabungan wilayah, awaké dhéwé ya dikandhani nèk isa nggunakké cara-cara liya kanggo nginjil. Awalé mungkin kuwi ora gampang. Tapi nèk wis nyoba, Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé. Sakliyané nginjil, ya ana cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah. Saiki, ayo awaké dhéwé ngrembug apa berkahé nèk gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn awaké dhéwé gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah.

BERKAH-BERKAH SAKA YÉHUWAH

7. Apa berkahé nèk nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah?

7 Isa luwih cedhak karo Yéhuwah. Gatèkna pengalamané pinituwa saka Kolombia sing jenengé Samuel. * Sakjané, Samuel karo bojoné wis seneng isa merintis ing jemaaté. Tapi, wong loro kuwi péngin mbantu dhaérah liya sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Bèn isa pindhah, wong loro kuwi kudu nggawé penyesuaian. Samuel kandha, ”Kaya sing disebutké ing Matius 6:33, aku mikirké piyé carané bèn aku isa luwih ngutamakké pelayananku. Terus, aku karo bojoku ya ora tuku barang-barang sing ora tak butuhké. Tapi, sing paling abot kuwi pindhah saka omahku. Aku karo bojoku wis nyaman tinggal ing kéné. Apa manèh, omah iki wis dirancang sesuai karo kepénginanku, lan cicilané ya wis lunas.” Ning merga gelem nggawé penyesuaian, Yéhuwah mberkahi Samuel karo bojoné. Ing panggonan sing anyar, jebulé biaya hidupé luwih murah. Samuel kandha, ”Yéhuwah wis mbantu aku bèn isa nggawé keputusan sing bener. Yéhuwah ya njawab donga-dongaku. Sakwisé pindhah, aku lagi isa ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah bener-bener apikan.” Kaya Samuel lan bojoné, apa njenengan ya péngin nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah? Nèk iya, njenengan mesthi isa luwih cedhak karo Yéhuwah lan bener-bener ngrasakké nèk Yéhuwah perduli karo njenengan.​—Mzm. 18:25.

8. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Ivan lan Viktoria?

8 Isa luwih bahagia. Gatèkna pengalamané Ivan lan Viktoria, suami istri sing nglayani dadi perintis ing Kirgistan. Wong loro kuwi nggawé akèh penyesuaian bèn siap nampa tugas apa waé ing organisasiné Yéhuwah, termasuk mèlu mbantu proyèk pembangunan. Ivan kandha, ”Ora soal apa tugasé, aku karo bojoku ngupaya mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Mémang bar balik kerja rasané kesel banget, tapi aku karo bojoku puas lan seneng banget merga wis kerja keras nglayani Yéhuwah. Aku karo bojoku ya dadi nduwé akèh kanca lan nduwé akèh pengalaman sing ora bakal tak lalèkké.”​—Mrk. 10:29, 30.

9. Apa buktiné nèk Mirreh tetep semangat nglayani Yéhuwah, lan apa hasilé?

9 Awaké dhéwé ya isa tetep bahagia nglayani Yéhuwah meskipun nduwé keterbatasan. Gatèkna pengalamané sedulur wédok saka Afrika Barat sing jenengé Mirreh. Dhèwèké wis tuwa lan bojoné ya wis mati. Bar pènsiun saka gawéané dadi dokter, dhèwèké mulai merintis. Merga nduwé rématik, dhèwèké mung isa sak jam thok nèk nginjil ing omah-omah. Tapi nèk jaga gerai, dhèwèké isa luwih suwé. Kadhang, dhèwèké ya nginjil léwat télépon. Merga dhèwèké semangat, ana akèh sing isa diparani manèh lan sinau Alkitab karo dhèwèké. Kenapa kok Mirreh gelem kaya ngono? Mirreh kandha, ”Aku sayang banget karo Yéhuwah lan Yésus. Aku ya kerep ndonga supaya Yéhuwah mbantu aku bèn terus semangat nglayani Dhèwèké.”​—Mat. 22:36, 37.

10. Nurut 1 Pétrus 5:10, apa berkahé nèk gelem nyoba cara liya kanggo nglayani Yéhuwah?

10 Dilatih Yéhuwah bèn luwih trampil. Gatèkna pengalamané Kenny, perintis saka Mauritius. Sakwisé sinau Alkitab, dhèwèké mutuské ora nglanjutké kuliahé. Terus bar dibaptis, dhèwèké dadi perintis biasa. Kenny kandha, ”Aku péngin niru semangaté Nabi Yésaya sing kandha, ’Aku waé. Utusen aku.’” (Yés. 6:8) Kenny mbantu akèh gawéan ing organisasiné Yéhuwah. Misalé, Kenny tau mbantu ing proyèk pembangunan lan tau dadi penerjemah. Kenny kandha, ”Aku dilatih bèn isa luwih trampil wektu ngerjakké tugas-tugasku.” Tapi, ora mung kuwi thok manfaaté. Kenny ya kandha, ”Merga dilatih, aku dadi isa ngerti keterbatasanku. Aku ya dadi ngerti sipat-sipat apa waé sing kudu tak upayakké bèn isa terus nyenengké Yéhuwah.” (Wacanen 1 Pétrus 5:10.) Nèk njenengan piyé? Apa njenengan ya gelem nggawé penyesuaian bèn isa dilatih karo Yéhuwah?

Suami istri sing nglayani ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Sedulur wédok sing mèlu mbangun Balé Ibadah. Suami istri sing wis tuwa lagi nginjil liwat télpon. Kabèh sedulur kuwi kétok bahagia (Deloken paragraf 11)

11. (a) Apa sing diupayakké telu sedulur wédok saka Korea Selatan bèn isa nginjil saksuwéné ana wabah COVID-19? (b) Apa hasilé nèk awaké dhéwé gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah? (Deloken gambar ing halaman 1.)

11 Sedulur-sedulur sing wis suwé nglayani Yéhuwah ya butuh dilatih bèn isa luwih trampil nginjil nganggo cara-cara liya. Misalé, para pinituwa ing salah siji jemaat ing Korea Selatan crita, ”Sakdurungé ana wabah COVID-19, ana sedulur-sedulur sing ora isa kerep nginjil merga nduwé masalah keséhatan. Tapi, merga saiki nginjilé nganggo HP utawa tablèt, sedulur-sedulur kuwi dadi isa kerep nginjil. Misalé, ana telu sedulur wédok sing umuré luwih saka 80 taun sing sinau nggunakké komputer. Hasilé, saiki sedulur-sedulur kuwi isa mèlu nginjil saben dina.” (Mzm. 92:14, 15) Apa njenengan ya gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah bèn isa ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah kuwi bener-bener apikan? Saiki, ayo ngrembug piyé carané bèn awaké dhéwé gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah.

BÈN GELEM NYOBA CARA-CARA LIYA KANGGO NGLAYANI YÉHUWAH

12. Yéhuwah janji apa karo wong-wong sing percaya karo Dhèwèké?

12 Percaya karo Yéhuwah. Yéhuwah janji bakal mberkahi wong-wong sing percaya karo Dhèwèké nèk wong-wong kuwi gelem mènèhi sing paling apik. (Mal. 3:10) Sedulur wédok saka Kolombia sing jenengé Fabiola ngrasakké nèk janjiné Yéhuwah iki pancèn bener. Sakwisé dibaptis, dhèwèké péngin dadi perintis biasa. Tapi kuwi ora isa, merga dhèwèké nduwé anak telu. Dadi, dhèwèké kudu kerja bèn isa mbantu bojoné nyukupi kebutuhan keluarga. Sakwisé pènsiun, dhèwèké ndongakké kepénginané kuwi karo Yéhuwah. Fabiola kandha, ”Biasané, butuh wektu sing suwé nèk arep ngurus pènsiun. Tapi sesasi sakwisé tak urus, aku isa langsung nampa dhuwit pènsiunku. Iki kaya mukjijat saka Yéhuwah.” Rong sasi bar kuwi, dhèwèké mulai merintis. Fabiola saiki umuré wis 70-an lan wis nglayani dadi perintis luwih saka 20 taun. Saksuwéné merintis, wis ana wolu sing dhèwèké bantu sinau Alkitab nganti dibaptis. Dhèwèké kandha, ”Meskipun kadhang aku kesel, tapi Yéhuwah mbantu aku bèn isa terus merintis.”

Apa buktiné nèk Abraham, Sara, Yakub, lan para imam sing ngusung pethi perjanjian percaya karo Yéhuwah? (Deloken paragraf 13)

13-14. Critakna kisah saka Alkitab utawa pengalamané wong-wong sing percaya karo Yéhuwah.

13 Sinau saka pengalamané wong-wong sing percaya karo Yéhuwah. Ing Alkitab, ana kisahé wong-wong sing kerja keras nglayani Yéhuwah. Saka kisah-kisah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk biasané awaké dhéwé kudu bertindak sik, lagi Yéhuwah bakal mberkahi. Misalé, Abraham gelem ninggalké omahé ”senajan ora ngerti arep lunga ing endi”. (Ibr. 11:8) Hasilé, Yéhuwah mberkahi dhèwèké. Yakub ya diberkahi sakwisé gelut karo malaékat. (PD. 32:24-30) Terus, pas bangsa Israèl arep mlebu ing Tanah Perjanjian, para imam sing ngusung pethi perjanjiané Yéhuwah kudu ngidak bagian pinggiré Kali Yordan lan maju sik. Bar kuwi, kabèh wong Israèl lagi isa nyebrang.​—Yos. 3:14-16.

14 Awaké dhéwé ya isa sinau saka pengalamané umaté Yéhuwah jaman saiki sing percaya karo Yéhuwah. Contoné, Sedulur Payton lan bojoné sing jenengé Diana seneng maca pengalamané sedulur-sedulur sing pindhah ing dhaérah liya sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Pengalaman-pengalaman kuwi ana ing sèri artikel ”Mereka Merelakan Diri”. * Payton kandha, ”Pas maca pengalamané sedulur-sedulur kuwi, aku isa ndelok nèk sedulur-sedulur kuwi bener-bener bahagia merga ngrasakké bantuané Yéhuwah. Dadi, aku karo bojoku ya péngin ’ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi apikan.’” Akhiré, Payton karo Diana pindhah ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Nèk njenengan piyé? Apa njenengan ya wis maca pengalaman-pengalaman kuwi? Sakliyané pengalaman-pengalaman kuwi, njenengan ya isa ndelok vidéo Menginjil di Daerah Terpencil—Australia lan Menginjil di Daerah Terpencil—Irlandia. Vidéo-vidéo kuwi ana ing jw.org. Bar maca pengalamané sedulur-sedulur utawa ndelok vidéo-vidéo kuwi, mungkin njenengan dadi péngin nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah.

15. Apa pengaruhé nèk nduwé kanca sing semangat nglayani Yéhuwah?

15 Nggolèk kanca sing semangat nglayani Yéhuwah. Mungkin, ana panganan sing awaké dhéwé durung tau mangan. Tapi, nèk kanca-kancané awaké dhéwé seneng mangan panganan kuwi, awaké dhéwé ya isa waé dadi péngin mèlu nyoba panganan kuwi. Padha kaya ngono, mungkin awaké dhéwé nggatèkké nèk sedulur-sedulur sing semangat nglayani Yéhuwah kuwi kétok bahagia. Nèk bergaul karo sedulur-sedulur kuwi, awaké dhéwé ya isa dadi mèlu semangat lan péngin nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Kent lan Veronica. Kent kandha, ”Kanca-kanca lan keluargaku kerep nyemangati aku bèn nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah. Merga kerep disemangati, aku dadi ora ragu-ragu.” Saiki, Kent karo Veronica wis nglayani dadi perintis istiméwa ing Serbia.

16. Kenapa awaké dhéwé kudu gelem berkorban kanggo Yéhuwah? (Lukas 12:16-21)

16 Gelem berkorban kanggo Yéhuwah. Mémang, awaké dhéwé ora kudu menderita bèn isa nyenengké Yéhuwah. (Pkh. 5:19, 20) Tapi, mungkin ana sing ora gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah merga wis nyaman karo keadaané saiki. Ning nèk mikir kaya ngono, kuwi berarti awaké dhéwé padha karo wong lanang ing perumpamaané Yésus sing ora mikirké Yéhuwah. (Wacanen Lukas 12:16-21.) Sedulur lanang saka Prancis sing jenengé Kristian kandha, ”Aku péngin nggunakké luwih akèh wektu kanggo Yéhuwah lan kanggo bojoku.” Akhiré, Kristian merintis bareng karo bojoné. Tapi bèn isa merintis, wong loro kuwi kudu nggolèk gawéan liya. Mula, wong loro kuwi kerja dadi tukang resik-resik. Meskipun éntuké dhuwit mung sithik, tapi wong loro kuwi tetep bersyukur karo Yéhuwah. Apa hasilé merga Kristian karo bojoné gelem berkorban? Kristian kandha, ”Aku seneng merga isa luwih kerep nginjil. Aku ya seneng merga wong-wong sing tak parani manèh lan sing sinau Alkitab karo aku akhiré isa kenal Yéhuwah.”

17. Apa sing nggawé Sherly dadi luwih kendel nginjil léwat télépon?

17 Gelem nginjil nganggo cara sing béda-béda. (Kis. 17:16, 17; 20:20, 21) Gatèkna pengalamané perintis saka Amerika Serikat sing jenengé Sherly. Merga ana wabah COVID-19, dhèwèké kudu ngupaya bèn isa nginjil nganggo cara liya. Awalé, dhèwèké ragu-ragu pas arep nyoba nginjil léwat télépon. Tapi pas kunjungan pinituwa wilayah, dhèwèké diajari bèn isa nginjil léwat télépon. Hasilé, saiki dhèwèké dadi luwih kendel. Sherly kandha, ”Meskipun awalé aku wedi, tapi saiki aku isa luwih menikmati nginjil léwat télépon. Malah, ana luwih akèh wong sing isa tak kabari timbang mbiyèn.”

18. Pas ana masalah sing nggawé rencanané awaké dhéwé ora isa kelakon, awaké dhéwé kudu piyé?

18 Nggawé rencana lan ngupayakké kuwi bèn kelakon. Pas ana masalah sing nggawé rencanané awaké dhéwé ora isa kelakon, awaké dhéwé kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah lan mikirké piyé carané bèn isa ngatasi masalah kuwi. (WB. 3:21) Sonia, perintis biasa sing nglayani ing kelompok basa Romani ing Eropa, kandha, ”Biasané rencanaku tak tulis ing kertas, terus tak tèmpèl ing panggonan sing gampang tak delok. Ing méjaku ya ana gambar dalan sing nyabang dadi loro. Pas arep nggawé keputusan, aku ndelok gambar kuwi. Terus, aku mikirké apa keputusanku kuwi bakal nggawé rencanaku berhasil apa ora.” Pas ana masalah, Sonia ya ora langsung mikir sing èlèk sik. Sonia kandha, ”Mémang, keadaan sing berubah kuwi isa kaya témbok sing ngalangi rencanané awaké dhéwé. Tapi, sakjané kuwi ya isa dadi kaya jembatan sing isa mbantu bèn rencanané awaké dhéwé berhasil. Kuwi kabèh bergantung karo sikapé awaké dhéwé.”

19. Merga bersyukur karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal piyé?

19 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis mènèhi akèh berkah. Mula, awaké dhéwé péngin ngupaya sak isa-isané kanggo ngluhurké jenengé Yéhuwah. (Ibr. 13:15) Kuwi termasuk nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Dhèwèké. Nèk ngupayakké kuwi, awaké dhéwé bakal nampa luwih akèh berkah. Mula saben dina, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa ndelok lan ’ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi apikan’. Hasilé, kaya Yésus, awaké dhéwé isa ngomong, ”Pangananku kuwi nindakké karepé Gusti Allah sing ngutus aku lan ngrampungké gawéan saka Dhèwèké.”​—Yoh. 4:34.

LAGU 80 Rasakna Kabecikané Yéhuwah

^ par. 5 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan. Dhèwèké apikan karo kabèh wong, termasuk karo wong jahat. Tapi, Yéhuwah apikan khususé karo umaté. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi apikan karo umaté. Awaké dhéwé ya bakal ngerti nèk wong-wong sing gelem nyoba cara-cara liya kanggo nglayani Yéhuwah bakal nampa luwih akèh berkah.

^ par. 7 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 14 Mbiyèn, sèri artikel iki ana ing Menara Pengawal. Tapi saiki, njenengan isa maca sèri artikel iki ing jw.org. Deloken ing bagian MENGENAI KAMI > PENGALAMAN > MERAIH CITA-CITA ROHANI.