Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 37

”Aku Arep Nggoncangké Kabèh Bangsa”

”Aku Arep Nggoncangké Kabèh Bangsa”

”Aku arep nggoncangké kabèh bangsa, lan harta sing berharga saka kabèh bangsa bakal mlebu menyang omah iki.”​—HAG. 2:7.

LAGU 24 Ayo Ngibadah marang Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Nabi Hagai ngramalké apa soal jaman saiki?

 SAKWISÉ gempa bumi ing Nepal taun 2015, ana sing ngomong ngéné, ”Gempané mung sedhéla, tapi akèh bangunan sing rubuh.” Sing liyané ngomong, ”Akèh wong padha panik. Rasané gempané suwé banget, padahal jaréné mung rong menit.” Nèk tau ngalami kaya ngono, njenengan mesthi ya ora bakal lali.

2 Nabi Hagai ngramalké, ”Merga iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Ora suwé manèh, Aku arep nggoncangké langit, bumi, laut, lan darat sepisan manèh.’” (Hag. 2:6) Ramalané Nabi Hagai wis kelakon ing jaman saiki. Yéhuwah lagi nggoncangké kabèh bangsa, lan kuwi wis kelakon selama bertahun-tahun.

3. Apa sing kelakon wektu Yéhuwah nggoncangké kabèh bangsa?

3 Sakwisé gempa bumi, biasané bakal akèh bangunan sing hancur. Tapi, wektu Yéhuwah nggoncangké bangsa-bangsa, bakal ana hasil sing apik. Yéhuwah kandha, ”Aku arep nggoncangké kabèh bangsa, lan harta sing berharga saka kabèh bangsa bakal mlebu menyang omah iki. Aku bakal ngebaki omah iki nganggo kemuliaan.” (Hag. 2:7) Apa artiné kata-katané Yéhuwah kuwi kanggo wong Israèl ing jamané Hagai? Apa artiné kata-katané Yéhuwah kuwi kanggo jaman saiki? Awaké dhéwé bakal njawab pitakonan-pitakonan kuwi. Saka kono, awaké dhéwé bakal ngerti kenapa kok gawéan nginjil kuwi penting.

ARTI KATA-KATANÉ YÉHUWAH ING JAMANÉ HAGAI

4. Yéhuwah mènèhi tugas apa karo Nabi Hagai?

4 Nabi Hagai éntuk tugas penting saka Yéhuwah. Tugas apa? Pas taun 537 SM, wong Israèl sing ditawan ing Babilon éntuk balik ing Yérusalèm. Kétoké, Hagai ya termasuk ing antarané wong-wong kuwi. Sakwisé tekan Yérusalèm, wong-wong kuwi mulai mbangun pondhasi baité Yéhuwah. (Ézr. 3:8, 10) Tapi merga diganggu karo bangsa-bangsa ing sekitaré, wong-wong kuwi dadi ora semangat lan akhiré mandheg mbangun baité Gusti Allah. (Ézr. 4:4; Hag. 1:1, 2) Mula pas taun 520 SM, Yéhuwah ngongkon Nabi Hagai nyemangati wong-wong kuwi supaya baité isa dirampungké. *Ézr. 6:14, 15.

5. Kenapa kata-katané Hagai isa nyemangati wong Israèl?

5 Hagai péngin nyemangati wong Israèl bèn luwih percaya karo Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”’Kabèh rakyat ing tanah iki, kowé kabèh kudu kuwat lan nyambut gawéa, merga Aku ndhukung kowé,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.” (Hag. 2:4) Kata-kata ”Yéhuwah pemimpiné pasukan” nduduhké nèk Yéhuwah nduwé pasukan malaékat sing kuwat banget. Iki mesthi nggawé wong Israèl dadi tambah kendel. Nèk wong Israèl percaya karo Yéhuwah, baité mesthi bakal berhasil dibangun.

6. Apa hasilé merga Yéhuwah nggoncangké kabèh bangsa?

6 Liwat Hagai, Yéhuwah ya ngomong nèk Dhèwèké bakal nggoncangké kabèh bangsa. Apa maksudé? Wektu kuwi, bangsa-bangsa dikuwasani karo Pèrsia. Dadi, kata-katané Yéhuwah kuwi nduduhké nèk Yéhuwah bakal nggawé wong Pèrsia bèn gelem mbantu wong Israèl. Hasilé, wong Israèl isa berhasil mbangun baité Gusti Allah nganti rampung. Terus, ana wong-wong saka bangsa liya sing akhiré gelem mèlu nyembah Yéhuwah. Kata-katané Yéhuwah kuwi mesthi nguwatké wong Israèl.​—Za. 8:9.

ARTI KATA-KATANÉ YÉHUWAH KANGGO JAMAN SAIKI

Apa njenengan semangat martakké kabar apik soal Kerajaan? (Deloken paragraf 7-8) *

7. Apa hubungané kata-katané Hagai karo awaké dhéwé?

7 Kata-katané Hagai kuwi ana hubungané karo awaké dhéwé. Kok isa? Pas taun 1914, Yéhuwah nglantik Yésus Kristus dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah. (Mzm. 2:6) Kuwi nggawé para penguasa dadi nesu merga ”wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa” wis rampung. (Luk. 21:24) Kuwi artiné bangsa-bangsa wis ora isa nguwasani umaté Gusti Allah merga Yéhuwah bakal ngarahké umaté liwat Yésus Kristus. Merga ngerti soal kuwi, mula kèt taun 1919, umaté Yéhuwah mulai martakké ”kabar apik” lan ngandhani wong liya nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing bakal ngrampungké kabèh masalahé manungsa. (Mat. 24:14) Liwat gawéan nginjil, Yéhuwah nggoncangké kabèh bangsa.

8. Nurut Mazmur 2:1-3, piyé tanggepané wong-wong wektu krungu kabar apik?

8 Akèh sing ora seneng wektu krungu kabar apik sing disampèkké umaté Gusti Allah. (Wacanen Mazmur 2:1-3.) Bangsa-bangsa dadi nesu lan ora gelem ngakoni nèk Yésus wis dilantik Yéhuwah dadi Raja. Wong-wong sing mimpin bangsa-bangsa ya ora nganggep nèk berita sing disampèkké umaté Gusti Allah kuwi ”kabar apik”. Malah, ana beberapa negara sing nglarang gawéan nginjil. Meskipun ngakuné nyembah Gusti Allah, tapi para pemimpin kuwi ora gelem manut karo Gusti Allah. Mbiyèn, para pemimpin ing jamané Yésus dianggep nglawan Yésus dhéwé merga nganiaya murid-muridé Yésus. Saiki ya kaya ngono. Merga nganiaya umaté Yéhuwah, para pemimpin kuwi sakjané padha karo nglawan pemimpin sing dilantik Yéhuwah, yaiku Yésus.​—Kis. 4:25-28.

9. Meskipun akèh sing ora gelem nampa kabar apik, tapi Yéhuwah piyé?

9 Meskipun akèh sing ora gelem nampa kabar apik, tapi Yéhuwah tetep sabar. Mazmur 2:10-12 kandha, ”Mula para raja, kowé kudu wicaksana wektu tumindak. Para hakim ing bumi, kowé kudu gelem dinaséhati. Wektu ngabdi, kowé kudu wedi marang Yéhuwah. Kowé kudu ngrasa seneng lan bener-bener ngajèni Dhèwèké. Kowé kudu ngajèni putrané, bèn Gusti Allah ora nesu lan bèn kowé ora mati, merga Dhèwèké isa ujug-ujug nesu. Wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké kuwi bahagia.” Dadi, Yéhuwah isih mènèhi kesempatan supaya wong-wong kuwi isa berubah pikiran lan ndhukung pamréntahané Yéhuwah. Tapi saiki wis ”akhir jaman”, lan wektuné wis mèh entèk. (2 Tim. 3:1; Yés. 61:2) Nèk péngin slamet, wong-wong kuwi kudu cepet-cepet nggawé keputusan sing bener.

ANA SING GELEM NGRUNGOKKÉ

10. Nurut Hagai 2:7-9, ana hasil apik apa pas Yéhuwah nggoncangké kabèh bangsa?

10 Hagai wis kandha nèk pas Yéhuwah nggoncangké kabèh bangsa bakal ana hasil sing apik. Hagai kandha nèk ’harta sing berharga saka kabèh bangsa bakal mlebu menyang omahé [Yéhuwah]’. (Wacanen Hagai 2:7-9.) Kuwi artiné wong-wong sing tulus bakal gelem nyembah Yéhuwah. * Nabi Yésaya karo Mikha ya ngramalké nèk kuwi bakal kelakon ”ing dina-dina terakhir”.​—Yés. 2:2-4; Mi. 4:1, 2.

11. Apa pengaruhé kabar apik kanggo Sedulur Ken?

11 Gatèkna pengaruhé kabar apik kanggo Sedulur Ken sing saiki nglayani ing kantor pusat. Kira-kira pas taun 1980-an, ana Seksi Yéhuwah sing ngabar karo dhèwèké. Ken kandha, ”Sakwisé sinau Alkitab, aku dadi ngerti nèk saiki wis akhir jaman. Aku ya ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah saklawasé lan nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Dadi bèn isa nyenengké Yéhuwah lan urip saklawasé, sing kudu tak dhukung kuwi Kerajaané Gusti Allah, dudu pamréntahané manungsa. Mula, aku ndonga lan akhiré mutuské nglayani Yéhuwah.”

12. Apa buktiné nèk ramalané Hagai wis kelakon?

12 Kétok cetha nèk Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil. Pas taun 1914, jumlahé Seksi Yéhuwah kira-kira mung limang èwu. Ning saiki, wong-wong sing nglayani Yéhuwah jumlahé ana luwih saka wolung juta. Terus, saben taun ya ana jutaan wong liyané manèh sing mèlu ing acara Peringatan Kematiané Yésus. Iki nduduhké nèk jumlahé penyembahé Yéhuwah bakal dadi saya akèh. Merga akèh wong sing tulus sing akhiré gelem nglayani Yéhuwah, kuwi artiné ”harta sing berharga saka kabèh bangsa” wis mlebu ing omahé Yéhuwah. Terus, merga wong-wong kuwi gelem nggawé perubahan lan dadi wong sing luwih apik, akhiré jenengé Yéhuwah isa dimulyakké. (Éf. 4:22-24) Kuwi kabèh bukti nèk ramalané Hagai wis kelakon.

Umaté Yéhuwah sak donya seneng isa martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah (Deloken paragraf 13)

13. Ramalan ing endi manèh sing kelakon merga jumlah umaté Yéhuwah dadi tambah akèh? (Deloken gambar ing halaman 1.)

13 Jumlah umaté Yéhuwah sing dadi saya akèh kuwi ya bukti nèk ramalan ing Yésaya 60 wis kelakon. Kok isa? Mau disebutké nèk wong-wong sing dadi umaté Yéhuwah kuwi kaya ”harta sing berharga saka kabèh bangsa”. Merga gelem nggunakké ketrampilané kanggo ndhukung gawéan nginjil, wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya ’bangsa-bangsa sing nyedhiakké kebutuhané’ umaté Gusti Allah supaya kabar apik isa diwartakké. (Yés. 60:5, 16) Terus, wong-wong kuwi ya gelem mèlu martakké ”kabar apik soal Kerajaan”. Hasilé, saiki gawéan nginjil isa kelakon ing 240 negara lan bacaané awaké dhéwé wis diterjemahké ing luwih saka 1.000 basa. Iki sesuai karo ramalan sing dicathet ing Yésaya bab 60 ayat 22 yaiku, ”Sing sithik bakal dadi sèwu, lan sing cilik bakal dadi bangsa sing gedhé lan kuwat. Aku, Yéhuwah, bakal nggawé kuwi ndang kelakon ing wektuné.”

NGGAWÉ PILIHAN SING BENER

14. Wong-wong kudu ndang nggawé keputusan soal apa?

14 Liwat gawéan nginjil, awaké dhéwé isa ngerti nèk sedhéla manèh Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Mula, wong-wong kudu ndang mutuské arep ndhukung Kerajaané Gusti Allah utawa pamréntahané manungsa. Tapi, umaté Yéhuwah wis mutuské arep ndhukung Kerajaané Gusti Allah merga sadhar nèk mung Kerajaan kuwi sing isa ngrampungké kabèh masalahé manungsa. Wong-wong kuwi ya ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah ora ana hubungané karo pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya. (Yoh. 18:36, 37) Dadi meskipun manut karo aturané pamréntah, wong-wong kuwi tetep ora gelem mèlu-mèlu urusan politik.​—Rm. 13:1-7.

15. Saka buku Wahyu, awaké dhéwé isa ngerti nèk umaté Yéhuwah bakal ngalami apa merga ndhukung Kerajaané Gusti Allah?

15 Saka buku Wahyu, awaké dhéwé ngerti nèk umaté Yéhuwah isa ngalami masalah merga ndhukung Kerajaané Gusti Allah. Malah merga ora gelem mèlu-mèlu urusan politik utawa perang, ana umaté Gusti Allah sing nganti dianiaya. (Why. 13:12, 15) Wahyu 13:16 kandha, ”Kabèh wong, embuh kuwi wong biasa, wong penting, wong sugih, wong mlarat, wong merdéka, utawa budhak, dipeksa karo kéwan buas kuwi bèn nampa tandha ing tangan tengen utawa ing bathuk.” Pas jaman mbiyèn, budhak bakal dipeksa nampa tandha ing awaké kanggo nduduhké sapa majikané. Saiki ya kaya ngono. Kabèh wong dipeksa nampa tandha ing tangan tengen utawa ing bathuk sing maksudé kudu gelem ndhukung pamréntahané manungsa.

16. Kenapa awaké dhéwé kudu ndhukung Kerajaané Gusti Allah?

16 Nurut Alkitab, wong-wong sing ora gelem ndhukung pamréntahané manungsa bakal ngalami masalah. Ing buku Wahyu disebutké nèk ”kabèh sing ora nduwé tandha kuwi ora isa dodolan utawa tuku”. (Why. 13:17) Tapi, umaté Gusti Allah ya ngerti nèk wong-wong sing gelem nampa tandha kuwi sukmbèn bakal dihukum Gusti Allah. Mula, umaté Gusti Allah ora gelem nampa tandha kuwi lan milih nulis ing tangané, ”Duwèké Yéhuwah.” (Yés. 44:5) Saiki wektuné ndhukung Kerajaané Gusti Allah merga kuwi sing nggawé Yéhuwah seneng. Nèk njenengan piyé, arep ndhukung pamréntahané manungsa utawa Kerajaané Gusti Allah?

YÉHUWAH BAKAL NGGONCANGKÉ MANÈH

17. Awaké dhéwé kudu ngerti apa soal kesabarané Yéhuwah?

17 Yéhuwah isih sabar nganti saiki merga péngin kabèh wong isa dislametké. (2 Ptr. 3:9) Yéhuwah isih mènèhi kesempatan supaya wong-wong isa mertobat lan nggawé keputusan sing bener. Tapi, kesabarané Yéhuwah kuwi ana batesé. Pas jamané Musa, Yéhuwah tau ngomong ngéné karo Firaun, ”Sakjané isa waé Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo ngukum kowé lan rakyatmu, lan kowé bakal disingkirké saka bumi iki. Ning, Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku marang kowé, lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.” (Pa. 9:15, 16) Padha kaya ngono, sukmbèn wong-wong sing ora gelem ndhukung Kerajaané Gusti Allah bakal ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener. (Yèh. 38:23) Piyé carané Yéhuwah nggawé kuwi kelakon?

18. (a) Apa bédané ramalan ing Hagai 2:6, 20-22 karo Hagai 2:7? (b) Apa buktiné nèk ramalan ing Hagai 2:20-22 ya bakal kelakon manèh sukmbèn?

18 Atusan taun sakwisé Hagai mati, Rasul Paulus ngandhani wong Kristen Ibrani nèk kata-kata ing Hagai 2:6, 20-22 bakal kelakon manèh sukmbèn. (Wacanen.) Paulus kandha, ”[Gusti Allah] janji, ’Sepisan manèh, Aku ora mung bakal nggoncangké bumi, ning ya bakal nggoncangké langit.’ Kata-kata ’sepisan manèh’ nduduhké nèk Gusti Allah bakal nyingkirké apa sing digoncangké, yaiku sing ora digawé Gusti Allah, bèn apa sing ora digoncangké bakal tetep ana.” (Ibr. 12:26, 27) Apa sing kelakon sukmbèn kuwi béda karo sing disebutké ing Hagai 2:7. Sukmbèn, wong-wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah, kaya Firaun, bakal disingkirké.

19. Apa sing ora bakal disingkirké karo Gusti Allah, lan awaké dhéwé ngerti saka endi?

19 Tapi ana siji kerajaan sing ora bakal disingkirké. Apa kuwi? Paulus kandha, ”Mula, merga awaké dhéwé bakal nampa Kerajaan sing ora isa digoncangké, ayo awaké dhéwé terus ngupaya bèn éntuk manfaat saka sipaté Gusti Allah sing apikan banget. Merga sipaté Gusti Allah sing apikan banget kuwi, awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah wektu nindakké tugas suci kanggo Dhèwèké karo rasa wedi lan ngajèni.” (Ibr. 12:28) Meskipun kabèh pamréntahané manungsa bakal disingkirké, tapi Kerajaané Gusti Allah bakal ana nganti saklawasé.​—Mzm. 110:5, 6; Dan. 2:44.

20. Wong-wong kudu nggawé pilihan soal apa, lan piyé carané mbantu wong-wong kuwi bèn isa nggawé pilihan sing bener?

20 Saiki wektuné wis mèh entèk, lan wong-wong kudu nggawé pilihan. Wong-wong sing ndhukung pamréntahané manungsa bakal disingkirké. Tapi, wong-wong sing milih nglayani lan manut karo Yéhuwah bakal urip saklawasé. (Ibr. 12:25) Liwat gawéan nginjil, awaké dhéwé isa mbantu wong liya bèn isa nggawé keputusan sing bener. Mula, ayo awaké dhéwé terus mbantu wong-wong sing tulus bèn gelem ndhukung Kerajaané Gusti Allah. Muga-muga awaké dhéwé terus éling karo omongané Yésus iki, ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka.”​—Mat. 24:14.

LAGU 40 Kowé Manut Sapa?

^ par. 5 Saiki, Yéhuwah lagi nggoncangké kabèh bangsa liwat gawéan nginjil. Saka artikel iki, awaké dhéwé bakal ngerti kenapa kok gawéan nginjil kuwi penting. Awaké dhéwé ya bakal ngerti nèk meskipun akèh sing nolak, tapi tetep ana wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik. Apa sing dirembug ing artikel iki bakal ngganti katrangan sakdurungé sing njelaské Hagai 2:7.

^ par. 4 Baité Yéhuwah rampung dibangun taun 515 SM. Iki bukti nèk tugasé Hagai berhasil.

^ par. 10 Mbiyèn ing ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Mei 2006, disebutké nèk wong-wong sing tulus gelem nglayani Yéhuwah kuwi dudu merga Yéhuwah nggoncangké kabèh bangsa. Katrangan sing disebutké ing paragraf iki ngganti katrangan kuwi.

^ par. 63 GAMBAR: Hagai nyemangati umaté Gusti Allah supaya baité Yéhuwah isa rampung dibangun. Umaté Gusti Allah ing jaman saiki ya semangat martakké kabar apik. Suami istri sing lagi nginjil lan ngandhani wong-wong nèk Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.