Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 43

Aja Nyerah

Aja Nyerah

”Aja nyerah nindakké apa sing apik.”​—GAL. 6:9.

LAGU 68 Nyebar Winih bab Kratoné Allah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa awaké dhéwé bangga lan seneng dadi Seksi Yéhuwah?

 AWAKÉ DHÉWÉ mesthi bangga dadi Seksi Yéhuwah merga isa nyritakké soal Yéhuwah lan mulang wong-wong bèn kenal karo Dhèwèké. Awaké dhéwé ya seneng merga isa mbantu wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé” bèn percaya karo Gusti Allah. (Kis. 13:48) Yésus ya ngrasa kaya ngono. Dhèwèké ”bahagia” banget wektu ngerti murid-muridé éntuk hasil sing apik pas nginjil.​—Luk. 10:1, 17, 21.

2. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk nganggep gawéan nginjil kuwi penting?

2 Rasul Paulus tau ngandhani Timotius, ’Kowé kudu terus ngupaya tenanan bèn isa dadi conto sing apik lan dadi guru sing apik bèn kowé isa nylametké awakmu dhéwé lan wong liya sing ngrungokké kowé.’ (1 Tim. 4:16) Gawéan nginjil kuwi penting banget merga isa nylametké awaké dhéwé lan wong liya. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk nganggep gawéan nginjil kuwi penting? Pertama, awaké dhéwé kudu dadi conto sing apik merga awaké dhéwé rakyat saka Kerajaané Gusti Allah. Carané, tingkah lakuné awaké dhéwé kudu sesuai karo pathokané Alkitab sing awaké dhéwé wartakké bèn jenengé Yéhuwah ora dièlèk-èlèk. (Flp. 1:27) Keloro, awaké dhéwé kudu dadi guru sing apik. Carané, awaké dhéwé kudu persiapan dhisik sakdurungé nginjil lan ndonga bèn Yéhuwah mbantu awaké dhéwé.

3. Apa kabèh wong gelem ngrungokké kabar apik? Wènèhana conto.

3 Tapi, meskipun awaké dhéwé wis ngupaya tenanan kanggo nginjil, isa waé wong-wong tetep ora gelem ngrungokké kabar apik. Gatèkna pengalamané Sedulur Georg Lindal. Saka taun 1929 nganti taun 1947, mung dhèwèké Seksi Yéhuwah ing Islandia. Dhèwèké wis mbagèkké éwonan buku kanggo wong-wong ing dhaérah kuwi. Tapi, ora ana siji-sijia sing gelem dibaptis. Dhèwèké crita, ”Akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik. Malah, ya ana sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah.” Sakwisé kuwi, mémang ana beberapa lulusan Sekolah Giléad sing ditugaské ing Islandia. Tapi selama sangang taun, durung ana sing gelem dadi Seksi Yéhuwah. Bar kuwi, lagi ana sing dibaptis. *

4. Piyé perasaané awaké dhéwé nèk durung ana hasil sing apik wektu nginjil?

4 Awaké dhéwé sedhih nèk ora ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé. Mbiyèn, Rasul Paulus ya ngrasa ”sedhih banget” merga wong Yahudi ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. (Rm. 9:1-3) Awaké dhéwé mesthi ya sedhih nèk wis ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé, tapi sinauné kudu mandheg merga wongé ora gelem ngetrapké sing dipelajari. Apa manèh, awaké dhéwé wis ngupaya tenanan lan wis kerep ndongakké dhèwèké. Terus, piyé nèk awaké dhéwé durung tau mbantu wong sinau Alkitab nganti dibaptis? Nèk ngalami kuwi kabèh, mungkin awaké dhéwé mikir nèk wis nggawé Yéhuwah kecéwa, lan Yéhuwah ora mberkahi upayané awaké dhéwé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: (1) Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk kerja kerasé awaké dhéwé kuwi ora sia-sia? (2) Kenapa ora perlu ngrasa gagal nèk durung ana hasil sing apik wektu nginjil?

KERJA KERASÉ AWAKÉ DHÉWÉ ORA SIA-SIA

5. Kenapa pas nginjil hasilé ora selalu sesuai karo kepénginané awaké dhéwé?

5 Alkitab mémang ngomong nèk ”kabèh sing ditindakké [wong sing nglayani Yéhuwah] mesthi bakal berhasil”. (Mzm. 1:3) Tapi, kuwi ora berarti kabèh bakal kelakon sesuai karo kepénginané awaké dhéwé. Kok isa? Awaké dhéwé kan ora sampurna. Dadi, isa waé ana ”akèh masalah” wektu nginjil. (Ayb. 14:1) Terus, ya ana wong-wong sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah lan ngupaya bèn awaké dhéwé ora isa nginjil. (1 Kor. 16:9; 1 Tés. 2:18) Dadi, nèk durung ana hasil sing apik wektu nginjil, apa kuwi berarti upayané awaké dhéwé sia-sia? Piyé pandhangané Yéhuwah soal kuwi? Ayo nggatèkké ayat-ayat Alkitab sing mbahas soal kuwi.

Yéhuwah menghargai wektu awaké dhéwé nginjil ing omah-omah, liwat surat, utawa liwat télpon (Deloken paragraf 6)

6. Meskipun durung ana sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé nganti dibaptis, tapi Yéhuwah piyé?

6 Yéhuwah nggatèkké kerja kerasé awaké dhéwé. Merga sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé tetep nginjil ora soal piyé tanggepané wong liya. Kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng. Paulus ngomong, ”Gusti Allah kuwi adil. Dhèwèké ora bakal lali karo apa sing wis mbok tindakké lan karo katresnan sing mbok duduhké kanggo Dhèwèké lan jenengé. Kowé nduduhké kuwi wektu kowé terus nglayani wong-wong suci.” (Ibr. 6:10) Saka ayat kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk meskipun durung ana sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé nganti dibaptis, tapi Yéhuwah ora bakal lali karo kerja keras lan katresnané awaké dhéwé. Dadi ora soal apa hasilé, ”kerja kerasé [njenengan] kanggo nglayani Gusti kuwi mesthi ana gunané”.​—1 Kor. 15:58.

7. Saka kata-katané Rasul Paulus, awaké dhéwé isa ngerti apa soal gawéan nginjil?

7 Rasul Paulus kuwi penginjil sing trampil lan wis mbentuk jemaat-jemaat sing anyar ing akèh kutha. Tapi pas ana sing ngèlèk-èlèk Paulus lan ngomong nèk dhèwèké dudu guru sing apik, Paulus ora nyebutké sepira akèhé wong sing wis dhèwèké bantu bèn dadi wong Kristen. Tapi, Paulus ngomong nèk dhèwèké wis ’nyambut gawé tenanan’. (2 Kor. 11:23) Dadi, Paulus ngerti nèk sing paling penting kuwi upayané dhèwèké, dudu hasilé. Kaya Paulus, awaké dhéwé ya kudu éling nèk kanggoné Yéhuwah, sing paling penting awaké dhéwé kuwi ngupaya tenanan lan ora nyerah martakké kabar apik.

8. Saka contoné murid-muridé Yésus, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

8 Isa nggawé Yéhuwah seneng. Yésus ngongkon 70 muridé kanggo martakké Kerajaané Gusti Allah, lan sakwisé rampung, murid-murid kuwi ngrasa ”bahagia”. Kenapa? Murid-murid ngomong karo Yésus, ”Pas aku nggunakké jenengmu, roh-roh jahat waé gelem manut karo aku.” Ning Yésus ngomong, ”Nèk kowé bahagia, kebahagiaanmu kuwi kuduné ora mung merga roh-roh jahat kuwi gelem manut karo kowé, ning merga jenengmu wis ditulis ing swarga.” (Luk. 10:17-20) Yésus ngomong kaya ngono merga ngerti nèk murid-muridé ora bakal selalu éntuk hasil sing apik. Malah, ing crita kuwi ya ora disebutké ana pira sing akhiré gelem dadi muridé Yésus. Dadi, sing kuduné nggawé murid-murid kuwi bahagia ora mung hasil sing apik, tapi merga kerja kerasé wis nggawé Yéhuwah seneng.

9. Nurut Galatia 6:7-9, apa hasilé nèk awaké dhéwé terus nginjil?

9 Isa urip saklawasé. Galatia 6:7-9 kandha nèk awaké dhéwé kudu ”nyebar sesuai karo tuntunané roh suci”. (Wacanen.) Kuwi maksudé, sakliyané terus nginjil lan mbantu wong-wong sinau Alkitab, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn tingkah lakuné awaké dhéwé sesuai karo tuntunané roh suci. Dadi nèk awaké dhéwé ”ora nyerah” ngupayakké kuwi kabèh, Yéhuwah janji nèk awaké dhéwé bakal isa urip saklawasé, meskipun durung ana sing dibantu sinau Alkitab nganti dibaptis.

ORA PERLU NGRASA GAGAL

10. Kenapa ana sing gelem ngrungokké kabar apik lan ana sing ora?

10 Wong gelem nampa kabar apik apa ora kuwi bergantung karo atiné wong kuwi dhéwé. Yésus mènèhi perumpamaan soal petani sing nyebar benih. Benih kuwi tiba ing lemah sing béda-béda, lan mung benih sing tiba ing lemah sing subur sing thukul lan ngasilké buah. (Luk. 8:5-8) Yésus ngomong nèk lemah kuwi nggambarké wong-wong sing tanggepané béda-béda wektu ngrungokké ”omongané Gusti Allah”. (Luk. 8:11-15) Kaya petani mau, awaké dhéwé ora isa meksa wong bèn nampa kabar apik. Dadi, tugasé awaké dhéwé kuwi mung martakké kabar apik. Iki cocog karo omongané Paulus ing 1 Korintus 3:8. Ing ayat kuwi, Paulus ngomong kabèh wong bakal ”nampa upah sesuai gawéané dhéwé-dhéwé”, dudu hasilé.

Meskipun Nuh wis martakké apa sing bener nganti kira-kira 50 taun, wong-wong ora gelem ngrungokké. Tapi, Nuh tetep manut karo Yéhuwah (Deloken paragraf 11)

11. Kenapa Nuh nggawé Yéhuwah seneng meskipun ora ana sing ngrungokké dhèwèké? (Deloken gambar ing halaman 1.)

11 Mbiyèn, ya ana abdiné Gusti Allah sing ngandhani wong liya soal Yéhuwah, tapi wong-wong ora gelem ngrungokké. Contoné Nuh. Dhèwèké ”martakké apa sing bener” kira-kira nganti 50 taun. (2 Ptr. 2:5) Nuh mesthi berharap bakal akèh sing ngrungokké dhèwèké. Tapi, Yéhuwah ora ngomong apa-apa soal kuwi. Pas ngongkon Nuh nggawé kapal, Yéhuwah mung ngomong ngéné, ”Kowé kudu mlebu kapal karo anak-anakmu, bojomu, lan mantu-mantumu.” (PD. 6:18) Terus pas ndelok ukurané kapal, Nuh mungkin ya sadhar nèk ora kabèh wong bakal ngrungokké dhèwèké. (PD. 6:15) Mémang, akhiré mung Nuh karo keluargané sing mlebu ing kapal. (PD. 7:7) Tapi, apa Yéhuwah nganggep Nuh gagal? Ora. Nuh wis nggawé Yéhuwah seneng merga dhèwèké manut karo Yéhuwah.​—PD. 6:22.

12. Kenapa Yérémia isa tetep semangat meskipun wong-wong ora gelem ngrungokké dhèwèké?

12 Selama 40 taun luwih, Nabi Yérémia ya ngandhani umaté Yéhuwah bèn mertobat. Tapi, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké lan malah nganiaya dhèwèké. Saking sedhihé merga ”diécé lan dirèmèhké”, Yérémia tau nganti mèh nyerah. (Yér. 20:8, 9) Tapi akhiré Yérémia isa semangat manèh. Kok isa? Pertama, Yérémia ngerti nèk berita saka Gusti Allah sing dhèwèké sampèkké kuwi bakal mènèhi ”masa depan lan harapan”. (Yér. 29:11) Keloro, Yérémia ya ngerti nèk Yéhuwah wis milih dhèwèké kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah. (Yér. 15:16) Awaké dhéwé ya kaya ngono. Pertama, berita sing awaké dhéwé sampèkké kuwi isa mènèhi harapan kanggo wong liya. Keloro, merga dadi Seksi Yéhuwah, kuwi artiné awaké dhéwé digunakké Yéhuwah kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah. Nèk mikirké soal kuwi, awaké dhéwé bakal tetep semangat meskipun wong-wong ora gelem ngrungokké.

13. Apa sing isa dipelajari saka perumpamaané Yésus ing Markus 4:26-29?

13 Wong-wong butuh wektu bèn isa nduwé iman sing kuwat. Yésus tau nyritakké perumpamaan soal wong sing nyebar benih. (Wacanen Markus 4:26-29.) Sakwisé disebar, benih kuwi butuh wektu bèn isa thukul. Terus, wong kuwi ya ora isa nggawé benihé thukul luwih cepet. Apa pelajarané? Awaké dhéwé mungkin ya kudu ngentèni suwé nganti sing sinau Alkitab karo awaké dhéwé gelem ngetrapké apa sing wis dipelajari. Terus, awaké dhéwé ora isa meksa dhèwèké bèn langsung nduwé iman karo Yéhuwah. Kaya petani sing kudu sabar ngentèni musim panèn, awaké dhéwé ya kudu sabar wektu mbantu wong liya bèn gelem dibaptis. Dadi, aja gampang nyerah nèk hasilé durung sesuai karo apa sing dipénginké.​—Yak. 5:7, 8.

14. Critakna pengalamané Gladys karo Ruby Allen.

14 Ing beberapa dhaérah, mémang awaké dhéwé kudu ngentèni suwé nganti ing kono ana sing gelem nglayani Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Gladys Allen lan Ruby Allen, mbakyuné. Wong loro kuwi wis nglayani dadi perintis biasa, lan pas taun 1959, ditugaské ing salah siji kutha ing provinsi Quebec, Kanada. * Wong-wong ing kutha kuwi ora gelem omong-omongan karo Seksi Yéhuwah merga wedi karo tanggané lan pasturé. Gladys kandha, ”Saben dina, kami nginjil ing omah-omah nganti wolung jam. Tapi selama rong taun, ora ana sing nanggepi. Wong-wong biasané nginceng saka jendhéla, terus pas ngerti nèk aku Seksi Yéhuwah, wong-wong langsung mlebu manèh. Tapi aku karo Ruby ora nyerah.” Suwé-suwé, wong-wong ing kono dadi luwih ramah lan gelem ngrungokké. Saiki, ana telu jemaat ing kutha kuwi.​—Yés. 60:22.

15. Saka 1 Korintus 3:6, 7, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

15 Dibutuhké upayané wong akèh kanggo mbantu sing sinau Alkitab. Saka 1 Korintus 3:6, 7, awaké dhéwé isa ngerti nèk kabèh sing ing jemaat isa ndhukung bèn sing sinau Alkitab gelem dibaptis. (Wacanen.) Misalé, ana sedulur sing mènèhi selebaran utawa majalah karo wong sing tanggepané apik. Tapi merga jadwalé ora cocog, sedulur mau njaluk tulung sedulur liya kanggo marani manèh. Wong kuwi akhiré gelem sinau Alkitab karo sedulur sing dijaluki tulung mau. Pas sinau, sedulur kuwi ngejak sedulur-sedulur liyané lan sedulur-sedulur kuwi mènèhi saran-saran sing apik kanggo sing sinau. Dadi, sing mbantu wong sing sinau Alkitab kuwi bèn isa cedhak karo Yéhuwah ora mung siji thok, tapi kabèh sedulur sing ketemu karo dhèwèké. Terus nèk wong kuwi dibaptis, kabèh sing wis mbantu dhèwèké isa mèlu seneng.​—Yoh. 4:35-38.

16. Apa sing nggawé njenengan tetep seneng meskipun ora isa kerep nginjil utawa mbantu wong liya sinau Alkitab?

16 Mungkin merga lara utawa wis tuwa, njenengan ora isa kerep nginjil manèh kaya mbiyèn utawa mbantu wong liya sinau Alkitab. Kuwi mungkin isa nggawé njenengan sedhih. Tapi coba pikirna kisahé Raja Daud iki. Wektu kuwi, wong Amalèk ngrampok barangé Daud lan anak buahé Daud. Terus, keluargané Daud lan keluargané anak buahé digawa dadi tawanan. Sakwisé kuwi, Daud ngoyak wong Amalèk bareng karo 600 anak buahé. Ning pas perjalanan, 200 anak buahé Daud kesel banget. Mula, wong 200 kuwi ditinggal lan dikon njaga barang. Akhiré, Daud lan 400 anak buahé isa ngalahké lan ngrampas ternaké wong Amalèk. Meskipun sing 200 kuwi ora mèlu nglawan wong Amalèk, tapi Daud ngongkon bèn wong-wong kuwi éntuk jatah sing padha. (1 Sam. 30:21-25) Dadi, apa pelajarané? Merga ora isa kerep nginjil lan mbantu wong liya sinau Alkitab, njenengan isa dipadhakké kaya 200 anak buahé Daud mau. Tapi nèk wis ngupaya mènèhi sing paling apik pas nginjil, njenengan isa mèlu seneng nèk ana wong sing sinau Alkitab sing akhiré dibaptis.

17. Kenapa awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah?

17 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah menghargai kerja kerasé awaké dhéwé. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé ora isa meksa wong bèn nglayani Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah nggatèkké kerja kerasé awaké dhéwé. Yéhuwah ya ngerti nèk awaké dhéwé gelem nginjil lan mbantu wong liya sinau Alkitab kuwi merga sayang karo Yéhuwah. Kuwi sebabé, Yéhuwah gelem mberkahi awaké dhéwé. Yéhuwah ya nduduhké nèk awaké dhéwé isa tetep seneng meskipun ora isa kerep nginjil utawa mbantu wong liya sinau Alkitab. Sing penting, awaké dhéwé ndhukung gawéan nginjil. (Yoh. 14:12) Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé ora nyerah lan terus nginjil.

LAGU 67 ”Wartakna”

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi seneng nèk ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé. Tapi nèk ora ana, awaké dhéwé mesthi sedhih. Terus, piyé nèk wong sing dibantu sinau Alkitab ora langsung ngetrapké sing dipelajari? Piyé nèk awaké dhéwé durung tau mbantu wong sinau Alkitab nganti dibaptis? Apa kuwi berarti awaké dhéwé wis nggawé Yéhuwah kecéwa? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk kerja kerasé awaké dhéwé kanggo nginjil kuwi ora sia-sia. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug kenapa ora perlu ngrasa gagal nèk durung ana hasil sing apik wektu nginjil.

^ par. 3 Deloken Buku Kegiatan Saksi-Saksi Yehuwa 2005 halaman 205-211.

^ par. 14 Deloken pengalamané Gladys Allen ing artikel sing judhulé ”Saya Tidak Akan Mengubah Apa Pun!” ing Menara Pengawal 1 September 2002.