Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 48

”Kowé Kudu Suci”

”Kowé Kudu Suci”

”Kabèh tumindakmu kudu suci.”​—1 PTR. 1:15.

LAGU 34 Setya lan Manut Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Rasul Pétrus mènèhi naséhat apa, lan kenapa kuwi kétoké ora masuk akal?

 RASUL PÉTRUS tau kandha, ”Kabèh tumindakmu kudu suci kaya Gusti Allah sing Suci sing milih kowé. Ana ayat sing kandha, ’Kowé kudu suci merga Aku suci.’” (1 Ptr. 1:15, 16) Awalé, naséhaté Pétrus kuwi mémang kanggo wong Kristen ing jamané para rasul sing nduwé harapan munggah swarga. Tapi sakjané, naséhat kuwi ya kanggo kabèh umaté Yéhuwah. Naséhaté Pétrus kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé kudu niru Yéhuwah, Gusti Allah sing suci. Tapi, awaké dhéwé kan ora sampurna. Apa isa awaké dhéwé dadi suci? Pengalamané Pétrus dhéwé sing tau nggawé kesalahan nduduhké nèk manungsa sing ora sampurna tetep isa dadi ”suci”.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan iki: Suci kuwi maksudé apa? Apa sing diajarké Alkitab soal Yéhuwah sing suci? Piyé carané bèn isa suci? Kenapa kudu ngutamakké Yéhuwah nèk péngin tetep suci?

SUCI KUWI MAKSUDÉ APA?

3. (a) Ing beberapa agama, wong sing dianggep suci biasané digambarké kaya apa? (b) Bèn isa dadi suci, awaké dhéwé kudu nggatèkké apa?

3 Ing beberapa agama, wong sing dianggep suci biasané digambarké nganggo jubah keagamaan lan wajahé kétok serius. Tapi, apa kuwi berarti awaké dhéwé ora isa bahagia nèk dadi suci? Ora ngono. Yéhuwah kuwi suci. Tapi, Alkitab ngomong nèk Dhèwèké kuwi ”Gusti Allah sing bahagia”. (1 Tim. 1:11) Ing Alkitab ya disebutké nèk umaté Yéhuwah kuwi wong-wong sing ”bahagia”. (Mzm. 144:15) Sakliyané kuwi, Yésus ya ora seneng karo wong-wong sing nganggo jubah khusus bèn kétok apik ing ngarepé wong liya. (Mat. 6:1; Mrk. 12:38) Bèn isa dadi suci, awaké dhéwé isa nggatèkké apa sing diajarké Alkitab. Yéhuwah kuwi sayang karo awaké dhéwé lan ora bakal mènèhi préntah sing terlalu angèl kanggo umaté. Dadi wektu Yéhuwah ngomong, Kowé kudu suci”, awaké dhéwé mesthiné isa manut karo préntah kuwi. Saiki, ayo ngrembug dhisik sing dimaksud suci kuwi apa.

4. ”Suci” kuwi maksudé apa?

4 Ing Alkitab, ”suci” kuwi maksudé nduwé moral sing bener-bener resik lan murni utawa ibadah sing ora dipengaruhi karo agama palsu. Kuwi ya isa berarti dipisahké utawa diwènèhké kanggo nglayani Yéhuwah. Dadi bèn isa suci, tingkah lakuné awaké dhéwé kudu bener, ibadahé ora dipengaruhi agama palsu, lan kudu cedhak karo Yéhuwah. Bayangna, Yéhuwah kuwi suci. Tapi, Yéhuwah tetep gelem dadi sahabaté manungsa sing ora sampurna. Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé kagum karo Yéhuwah.

”SUCI, SUCI, SUCI YÉHUWAH”

5. Awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah saka para malaékat sing nglayani Yéhuwah?

5 Yéhuwah kuwi suci banget. Kuwi sebabé, para malaékat sing nduwé tugas ing cedhak takhtané Yéhuwah ngomong, ”Suci, suci, suci Yéhuwah pemimpiné pasukan.” (Yés. 6:3) Bèn isa cedhak karo Gusti Allah, para malaékat kuwi mesthiné ya kudu suci. Malah, panggonan sing ditekani malaékat ya isa dadi panggonan sing suci. Contoné, pas ana malaékat nemoni Musa ing geni sing murub saka semak berduri, panggonan kuwi dadi suci.​—Pa. 3:2-5; Yos. 5:15.

Imam agung nganggo serban lan lèmpèngan saka emas murni sing tulisané ”Yéhuwah kuwi suci” (Deloken paragraf 6-7)

6-7. (a) Kenapa Musa ngomong nèk ora ana allah sing luwih suci saka Yéhuwah? (Pangentasan 15:1, 11) (b) Bèn wong Israèl terus éling nèk Yéhuwah kuwi suci, Yéhuwah ngongkon apa? (Deloken gambar ing halaman 1.)

6 Sakwisé wong Israèl ngliwati Laut Merah, Musa ngomong nèk ora ana allah sing luwih suci saka Yéhuwah. (Wacanen Pangentasan 15:1, 11.) Omongané Musa kuwi pancèn bener. Merga nyembah allah-allah palsu, wong Mesir ngorbanké anaké lan hubungan sèks sing ora pantes wektu ngibadah. Kuwi sebabé, ibadahé ora suci. Wong Kanaan ya kaya ngono. (Km. 18:3, 4, 21-24; PT. 18:9, 10) Béda karo allah-allahé wong Mesir lan wong Kanaan, Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing suci. Dadi, Yéhuwah ora mungkin ngongkon umaté bèn dadi wong sing jahat utawa bejat. Bèn wong Israèl terus éling nèk Yéhuwah kuwi suci, Yéhuwah ngongkon bèn ana lèmpèngan sing digawé saka emas sing ditalèkké ing bagéan ngarep serbané imam agung. Ing lèmpèngan kuwi diukir tulisan, ”Yéhuwah kuwi suci.”​—Pa. 28:36-38.

7 Kabèh sing weruh tulisan kuwi bakal ngerti nèk Yéhuwah bener-bener suci. Ning, piyé nèk ana wong Israèl sing ora isa weruh tulisan kuwi merga wong kuwi adoh saka imam agung? Wong kuwi bakal tetep ngerti nèk Yéhuwah kuwi suci merga ana hukum sing diwacakké kanggo kabèh wong Israèl. (PT. 31:9-12) Hukum kuwi kandha, ”Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kudu . . . suci merga Aku suci.” Ing kono ya disebutké, ”Kowé kudu suci nurut pandhangan-Ku merga Aku suci. Aku iki Yéhuwah.”​—Km. 11:44, 45; 20:7, 26.

8. Saka Kaimaman 19:2 lan 1 Pétrus 1:14-16, awaké dhéwé isa ngerti apa?

8 Salah siji hukum sing kudu diwacakké kanggo bangsa Israèl dicathet ing Kaimaman 19:2. Ing ayat kuwi, Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Kowé kudu kandha marang kabèh wong Israèl, ’Kowé kudu suci merga Aku suci. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.’” Wektu mènèhi naséhat nèk kabèh wong Kristen ”kudu suci”, Rasul Pétrus mungkin ngutip saka ayat kuwi. (Wacanen 1 Pétrus 1:14-16.) Mémang, awaké dhéwé ora kudu manut Hukum Musa. Tapi saka Kaimaman 19:2 lan naséhaté Pétrus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi suci. Terus, kabèh umaté Yéhuwah, ora soal sing nduwé harapan munggah swarga utawa sing bakal urip ing bumi, kudu suci kaya Yéhuwah.​—1 Ptr. 1:4; 2 Ptr. 3:13.

”KABÈH TUMINDAKMU KUDU SUCI”

9. Apa manfaaté nèk ngrembug Kaimaman bab 19?

9 Merga péngin nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi péngin dadi suci. Tapi piyé carané? Yéhuwah ngandhani piyé carané bèn umaté dadi suci. Misalé, ing bagéan awal Kaimaman bab 19 disebutké nèk umaté Yéhuwah ”kudu suci”. Terus ing ayat-ayat berikuté, Yéhuwah ngandhani wong Israèl apa waé sing kudu diupayakké bèn isa dadi suci. Ahli basa Ibrani sing jenengé Marcus Kalisch kandha, ”Kaimaman bab 19 kuwi mungkin bagéan sing paling penting ing buku Kaimaman, malah kétoké sing paling penting ing Hukum Taurat.” Mula, saiki ayo ngrembug beberapa ayat ing Kaimaman bab 19.

Piyé carané wong Kristen ngetrapké Kaimaman 19:3? (Deloken paragraf 10-12) *

10-11. Préntah apa sing disebutké ing Kaimaman 19:3, lan kenapa kok kuwi penting banget?

10 Sakwisé kandha nèk kabèh wong Israèl kudu suci, Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu ngajèni bapak lan ibumu. . . . Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.”​—Km. 19:2, 3.

11 Dadi, jelas nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngajèni wong tuwané awaké dhéwé. Mbiyèn, ana wong lanang sing tau takon karo Yésus piyé carané ”bèn isa urip saklawasé”. Yésus njawab nèk salah sijiné wong kuwi kudu ngajèni bapak lan ibuné. (Mat. 19:16-19) Tapi, wong Farisi lan ahli Taurat luwih seneng manut tradhisi timbang ngajèni wong tuwané. Padahal ing préntah kelima saka Sepuluh Préntah lan Kaimaman 19:3, Gusti Allah ngomong nèk wong tuwa kudu diajèni. (Pa. 20:12) Kuwi sebabé, Yésus ora seneng karo wong Farisi lan ahli Taurat merga wong-wong kuwi ”ngrèmèhké omongané Gusti Allah”. (Mat. 15:3-6) Sepisan manèh, gatèkna nèk sakdurungé Yéhuwah mènèhi préntah bèn awaké dhéwé ngajèni wong tuwa, Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu suci merga Aku suci. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.” Iki bukti nèk préntah kuwi penting banget.

12. Sebutna beberapa cara kanggo ngetrapké Kaimaman 19:3.

12 Nèk ngrenungké préntah mau, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa aku wis ngajèni wong tuwaku?’ Nèk rumangsa durung manut karo préntah kuwi, njenengan ora perlu sedhih. Sing penting mulai saiki, njenengan ngupaya bèn nduwé luwih akèh wektu kanggo wong tuwané njenengan lan mènèhi bantuan sing dibutuhké. Misalé, njenengan isa mènèhi dhuwit utawa nukokké barang-barang sing dibutuhké. Terus, njenengan ya isa mbantu bèn wong tuwané njenengan tetep semangat nglayani Yéhuwah. Sakliyané kuwi, njenengan ya kudu perhatian bèn wong tuwané njenengan ngrasa disayangi. Kuwi kabèh beberapa cara kanggo ngetrapké Kaimaman 19:3.

13. (a) Préntah apa manèh sing disebutké ing Kaimaman 19:3? (b) Piyé carané niru Yésus? (Lukas 4:16-18)

13 Saka Kaimaman 19:3, awaké dhéwé isa ngerti cara liya bèn dadi suci. Ing ayat kuwi, Yéhuwah ngongkon bèn wong Israèl ’nindakké Sabaté [Yéhuwah]’. Pas dina Sabat, wong Israèl ora éntuk kerja lan kudu ngibadah. * Kuwi sebabé saben dina Sabat, Yésus lunga ing sinagogé lan maca Kitab Suci ing kono. (Pa. 31:12-15; wacanen Lukas 4:16-18.) Mémang, aturan soal dina Sabat mung kanggo wong Israèl. Tapi, ana sing isa awaké dhéwé pelajari. Apa kuwi? Awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu bèn isa ngibadah marang Gusti Allah. Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa njenengan wis nyedhiakké wektu kanggo ngibadah, termasuk kanggo maca Alkitab lan ndonga saben dina? Nèk ngupayakké kuwi, njenengan isa tambah cedhak karo Yéhuwah. Kuwi penting banget nèk njenengan péngin dianggep suci karo Yéhuwah.

KUDU TERUS NGUTAMAKKÉ YÉHUWAH

14. Apa sing isa dipelajari saka kata-kata ”Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu” lan ”Aku iki Yéhuwah”?

14 Ing Kaimaman bab 19, Yéhuwah bola-bali ngomong, ”Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu” lan ”Aku iki Yéhuwah”. Malah, kuwi disebutké nganti ping 16. Kuwi mesthi ngélingké awaké dhéwé karo préntah sing pertama saka Sepuluh Préntah, yaiku, ”Aku Yéhuwah Gusti Allahmu . . . Mung Aku dhéwé sing kudu mbok sembah. Aja nyembah allah-allah liyané.” (Pa. 20:2, 3) Apa sing disebutké ing Kaimaman bab 19 mau nduduhké nèk wong Kristen sing péngin dadi suci kudu ngutamakké Yéhuwah lan aja nganti ana sing luwih penting timbang hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Terus merga awaké dhéwé Seksi Yéhuwah, aja nganti tingkah lakuné awaké dhéwé nggawé jenengé Yéhuwah sing suci dadi dièlèk-èlèk.​—Km. 19:12; Yés. 57:15.

15. Apa sing isa dipelajari saka Kaimaman bab 19 ayat 5-8, 21, lan 22?

15 Bèn isa nduduhké nèk gelem dadi umaté Yéhuwah, wong Israèl kudu manut préntahé Yéhuwah. Ing Kaimaman 18:4 disebutké, ”Kowé kudu manut karo hukum-Ku, manut karo peraturan-Ku, lan nindakké kuwi kabèh. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.” Terus ing Kaimaman bab 19, disebutké beberapa ’peraturané’ Yéhuwah kanggo bangsa Israèl. Contoné, ayat 5-8, 21, lan 22 ngandhani carané wong Israèl mènèhké korban bèn ora ”nggawé najis persembahan suci kanggo Yéhuwah”. Nèk maca ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé mesthi ya péngin ngupaya bèn korban pujiané awaké dhéwé ditampa Yéhuwah, kaya sing disebutké ing Ibrani 13:15.

16. Apa sing isa dipelajari saka Kaimaman 19:19?

16 Bèn isa dadi suci, awaké dhéwé kudu béda karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Kuwi ora mesthi gampang. Kadhang, kanca sekolah, kanca kerja, utawa keluarga sing dudu Seksi Yéhuwah meksa awaké dhéwé nglanggar pathokané Alkitab. Nèk kuwi kelakon, awaké dhéwé kudu piyé? Gatèkna préntahé Yéhuwah kanggo wong Israèl ing Kaimaman 19:19. Ayat kuwi kandha, ”Aja nganggo klambi sing digawé saka rong jenis benang sing béda.” Nèk manut karo préntah kuwi, wong Israèl bakal béda karo bangsa-bangsa ing sekitaré. Saiki, awaké dhéwé ora dilarang nganggo klambi saka rong jenis kain sing béda. Tapi bèn isa suci, awaké dhéwé ora éntuk mèlu-mèlu wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah lan sing ora manut Alkitab. Mémang, awaké dhéwé sayang karo kanca utawa keluarga sing dudu Seksi Yéhuwah. Tapi bèn isa béda karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé kudu manut Yéhuwah pas nggawé keputusan.​—2 Kor. 6:14-16; 1 Ptr. 4:3, 4.

Saka Kaimaman 19:23-25, wong Israèl isa ngerti soal apa, lan apa sing isa dipelajari saka ayat-ayat kuwi? (Deloken paragraf 17-18) *

17-18. Apa sing isa dipelajari saka préntahé Yéhuwah ing Kaimaman 19:23-25?

17 Pas krungu Yéhuwah ngomong, ”Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu”, wong Israèl mesthiné ngerti nèk kudu ngutamakké kepénginané Yéhuwah. Misalé, gatèkna préntahé Yéhuwah kanggo wong Israèl sing wis mlebu ing Tanah Perjanjian. (Wacanen Kaimaman 19:23-25.) Yéhuwah ngongkon nèk selama telung taun pertama, wit sing ditandur ora éntuk dipangan buahé. Terus ing taun kepapat, buahé kudu diwènèhké marang Yéhuwah. Wong Israèl lagi éntuk mangan buahé ing taun kelima. Saka hukum kuwi, wong Israèl isa ngerti nèk ora éntuk ngutamakké kepentingané dhéwé lan kudu ndhukung ibadah marang Gusti Allah. Wong Israèl ya kudu percaya nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané. Nèk wong Israèl manut préntah kuwi, Yéhuwah bakal nyukupi kabèh kebutuhané wong Israèl.

18 Apa sing isa dipelajari saka préntahé Yéhuwah ing Kaimaman 19:23-25? Kuwi mesthi ngélingké awaké dhéwé karo kata-katané Yésus pas ceramah ing gunung. Yésus ngomong, ”Aja kuwatir manèh . . . apa sing arep mbok pangan utawa apa sing arep mbok ombé.” Yésus ya ngomong, ”Bapakmu ing swarga ngerti tenan nèk kowé mbutuhké kuwi kabèh.” Nèk manuk-manuk waé dipakani, Yéhuwah mesthi ya bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé. (Mat. 6:25, 26, 32) Awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah bakal nyedhiakké kabèh sing awaké dhéwé butuhké. Yéhuwah ya nggatèkké wektu awaké dhéwé nyumbang kanggo mbayar pengeluaran ing jemaat lan ”mènèhi sedhekah” yaiku mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké. Nèk ngupayakké kuwi, Yéhuwah mesthi mberkahi pengorbanané awaké dhéwé.​—Mat. 6:2-4.

19. Critakna manfaat sing wis njenengan tampa saka ayat-ayat ing buku Kaimaman 19 sing dirembug ing artikel iki.

19 Awaké dhéwé wis ngrembug beberapa ayat saka Kaimaman 19. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti piyé carané bèn isa niru Yéhuwah, Gusti Allah sing suci. Nèk niru Yéhuwah, kuwi berarti awaké dhéwé péngin ’kabèh tumindaké [awaké dhéwé] suci’. (1 Ptr. 1:15) Tingkah lakuné awaké dhéwé sing apik kuwi digatèkké karo wong-wong sing ora nglayani Yéhuwah lan malah ana sing nganti ngluhurké Gusti Allah. (1 Ptr. 2:12) Ning, isih ana sing isa dipelajari saka ayat-ayat liyané ing Kaimaman bab 19. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug kuwi bèn ngerti cara-cara liyané supaya isa dadi ”suci” kaya naséhaté Rasul Pétrus.

LAGU 80 ”Deloken lan Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”

^ Awaké dhéwé mesthi sayang karo Yéhuwah lan péngin nyenengké Dhèwèké. Yéhuwah kuwi suci. Dhèwèké ya péngin umaté suci. Ning, apa manungsa sing ora sampurna isa suci? Isa. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug naséhaté Rasul Pétrus kanggo wong Kristen jaman mbiyèn lan préntahé Yéhuwah kanggo wong Israèl. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti piyé carané bèn dadi suci.

^ Bèn isa ngerti apa sing isa dipelajari saka aturané Yéhuwah soal dina Sabat, deloken artikel ”Ana Wektu kanggo Kerja lan kanggo Istirahat” ing Warta Penting Desember 2019.

^ GAMBAR: Sedulur lanang sing dolan ing omahé wong tuwané bareng karo bojo lan anaké. Meskipun ora manggon sak omah, sedulur lanang kuwi kerep nélpon wong tuwané.

^ GAMBAR: Wong Israèl sing lagi ndeloki buah saka wit sing dhèwèké tandur.